Yosua 16:1-10

  • Tanah warisané keturunané Yusuf (1-4)

  • Tanah warisané suku Éfraim (5-10)

16  Sakwisé diundhi,*+ tanah kanggo keturunané Yusuf+ yaiku saka Kali Yordan ing Yérikho nganti tekan mata air ing wétané Yérikho. Terus, saka Yérikho munggah ngliwati padhang belantara menyang dhaérah pegunungan Bètel.+  Saka Bètel ing Luz, batasé isih terus menyang batas dhaérahé wong Arkhi ing Atarot.  Batas kuwi terus mudhun ngulon menyang batas dhaérahé wong Yaflèt nganti tekan perbatasané Bèt-horon Ngisor+ lan Gèzèr,+ terus batasé mentog ing Laut Besar.*  Mula keturunané Yusuf,+ yaiku suku Manasyé lan suku Éfraim, ngenggoni tanahé dhéwé-dhéwé.+  Iki batas dhaérah keturunané Éfraim nurut keluargané: Batas sisih wétan tanah warisané yaiku Atarot-adar+ nganti tekan Bèt-horon Ndhuwur,+  lan terus tekan laut. Saka Mikhmétat+ ing lor, batasé ménggok ngétan menyang Taanat-syilo lan terus ngétan menyang Yanoa.  Saka Yanoa, batas kuwi mudhun menyang Atarot lan Naara nganti tekan Yérikho+ lan terus tekan Kali Yordan.  Saka Tapua,+ batasé terus ngulon menyang Lembah* Kanah lan mentog ing laut.+ Kuwi tanah warisané suku Éfraim nurut keluargané.  Keturunané Éfraim ya nduwé kutha-kutha, termasuk désa-désa, ing wilayahé Manasyé.+ 10  Ning, wong Éfraim ora ngusir wong Kanaan sing manggon ing Gèzèr.+ Wong Kanaan kuwi manggon bareng wong Éfraim nganti saiki+ lan dadi budhak kerja paksa.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”dibagi”.
Maksudé, Laut Tengah.
Utawa ”Wadi”. Deloken Daftar Istilah.