Yosua 18:1-28

  • Tanah-tanah liyané dibagi ing Syilo (1-10)

  • Tanah warisané suku Bènyamin (11-28)

18  Sakwisé dhaérah kuwi dikalahké,+ kabèh wong Israèl padha ngumpul ing Syilo+ lan ngedegké kémah pertemuan ing kono.+  Ning, isih ana pitu suku Israèl sing durung éntuk tanah warisan.  Mula Yosua kandha, ”Ngapa kowé ora cepet-cepet lunga lan ngrebut tanah sing wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu marang kowé?+  Pilihen wong lanang telu saka saben suku. Wong-wong kuwi bakal tak utus njlajahi tanah kuwi lan nggawé laporan sesuai karo dhaérah sing bakal diwarisi sukuné wong-wong kuwi. Bar kuwi, wong-wong kuwi kudu bali manèh nemoni aku.  Wong-wong kuwi kudu mbagi tanah kuwi dadi pitung bagéan.+ Yéhuda bakal tetep manggon ing dhaérahé ing sisih kidul,+ lan keturunané Yusuf bakal tetep manggon ing dhaérahé ing sisih lor.+  Kowé kudu nggawé laporan soal tanah sing wis dibagi dadi pitung bagéan, terus gawanen laporan kuwi marang aku. Aku bakal nguncalké undhi+ kanggo kowé ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé.  Ning, wong Lèwi ora dikèki bagéan tanah ing antaramu+ merga warisané wong Lèwi kuwi nglayani dadi imam kanggo Yéhuwah.+ Suku Gad, Rubèn, lan setengahé suku Manasyé+ wis nampa tanah warisané sing ana ing sisih wétané Kali Yordan, sing wis diwènèhké Musa abdiné Yéhuwah marang wong-wong kuwi.”  Terus, wong-wong lanang kuwi siap-siap mangkat, lan Yosua mènèhi préntah iki: ”Kowé kudu njlajahi tanah kuwi, terus nggawé laporan, lan nemoni aku. Aku bakal nguncalké undhi kanggo kowé ing ngarepé Yéhuwah ing Syilo.”+  Terus, wong-wong kuwi lunga lan njlajahi tanah kuwi. Wong-wong kuwi mbagi tanah kuwi dadi pitung bagéan lan nggawé pétané kutha-kutha kuwi, bar kuwi dicathet ing buku. Sakwisé kuwi, wong-wong kuwi bali nemoni Yosua ing perkémahan ing Syilo. 10  Terus, Yosua nguncalké undhi kanggo wong-wong kuwi ing Syilo ing ngarepé Yéhuwah.+ Ing kana, Yosua mbagi tanah kuwi marang wong Israèl sesuai karo bagéané dhéwé-dhéwé.+ 11  Iki hasil undhi kanggo suku Bènyamin sesuai karo keluargané. Dhaérahé ana ing antarané dhaérah keturunané Yéhuda+ lan keturunané Yusuf.+ 12  Batas ing sisih lor mulai saka Kali Yordan, terus munggah ing dhaérah lèrèng Yérikho+ ing sisih lor, terus munggah ngulon menyang gunung lan isih terus manèh menyang Padhang Belantara Bèt-awèn.+ 13  Saka kana, batasé isih terus menyang Luz, ing lèrèng Luz sisih kidul, yaiku Bètel.+ Batasé mudhun menyang Atarot-adar+ ing gunung sing ana ing sisih kidulé Bèt-horon Ngisor.+ 14  Ing sisih kulon, batasé terus ngidul saka gunung sing madhep Bèt-horon ing kidul, terus mentog ing Kiriat-baal, yaiku Kiriat-yéarim,+ kuthané Yéhuda. Kuwi batas dhaérah sisih kulon. 15  Batas dhaérah sisih kidul dimulai saka pucuké Kiriat-yéarim, terus ngulon. Terus, batasé menyang Mata Air Néftoa.+ 16  Batas kuwi terus mudhun menyang pucuk gunung sing madhep Lembah Putra Hinom,+ yaiku ing sisih loré Lembah Réfaim,+ terus mudhun menyang Lembah Hinom, ing dhaérah lèrèngé wong Yébus+ ing kidul, terus mudhun menyang Èn-rogèl.+ 17  Bar kuwi, batas kuwi isih ngalor menyang Èn-syèmès, terus menyang Gèlilot, ing ngarepé Tanjakan Adumim,+ terus mudhun ing Watu+ Bohan. Bohan+ kuwi keturunané Rubèn. 18  Batas kuwi isih terus menyang dhaérah lèrèng sisih lor ing ngarepé Araba terus mudhun menyang Araba. 19  Batasé isih terus menyang dhaérah lèrèng Bèt-hogla+ ing sisih lor lan mentog ing teluk Laut Garam*+ sisih lor ing pucuk kidul Kali Yordan. Kuwi batas dhaérah sisih kidul. 20  Kali Yordan kuwi dadi batas dhaérah sisih wétan. Kuwi tanah warisané keturunané Bènyamin manut keluargané, termasuk batas-batas dhaérah ing sak ubengé. 21  Iki kutha-kutha duwèké suku Bènyamin sesuai karo keluargané: Yérikho, Bèt-hogla, Èmèk-kèziz, 22  Bèt-araba,+ Zémaraim, Bètel,+ 23  Awim, Para, Ofra, 24  Khéfar-amoni, Ofni, lan Géba.+ Kabèh jumlahé ana 12 kutha karo désa-désané. 25  Gibéon,+ Rama, Béèrot, 26  Mizpé, Khéfira, Moza, 27  Rèkèm, Irpéèl, Tarala, 28  Zéla,+ Ha-èlèf, Yébusi yaiku Yérusalèm,+ Gibéah,+ lan Kiriat. Kabèh jumlahé ana 14 kutha karo désa-désané. Kuwi tanah warisané keturunané Bènyamin manut keluargané.

Katrangan Tambahan

Maksudé, Laut Mati.