Yosua 19:1-51

  • Tanah warisané suku Siméon (1-9)

  • Tanah warisané suku Zébulon (10-16)

  • Tanah warisané suku Isakhar (17-23)

  • Tanah warisané suku Asyèr (24-31)

  • Tanah warisané suku Naftali (32-39)

  • Tanah warisané suku Dan (40-48)

  • Tanah warisané Yosua (49-51)

19  Terus, hasil undhi sing keloro+ metu kanggo Siméon,+ kanggo suku Siméon nurut keluargané. Tanah warisané ana ing tengah-tengahé dhaérahé Yéhuda.+  Tanah warisané wong-wong kuwi yaiku Béèr-syéba+ karo Syéba, Molada,+  Hazar-syual,+ Bala, Èzèm,+  Èltolad,+ Bètul, Horma,  Ziklag,+ Bèt-markabot, Hazar-susa,  Bèt-lébaot,+ lan Syaruhèn, kabèh ana 13 kutha karo désa-désané;  Ain, Rimon, Ètèr, lan Asyan,+ kabèh ana papat kutha karo désa-désané;  lan kabèh désa ing sekitaré kutha-kutha kuwi nganti tekan Baalat-béèr, yaiku Rama ing kidul. Kuwi tanah warisané suku Siméon nurut keluargané.  Tanah warisan keturunané Siméon dijupuk saka bagéané Yéhuda merga bagéané Yéhuda terlalu amba. Mula, keturunané Siméon éntuk tanah warisan ing tengah-tengahé dhaérahé Yéhuda.+ 10  Terus, hasil undhi sing ketelu+ metu kanggo keturunané Zébulon+ nurut keluargané. Batas tanah warisané nganti tekan Sarid. 11  Batas dhaérahé wong-wong kuwi munggah ngulon menyang Maréal lan tekan Dabésyèt, terus menyang lembah ing ngarepé Yoknéam. 12  Saka Sarid, batas kuwi terus ngétan menyang arah matahari terbit, menyang perbatasan Khislot-tabor terus menyang Dabérat,+ lan munggah menyang Yafia. 13  Saka kana, batasé terus ngétan menyang arah matahari terbit, menyang Gat-hèfèr,+ menyang Èt-kazin, menyang Rimon, terus menyang Néa. 14  Ing lor, batasé ménggok menyang Hanaton lan mentog ing Lembah Ifta-èl, 15  lan Katat, Nahalal, Syimron,+ Idala, lan Bètlehèm.+ Kabèh ana 12 kutha karo désa-désané. 16  Dhaérah kuwi dadi warisan keturunané Zébulon nurut keluargané.+ 17  Hasil undhi sing kepapat+ metu kanggo Isakhar,+ kanggo keturunané Isakhar nurut keluargané. 18  Batas dhaérahé wong-wong kuwi yaiku Yizréèl,+ Khésulot, Syunem,+ 19  Hafaraim, Syion, Anaharat, 20  Rabit, Kisyion, Èbèz, 21  Rèmèt, Èn-ganim,+ Èn-hada, lan Bèt-pazèz. 22  Batas kuwi nganti tekan Tabor,+ Syahazuma, lan Bèt-syèmès, lan mentog ing Kali Yordan. Kabèh ana 16 kutha karo désa-désané. 23  Dhaérah kuwi dadi warisan keturunané Isakhar nurut keluargané.+ 24  Terus, hasil undhi sing kelima+ metu kanggo suku Asyèr+ nurut keluargané. 25  Batas dhaérahé wong-wong kuwi yaiku Hélkat,+ Hali, Bètèn, Akhsyaf, 26  Alamèlèkh, Amad, lan Misyal. Batas kuwi ngulon, menyang Karmèl+ lan Syihor-libnat. 27  Batas kuwi ngétan menyang Bèt-dagon nganti tekan dhaérah Zébulon lan Lembah Ifta-èl ing lor, menyang Bèt-èmèk lan Néièl, terus menyang sisih kiwané Kabul, 28  terus menyang Ébron, Réhob, Hamon, lan Kanah nganti tekan Sidon Besar.+ 29  Batas kuwi ménggok menyang Rama nganti tekan kutha Tirus+ sing ana bèntèngé. Terus, batasé ménggok menyang Hosa lan mentog ing laut ing dhaérah Akhzib, 30  Uma, Afèk,+ lan Réhob.+ Kabèh ana 22 kutha karo désa-désané. 31  Dhaérah kuwi dadi warisan keturunané Asyèr nurut keluargané.+ 32  Hasil undhi sing keenem+ metu kanggo Naftali, kanggo keturunané Naftali nurut keluargané. 33  Batasé wong-wong kuwi saka Hèlèf, saka wit gedhé ing Zaananim,+ lan Adami-nèkèb lan Yabnéèl nganti tekan Lakum, lan mentog ing Kali Yordan. 34  Batas kuwi ménggok ngulon menyang Aznot-tabor lan terus menyang Hukkok nganti tekan dhaérah Zébulon ing kidul lan dhaérah Asyèr ing kulon lan ngétan menyang dhaérah Yéhuda* ing Kali Yordan. 35  Kutha-kuthané sing ana bèntèngé yaiku Zidim, Zèr, Hamat,+ Rakat, Khinèrèt, 36  Adama, Rama, Hazor,+ 37  Kèdès,+ Édréi, Èn-hazor, 38  Yiron, Migda-èl, Horèm, Bèt-anat, lan Bèt-syèmès.+ Kabèh ana 19 kutha karo désa-désané. 39  Dhaérah kuwi dadi warisan keturunané Naftali nurut keluargané.+ 40  Hasil undhi sing kepitu+ metu kanggo suku Dan+ nurut keluargané. 41  Batas tanah warisané yaiku Zora,+ Èstaol, Ir-syèmès, 42  Syaalabin,+ Aiyalon,+ Itla, 43  Élon, Timna,+ Ékron,+ 44  Èltèkèh, Gibéton,+ Baalat, 45  Yéhud, Béné-bérak, Gat-rimon,+ 46  Mé-yarkon, Rakon, lan perbatasan sing ngadhep Yopa.+ 47  Ning, dhaérahé suku Dan terlalu sempit.+ Mula, wong-wong kuwi munggah lan nglawan Lèsyèm,+ terus ngrebut kutha Lèsyèm lan matèni wong-wong ing kutha kuwi nganggo pedhang. Wong Dan ngrebut kutha kuwi lan manggon ing kono, terus ngganti jeneng kutha Lèsyèm dadi Dan, yaiku jenengé nènèk moyangé.+ 48  Dhaérah kuwi, yaiku kutha lan désané, dadi warisan keturunané Dan nurut keluargané. 49  Terus, wong-wong kuwi rampung mbagi tanah warisan nurut dhaérah-dhaérahé. Wong Israèl mènèhké tanah warisan ing tengah-tengahé dhaérahé wong-wong kuwi marang Yosua anaké Nun. 50  Kaya sing dipréntahké Yéhuwah, wong-wong kuwi mènèhi kutha sing dijaluk Yosua, yaiku Timnat-séra,+ ing dhaérah pegunungan Éfraim. Terus, Yosua mbangun kutha kuwi lan manggon ing kono. 51  Kuwi tanah warisan sing dibagi-bagi Imam Èléazar, Yosua anaké Nun, lan para pemimpin keluarga pihak bapak saka kabèh suku Israèl. Kuwi dibagi-bagi+ nganggo cara diundhi ing Syilo+ ing ngarepé Yéhuwah ing lawangé kémah pertemuan.+ Mula, wong-wong kuwi akhiré rampung mbagi tanah kuwi.

Katrangan Tambahan

Kétoké maksudé dudu suku Yéhuda, ning keluargané salah siji wong lanang saka Yéhuda.