Yosua 2:1-24

  • Yosua ngutus mata-mata loro menyang Yérikho (1-3)

  • Rahab ndhelikké mata-mata (4-7)

  • Janji marang Rahab (8-21a)

    • Tali abang dadi tandha (18)

  • Mata-mata bali nemoni Yosua (21b-24)

2  Terus, wektu ana ing Syitim,+ Yosua anaké Nun meneng-meneng ngutus mata-mata loro. Yosua kandha, ”Kowé kudu lunga lan ngamati tanah kuwi, khususé Yérikho.” Mula, wong loro kuwi mangkat lan nginep ing omahé pelacur sing jenengé Rahab.+  Raja Yérikho éntuk laporan, ”Ana wong Israèl sing teka bengi iki arep ngamati dhaérahé awaké dhéwé.”  Wektu krungu kuwi, raja Yérikho ngutus wong ngandhani Rahab, ”Serahna wong-wong sing teka lan nginep ing omahmu merga wong-wong kuwi arep ngamati dhaérah iki.”  Ning, Rahab ndhelikké wong loro kuwi. Dhèwèké kandha, ”Pancèn ana wong-wong sing teka mréné, ning aku ora ngerti asalé saka ngendi.  Pas wis peteng, wong-wong kuwi lunga wektu gerbang kutha arep ditutup. Aku ora ngerti wong-wong kuwi lunga ing endi, ning nèk cepet-cepet mbok oyak,* kowé mesthi isa nangkep wong-wong kuwi.”  (Sakjané, Rahab wis ndhelikké wong loro kuwi ing atap, ing ngisoré tumpukan gagang rami.)*  Mula, para utusané raja ngoyak* wong loro mau menyang panggonan sing biasa dienggo nyabrang Kali Yordan.+ Sakwisé para utusané raja kuwi metu, gerbang kutha ditutup.  Sakdurungé mata-mata loro kuwi turu, Rahab munggah ing atap nemoni mata-mata kuwi.  Dhèwèké kandha, ”Aku yakin nèk Yéhuwah bakal mènèhké tanah iki marang kowé.+ Kabèh wong ing kéné padha wedi karo kowé.+ Kabèh penduduk ing kéné ndredheg merga kowé,+ 10  sebab wis padha krungu nèk Yéhuwah ngasatké Laut Merah ing ngarepmu wektu kowé metu saka Mesir.+ Kabèh wong ing kéné ya krungu nèk kowé wis matèni rajané wong Amori sing ana ing sabrangé* Kali Yordan, yaiku Sihon+ lan Og.+ 11  Wektu krungu kuwi, kabèh wong ing kéné dadi wedi lan ora ana sing wani ngadhepi kowé merga Yéhuwah Gusti Allahmu kuwi Gusti Allah sing nguwasani langit lan bumi.+ 12  Saiki, tulung sumpaha demi Yéhuwah nèk kowé bakal apikan* marang keluargané bapakku merga aku ya wis apikan* marang kowé. Wènèhana aku jaminan* nèk kowé mesthi bakal nepati omonganmu. 13  Bapakku, ibuku, kakangku, mbakyuku, adhiku lanang lan wédok, termasuk kabèh wong sing ana ing omahé aja mbok patèni. Slametna aku lan keluargaku.”+ 14  Terus, mata-mata loro kuwi njawab, ”Nyawaku sing dadi jaminané! Nèk kowé ora crita-crita soal iki, aku bakal apikan* lan nepati janjiku wektu Yéhuwah nyerahké tanah iki marang aku.” 15  Bar kuwi, Rahab ngongkon wong loro mau mudhun nganggo tali liwat jendhéla merga omahé ana ing témbok kutha, ing bagéan paling dhuwur saka témbok kuwi.+ 16  Dhèwèké kandha, ”Lungaa menyang dhaérah pegunungan lan ndhelika ing kana telung dina supaya wong-wong sing ngoyak* kowé ora nemokké kowé. Terus, nèk wong-wong kuwi wis bali manèh ing kutha iki, kowé isa lunga neruské perjalananmu.” 17  Wong loro mau kandha, ”Aku bakal nepati sumpahku+ nèk kowé nindakké iki: 18  Pas aku bali manèh ing tanah iki, kowé kudu nalèkké tali abang iki ing jendhéla sing tak enggo mudhun. Bapakmu, ibumu, kakangmu, mbakyumu, adhimu lanang lan wédok, termasuk kabèh wong sing ana ing omahé bapakmu kudu mbok kumpulké ing omah iki.+ 19  Sapa waé sing metu saka omahmu, wong kuwi dhéwé sing kudu tanggung jawab nèk dhèwèké mati,* kuwi dudu salahku. Ning, nèk wong sing manggon ing njero omahmu ngalami cilaka, aku sing bakal tanggung jawab.* 20  Tapi nèk kowé nglaporké soal iki,+ aku bakal bébas saka sumpahku.” 21  Rahab njawab, ”Ya, aku bakal nindakké sing mbok omongké.” Bar kuwi, wong loro mau lunga. Terus, Rahab nalèkké tali abang mau ing jendhéla. 22  Mula, wong loro mau lunga menyang dhaérah pegunungan lan manggon ing kana telung dina nganti wong-wong sing ngoyak* mau bali menyang kutha. Wong-wong sing ngoyak* mau nggolèki wong loro mau ing saben dalan, ning ora ketemu. 23  Terus, wong loro kuwi mudhun saka dhaérah pegunungan lan nyabrang kali. Wektu ketemu karo Yosua anaké Nun, wong loro kuwi nyritakké kabèh sing dialami. 24  Wong loro kuwi kandha marang Yosua, ”Yéhuwah wis nyerahké kabèh tanah kuwi marang awaké dhéwé.+ Malah, kabèh penduduké ndredheg merga awaké dhéwé.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”uber”.
Rami kuwi tanduran sing ditandur kèt jaman mbiyèn. Seraté digunakké kanggo nggawé kain linèn.
Utawa ”nguber”.
Maksudé, ing sisih wétan.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”tandha sing isa dipercaya”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”getihé ana ing ndhuwur sirahé dhéwé”.
Lit.: ”getihé ana ing ndhuwur sirahku”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.