Yosua 20:1-9

  • Kutha-kutha perlindungan (1-9)

20  Terus Yéhuwah kandha marang Yosua,  ”Kandhanana wong Israèl, ’Pilihen kutha-kutha perlindungan+ sing tau Tak omongké marang kowé liwat Musa,  supaya wong sing ora sengaja matèni wong isa mlayu mrana. Kutha-kutha kuwi bakal dadi kutha perlindungan saka wong sing nduwé hak kanggo mbales.+  Pembunuh kudu mlayu menyang salah siji kutha+ mau lan ngadeg ing gerbang kutha.+ Terus, dhèwèké kudu njelaské masalahé marang para pemimpin* kutha kuwi. Para pemimpin kutha kuwi kudu nampa dhèwèké lan mènèhi panggonan bèn dhèwèké isa manggon ing kono.  Nèk wong sing nduwé hak kanggo mbales ngoyak* pembunuh mau, para pemimpin kuwi ora éntuk nyerahké wong mau marang wong sing nduwé hak kanggo mbales merga wong mau matèni tanpa sengaja, dudu merga sengit.+  Pembunuh mau kudu tetep ing kutha kuwi nganti dhèwèké diadili ing ngarepé jemaat+ lan tetep manggon ing kono nganti imam agung sing ana wektu kuwi mati.+ Sakwisé kuwi, pembunuh mau olèh bali menyang kutha asalé lan mulih menyang omahé.’”+  Mula, wong Israèl milih* kutha-kutha iki: Kèdès+ ing Galiléa ing dhaérah pegunungan Naftali; Syikhèm+ ing dhaérah pegunungan Éfraim; lan Kiriat-arba,+ yaiku Hébron ing dhaérah pegunungan Yéhuda.  Ing dhaérah sisih wétané Kali Yordan, cedhaké Yérikho, wong Israèl milih Bèzèr+ ing padhang belantara ing dataran tinggi ing dhaérahé suku Rubèn; Ramot+ ing Giléad ing dhaérahé suku Gad; lan Golan+ ing Basyan ing dhaérahé suku Manasyé.+  Kuwi kutha-kutha sing ditentokké kanggo kabèh wong Israèl lan penduduk asing sing manggon ing antarané wong Israèl. Sapa waé sing ora sengaja matèni wong isa mlayu mrana.+ Wong mau ora bakal dipatèni karo wong sing nduwé hak kanggo mbales sakdurungé diadili ing ngarepé jemaat.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nganggep suci”.