Yosua 21:1-45

  • Kutha-kuthané wong Lèwi (1-42)

    • Kanggo keturunané Harun (9-19)

    • Kanggo keturunané Kohat (20-26)

    • Kanggo keturunané Gèrsyon (27-33)

    • Kanggo keturunané Mérari (34-40)

  • Kabèh janjiné Yéhuwah kelakon (43-45)

21  Para pemimpin keluarga pihak bapak saka suku Lèwi padha ngadhep Imam Èléazar,+ Yosua anaké Nun, lan para pemimpin keluarga pihak bapak saka kabèh suku Israèl  ing Syilo+ ing tanah Kanaan, terus kandha, ”Yéhuwah wis mènèhi préntah liwat Musa supaya aku diwènèhi kutha-kutha bèn tak enggoni lan padhang rumput kanggo angon ternakku.”+  Mula kaya préntahé Yéhuwah, wong Israèl mènèhi wong Lèwi kutha-kutha+ lan padhang rumputé saka tanah warisané wong-wong kuwi.+  Hasil undhi metu kanggo keluarga-keluarga keturunané Kohat.+ Wong Lèwi keturunané Imam Harun éntuk* 13 kutha saka suku Yéhuda,+ suku Siméon,+ lan suku Bènyamin.+  Keturunané Kohat sing liyané éntuk sepuluh kutha* saka keluarga-keluarga suku Éfraim,+ suku Dan, lan setengahé suku Manasyé.+  Keturunané Gèrsyon+ éntuk 13 kutha saka keluarga-keluarga suku Isakhar, suku Asyèr, suku Naftali, lan setengahé suku Manasyé ing Basyan.+  Keturunané Mérari+ nurut keluargané éntuk 12 kutha saka suku Rubèn, suku Gad, lan suku Zébulon.+  Mula nganggo cara nguncalké undhi, wong Israèl mènèhi wong Lèwi kutha-kutha kuwi karo padhang rumputé kaya sing dipréntahké Yéhuwah liwat Musa.+  Suku Yéhuda lan suku Siméon mènèhi kutha-kutha sing disebutké iki+ 10  marang anak-anaké lanang Harun keturunané Kohat saka suku Lèwi merga wong-wong kuwi éntuk hasil undhi sing pertama. 11  Wong-wong kuwi diwènèhi Kiriat-arba+ (Arba kuwi bapaké Anak), yaiku Hébron,+ ing dhaérah pegunungan Yéhuda, lan padhang rumput sing ana ing sak ubengé. 12  Ning, tanah ing sekitaré kutha kuwi lan désa-désané diwènèhké marang Kalèb anaké Yéfuné bèn dadi duwèké.+ 13  Keturunané Imam Harun diwènèhi kutha Hébron+ karo padhang rumputé, yaiku kutha perlindungan kanggo pembunuh,+ lan Libna+ karo padhang rumputé, 14  Yatir+ karo padhang rumputé, Èstémoa+ karo padhang rumputé, 15  Holon+ karo padhang rumputé, Débir+ karo padhang rumputé, 16  Ain+ karo padhang rumputé, Yuta+ karo padhang rumputé, lan Bèt-syèmès karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké saka dhaérahé rong suku mau ana sanga. 17  Saka suku Bènyamin: Gibéon+ karo padhang rumputé, Géba karo padhang rumputé,+ 18  Anatot+ karo padhang rumputé, lan Almon karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana papat. 19  Kabèh kutha sing diwènèhké marang keturunané Harun, yaiku para imam, ana 13 kutha karo padhang rumputé.+ 20  Wong Lèwi liyané saka keluarga-keluarga keturunané Kohat diwènèhi kutha-kutha saka suku Éfraim. 21  Wong-wong kuwi diwènèhi kutha Syikhèm+ karo padhang rumputé ing dhaérah pegunungan Éfraim, yaiku kutha perlindungan kanggo pembunuh,+ lan Gèzèr+ karo padhang rumputé, 22  Kibzaim karo padhang rumputé, lan Bèt-horon+ karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana papat. 23  Saka suku Dan: Èltéké karo padhang rumputé, Gibéton karo padhang rumputé, 24  Aiyalon+ karo padhang rumputé, lan Gat-rimon karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana papat. 25  Saka setengahé suku Manasyé: Taanakh+ karo padhang rumputé lan Gat-rimon karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana loro. 26  Kabèh kutha karo padhang rumputé sing diwènèhké marang keluarga keturunané Kohat liyané cacahé ana sepuluh kutha. 27  Wong Lèwi keturunané Gèrsyon+ nampa saka setengahé suku Manasyé kutha Golan+ ing Basyan karo padhang rumputé, yaiku kutha perlindungan kanggo pembunuh, lan Béèstéra karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana loro. 28  Saka suku Isakhar:+ Kisyion karo padhang rumputé, Dabérat+ karo padhang rumputé, 29  Yarmut karo padhang rumputé, lan Èn-ganim karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana papat. 30  Saka suku Asyèr:+ Misyal karo padhang rumputé, Abdon karo padhang rumputé, 31  Hélkat+ karo padhang rumputé, lan Réhob+ karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana papat. 32  Saka suku Naftali: kutha Kèdès+ ing Galiléa karo padhang rumputé, yaiku kutha perlindungan+ kanggo pembunuh, Hamot-dor karo padhang rumputé, lan Kartan karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana telu. 33  Kabèh kutha-kutha keturunané Gèrsyon nurut keluargané cacahé ana 13 kutha karo padhang rumputé. 34  Keturunané Mérari,+ yaiku wong Lèwi liyané éntuk saka suku Zébulon:+ Yoknéam+ karo padhang rumputé, Karta karo padhang rumputé, 35  Dimna karo padhang rumputé, lan Nahalal+ karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana papat. 36  Saka suku Rubèn: Bèzèr+ karo padhang rumputé, Yahaz karo padhang rumputé,+ 37  Kédémot karo padhang rumputé, lan Méfaat karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana papat. 38  Saka suku Gad:+ kutha Ramot ing Giléad+ karo padhang rumputé, yaiku kutha perlindungan kanggo pembunuh, lan Mahanaim+ karo padhang rumputé, 39  Hésbon+ karo padhang rumputé, lan Yazèr+ karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana papat. 40  Kabèh kutha sing diwènèhké marang wong Lèwi liyané, yaiku keturunané Mérari nurut keluargané, jumlahé ana 12 kutha. 41  Kabèh kuthané wong Lèwi sing ana ing dhaérahé wong Israèl jumlahé ana 48 kutha karo padhang rumputé.+ 42  Saben kutha iki nduwé padhang rumput ing sekitaré. 43  Kuwi carané Yéhuwah mènèhi Israèl kabèh tanah sing wis dijanjèkké marang nènèk moyangé wong-wong kuwi.+ Wong Israèl ngrebut kutha-kutha kuwi lan manggon ing kono.+ 44  Sakliyané kuwi, Yéhuwah ya nggawé wong Israèl bener-bener ngrasakké ayem tentrem kaya sing wis dijanjèkké marang nènèk moyangé wong-wong kuwi.+ Ora ana mungsuh sing isa nglawan wong-wong kuwi.+ Yéhuwah nyerahké kabèh mungsuh marang wong-wong kuwi.+ 45  Saka kabèh sing apik sing wis dijanjèkké Yéhuwah marang wong Israèl, ora ana siji-sijia sing ora ditepati. Kabèh kelakon.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”diwènèhi nganggo cara diundhi”.
Utawa ”sepuluh kutha sesuai undhi”.