Yosua 22:1-34

  • Suku-suku ing sisih wétané Kali Yordan padha bali (1-8)

  • Mézbah dibangun ing cedhak Kali Yordan (9-12)

  • Tujuané mbangun mézbah dijelaské (13-29)

  • Masalahé rampung (30-34)

22  Terus, Yosua ngundang* suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé.  Dhèwèké kandha, ”Kowé wis nindakké kabèh sing dipréntahké Musa abdiné Yéhuwah+ lan wis manut kabèh préntahku.+  Kowé ya ora tau ninggalké sedulur-sedulurmu nganti saiki+ lan terus nindakké préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu.+  Saiki, Yéhuwah Gusti Allahmu wis nggawé sedulur-sedulurmu ngrasa ayem tentrem, kaya sing wis Dhèwèké janjèkké.+ Mula, kowé saiki balia menyang perkémahanmu ing tanah sing diwènèhké Musa abdiné Yéhuwah marang kowé ing sabrangé* Kali Yordan.+  Ning, kowé kudu luwih tenanan nindakké préntah lan Hukum sing diwènèhké Musa abdiné Yéhuwah marang kowé.+ Carané yaiku nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu,+ nindakké kabèh sing dikarepké,*+ manut préntahé,+ terus setya*+ marang Gusti Allah, lan nglayani Gusti Allah+ saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu.”*+  Yosua mberkahi lan ngongkon wong-wong kuwi bali. Terus, wong-wong kuwi padha bali menyang perkémahané dhéwé-dhéwé.  Musa mènèhké Basyan dadi tanah warisané setengahé suku Manasyé.+ Yosua mènèhké tanah sing ana ing sisih kuloné Kali Yordan marang setengahé suku Manasyé liyané+ bèn wong-wong kuwi manggon bareng karo sedulur-seduluré. Wektu ngongkon wong-wong kuwi bali menyang perkémahané dhéwé-dhéwé, Yosua mberkahi wong-wong kuwi.  Yosua kandha, ”Balia menyang perkémahanmu karo nggawa harta sing akèh, ternak sing akèh, pérak lan emas, tembaga lan wesi, lan klambi sing akèh banget.+ Jupuken barang-barang sing wis dijarah+ saka mungsuh-mungsuhé awaké dhéwé, terus baginen marang sedulur-sedulurmu.”  Bar kuwi, suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé ninggalké wong Israèl liyané ing Syilo, ing tanah Kanaan. Wong-wong kuwi bali menyang tanah Giléad,+ yaiku tanah sing wis diwènèhké bèn dienggoni wong-wong kuwi, kaya sing dipréntahké Yéhuwah liwat Musa.+ 10  Pas tekan ing dhaérah Kali Yordan ing tanah Kanaan, suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé mbangun mézbah ing cedhaké Kali Yordan. Mézbahé gedhé banget. 11  Terus, wong Israèl liyané krungu soal kuwi+ lan kandha, ”Deloken! Suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé mbangun mézbah ing perbatasan tanah Kanaan ing dhaérah Kali Yordan, ing sisih wétané tanahé awaké dhéwé.” 12  Pas krungu kuwi, kabèh wong Israèl ngumpul ing Syilo+ arep perang nglawan wong-wong mau. 13  Terus, wong Israèl ngutus Pinéhas+ anaké Imam Èléazar nemoni suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé ing tanah Giléad. 14  Ana sepuluh pemimpin sing lunga bareng dhèwèké, siji pemimpin saka saben suku Israèl. Sepuluh pemimpin kuwi kepala saka keluarga pihak bapak ing antarané éwonan wong Israèl.+ 15  Pas ketemu suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé ing tanah Giléad, para utusan kuwi kandha, 16  ”Kabèh umaté Yéhuwah padha ngomong ngéné, ’Ngapa kok kowé ora setya+ marang Gusti Allahé Israèl? Kowé saiki wis ora manut marang Yéhuwah merga mbangun mézbah lan mbrontak nglawan Yéhuwah.+ 17  Apa kesalahan ing Péor kuwi durung cukup kanggo awaké dhéwé? Apa kowé lali karo wabah penyakit sing dialami umaté Yéhuwah? Awaké dhéwé isih ngrasakké akibat saka kesalahan kuwi nganti saiki.+ 18  Apa kowé saiki arep ninggalké Yéhuwah? Nèk dina iki kowé mbrontak nglawan Yéhuwah, sésuk Dhèwèké bakal nesu marang kabèh wong Israèl.+ 19  Nèk tanah sing wis diwènèhké marang kowé kuwi mbok anggep najis, ya nyabranga menyang tanah duwèké Yéhuwah,+ panggonan tabernakelé Yéhuwah,+ terus manggona bareng aku. Ning, aja mbrontak nglawan Yéhuwah. Aja mbangun mézbah sakliyané mézbahé Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé bèn awaké dhéwé ora dianggep mbrontak.+ 20  Pas Akhan+ anaké Zérah ora setya merga nyolong barang sing kudu dihancurké, Gusti Allah kan nesu marang kabèh wong Israèl, ta?+ Ora mung Akhan sing mati merga kesalahané.’”+ 21  Mula suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé njawab para pemimpiné éwonan wong Israèl,+ 22  ”Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing luwih unggul timbang allah-allah liyané. Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing luwih unggul timbang allah-allah liyané.+ Dhèwèké ngerti ngapa aku nindakké iki, lan wong Israèl ya bakal ngerti. Nèk nganti aku mbrontak lan ora setya marang Yéhuwah, bèn waé aku mati dina iki. 23  Nèk aku mbangun mézbah iki merga arep ninggalké Yéhuwah lan merga arep tak enggo mènèhké persembahan bakaran, persembahan biji-bijian, lan korban kerukunan,* Yéhuwah sing bakal ngukum aku.+ 24  Dudu kuwi alesané. Aku nindakké iki merga aku mikir nèk sukmbèn keturunanmu bakal kandha ngéné karo keturunanku, ’Apa hakmu nyembah Yéhuwah Gusti Allahé Israèl bareng aku? 25  Yéhuwah kan wis netepké Kali Yordan dadi batas antarané aku lan kowé, yaiku suku Rubèn lan suku Gad. Kowé ora ana hubungané karo Yéhuwah.’ Terus, keturunanmu bakal ngalang-alangi keturunanku nyembah Yéhuwah.” 26  ”Mula, aku mikir nèk aku kudu mbangun mézbah. Kuwi dudu kanggo mènèhké persembahan bakaran utawa korban, 27  ning kanggo dadi seksi antarané aku, kowé+ lan keturunané awaké dhéwé* nèk aku lan keturunanku bakal terus nglayani ing ngarepé Yéhuwah nganggo persembahan bakaran, korban, lan korban kerukunan.*+ Mula, sukmbèn keturunanmu ora bakal kandha marang keturunanku, ’Kowé ora ana hubungané karo Yéhuwah.’ 28  Nèk sak umpama keturunanmu kandha kaya ngono marang aku lan keturunanku,* aku lan keturunanku bakal njawab ngéné, ’Deloken tiruan mézbahé Yéhuwah sing digawé nènèk moyangku. Mézbah kuwi dudu kanggo mènèhké persembahan bakaran utawa korban, ning kanggo dadi seksi antarané aku lan kowé.’ 29  Ora mungkin aku mbangun mézbah iki merga arep mbrontak nglawan Yéhuwah lan ninggalké Yéhuwah.+ Aku mung bakal mènèhké persembahan bakaran, persembahan biji-bijian, lan korban ing mézbahé Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé sing ana ing ngarep tabernakelé.”+ 30  Wektu Imam Pinéhas, para pemimpin jemaat, lan para kepalané éwonan wong Israèl sing bareng dhèwèké krungu sing diomongké keturunané Rubèn, Gad, lan Manasyé, wong-wong kuwi dadi lega.+ 31  Mula, Pinéhas anaké Imam Èléazar kandha marang keturunané Rubèn, Gad, lan Manasyé, ”Dina iki aku ngerti nèk Yéhuwah ana ing antarané awaké dhéwé merga kowé ora mbrontak nglawan Yéhuwah. Saiki, Yéhuwah ora bakal ngukum awaké dhéwé.” 32  Bar kuwi, Pinéhas anaké Imam Èléazar lan para pemimpin ninggalké suku Rubèn lan suku Gad sing ana ing tanah Giléad, terus bali ing tanah Kanaan lan nyampèkké soal kuwi marang wong Israèl liyané. 33  Laporan kuwi nggawé wong Israèl dadi lega lan ngluhurké Gusti Allah. Wong Israèl ora ngrembug manèh soal perang nglawan suku Rubèn lan suku Gad. Tanahé suku Rubèn lan suku Gad ya ora sida dihancurké. 34  Terus, suku Rubèn lan suku Gad njenengi mézbah kuwi.* Wong-wong kuwi kandha, ”Mézbah iki dadi seksi ing antarané awaké dhéwé nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”nyeluk”.
Maksudé, ing sisih wétan.
Utawa ”raket”.
Lit.: ”mlaku ing dalan-dalané”.
Lit.: ”lan generasi sakwisé awaké dhéwé”.
Lit.: ”generasi sakwisé aku”.
Saka kontèks kalimaté, mézbah kuwi kétoké dijenengi Seksi.