Yosua 23:1-16

  • Kata-kata terakhiré Yosua marang para pemimpiné Israèl (1-16)

    • Kabèh janjiné Yéhuwah ditepati (14)

23  Yéhuwah nggawé Israèl urip tentrem+ lan ora diganggu mungsuh ing sekitaré. Suwé sakwisé kuwi, wektu Yosua wis tuwa lan sedhéla manèh arep mati,+  Yosua ngundang* kabèh wong Israèl,+ para pemimpiné,* para kepalané, para hakimé, lan para pejabaté.+ Yosua kandha, ”Aku wis saya tuwa lan sedhéla manèh arep mati.  Kowé wis ndelok dhéwé kabèh sing wis ditindakké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kabèh bangsa kanggo nglindhungi kowé. Sing perang kanggo kowé kuwi Yéhuwah Gusti Allahmu.+  Aku ya wis mbagi* tanah+ saka Kali Yordan nganti Laut Besar* ing sisih kulon* bèn dadi tanah warisané suku-sukumu, yaiku tanahé bangsa-bangsa sing durung dikalahké+ lan tanahé bangsa-bangsa sing wis tak singkirké.+  Yéhuwah Gusti Allahmu wis nyingkirké bangsa-bangsa kuwi saka ngarepmu.+ Dhèwèké ngusir bangsa-bangsa kuwi kanggo kowé, lan kowé isa ngrebut tanahé bangsa-bangsa kuwi kaya janjiné Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.+  ”Saiki, kowé kudu bener-bener kendel bèn isa manut lan nindakké kabèh sing ditulis ing buku Hukum+ Musa. Aja nganti kowé ora manut hukum kuwi,+  lan aja nganti bergaul karo bangsa-bangsa+ sing isih manggon karo kowé. Aja nganti kowé nyebut jenengé allah-allahé+ lan sumpah demi jeneng kuwi, lan aja nganti kowé nglayani utawa sujud marang allah-allah kuwi.+  Ning, kowé kudu terus setya* marang Yéhuwah Gusti Allahmu+ kaya sing wis mbok tindakké nganti saiki.  Yéhuwah bakal ngusir bangsa-bangsa sing gedhé lan kuwat saka ngarepmu+ merga ora ana sing isa nglawan kowé nganti saiki.+ 10  Wong siji waé saka antaramu isa ngusir wong sèwu+ merga Yéhuwah Gusti Allahmu sing perang kanggo kowé+ kaya janjiné marang kowé.+ 11  Mula, nèk kowé nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu,+ kowé mesthi bakal ngati-ati wektu tumindak.*+ 12  ”Ning, nèk kowé ninggalké Gusti Allah lan mèlu-mèlu bangsa sing isih manggon karo kowé,+ terus kowé ya bergaul lan nggawé kerja sama liwat perkawinan karo wong-wong kuwi,+ 13  kowé kudu ngerti nèk Yéhuwah Gusti Allahmu ora bakal ngusir manèh bangsa-bangsa kuwi kanggo kowé.+ Bangsa-bangsa kuwi bakal dadi jebakan lan jerat uga pecut ing gegermu+ lan eri ing mripatmu nganti kowé disingkirké saka tanah sing apik iki, sing wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé. 14  ”Saiki, aku wis arep mati. Kowé ngerti tenan saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu* nèk kabèh sing apik sing wis dijanjèkké Yéhuwah Gusti Allahmu wis ditepati. Kabèh wis kelakon. Ora ana siji-sijia sing ora ditepati.+ 15  Ning, kaya Yéhuwah Gusti Allahmu wis nepati kabèh janjiné sing apik marang kowé,+ Yéhuwah ya bakal mènèhi kowé kabèh bencana sing wis Dhèwèké janjèkké* marang kowé. Dhèwèké bakal nyingkirké kowé saka tanah sing apik iki sing wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.+ 16  Nèk kowé nglanggar perjanjiané Yéhuwah Gusti Allahmu sing kuduné mbok tepati lan nèk kowé nyembah lan sujud marang allah-allah liya, Yéhuwah bakal nesu banget marang kowé.+ Kowé ya bakal langsung disingkirké saka tanah sing apik iki sing wis diwènèhké marang kowé.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”para sesepuhé”.
Maksudé, Laut Tengah.
Utawa ”ing arah matahari terbenam”.
Utawa ”mbagi nganggo cara diundhi”.
Utawa ”raket”.
Utawa ”bakal terus njaga jiwamu”.
Utawa ”kabèh omongan sing jahat”.