Yosua 3:1-17

  • Israèl nyabrang Kali Yordan (1-17)

3  Yosua tangi ésuk-ésuk banget. Terus, dhèwèké lan kabèh wong Israèl mangkat saka Syitim+ lan tekan ing Kali Yordan. Wong-wong kuwi nginep ing kana sakdurungé nyabrang.  Sakwisé telung dina, para pemimpin+ padha keliling ing perkémahan  lan mréntahké wong Israèl, ”Nèk kowé ndelok pethi perjanjiané Yéhuwah Gusti Allahmu diusung karo para imam Lèwi,+ kowé kudu ndang mangkat lan ngetutké kuwi.  Ning, kowé kudu tetep ana ing mburiné adohé kira-kira 2.000 hasta.* Aja cedhak-cedhak karo pethi kuwi supaya kowé ngerti kudu mlaku menyang endi merga kowé durung tau liwat dalan kuwi.”  Yosua kandha marang bangsa kuwi, ”Kowé kudu siap-siap,*+ merga sésuk Yéhuwah bakal nggawé mukjijat kanggo kowé.”+  Terus Yosua kandha marang para imam, ”Usungen pethi+ perjanjian lan mlakua ing ngarepé bangsa kuwi.” Mula, para imam nindakké kuwi.  Bar kuwi, Yéhuwah kandha marang Yosua, ”Dina iki aku bakal nggawé kowé dihormati ing ngarepé kabèh wong Israèl+ supaya wong-wong kuwi padha ngerti nèk Aku bakal ndhukung kowé,+ kaya mbiyèn Aku ndhukung Musa.+  Kowé kudu nyampèkké préntah iki marang para imam sing ngusung pethi perjanjian: ’Nèk wis tekan pinggir Kali Yordan, mudhuna ing banyu lan kowé kudu tetep ngadeg ing kono.’”+  Terus Yosua kandha marang wong Israèl, ”Mrénéa lan rungokna omongané Yéhuwah Gusti Allahmu.” 10  Yosua kandha, ”Kowé bakal ngerti nèk Gusti Allah sing urip ana ing antaramu,+ lan nèk Dhèwèké mesthi bakal nyingkirké wong Kanaan, wong Hèt, wong Hèwi, wong Pèriz, wong Girgasyi, wong Amori, lan wong Yébus.+ 11  Deloken! Pethi perjanjian duwèké Gusti sing nguwasani bumi bakal diusung ndhisiki kowé menyang Kali Yordan. 12  Saiki pilihen wong lanang 12 saka suku-suku Israèl, wong siji saka saben suku.+ 13  Wektu para imam sing ngusung Pethiné Yéhuwah, Gusti sing nguwasani bumi, ngidak banyuné Kali Yordan, banyu sing mili saka ndhuwur bakal mandheg lan dadi kaya bendungan.”*+ 14  Wektu bangsa kuwi mangkat saka perkémahan arep nyabrang Kali Yordan, para imam sing ngusung pethi+ perjanjian mlaku ing ngarepé bangsa kuwi. 15  (Wektu kuwi musim panèn, lan banyuné Kali Yordan mbludag nganti tekan pinggir.)+ Pas para imam sing ngusung pethi perjanjian tekan ing kali kuwi lan ngidak bagéan pinggiré Kali Yordan, 16  banyu sing mili saka ndhuwur dadi mandheg. Banyu kuwi munggah dadi bendungan ing panggonan sing adoh banget, yaiku ing Adam, kutha ing Zarétan. Banyu sing mili menyang Laut Araba, utawa Laut Garam,* dadi asat. Sakwisé banyuné ora mili manèh, bangsa kuwi nyabrang ing ngarepé Yérikho. 17  Para imam sing ngusung pethi perjanjiané Yéhuwah ngadeg terus ing lemah sing garing,+ ing tengah-tengahé Kali Yordan, nganti kabèh wong Israèl mlaku ing lemah sing garing+ lan tekan ing sabrangé Kali Yordan.

Katrangan Tambahan

Kira-kira 890 m. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”kudu suci”.
Utawa ”témbok”.
Maksudé, Laut Mati.