Yosua 4:1-24

  • Watu-watu dadi tandha pangéling-éling (1-24)

4  Sakwisé bangsa kuwi nyabrang Kali Yordan, Yéhuwah ngandhani Yosua,  ”Pilihen wong lanang 12 saka bangsa iki, wong siji saka saben suku,+  lan préntahna wong-wong kuwi, ’Jupuken watu 12 saka tengah-tengahé Kali Yordan, saka panggonané para imam mau ngadeg.+ Gawanen watu-watu kuwi lan dèlèhna ing panggonanmu nginep bengi iki.’”+  Terus, Yosua ngundang* wong lanang 12 sing wis dipilih saka antarané bangsa Israèl, wong siji saka saben suku.  Yosua ngandhani wong-wong kuwi, ”Nyabranga ing tengah-tengahé Kali Yordan, ing ngarepé Pethiné Yéhuwah Gusti Allahmu. Terus, saben wong ing antaramu kudu njupuk watu siji. Kuwi sesuai karo jumlahé suku Israèl. Watuné kudu mbok panggul ing pundhakmu.  Kuwi bakal dadi tandha kanggo anak-anakmu. Nèk anak-anakmu sukmbèn takon, ’Ngapa kok watu-watu iki ana ing kéné?’+  jawaben, ’Merga banyuné Kali Yordan mandheg ing ngarepé pethi+ perjanjiané Yéhuwah. Wektu pethi kuwi digawa nyabrang Kali Yordan, banyuné Kali Yordan mandheg. Watu-watu iki bakal dadi tandha pangéling-éling kanggo wong Israèl nganti saklawasé.’”+  Mula, wong-wong lanang Israèl kuwi nindakké préntahé Yosua. Wong-wong kuwi njupuk watu 12 saka tengah-tengahé Kali Yordan, kaya sing wis dipréntahké Yéhuwah marang Yosua. Jumlahé watu kuwi sesuai karo jumlahé suku Israèl. Terus, watuné digawa lan didèlèhké ing panggonané nginep wong-wong kuwi.  Yosua ya nyusun watu 12 ing tengah-tengahé Kali Yordan, ing panggonané para imam sing ngusung pethi perjanjian mau ngadeg.+ Watu-watu kuwi isih ana nganti saiki. 10  Para imam sing ngusung Pethi kuwi tetep ngadeg ing tengah-tengahé Kali Yordan nganti bangsa kuwi nindakké kabèh préntahé Yéhuwah sing disampèkké liwat Yosua, yaiku kabèh sing dipréntahké Musa marang Yosua. Terus, bangsa kuwi cepet-cepet nyabrang. 11  Sakwisé bangsa kuwi rampung nyabrang, para imam sing ngusung Pethiné Yéhuwah ya nyabrang ing ngarepé bangsa kuwi.+ 12  Suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé nyabrang ing posisi siap tempur+ ndhisiki wong-wong Israèl liyané, persis kaya sing dipréntahké Musa marang wong-wong kuwi.+ 13  Ana kira-kira 40.000 prajurit sing nggawa senjata. Ing ngarep Pethiné Yéhuwah, para prajurit kuwi nyabrang menyang Padhang Gurun Yérikho. 14  Dina kuwi, Yéhuwah nggawé Yosua dihormati ing ngarepé kabèh wong Israèl.+ Sakjegé uripé, Yosua diajèni banget* karo bangsa kuwi kaya bangsa kuwi ngajèni Musa.+ 15  Terus, Yéhuwah kandha marang Yosua, 16  ”Préntahna para imam sing ngusung Pethi+ Kesaksian mentas saka Kali Yordan.” 17  Mula Yosua mréntahké para imam kuwi, ”Mentasa saka Kali Yordan.” 18  Wektu para imam sing ngusung pethi+ perjanjiané Yéhuwah mentas saka Kali Yordan lan sikilé para imam ngidak ing lemah sing garing, banyuné Kali Yordan mili manèh lan mbludag nganti tekan pinggir+ kaya sakdurungé. 19  Bangsa kuwi nyabrang Kali Yordan ing dina kesepuluh sasi pertama lan kémah ing Gilgal,+ ing perbatasan Yérikho sisih wétan. 20  Ing Gilgal, Yosua nyusun watu 12 sing dijupuk wong-wong mau saka Kali Yordan.+ 21  Terus, Yosua kandha marang bangsa Israèl, ”Sukmbèn, nèk anak-anakmu takon, ’Watu-watu iki artiné apa?’+ 22  jelasna marang anak-anakmu, ’Bangsa Israèl nyabrang Kali Yordan ing lemah sing garing.+ 23  Wektu kuwi, Yéhuwah Gusti Allahmu ngasatké Kali Yordan ing ngarepé bangsa kuwi nganti kabèh wong rampung nyabrang. Kuwi padha kaya wektu Yéhuwah Gusti Allahmu ngasatké Laut Merah ing ngarepé bangsa kuwi nganti kabèh rampung nyabrang.+ 24  Yéhuwah nindakké kuwi bèn kabèh bangsa ing bumi ngerti nèk Dhèwèké nduwé kuwasa sing gedhé banget+ lan bèn kowé tetep wedi marang* Yéhuwah Gusti Allahmu.’”

Katrangan Tambahan

Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”diwedèni”.