Yosua 6:1-27

  • Témbok Yérikho ambruk (1-21)

  • Rahab lan keluargané dislametké (22-27)

6  Gerbangé kutha Yérikho ditutup rapet bèn wong Israèl ora isa mlebu. Ora ana sing isa mlebu lan ora ana sing isa metu.+  Terus Yéhuwah kandha marang Yosua, ”Deloken, Aku wis masrahké kutha Yérikho, rajané, lan para pejuangé sing hébat marang kowé.+  Kabèh prajurit kudu baris ngubengi kutha kuwi sedina pisan. Tindakna kuwi nganti enem dina.  Kowé kudu ngongkon pitu imam nggawa pitu trompèt* ing ngarepé Pethi kuwi. Ning ing dina kepitu, kowé kudu baris ngubengi kutha kuwi ping pitu, lan para imam kudu nyebul trompèt-trompèt kuwi.+  Wektu krungu swara* trompèt, kabèh prajurit kudu mbengok sing banter. Témboké kutha kuwi bakal ambruk rata karo lemah,+ lan kabèh prajurit kudu mlebu ing kutha kuwi.”  Mula, Yosua anaké Nun ngundang* para imam lan kandha, ”Usungen pethi perjanjian, lan pitu imam kudu nggawa pitu trompèt ing ngarepé Pethiné Yéhuwah.”+  Terus Yosua kandha marang para prajurité, ”Kowé kudu baris lan mlaku ngubengi kutha kuwi. Prajurit sing nggawa senjata+ kudu mlaku ing ngarepé Pethiné Yéhuwah.”  Kaya préntahé Yosua marang para prajurit, pitu imam sing nggawa pitu trompèt ing ngarepé Yéhuwah maju karo nyebul trompèté. Pethi perjanjiané Yéhuwah ana ing mburiné para imam kuwi.  Prajurit sing nggawa senjata mlaku ing ngarepé para imam sing nyebul trompèt, lan prajurit pengawal ngetutké ing mburiné Pethi kuwi. Saksuwéné kuwi, trompèté disebul terus. 10  Yosua wis mréntahké para prajurit, ”Aja mbengok-mbengok utawa nyuwara. Aja omongan babar blas. Mengko pas kowé tak kongkon mbengok, lagi kowé mbengok.” 11  Yosua ngongkon supaya Pethiné Yéhuwah digawa ngubengi kutha kuwi ping pisan. Bar kuwi, wong-wong kuwi mulih lan nginep ing perkémahan. 12  Ésuké, Yosua tangi ésuk banget, lan para imam ngusung Pethiné+ Yéhuwah. 13  Pitu imam liyané sing nggawa pitu trompèt mlaku ing ngarepé Pethiné Yéhuwah karo nyebul trompèté. Prajurit sing nggawa senjata mlaku ing ngarepé para imam kuwi, lan prajurit pengawal ngetutké ing mburiné Pethiné Yéhuwah. Saksuwéné kuwi, trompèté disebul terus. 14  Wong-wong kuwi baris ngubengi kutha kuwi ping pisan ing dina keloro, terus padha bali menyang perkémahan. Kuwi sing ditindakké nganti enem dina.+ 15  Ing dina kepitu, wong-wong kuwi tangi ésuk-ésuk, pas matahari mèh terbit. Terus, wong-wong kuwi baris ngubengi kutha nganggo cara sing padha nganti ping pitu. Mung dina kuwi wong-wong kuwi baris ngubengi kutha nganti ping pitu.+ 16  Pas mubeng sing kepitu, para imam nyebul trompèté lan Yosua mréntahké para prajurit, ”Mbengoka!+ Yéhuwah wis nyerahké kutha kuwi marang kowé. 17  Kutha kuwi sak isiné kudu dihancurké.+ Kuwi kabèh duwèké Yéhuwah. Mung Rahab+ pelacur kuwi lan kabèh wong sing ana ing omahé sing bakal tetep urip merga dhèwèké wis ndhelikké utusané awaké dhéwé.+ 18  Ning, kowé kudu ngedohi kabèh sing kudu dihancurké+ supaya kowé ora péngin lan njupuk kuwi.+ Nèk mbok jupuk, perkémahané Israèl bakal kena bencana,* terus padha dipatèni.+ 19  Tapi, kabèh pérak, emas, lan barang-barang saka tembaga lan wesi kuwi suci kanggoné Yéhuwah.+ Kuwi kabèh kudu digawa menyang panggonan kanggo nyimpen hartané Yéhuwah.”+ 20  Terus, para prajurit padha mbengok pas trompèté disebul.+ Bar para prajurit krungu swara trompèt lan mbengok banter banget, témboké kutha kuwi ambruk nganti rata karo lemah.+ Bar kuwi, para prajurit langsung mlebu lan ngrebut kutha kuwi. 21  Kabèh sing ana ing kutha kuwi dipatèni nganggo pedhang, yaiku wong lanang lan wédok, enom lan tuwa, sapi, domba, lan keledai.+ 22  Yosua kandha marang wong loro sing mbiyèn diutus ngamati tanah kuwi, ”Mlebua menyang omahé pelacur kuwi, terus gawanen dhèwèké metu karo kabèh wong sing ana ing omahé kaya sumpahmu marang dhèwèké.”+ 23  Mula, wong loro sing dadi mata-mata kuwi mlebu lan nggawa Rahab metu, bareng karo bapaké, kakangé, mbakyuné, adhiné lanang lan wédok, termasuk kabèh wong sing ana ing omahé.+ Kabèh keluargané Rahab digawa metu menyang panggonan sing aman ing njaba perkémahané wong Israèl. 24  Terus, para prajurit ngobong kutha kuwi sak isiné. Ning, pérak, emas, lan barang-barang saka tembaga lan wesi digawa menyang panggonan kanggo nyimpen harta ing omahé Yéhuwah.+ 25  Sing ora dipatèni Yosua mung Rahab, yaiku pelacur kuwi, keluargané bapaké, lan kabèh wong sing ana ing omahé.+ Rahab manggon ing antarané wong Israèl nganti saiki+ merga dhèwèké wis ndhelikké mata-mata sing diutus Yosua ing kutha Yérikho.+ 26  Wektu kuwi Yosua ngucapké sumpah,* ”Wong sing ngupaya mbangun manèh kutha Yérikho bakal kena kutuk ing ngarepé Yéhuwah. Nèk dhèwèké mbangun pondhasiné kutha iki, anaké sing pertama bakal mati. Nèk dhèwèké masang gerbang-gerbangé kutha iki, anaké sing terakhir bakal mati.”+ 27  Yéhuwah ndhukung Yosua,+ lan jenengé* terkenal ing bumi.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”sungu domba lanang”.
Utawa ”tiupan dawa saka”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”kesusahan”.
Utawa mungkin ”ngongkon wong-wong sumpah”.
Utawa mungkin maksudé jenengé Yéhuwah.