Yosua 7:1-26

  • Israèl dikalahké ing Ai (1-5)

  • Dongané Yosua (6-9)

  • Israèl kalah merga wis nindakké dosa (10-15)

  • Akhan konangan lan dibandhemi watu (16-26)

7  Ning, wong Israèl ora setya merga ora manut karo préntah soal barang-barang sing kudu dihancurké. Akhan+ anaké Karmi, anaké Zabdi, anaké Zérah saka suku Yéhuda njupuk barang-barang sing kudu dihancurké.+ Kuwi sebabé Yéhuwah nesu banget karo bangsa Israèl.+  Terus, Yosua ngutus wong-wong lanang lunga saka Yérikho menyang Ai+ sing ana ing cedhak Bèt-awèn, ing sisih wétané Bètel.+ Yosua kandha, ”Kowé kudu ngamati kutha Ai lan dhaérah sekitaré.” Mula, wong-wong mau mangkat lan ngamati kutha Ai.  Wektu bali, wong-wong kuwi kandha marang Yosua, ”Ora perlu kabèh prajurit maju perang. Kira-kira rong èwu utawa telung èwu waé wis cukup kanggo ngalahké kutha Ai. Aja nyusahké kabèh prajurit lan ngongkon kabèh mrana merga penduduk ing kana mung sithik.”  Mula, ana kira-kira 3.000 prajurit sing mrana. Ning pas ketemu wong Ai, para prajurit kuwi padha mlayu.+  Ana 36 prajurit Israèl sing dipatèni. Terus, wong Ai ngoyak* lan matèni para prajurit kuwi saka gerbang kutha nganti mudhun ing Syébarim.* Wong Israèl dadi ora kendel manèh.*  Yosua lan para pemimpin* Israèl nyuwèk klambiné lan sujud ing ngarep Pethiné Yéhuwah nganti soré. Wong-wong kuwi terus-terusan nyawurké debu ing sirahé.  Yosua kandha, ”Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, ngapa Njenengan nggawa bangsa iki nyabrang Kali Yordan mung kanggo nyerahké bangsa iki marang wong Amori bèn disingkirké? Mendhing aku lan bangsaku tetep manggon ing sabrangé* Kali Yordan.  Oh Yéhuwah, aku njaluk ngapura. Saiki aku kudu ngomong apa sakwisé Israèl mlayu saka mungsuh-mungsuhé?  Nèk wong Kanaan lan kabèh penduduk ing tanah iki krungu soal kuwi, wong-wong kuwi mesthi bakal ngepung bangsa iki, lan ora ana sing bakal éling jenengé bangsa iki. Terus, piyé Njenengan bakal ngluhurké jeneng-Mu sing agung?”+ 10  Yéhuwah njawab Yosua, ”Ngadega! Ngapa kowé sujud? 11  Israèl wis dosa. Wong-wong kuwi wis nglanggar perjanjian+ sing Tak préntahké bèn ditindakké. Wong-wong kuwi njupuk lan nyolong+ barang sing kudu dihancurké,+ terus ndhelikké kuwi ing antarané barang-barangé.+ 12  Mula, bangsa Israèl ora bakal isa ngalahké mungsuh-mungsuhé. Mungsuh-mungsuhé bakal nggawé wong Israèl mlayu merga wong Israèl kudu dipatèni. Nèk kowé ora matèni wong sing kuduné dipatèni, Aku ora bakal nglindhungi kowé manèh.+ 13  Ngadega lan kandhanana bangsa kuwi bèn siap-siap.+ Ngomonga, ’Saiki kowé kudu siap-siap,* merga Yéhuwah Gusti Allahé Israèl kandha ngéné, ”Hé Israèl, sésuk ing antaramu ana sing kudu dipatèni. Nèk kowé ora matèni wong kuwi, kowé ora bakal isa ngalahké mungsuhmu. 14  Sésuk ésuk, maraa mréné. Kabèh suku kudu mara lan suku sing ditunjuk Yéhuwah+ kudu maju. Terus saka suku kuwi, keluarga sing ditunjuk Yéhuwah kudu maju. Terus saka keluarga kuwi, rumah tangga sing ditunjuk Yéhuwah kudu maju. Saka rumah tangga kuwi, saben wong lanang kudu maju. 15  Nèk ana sing konangan nduwé barang sing kudu dihancurké, wong kuwi kudu diobong.+ Dhèwèké lan kabèh duwèké ya kudu diobong merga dhèwèké wis nglanggar perjanjiané+ Yéhuwah lan wis nggawé Israèl isin.”’” 16  Sésuké, Yosua tangi ésuk banget lan ngundang* bangsa Israèl. Saka kabèh suku, suku Yéhuda sing ditunjuk. 17  Yosua ngongkon kabèh keluarga saka suku Yéhuda maju, lan keluarga Zérah+ sing ditunjuk. Terus, Yosua ngongkon kabèh wong lanang ing keluarga Zérah maju, lan Zabdi sing ditunjuk. 18  Akhiré, Yosua ngongkon kabèh wong lanang ing rumah tanggané Zabdi maju, lan sing ditunjuk yaiku Akhan anaké Karmi, anaké Zabdi, anaké Zérah, saka suku Yéhuda.+ 19  Terus Yosua kandha marang Akhan, ”Anakku, tulung luhurna Yéhuwah Gusti Allahé Israèl lan ngakua marang Gusti Allah. Tulung kandhanana aku apa sing wis mbok lakoni. Aja nganti ana sing mbok tutup-tutupi.” 20  Akhan njawab, ”Pancèn aku sing wis dosa marang Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, lan iki sing wis tak tindakké. 21  Ing antarané barang jarahan, aku ndelok ana klambi sing apik saka Syinar,+ 200 syèkel* pérak, lan siji emas batangan sing aboté 50 syèkel. Aku péngin kuwi kabèh, dadi tak jupuk. Kabèh barang-barang kuwi tak dhelikké ing ngisor lemah ing kémahku lan dhuwité ana ing ngisoré.” 22  Yosua langsung ngutus wong mara ing kémahé Akhan, lan wong-wong kuwi mlayu mrana. Klambi sing apik mau pancèn didhelikké ing kémahé lan dhuwité ana ing ngisoré. 23  Mula, wong-wong kuwi njupuk lan nggawa barang-barang kuwi marang Yosua lan kabèh wong Israèl. Terus, barang-barang kuwi digawa ing ngarepé Yéhuwah. 24  Yosua lan kabèh wong Israèl nggawa Akhan+ anaké Zérah, pérak, klambi sing apik, emas batangan,+ anaké lanang lan wédok, sapiné, keledainé, ternaké, kémahé, lan kabèh duwèké menyang Lembah Akhor.+ 25  Yosua kandha, ”Ngapa kowé nyebabké bangsa iki kena bencana?+ Dina iki, Yéhuwah bakal nyebabké kowé kena bencana.” Terus, kabèh wong Israèl mbandhemi* Akhan+ lan keluargané nganggo watu. Bar kuwi, Akhan lan kabèh duwèké diobong.+ Ya ngono kuwi Akhan lan keluargané dibandhemi* watu nganti mati. 26  Terus, ing ndhuwuré mayaté Akhan, wong Israèl nggawé tumpukan watu gedhé sing isih ana nganti saiki. Yéhuwah dadi ora nesu manèh.+ Kuwi sebabé panggonan kuwi disebut Lembah Akhor* nganti saiki.

Katrangan Tambahan

Utawa ”nguber”.
Artiné ”Tambang-Tambang”.
Lit.: ”Atiné wong Israèl melèlèh lan dadi kaya banyu”.
Utawa ”para sesepuh”.
Maksudé, ing sisih wétan.
Utawa ”kudu suci”.
Utawa ”nyeluk”.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”mbalangi”.
Utawa ”dibalangi”.
Artiné ”Bencana; Pengucilan”.