Yosua 8:1-35

  • Yosua ngatur serangan nglawan kutha Ai (1-13)

  • Kutha Ai direbut (14-29)

  • Hukum diwacakké ing Gunung Ébal (30-35)

8  Terus Yéhuwah kandha marang Yosua, ”Aja wedi.+ Ajaken kabèh prajurit lan mangkata nyerang Ai. Aku wis nyerahké rajané, rakyaté, kuthané, lan tanahé marang kowé.+  Sing mbok tindakké marang kutha Yérikho lan rajané ya kudu mbok tindakké marang kutha Ai lan rajané,+ ning kowé éntuk njarah barang-barang lan ternaké. Siapna pasukan ing mburi kutha kuwi kanggo nyerang.”  Mula, Yosua lan kabèh pasukan mangkat nyerang Ai. Yosua milih 30.000 pejuang sing hébat lan ngongkon wong-wong kuwi mangkat pas bengi.  Yosua mréntahké, ”Kowé kudu ndhelik ing mburi kutha lan nyerang kutha kuwi. Aja adoh-adoh saka kutha kuwi, lan kowé kabèh kudu siap.  Aku lan wong-wong sing bareng karo aku bakal nyedhaki kutha kuwi. Wektu wong-wong ing kutha kuwi metu arep nglawan aku kaya sakdurungé,+ aku bakal mlayu.  Wektu wong-wong kuwi ngoyak,* aku bakal mancing wong-wong kuwi bèn ngedoh saka kutha merga wong-wong kuwi mesthi ngira nèk aku mlayu kaya sakdurungé.+ Kuwi sing bakal tak tindakké.  Terus, kowé kudu metu saka panggonanmu ndhelik lan ngrebut kutha kuwi. Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nyerahké kutha kuwi marang kowé.  Sakwisé mbok rebut, obongen kutha kuwi.+ Tindakna kuwi kaya sing wis dipréntahké Yéhuwah. Kuwi préntahku marang kowé.”  Terus, Yosua ngongkon wong-wong kuwi mangkat. Wong-wong kuwi mangkat menyang panggonané ndhelik, yaiku ing antarané Bètel lan Ai, ing sisih kuloné Ai, ning Yosua nginep karo para prajurit.* 10  Sakwisé Yosua tangi ésuk-ésuk lan ngumpulké pasukané, dhèwèké lan para pemimpin* Israèl mimpin pasukan menyang Ai. 11  Kabèh prajurit+ sing bareng karo Yosua padha baris lan maju nganti tekan ngarep kutha kuwi. Wong-wong kuwi kémah ing loré Ai. Ana lembah ing antarané wong-wong kuwi lan Ai. 12  Yosua wis ngatur kira-kira 5.000 wong lanang sing wis siap nyerang bèn ndhelik+ ing antarané Bètel+ lan Ai, yaiku ing sisih kuloné kutha kuwi. 13  Dadi, pasukan utama kémah ing sisih loré kutha+ lan pasukan penyerang ana ing kuloné kutha.+ Benginé, Yosua lunga menyang tengah-tengahé lembah. 14  Pas ésuk-ésuk banget sakwisé ndelok kuwi, raja Ai lan wong-wong lanang ing kutha Ai cepet-cepet metu kanggo perang nglawan Israèl ing salah siji panggonan ing ngarep padhang gurun. Ning, raja Ai ora ngerti nèk ana pasukan ing mburi kutha sing siap nyerang. 15  Wektu wong Ai nyerang, Yosua lan kabèh prajurit Israèl mlayu menyang arah padhang belantara.+ 16  Terus, wong-wong lanang ing kutha Ai dipréntahké bèn ngoyak* prajurit Israèl. Merga ngoyak* Yosua, wong Ai dadi saya ngedoh saka kutha. 17  Ora ana wong lanang sing isih ana ing Ai lan Bètel. Kabèh padha metu ngoyak* wong Israèl. Kuthané ditinggal tanpa ana sing njaga. 18  Yéhuwah kandha marang Yosua, ”Tombak sing mbok cekel arahna ing Ai+ merga Aku bakal nyerahké kutha kuwi marang kowé.”+ Mula, Yosua ngarahké tombaké ing kutha Ai. 19  Wektu ngerti Yosua ngulurké tangané, pasukan sing ndhelik ing mburi kutha langsung ngadeg, terus mlebu lan ngrebut kutha kuwi. Pasukan mau langsung ngobong kutha kuwi.+ 20  Wektu nolèh mburi, wong Ai ndelok ana asap ing kutha kuwi sing munggah ing langit, lan wong-wong kuwi ora isa mlayu ing endi-endi. Terus, prajurit Israèl sing mlayu menyang arah padhang belantara mbalik nglawan wong Ai sing ngoyak* mau. 21  Wektu ndelok nèk pasukan sing ana ing mburi kutha wis ngrebut kutha kuwi lan ndelok ana asap sing munggah saka kutha kuwi, Yosua lan prajurit Israèl mbalik lan nyerang wong Ai. 22  Prajurit Israèl liyané metu saka kutha arep mèlu nyerang, mula wong Ai kejebak ing tengah-tengahé prajurit Israèl. Terus, prajurit Israèl matèni wong Ai nganti ora ana siji-sijia sing slamet utawa lolos.+ 23  Mung Raja Ai+ sing ora dipatèni. Dhèwèké dicekel lan digawa marang Yosua. 24  Prajurit Israèl matèni kabèh wong Ai sing ana ing padhang belantara, yaiku sing ngoyak* wong Israèl. Sakwisé matèni kabèh wong kuwi nganggo pedhang, prajurit Israèl bali menyang Ai lan matèni kabèh wong sing isih urip ing kutha Ai nganggo pedhang. 25  Wong Ai sing mati ing dina kuwi, lanang lan wédok, jumlahé 12.000. 26  Yosua terus ngarahké tombaké+ nganti kabèh penduduk Ai dipatèni.+ 27  Ning, wong Israèl njarah ternak lan barang-barang ing kutha kuwi kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Yosua.+ 28  Terus, Yosua ngobong kutha Ai. Kutha kuwi tetep dadi reruntuhan+ nganti saiki. 29  Dhèwèké matèni lan nggantung raja Ai ing cagak* nganti soré. Wektu matahariné mèh terbenam, Yosua mréntahké bèn mayaté diedhunké saka cagak.+ Terus, para prajurit nguncalké mayaté raja Ai ing gerbang kutha lan diurug nganggo watu dadi tumpukan gedhé. Tumpukan watu kuwi isih ana nganti saiki. 30  Bar kuwi, Yosua mbangun mézbah kanggo Yéhuwah Gusti Allahé Israèl ing Gunung Ébal,+ 31  kaya préntahé Musa abdiné Yéhuwah kuwi marang bangsa Israèl, lan kaya sing ditulis ing buku Hukum+ Musa, yaiku: ”Nggawéa mézbah saka watu-watu sing wutuh, sing durung tau digarap nganggo alat saka wesi.”+ Wong-wong kuwi mènèhké persembahan bakaran lan korban kerukunan* kanggo Yéhuwah ing ndhuwuré mézbah kuwi.+ 32  Terus, Yosua nulis ing ndhuwuré watu-watu kuwi salinan Hukum+ sing ditulis Musa ing ngarepé bangsa Israèl.+ 33  Kabèh wong Israèl, para pemimpin, para pengawas, lan para hakim ngadeg ing sisih kiwa lan tengené Pethiné Gusti Allah, ing ngarepé para imam Lèwi sing nggawa pethi perjanjiané Yéhuwah. Kabèh wong Israèl lan penduduk asing ana ing kono.+ Setengahé wong Israèl ngadeg ing ngarep Gunung Gérizim lan setengahé manèh ing Gunung Ébal+ (kaya sing mbiyèn dipréntahké Musa abdiné Yéhuwah),+ supaya bangsa Israèl diberkahi. 34  Bar kuwi, Yosua macakké nganggo swara banter kabèh isiné Hukum,+ termasuk berkahé+ lan kutukané,+ sesuai karo sing ditulis ing buku Hukum kuwi. 35  Kabèh préntahé Musa diwacakké Yosua nganggo swara banter marang kabèh jemaat Israèl,+ termasuk wong wédok, bocah-bocah, lan penduduk asing+ sing manggon* ing antarané wong-wong Israèl.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”nguber”.
Utawa ”wong-wong sing bareng dhèwèké”.
Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”wit”.
Lit.: ”mlaku”.