Yosua 9:1-27

  • Wong Gibéon ngejak damai (1-15)

  • Siasaté wong Gibéon konangan (16-21)

  • Wong Gibéon dikongkon ngumpulké kayu lan nimba banyu (22-27)

9  Kabèh raja sing ana ing sisih kuloné Kali Yordan+ krungu apa sing wis kelakon. Kabèh raja kuwi yaiku raja-raja ing dhaérah pegunungan, ing Syéféla, ing pesisir Laut Besar,*+ lan ing ngarepé Lébanon, yaiku wong Hèt, wong Amori, wong Kanaan, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus.+  Wong-wong kuwi sepakat arep nglawan Yosua lan Israèl.+  Penduduk Gibéon+ ya krungu sing wis ditindakké Yosua marang Yérikho+ lan Ai.+  Mula, wong Gibéon nggunakké akalé. Wong-wong kuwi njupuk wadhah anggur* sing wis suwèk lan ditambal lan karung sing wis èlèk sing isiné panganan, terus ndèlèhké kuwi ing keledainé.  Wong-wong kuwi ya nganggo klambi lan sandhal sing wis èlèk lan rusak. Kabèh roti sing digawa wis garing lan remuk.  Terus, wong Gibéon nemoni Yosua ing perkémahan ing Gilgal.+ Wong-wong kuwi kandha marang Yosua lan marang para pemimpin Israèl, ”Aku teka saka panggonan sing adoh. Tulung nggawé perjanjian damai karo aku.”  Ning, para pemimpin Israèl kandha marang wong-wong Hèwi kuwi,+ ”Ngapa aku ndadak nggawé perjanjian karo kowé?+ Aja-aja kowé manggon cedhak kéné.”  Wong-wong kuwi njawab Yosua, ”Aku gelem nglayani njenengan.” Terus Yosua takon, ”Kowé sapa lan saka ngendi asalmu?”  Wong Gibéon njawab, ”Aku teka saka panggonan sing adoh+ merga jenengé Yéhuwah Gusti Allahmu wis terkenal. Aku wis krungu nèk Dhèwèké kuwi hébat banget. Aku ya wis krungu soal kabèh sing wis ditindakké ing Mesir+ 10  lan nèk Dhèwèké wis ngalahké loro rajané wong Amori sing ana ing sabrangé* Kali Yordan, yaiku Raja Sihon+ saka Hésbon lan Raja Og+ saka Basyan sing mréntah ing Astarot. 11  Mula, para pemimpin* lan kabèh penduduk ing tanahku ngongkon aku, ’Kowé kudu nggawa bekal kanggo perjalananmu lan nemoni wong Israèl. Ngomonga, ”Aku gelem nglayani njenengan.+ Saiki, tulung nggawé perjanjian damai karo aku.”’+ 12  Pas aku mangkat saka omah, bekal roti sing tak gawa iki isih panas. Ning saiki deloken, roti iki wis garing lan remuk.+ 13  Wadhah anggur iki ya isih anyar pas tak isèni, ning saiki wis suwèk.+ Klambi lan sandhalku ya wis rusak merga saking adohé perjalananku.” 14  Terus, wong Israèl mriksa* sebagéan panganané wong-wong kuwi, ning ora njaluk tuntunané Yéhuwah.+ 15  Mula, Yosua nggawé perjanjian damai karo wong-wong Gibéon+ lan janji ora bakal matèni wong-wong kuwi. Para pemimpin Israèl ya sumpah marang wong-wong kuwi.+ 16  Telung dina sakwisé nggawé perjanjian kuwi, wong Israèl krungu nèk wong-wong kuwi manggon ing cedhak kono, ing dhaérah sekitaré wong Israèl. 17  Terus, wong Israèl langsung mangkat. Wong Israèl tekan ing kuthané wong-wong kuwi ing dina ketelu. Kutha-kuthané yaiku Gibéon,+ Khéfira, Béèrot, lan Kiriat-yéarim.+ 18  Ning, wong Israèl ora matèni wong-wong kuwi merga para pemimpin Israèl wis sumpah marang wong-wong kuwi demi jenengé Yéhuwah+ Gusti Allahé Israèl. Mula, bangsa Israèl padha protès karo para pemimpin kuwi. 19  Kabèh pemimpin kuwi kandha marang bangsa Israèl, ”Aku wis sumpah demi jenengé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, mula awaké dhéwé ora éntuk matèni wong-wong kuwi. 20  Dadi saiki ngéné waé, wong-wong kuwi ora usah dipatèni bèn Gusti Allah ora nesu karo awaké dhéwé, merga awaké dhéwé wis sumpah marang wong-wong kuwi.”+ 21  Kaya janjiné para pemimpin Israèl marang wong Gibéon, para pemimpin kuwi kandha manèh, ”Wong-wong kuwi aja mbok patèni, ning bèn padha ngumpulké kayu lan nimba banyu kanggo bangsa iki.” 22  Yosua ngundang* wong Gibéon lan kandha, ”Ngapa kowé ngapusi aku lan kandha nèk kowé saka panggonan sing adoh banget padahal kowé mung manggon cedhak kéné?+ 23  Mulai saiki kowé bakal dadi wong-wong sing dikutuk+ lan kowé bakal terus dadi budhak sing ngumpulké kayu lan nimba banyu kanggo omahé Gusti Allahku.” 24  Wong Gibéon njawab, ”Para abdimu iki ngerti tenan nèk Yéhuwah Gusti Allahmu wis mréntahké Musa abdiné kanggo mènèhké tanah iki marang kowé lan matèni kabèh penduduké saka ngarepmu.+ Mula, aku nindakké iki+ merga wedi mbok patèni.+ 25  Saiki terserah njenengan,* tindakna marang aku apa waé sing mbok anggep apik lan bener.” 26  Mula, Yosua nylametké wong-wong kuwi bèn ora dipatèni wong Israèl. 27  Ning ing dina kuwi, Yosua nugasi wong Gibéon ngumpulké kayu lan nimba banyu kanggo bangsa Israèl+ lan kanggo mézbahé Yéhuwah ing panggonan sing wis dipilih Gusti Allah.+ Kuwi tugasé wong Gibéon nganti saiki.+

Katrangan Tambahan

Maksudé, Laut Tengah.
Wadhah sing digawé saka kulit kéwan. Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, ing sisih wétan.
Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”njupuk”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”Aku ana ing tanganmu”.