Yunus 1:1-17

  • Yunus ora manut marang Yéhuwah (1-3)

  • Yéhuwah nyebabké ana badai sing gedhé banget (4-6)

  • Yunus penyebabé bencana kuwi (7-13)

  • Yunus dibuwang ing laut (14-16)

  • Yunus dicaplok iwak sing gedhé banget (17)

1  Yéhuwah kandha marang Yunus*+ anaké Amitai,  ”Lungaa menyang Niniwé,+ kutha sing gedhé kuwi. Umumna nèk kutha kuwi bakal dihancurké, merga Aku wis ndelok nèk wong-wong ing kono jahat banget.”  Ning, Yunus ora manut marang Yéhuwah lan mlayu menyang Tarsyis. Dhèwèké lunga menyang Yopa, lan ing kana ana kapal sing arep mangkat menyang Tarsyis. Mula dhèwèké mbayar ongkosé lan lunga menyang Tarsyis. Dhèwèké ora manut Yéhuwah.  Terus, Yéhuwah nyebabké angin banter ing laut. Mula, ana badai sing gedhé banget nganti kapal kuwi arep kleleb.  Para pelaut dadi wedi banget lan mulai padha mbengok njaluk tulung marang allahé dhéwé-dhéwé. Wong-wong kuwi padha mbuwang barang-barang ing kapal menyang laut bèn kapalé isa luwih ènthèng.+ Ning, Yunus wis mudhun ing bagéan njero kapal. Dhèwèké turu angler banget ing kono.  Kaptèn kapal marani Yunus, terus kandha, ”Kowé ki piyé ta, kok malah turu? Tangia lan njaluka tulung marang Gusti Allahmu. Sapa ngerti Gusti Allah sing bener bakal nulungi bèn awaké dhéwé ora mati.”+  Wong-wong kuwi padha ngomong, ”Ayo awaké dhéwé nguncalké undhi+ bèn ngerti sapa sakjané sing marahi awaké dhéwé ngalami bencana iki.” Mula, wong-wong kuwi nguncalké undhi. Nurut undhi kuwi, Yunus penyebabé.+  Wong-wong kuwi takon marang Yunus, ”Ngomonga, apa bener kowé penyebabé bencana iki? Gawéanmu apa, lan saka ngendi asalmu? Kowé saka bangsa ngendi lan saka suku apa?”  Yunus njawab, ”Aku wong Ibrani. Aku nyembah* Yéhuwah, Gusti Allah sing nguwasani swarga, sing nggawé laut lan daratan.” 10  Wong-wong kuwi dadi saya wedi merga Yunus ngandhani wong-wong kuwi nèk dhèwèké ora manut marang Yéhuwah. Terus wong-wong kuwi takon, ”Ngapa kok kowé ora manut?” 11  Merga badai ing laut kuwi saya medèni, wong-wong kuwi takon marang Yunus, ”Saiki kudu piyé bèn badainé isa mandheg?” 12  Yunus njawab, ”Buwangen aku ing laut. Lauté bakal tenang manèh, merga aku ngerti badai iki ana gara-gara aku.” 13  Ning, para pelaut kuwi isih ngupaya ndhayung kapalé menyang daratan, tapi tetep ora isa merga badainé saya medèni. 14  Terus, wong-wong kuwi ndonga marang Yéhuwah lan kandha, ”Oh Yéhuwah, aja nganti aku mati merga wong iki. Aja nganggep aku salah merga aku matèni wong sing ora salah iki. Iki kabèh sesuai karo karep-Mu, oh Yéhuwah.” 15  Terus, wong-wong kuwi ngangkat lan mbuwang Yunus ing laut. Bar kuwi, lauté dadi tenang. 16  Para pelaut dadi wedi marang* Yéhuwah.+ Terus, wong-wong kuwi mènèhké korban marang Yéhuwah lan janji arep nglayani Dhèwèké. 17  Bar kuwi, Yéhuwah nyebabké ana iwak sing gedhé banget nyaplok Yunus. Yunus ana ing wetengé iwak telung dina telung bengi.+

Katrangan Tambahan

Artiné ”Manuk Dara”.
Lit.: ”wedi marang”.
Deloken Daftar Istilah.