Yunus 2:1-10

  • Yunus ndonga ing njero wetengé iwak (1-9)

  • Yunus dimuntahké ing daratan (10)

2  Ing njero wetengé iwak,+ Yunus ndonga marang Yéhuwah Gusti Allahé.  Yunus kandha, ”Wektu susah, aku ndonga marang Yéhuwah, terus Dhèwèké njawab aku.+ Pas arep mati,* aku njaluk tulung.+ Njenengan ngrungokké swaraku.   Pas Njenengan nguncalké aku ing panggonan sing jero, ing njero laut,Aku langsung kleleb.+ Aku digulung ombak sing gedhé.+   Aku kandha, ’Aku wis diusir saka ngarep-Mu. Piyé aku isa ndelok manèh bait-Mu sing suci?’   Aku kleleb lan arep mati.+ Aku kleleb ing laut sing jero. Sirahku kegubed rumput laut.   Aku kleleb ing dhasar laut.* Bumi wis nutup gerbang-gerbangé lan ndadèkké aku tawanané nganti saklawasé. Ning, njenengan ngetokké aku saka panggonan sing jero kuwi, oh Yéhuwah Gusti Allahku.+   Wektu arep mati, sing tak éling-éling kuwi Yéhuwah.+ Terus, Njenengan ngrungokké aku saka bait-Mu sing suci.+   Wong-wong sing nyembah brahala sing ora ana gunané ninggalké Gusti Allah sing nduduhké katresnan sing langgeng.*   Ning, aku bakal mènèhi korban karo ngucap syukur marang Njenengan. Kabèh janjiku bakal tak tepati.+ Mung Yéhuwah sing isa nylametké.”+ 10  Akhiré, Yéhuwah mréntahké iwak kuwi bèn muntahké Yunus ing daratan, lan kuwi kelakon.

Katrangan Tambahan

Utawa ”Saka njero Kuburan”, utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”dhasar gunung”.
Deloken Daftar Istilah.