Yunus 3:1-10

  • Yunus manut marang Yéhuwah lan mangkat menyang Niniwé (1-4)

  • Wong Niniwé mertobat merga krungu berita sing disampèkké Yunus (5-9)

  • Gusti Allah ora sida ngukum Niniwé (10)

3  Terus, Yéhuwah kandha manèh marang Yunus,+  ”Mangkata menyang Niniwé,+ kutha sing gedhé kuwi, lan umumna berita sing Tak sampèkké marang kowé.”  Yunus manut marang Yéhuwah+ lan mangkat menyang Niniwé.+ Niniwé kuwi kutha sing gedhé banget.* Butuh wektu telung dina kanggo mlaku ngubengi kutha kuwi.  Yunus mlebu ing kutha kuwi, terus mlaku sedina muput karo ngumumké,* ”Patang puluh dina manèh, Niniwé bakal dihancurké.”  Bar krungu kuwi, wong Niniwé dadi nduwé iman marang Gusti Allah.+ Wong-wong kuwi padha mutuské nèk arep pasa lan nganggo kain goni. Kabèh wong padha nindakké kuwi, saka rakyat biasa nganti pejabat.  Wektu krungu berita sing disampèkké Yunus, raja Niniwé ngadeg saka takhtané lan nyopot jubah kerajaané. Terus, dhèwèké nganggo kain goni lan lungguh ing awu.  Sakliyané kuwi, Raja mréntahké bèn pengumuman disampèkké marang kabèh penduduk Niniwé, yaiku: ”Iki keputusané Raja lan pejabaté: Manungsa utawa kéwan, embuh kuwi sapi, kambing, utawa domba, ora ana sing éntuk mangan. Kabèh ora éntuk mangan lan ngombé apa-apa.  Manungsa lan kéwan kudu nganggo kain goni. Kabèh wong kudu tenanan ndonga marang Gusti Allah lan ora nindakké manèh apa sing jahat lan sing kejem.  Sapa ngerti Gusti Allah sing bener bakal ngubah keputusané* lan ora nesu manèh, bèn awaké dhéwé ora mati.” 10  Pas ngerti nèk wong-wong kuwi wis ora nindakké sing jahat lan sing kejem manèh,+ Gusti Allah sing bener ngubah keputusané lan ora sida ngukum wong-wong kuwi.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”gedhé nurut Gusti Allah”.
Utawa mungkin ”bar kuwi dhèwèké ngumumké”.
Utawa ”bakal gela”.