Yunus 4:1-11

  • Yunus nesu lan péngin mati (1-3)

  • Yéhuwah mulang Yunus bèn nduwé rasa mesakké (4-11)

    • ”Apa pantes kowé nesu kaya ngono?” (4)

    • Yéhuwah nggunakké tanduran labu air kanggo mulang Yunus (6-10)

4  Ning, kuwi nggawé Yunus dadi ora seneng lan nesu banget.  Mula, Yunus ndonga marang Yéhuwah, ”Yéhuwah, iki sing tak pikirké mbiyèn sakdurungé aku mangkat. Mula mbiyèn aku mlayu menyang Tarsyis+ merga aku ngerti nèk Njenengan kuwi Gusti Allah sing apikan, gampang mesakké, sabar, lan nduwé katresnan* sing gedhé banget.+ Njenengan ya ora seneng ngukum.  Oh Yéhuwah, patènana aku waé. Mendhing aku mati timbang urip.”+  Yéhuwah takon, ”Apa pantes kowé nesu kaya ngono?”  Terus, Yunus metu saka kutha kuwi lan lungguh ing sisih wétané kutha kuwi. Dhèwèké nggawé gubug, terus lungguh lan ngéyub ing kono karo ndelok kutha kuwi sida dihukum apa ora.+  Bar kuwi, Gusti Allah Yéhuwah nukulké tanduran labu air* ing ndhuwuré Yunus, bèn Yunus isa ngéyub lan ngrasa nyaman. Yunus seneng banget merga tanduran kuwi.  Ning ésuké, pas isih ésuk banget, Gusti Allah sing bener nggunakké uler kanggo ngrusak tanduran labu air kuwi nganti layu.  Pas matahari mulai bersinar, Gusti Allah nyebabké ana angin panas saka wétan. Sirahé Yunus kepanasen merga kena sinar matahari nganti dhèwèké mèh semaput. Yunus terus-terusan njaluk bèn mati waé. Dhèwèké bola-bali kandha, ”Mendhing aku mati waé timbang urip.”+  Gusti Allah nakoni Yunus, ”Apa pantes kowé nesu merga tanduran labu air kuwi?”+ Yunus njawab, ”Ya, aku nesu banget nganti péngin mati rasané.” 10  Ning Yéhuwah kandha, ”Kowé mesakké tanduran labu air kuwi, padahal dudu kowé sing nandur lan nukulké. Tanduran kuwi mung thukul sewengi, terus mati. 11  Kuduné kan aku ya mesakké karo Niniwé kutha sing gedhé kuwi, ta?+ Ing kono ana luwih saka wong 120.000 sing ora ngerti endi sing bener lan sing salah,* durung termasuk kéwan-kéwané sing jumlahé akèh banget.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”wit jarak”.
Lit.: ”ora isa mbédakké tangan kiwa lan tangan tengen”.