Zakharia 1:1-21

  • Yéhuwah ngongkon umaté bèn padha bali (1-6)

    • ’Balia marang Aku lan Aku bakal bali marang kowé’ (3)

  • Wahyu 1: Wong-wong sing numpak jaran ing antarané wit mirtel (7-17)

    • Yéhuwah bakal nguwatké Zion manèh (17)

  • Wahyu 2: Sungu papat lan pengrajin papat (18-21)

1  Ing sasi kewolu taun keloro pamréntahané Darius,+ Yéhuwah kandha marang Nabi Zakharia*+ anaké Bérékhia anaké Ido,  ”Aku, Yéhuwah, nesu banget marang nènèk moyangmu.+  ”Ngomonga marang umat-Ku, ’Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”’Balia marang Aku,’ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan, ’lan Aku bakal bali marang kowé,’+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.”’  ”’Kowé aja padha kaya nènèk moyangmu. Mbiyèn para nabi wis ngandhani wong-wong kuwi, ”Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Aja nindakké sing jahat manèh.’”’+ ”’Ning, wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké lan ora nggatèkké Aku,’+ kandhané Yéhuwah.  ”’Pancèn nènèk moyangmu wis mati lan para nabi mau wis ora ana manèh.  Ning, omongan lan keputusan sing wis Tak sampèkké liwat para abdi-Ku, yaiku para nabi, soal nènèk moyangmu bener-bener kelakon, ta?’+ Mula wong-wong kuwi bali marang Aku lan kandha, ’Yéhuwah pemimpiné pasukan wis nindakké apa sing dikarepké sesuai karo tumindak lan kelakuanku.’”+  Ing dina ke-24 sasi ke-11, yaiku sasi Syébat,* ing taun keloro pamréntahané Darius,+ Nabi Zakharia anaké Bérékhia anaké Ido éntuk wahyu saka Yéhuwah.  Zakharia kandha, ”Bengi kuwi, aku ndelok ana wong lanang numpak jaran abang. Dhèwèké mandheg ing antarané wit-wit mirtèl* sing ana ing lembah. Ing mburiné, ana sing numpak jaran abang, jaran coklat rada abang, lan jaran putih.  Aku takon, ”Sapa wong-wong sing numpak jaran kuwi?” Malaékat sing ngomong karo aku kandha, ”Aku bakal nduduhké marang kowé sapa wong-wong kuwi.” 10  Terus, wong lanang sing ana ing antarané wit-wit mirtèl kuwi kandha, ”Wong-wong kuwi utusané Yéhuwah sing dikongkon njlajahi bumi.” 11  Wong-wong sing numpak jaran kuwi kandha marang malaékaté Yéhuwah sing ana ing antarané wit-wit mirtèl kuwi, ”Aku wis njlajahi bumi, lan bumi kétok tenang lan damai.”+ 12  Mula malaékaté Yéhuwah kuwi kandha, ”Oh Yéhuwah pemimpiné pasukan, nganti kapan Njenengan ora mesakké karo Yérusalèm lan kutha-kutha Yéhuda?+ Wis 70 taun iki Njenengan nesu marang wong-wong kuwi.”+ 13  Bar kuwi, nganggo kata-kata sing ramah lan nentremké ati, Yéhuwah njawab malaékat sing omongan karo aku kuwi. 14  Terus malaékat kuwi kandha marang aku, ”Umumna iki: ’Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Aku nduwé tékad kanggo mbéla Yérusalèm lan Zion.+ 15  Aku nesu banget karo bangsa-bangsa liya sing rumangsa aman kuwi.+ Nesu-Ku marang umat-Ku kuwi mung sedhéla,+ tapi bangsa-bangsa kuwi malah nggawé umat-Ku saya sengsara.”’+ 16  Mula iki kandhané Yéhuwah: ’Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan kandha, ”Aku bakal mesakké manèh karo Yérusalèm.+ Omah-Ku bakal dibangun ing kono,+ lan Yérusalèm bakal diukur bèn isa dibangun manèh.”’+ 17  ”Bar kuwi, umumna iki: ’Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Kutha-kutha-Ku bakal dikebaki manèh karo apa sing apik. Aku, Yéhuwah, bakal nguwatké Zion manèh+ lan milih Yérusalèm manèh.”’”+ 18  Terus, aku ndelok ana sungu papat.+ 19  Mula, aku takon marang malaékat sing omongan karo aku kuwi, ”Kuwi apa?” Dhèwèké njawab, ”Kuwi sungu-sungu sing nggawé Yéhuda,+ Israèl,+ lan Yérusalèm+ dadi mencar.” 20  Terus, Yéhuwah nduduhi aku ana pengrajin papat. 21  Aku takon, ”Wong-wong kuwi teka arep ngapa?” Dhèwèké njawab, ”Para pengrajin kuwi teka arep nggawé bangsa-bangsa dadi wedi lan arep ngancurké sunguné bangsa-bangsa kuwi sing wis nggawé penduduk Yéhuda dadi mencar. Nganggo sungu-sungu kuwi, bangsa-bangsa kuwi wis nyerang Yéhuda lan nggawé penduduké mencar nganti ora ana sing isa nglawan bangsa-bangsa kuwi.”

Katrangan Tambahan

Artiné ”Yéhuwah Wis Ngéling-éling”.
Deloken Lamp. B15
Semak sing godhongé mengkilap. Kembangé wernané putih lan ambuné wangi.