Zakharia 10:1-12

  • Njaluk udan marang Yéhuwah dudu marang déwa (1, 2)

  • Yéhuwah nggawé umaté bersatu (3-12)

    • Pemimpin sing asalé saka wong Yéhuda (3, 4)

10  ”Pas wis wektuné udan musim semi, njaluka udan marang Aku, Yéhuwah. Aku, Yéhuwah, sing nggawé méga sing peteng, sing marahi udan deres. Aku sing nggawé udan kanggo manungsa+Lan mènèhi tanduran ing ladhang kanggo kabèh wong.   Sing diucapké patung déwa keluarga* kuwi ngapusi. Wahyu sing ditampa para tukang ngramal kuwi palsu. Mimpi-mimpi sing dicritakké kuwi ora ana gunané. Upayané kanggo menghibur wong liya kuwi ora ana gunané. Kuwi sebabé wong-wong mlaku mrana-mréné kaya domba sing kesasar,Lan padha sengsara merga ora ana gembala.   Aku nesu banget karo para gembala. Aku bakal ngukum para pemimpin sing seneng nindhes. Aku, Yéhuwah pemimpiné pasukan, wis nggatèkké domba-domba-Ku,+ yaiku wong Yéhuda. Aku nggawé wong Yéhuda dadi kaya jaran perang-Ku sing gagah.   Saka wong Yéhuda bakal ana pemimpin,*Bakal ana penguasa sing mènèhi dhukungan,*Bakal ana busur panahé prajurit lan para pengawas.* Kabèh kuwi asalé saka wong Yéhuda.   Wong-wong kuwi bakal dadi kaya prajurit,Sing ngidak-idak lumpur ing dalan wektu perang. Wong-wong kuwi bakal perang merga Aku, Yéhuwah, ndhukung wong-wong kuwi.+ Para mungsuh sing numpak jaran bakal digawé isin.+   Aku bakal nggawé wong Yéhuda dadi kuwat. Keturunané Yusuf bakal Tak slametké.+ Wong-wong kuwi bakal Tak gawa bali menyang tanahé. Wong-wong kuwi bakal Tak mesakké.+ Keadaané bakal dadi kaya ora tau Tak tinggalké+Merga Aku iki Yéhuwah Gusti Allahé. Dongané wong-wong kuwi bakal Tak jawab.   Wong Éfraim bakal dadi kaya prajurit sing kuwat. Atiné bakal seneng kaya wong sing ngombé anggur.+ Anak-anaké bakal ndelok kuwi lan padha seneng. Atiné bakal seneng merga Aku, Yéhuwah.+   ’Aku bakal singsot kanggo ngundang* wong-wong kuwi bèn ngumpul. Wong-wong kuwi bakal Tak tebus+ lan jumlahé bakal dadi saya akèh. Jumlahé bakal akèh terus.   Kaya benih, wong-wong kuwi bakal Tak sebar ing antarané bangsa-bangsa. Senajan ana ing panggonan sing adoh, wong-wong kuwi bakal kèlingan karo Aku. Karo anak-anaké, wong-wong kuwi bakal dadi semangat manèh terus bali. 10  Aku bakal nggawa bali wong-wong kuwi saka MesirLan nglumpukké wong-wong kuwi saka Asiria.+ Merga panggonané ora cukup kanggo wong-wong kuwi,+Aku ya bakal nggawa wong-wong kuwi menyang tanah Giléad+ lan Lébanon. 11  Pas wong-wong kuwi tekan laut lan ora isa neruské perjalanané, Aku bakal ngliwati laut kuwi lan nyabet ombaké.+ Pas wong-wong kuwi ora isa neruské perjalanané merga Kali Nil, kali kuwi bakal Tak gawé asat. Wong Asiria sing sombong bakal Tak gawé isin. Kekuasaané* Mesir bakal berakhir.+ 12  Aku, Yéhuwah, bakal nggawé wong-wong kuwi dadi kuwat.+ Tumindaké wong-wong kuwi bakal ngluhurké jeneng-Ku,’+ kandhané Yéhuwah.”

Katrangan Tambahan

Lit.: ”térafim”.
Lit.: ”menara pojok”. Kuwi nggambarké wong penting.
Lit.: ”pathok”. Kuwi nggambarké wong sing mènèhi dhukungan.
Utawa ”lan sing mènèhi tugas”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”Tongkaté”.