Zakharia 12:1-14

  • Yéhuwah bakal mbéla Yéhuda lan Yérusalèm (1-9)

    • Yérusalèm kaya ”watu sing abot” (3)

  • Nangisi wong sing ditusuk (10-14)

12  Iki berita saka Gusti Allah: ”Iki omongané Yéhuwah soal Israèl,” kandhané Yéhuwah,Gusti Allah sing nggelar langit,+Sing nggawé pondhasi bumi,+Lan sing mènèhi napas marang manungsa.  ”Aku nggawé Yérusalèm dadi kaya gelas sing kebak anggur sing nggawé bangsa-bangsa ing sekitaré padha mabuk. Yéhuda lan Yérusalèm bakal dikepung.+  Ing dina kuwi, Aku bakal nggawé Yérusalèm dadi kaya watu sing abot kanggo kabèh bangsa. Kabèh sing ngangkat watu kuwi mesthi bakal luka parah.+ Kabèh bangsa ing bumi bakal padha ngumpul nglawan dhèwèké.”+  Yéhuwah kandha, ”Ing dina kuwi, Aku bakal nggawé kabèh jaran dadi panik lan sing numpak dadi édan. Aku bakal terus nggatèkké wong Yéhuda, ning Aku bakal nggawé kabèh jarané bangsa-bangsa dadi wuta.  Para kepala suku Yéhuda bakal padha mbatin, ’Penduduk Yérusalèm kuwi kekuwatanku merga Gusti Allahé yaiku Yéhuwah pemimpiné pasukan.’+  Ing dina kuwi, Aku bakal nggawé para kepala suku Yéhuda dadi kaya api unggun ing tengah-tengah hutan lan dadi kaya obor ing tumpukan biji-bijian.+ Wong-wong kuwi bakal ngobong kabèh bangsa ing sekitaré, ing sisih tengen+ lan kiwané. Penduduk Yérusalèm bakal manggon manèh ing panggonané dhéwé, ing Yérusalèm.+  ”Aku, Yéhuwah, bakal nylametké kémah-kémahé Yéhuda luwih dhisik bèn Yéhuda éntuk kehormatan sing luwih gedhé timbang keturunané Daud lan penduduk Yérusalèm.  Ing dina kuwi, Aku, Yéhuwah, bakal nglindhungi penduduk Yérusalèm.+ Ing dina kuwi, wong-wong sing paling lemah* bakal dadi kuwat kaya Daud, lan keturunané Daud bakal nduwé kuwasa kaya Gusti Allah, kaya malaékaté Yéhuwah sing nuntun umaté.+  Ing dina kuwi, Aku mesthi bakal nyingkirké kabèh bangsa sing nglawan Yérusalèm.+ 10  ”Aku bakal ngesokké kuwasa-Ku marang keturunané Daud lan penduduk Yérusalèm. Kuwi dadi bukti nèk Aku seneng karo wong-wong kuwi lan ngrungokké apa sing dijaluk. Wong-wong kuwi bakal ndelok wong sing wis ditusuk karo wong-wong kuwi dhéwé+ lan bakal nangisi dhèwèké kaya nangisi anak siji-sijiné. Wong-wong kuwi bakal nangis sedhih banget merga dhèwèké, kaya wong sing nangisi anaké sing pertama. 11  Ing dina kuwi, ing Yérusalèm bakal ana tangisan sing banter banget kaya tangisan ing Hadad-rimon ing Dataran Mégido.+ 12  Ing tanah kuwi, bakal ana tangisan. Saben keluarga bakal nangis dhéwé-dhéwé. Ing keluarga keturunané Daud, wong lanang bakal nangis dhéwé lan wong wédok bakal nangis dhéwé. Ing keluarga keturunané Natan ya kaya ngono.+ 13  Keluarga keturunané Lèwi,+ keluarga keturunané Syiméi,+ 14  lan kabèh keluarga sing isih ana ya bakal nangis. Saben keluarga bakal nangis dhéwé-dhéwé. Wong lanang bakal nangis dhéwé lan wong wédok bakal nangis dhéwé.

Katrangan Tambahan

Utawa ”sing kesandhung”.