Zakharia 14:1-21

  • Ibadah sejati bakal menang (1-21)

    • Gunung Zaitun bakal dibelah dadi loro (4)

    • Mung Yéhuwah sing disembah lan jenengé diluhurké (9)

    • Bangsa-bangsa sing nglawan Yérusalèm bakal kena penyakit (12-15)

    • Ngrayakké Perayaan Pondok (16-19)

    • Kabèh panci bakal dadi suci kanggo Yéhuwah (20, 21)

14  ”Dinané Yéhuwah bakal teka, lan barang-barangmu* sing dijarah bakal dibagi-bagi ing ngarepmu.  Aku bakal nglumpukké kabèh bangsa bèn perang nglawan Yérusalèm. Kutha kuwi bakal direbut, omah-omahé bakal dijarah, lan wong-wongé wédok bakal diperkosa. Separo penduduk kutha kuwi bakal ditawan. Ning, sing isih urip ora bakal disingkirké saka kutha kuwi.  ”Aku, Yéhuwah, bakal maju lan perang nglawan bangsa-bangsa kuwi,+ kaya mbiyèn Aku perang nglawan mungsuh-mungsuh-Ku.+  Ing dina kuwi, Aku* bakal ngadeg ing Gunung Zaitun+ sing ana ing wétané Yérusalèm. Terus, Gunung Zaitun kuwi bakal dibelah dadi loro, saka wétan tekan kulon, lan dadi ana lembah sing amba banget. Separo gunung kuwi bakal gèsèr ngalor lan separoné ngidul.  Kowé bakal padha mlayu menyang lembahé gunung-gunung-Ku merga lembah kuwi bakal tekan Azèl. Kowé bakal padha mlayu, kaya wektu kowé mlayu merga ana gempa bumi ing jamané Uzzia raja Yéhuda.+ Aku, Yéhuwah, bakal teka bareng karo kabèh wong suci.+  ”Ing dina kuwi ora bakal ana cahaya sing padhang.+ Kabèh bakal dadi beku.  Dina kuwi bakal dikenal dadi dinané Yéhuwah.+ Wektu kuwi ora bakal ana bédané antarané awan lan bengi. Malah pas bengi ya bakal dadi padhang.  Ing dina kuwi, banyu sing marahi urip+ bakal ngalir saka Yérusalèm.+ Setengahé ngalir menyang laut sisih wétan,*+ lan setengahé ngalir menyang laut sisih kulon.*+ Kuwi bakal kelakon pas musim panas lan musim dingin.  Aku, Yéhuwah, bakal dadi Raja sing nguwasani bumi.+ Ing dina kuwi, mung Aku, Yéhuwah,+ sing bakal disembah, lan mung jeneng-Ku+ sing bakal diluhurké. 10  ”Kabèh wilayah tanah kuwi bakal dadi kaya Araba,+ saka Géba+ tekan Rimon+ ing sisih kidulé Yérusalèm. Yérusalèm bakal diluhurké ing panggonané+ lan bakal dienggoni saka Gerbang Bènyamin+ tekan Gerbang Pertama lan tekan Gerbang Sudut, lan saka Menara Hananèl+ tekan panggonan kanggo meres anggur duwèké raja. 11  Wong-wong bakal manggon ing kono. Yérusalèm ora bakal dikutuk lan dihancurké manèh.+ Wong-wong bakal aman manggon ing Yérusalèm.+ 12  ”Aku, Yéhuwah, bakal nyebabké bangsa-bangsa sing nglawan Yérusalèm kena penyakit.+ Dagingé wong-wong kuwi bakal dadi bosok wektu wong-wong kuwi isih urip. Mripaté wong-wong kuwi bakal dadi bosok ing ronggané, lan ilaté bakal dadi bosok ing cangkemé. 13  ”Ing dina kuwi, Aku, Yéhuwah, bakal nggawé kabèh wong kuwi dadi panik banget. Saben wong bakal nglawan lan nyerang kancané dhéwé.+ 14  Yéhuda ya bakal mèlu perang ing Yérusalèm. Kabèh kekayaan sing jumlahé akèh banget saka bangsa-bangsa ing sekitaré bakal diklumpukké, yaiku emas, pérak, lan pakaian.+ 15  ”Jaran, bagal,* unta, keledai, lan kabèh ternak ing perkémahané mungsuh ya bakal kena penyakit sing padha kaya mau. 16  ”Kabèh wong sing isih urip saka bangsa-bangsa sing nglawan Yérusalèm bakal teka ing Yérusalèm saben taun+ kanggo nyembah Aku, Yéhuwah, yaiku Raja sing dadi pemimpiné pasukan,+ lan kanggo ngrayakké Perayaan Pondok.+ 17  Ning, sapa waé saka antarané bangsa-bangsa ing bumi sing ora gelem teka ing Yérusalèm kanggo nyembah Aku, Yéhuwah, yaiku Raja sing dadi pemimpiné pasukan, wong-wong kuwi ora bakal éntuk udan.+ 18  Nèk penduduk Mesir ora teka lan mlebu ing kutha Yérusalèm, wong-wong kuwi ora bakal éntuk udan. Malah, Aku, Yéhuwah, bakal nggawé wong-wong kuwi kena penyakit, kaya sing Tak tindakké marang bangsa-bangsa sing ora teka kanggo ngrayakké Perayaan Pondok. 19  Kuwi hukuman kanggo Mesir lan kabèh bangsa sing ora teka kanggo ngrayakké Perayaan Pondok. 20  ”Ing dina kuwi, ing loncèng-loncèng sing dipasang ing jaran bakal ana tulisan: ’Yéhuwah kuwi suci.+ Panci-panci+ ing omahé Yéhuwah bakal dadi kaya mangkok-mangkok+ sing ana ing ngarepé mézbah. 21  Kabèh panci ing Yérusalèm lan ing Yéhuda bakal dadi suci lan bakal dadi duwèké Yéhuwah pemimpiné pasukan. Kabèh wong sing arep mènèhké korban bakal teka lan nggunakké panci-panci kuwi kanggo nggodhog daging. Ing dina kuwi, wong Kanaan ora bakal ana manèh ing omahé Yéhuwah pemimpiné pasukan.”+

Katrangan Tambahan

Maksudé, barang-barang saka kutha sing disebutké ing ay. 2.
Lit.: ”sikil-Ku”.
Maksudé, Laut Tengah.
Maksudé, Laut Mati.
Deloken ctn. ing 2Sam 13:29.