Zakharia 2:1-13

  • Wahyu 3: Wong lanang sing nyekel tali kanggo ngukur (1-13)

    • Yérusalèm bakal diukur (2)

    • Yéhuwah bakal dadi kaya ”témbok geni ing sak ubengé” (5)

    • Nglarani mripat-Ku (8)

    • Akèh bangsa bakal nglayani Yéhuwah (11)

2  Terus aku ndelok ana wong lanang sing nyekel tali kanggo ngukur.+  Mula aku takon, ”Kowé arep menyang endi?” Dhèwèké njawab, ”Aku arep ngukur Yérusalèm bèn ngerti pira ambané lan pira dawané.”+  Terus, malaékat sing ngomong karo aku mau lunga, lan ana malaékat liyané sing nemoni dhèwèké.  Malaékat liyané kuwi kandha marang malaékat sing ditemoni kuwi, ”Mlayua lan kandhanana cah lanang kuwi, ’”Yérusalèm bakal dadi kaya kutha sing tanpa témbok, merga penduduk+ lan ternaké bakal dadi akèh.+  Aku bakal dadi kaya témbok geni ing sak ubengé,+ lan kemuliaan-Ku bakal ana ing Yérusalèm,”+ kandhané Yéhuwah.’”  ”Cepet! Cepet ndang mlayua saka tanah lor,”+ kandhané Yéhuwah. ”Sebab Aku wis nggawé kowé mencar ing endi-endi,”*+ kandhané Yéhuwah.  ”Hé wong-wong Zion sing manggon ing Babilon, mlayua saka kono!+  Sakwisé Yéhuwah pemimpiné pasukan diluhurké, Dhèwèké ngutus aku marang bangsa-bangsa sing njarah kowé,+ lan Dhèwèké ngomong ngéné, ’Sapa waé sing nglarani kowé berarti nglarani mripat-Ku.+  Saiki, Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dijarah karo budhaké.’+ Kowé bakal ngerti tenan nèk aku iki diutus karo Yéhuwah pemimpiné pasukan. 10  ”Hé Zion, sorak-soraka+ merga Aku bakal teka,+ lan Aku bakal manggon bareng karo kowé,”+ kandhané Yéhuwah. 11  ”Ing dina kuwi, akèh bangsa bakal nglayani Aku, Yéhuwah.+ Bangsa-bangsa kuwi bakal dadi umat-Ku, lan Aku bakal manggon bareng karo kowé.” Kowé ya bakal ngerti nèk sing ngutus aku marang kowé yaiku Yéhuwah pemimpiné pasukan. 12  Yéhuwah bakal nggawé Yéhuda dadi duwèké ing tanah sing suci, lan Dhèwèké bakal milih Yérusalèm manèh.+ 13  Hé kabèh manungsa, padha menenga ing ngarepé Yéhuwah merga Dhèwèké lagi teka saka panggonané sing suci kanggo nindakké apa sing dikarepké.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”ing patang arah angin saka langit”.