Zakharia 3:1-10

  • Wahyu 4: Klambiné imam agung diganti (1-10)

    • Sétan nglawan Imam Agung Yosua (1)

    • ”Aku bakal ngutus abdi-Ku sing jenengé Tunas” (8)

3  Terus, Gusti Allah nduduhi aku Imam Agung Yosua.+ Yosua ngadeg ing ngarepé malaékaté Yéhuwah, lan Sétan+ ngadeg ing sisih tengené Yosua kanggo nglawan dhèwèké.  Bar kuwi, malaékaté Yéhuwah kandha marang Sétan, ”Hé Sétan,+ muga-muga Yéhuwah nyenèni kowé! Muga-muga Yéhuwah sing wis milih Yérusalèm nyenèni kowé.+ Yosua iki kan kaya kayu sing ditarik saka geni, ta?”  Yosua ngadeg ing ngarepé malaékat kuwi nganggo klambi sing reged.  Malaékat kuwi kandha marang sing liyané,* ”Copoten klambiné sing reged kuwi.” Terus malaékat kuwi kandha marang Yosua, ”Kesalahanmu wis tak singkirké. Kowé bakal nganggo klambi sing apik.”+  Mula aku kandha, ”Pasangen serban sing resik ing sirahe.”+ Terus sirahé dipasangi serban sing resik, lan dhèwèké diklambèni. Malaékaté Yéhuwah ngadeg ing cedhaké.  Bar kuwi, malaékaté Yéhuwah kandha marang Yosua,  ”Iki kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan: ’Nèk kowé manut préntah-Ku lan nindakké kewajibanmu sing Tak wènèhké marang kowé, kowé bakal ngadili umat-Ku+ lan ngurus omah-Ku. Kowé ya bakal éntuk ngadhep Aku kaya sapa waé* sing ngadeg ing kéné.’  ”’Padha rungokna, hé Imam Agung Yosua lan para imam sing lungguh ing ngarepmu. Kowé kabèh dadi tandha soal apa sing bakal kelakon sukmbèn. Aku bakal ngutus abdi-Ku+ sing jenengé Tunas.+  Deloken watu sing Tak dèlèhké ing ngarepé Yosua. Ing watu kuwi ana mripat pitu. Watu kuwi bakal Tak ukir nganggo tulisan. Ing wektu sedina, Aku bakal nyingkirké kesalahané tanah kuwi,’+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan. 10  ”Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Ing dina kuwi, kowé bakal padha ngundang kancamu dhéwé-dhéwé bèn lungguh ing ngisoré wit anggur lan wit aramu.’”+

Katrangan Tambahan

Mungkin maksudé malaékat-malaékat liyané.
Mungkin iki maksudé malaékat-malaékat liyané.