Zakharia 4:1-14

  • Wahyu 5: Wadhah lampu lan wit zaitun loro (1-14)

    • ’Dudu nganggo kekuwatané manungsa, ning nganggo kuwasa-Ku’ (6)

    • Aja ngrèmèhké permulaan sing kétoké sepélé (10)

4  Malaékat sing ngomong karo aku mau teka manèh lan nangèkké aku, kaya nangèkké wong turu.  Terus dhèwèké kandha, ”Kowé ndelok apa?” Aku njawab, ”Aku ndelok ana wadhah lampu sing digawé saka emas,+ lan ing ndhuwuré ana mangkok siji. Ing bagéan ndhuwur wadhah lampu kuwi ana lampuné pitu.+ Ing saben lampu kuwi, ana pipa sing dihubungké karo mangkok kuwi.  Ing sampingé wadhah lampu kuwi ana wit zaitun loro,+ siji ing sisih tengen lan siji ing sisih kiwa.”  Terus, aku takon karo malaékat sing ngomong karo aku mau, ”Kabèh kuwi maksudé apa?”  Malaékat kuwi takon, ”Apa kowé ora ngerti?” Aku njawab, ”Aku ora ngerti.”  Terus dhèwèké kandha, ”Iki kandhané Yéhuwah marang Zérubabèl: ’Aku, Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Kabèh iki bakal kelakon dudu nganggo kekuwatan militèr utawa kekuwatané manungsa,+ ning nganggo kuwasa-Ku.”+  Senajan ana rintangan sing gedhé banget kaya gunung ing ngarepé Zérubabèl,+ kuwi bakal dadi rata karo lemah.+ Dhèwèké bakal nggawa metu watu sing dipasang ing bagéan bait paling ndhuwur, lan wong-wong bakal padha kandha, ”Apik tenan. Apik tenan watu kuwi.”’”  Yéhuwah kandha manèh marang aku,  ”Zérubabèl wis masang pondhasi bait* iki,+ lan dhèwèké ya bakal ngrampungké.”+ Kowé bakal ngerti nèk sing ngutus aku marang kowé yaiku Yéhuwah pemimpiné pasukan. 10  ”Aja ngrèmèhké permulaan sing kétoké sepélé,+ sebab wong-wong bakal seneng lan ndelok Zérubabèl nyekel unting-unting.* Lampu* pitu mau, yaiku mripaté Yéhuwah sing njlajahi bumi, ya bakal ndelok kuwi.”+ 11  Terus aku takon karo dhèwèké, ”Wit zaitun loro sing ana ing kiwa tengené wadhah lampu kuwi maksudé apa?”+ 12  Aku ya takon, ”Cabang-cabang saka wit zaitun loro sing ngetokké minyak emas liwat tabung emas loro kuwi maksudé apa?” 13  Malaékat kuwi takon, ”Apa kowé ora ngerti?” Aku njawab, ”Aku ora ngerti.” 14  Dhèwèké kandha, ”Kuwi nggambarké wong loro sing dilantik sing ngadeg ing sampingé Gusti sing nguwasani bumi.”+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”omah”.
Alat iki bentuké tali sing ana bandhulé lan digunakké kanggo nentokké témboké wis lurus apa durung.
Utawa mungkin ”Mripat”.