Zakharia 5:1-11

  • Wahyu 6: Gulungan sing mabur (1-4)

  • Wahyu 7: Wadhah éfa (5-11)

    • Wong wédok ing njeroné jenengé Kejahatan (8)

    • Wadhah kuwi digawa menyang Syinar (9-11)

5  Terus aku ndelok ana gulungan sing mabur.  Malaékat kuwi takon karo aku, ”Kowé ndelok apa?” Aku njawab, ”Ana gulungan sing mabur, dawané 20 hasta* lan ambané 10 hasta.”  Terus dhèwèké kandha, ”Kuwi maksudé kutukan sing bakal dialami wong-wong ing bumi. Sisih ngarep saka gulungan kuwi isiné kutukan marang wong sing seneng nyolong,+ lan sisih mburiné isiné kutukan marang wong sing nggawé sumpah palsu.+ Saksuwéné iki wong sing seneng nyolong lan sing nggawé sumpah palsu ora dihukum.  Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Aku wis ngirim kutukan kuwi, lan kuwi bakal mlebu ing omahé wong sing seneng nyolong lan ing omahé wong sing nggawé sumpah palsu nganggo jeneng-Ku. Kutukan kuwi bakal tetep ana ing omah kuwi lan ngancurké omah kuwi, termasuk kayu lan watuné.’”  Terus, malaékat sing ngomong karo aku mau marani aku lan kandha, ”Deloken. Ana sing metu manèh.”  Mula aku takon, ”Apa kuwi?” Dhèwèké njawab, ”Kuwi wadhah éfa.”* Terus dhèwèké kandha, ”Kuwi nggambarké wong-wong jahat sing manggon ing bumi.”  Aku ndelok tutupé wadhah kuwi bunder lan digawé saka timah hitam. Tutupè wadhah kuwi dibukak, lan ing njeroné wadhah kuwi ana wong wédok sing lagi lungguh.  Malaékat kuwi kandha, ”Wong wédok kuwi jenengé Kejahatan.” Terus, malaékat kuwi mblesekké manèh wong wédok kuwi ing njeroné wadhah mau, lan wadhah mau ditutup nganggo tutup saka timah hitam mau.  Bar kuwi, aku ndelok ana wong wédok loro sing mabur cepet banget nyedhaki aku. Sayapé wong wédok loro kuwi kaya sayapé manuk bangau. Wong wédok loro kuwi ngangkat wadhah kuwi menyang langit. 10  Mula, aku takon karo malaékat sing ngomong karo aku mau, ”Wadhah kuwi arep digawa menyang endi?” 11  Dhèwèké njawab, ”Menyang tanah Syinar.*+ Ing kono, wong wédok kuwi bakal digawèkké omah. Nèk omahé wis siap, dhèwèké bakal dipanggonké ing kono, ing panggonan sing cocog kanggo dhèwèké.”

Katrangan Tambahan

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”éfa”. Maksudé, wadhah utawa kranjang kanggo naker éfa. 1 éfa = 22 L. Deloken Lamp. B14.
Maksudé, Babilonia.