Zakharia 7:1-14

  • Yéhuwah ora seneng pasa sing ora tulus (1-14)

    • ”Apa kowé bener-bener pasa kanggo Aku?” (5)

    • ’Kowé kudu adil. Duduhna katresnan lan rasa mesakké’ (9)

7  Ing dina kepapat sasi kesanga, yaiku sasi Khislew,* taun kepapat pamréntahané Raja Darius, Zakharia+ éntuk berita saka Yéhuwah.  Wong-wong Bètel ngutus Syarèzèr lan Règèm-mèlèkh karo wong-wongé bèn njaluk Yéhuwah nduduhké rasa mesakké.  Wong-wong kuwi takon marang para imam ing baité Yéhuwah pemimpiné pasukan lan marang para nabi, ”Apa aku kudu nangis lan pasa ing sasi kelima,+ kaya sing wis tak tindakké pirang-pirang taun?”  Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha marang aku,  ”Omonga marang kabèh rakyat tanah kuwi lan marang para imam, ’Pas kowé pasa lan nangis banter banget saben sasi kelima lan sasi kepitu+ saksuwéné 70 taun iki,+ apa kowé bener-bener pasa kanggo Aku?  Pas kowé mangan lan ngombé, kuwi kan mung kanggo nyenengké awakmu dhéwé, ta?  Kowé kan kuduné manut karo omongané Yéhuwah sing disampèkké liwat para nabiné mbiyèn, ta?+ Wektu kuwi Yérusalèm lan kutha-kutha ing sekitaré isih dienggoni lan keadaané damai. Nègèb lan Syéféla ya isih dienggoni.’”  Yéhuwah kandha manèh marang Zakharia,  ”Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan kandha, ’Kowé kudu adil wektu ngadili.+ Duduhna katresnan*+ lan rasa mesakké marang wong liya. 10  Aja ngapusi randha, anak yatim,*+ wong asing,+ utawa wong mlarat.+ Aja nggawé rencana jahat marang wong liya.’+ 11  Ning, wong-wong kuwi tetep ora gelem nggatèkké.+ Wong-wong kuwi ya ndableg+ lan ora gelem ngrungokké.*+ 12  Wong-wong kuwi ndableg*+ lan ora gelem manut karo hukum lan omongané Yéhuwah pemimpiné pasukan sing disampèkké nganggo kuwasané liwat para nabiné mbiyèn.+ Mula Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan dadi nesu banget.”+ 13  ”’Wektu Aku* ngomong, wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké.+ Mula, Aku ya ora gelem ngrungokké wektu wong-wong kuwi njaluk tulung marang Aku,’+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan. 14  ’Nganggo angin badai, Aku nggawé wong-wong kuwi mencar ing bangsa-bangsa sing ora dikenal.+ Tanah kuwi ditinggalké lan dadi telantar. Ora ana sing liwat kono+ merga wong-wong kuwi wis nggawé tanah sing apik kuwi dadi panggonan sing medèni.’”

Katrangan Tambahan

Deloken Lamp. B15.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”yatim piatu”.
Utawa ”lan nutup kupingé bèn ora krungu”.
Utawa ”nggawé atiné atos kaya intan”.
Lit.: ”Dhèwèké”.