Zakharia 9:1-17

  • Gusti Allah ngukum bangsa-bangsa liya (1-8)

  • Rajané Zion teka (9, 10)

    • Raja sing rendah hati numpak keledai (9)

  • Umaté Yéhuwah bakal dibébaské (11-17)

9  Iki berita saka Gusti Allah: ”Aku, Yéhuwah, arep ngukum tanah Hadrakh, khususé Damaskus,+Sebab Aku, Yéhuwah, nggatèkké manungsa+Lan kabèh suku Israèl.   Dhèwèké ya bakal ngukum Hamat,+ yaiku tanah sing ana ing cedhaké. Tirus+ lan Sidon+ ya bakal dihukum senajan wicaksana banget.+   Tirus mbangun témbok* kanggo perlindungan. Dhèwèké nglumpukké pérak sing akèhé kaya debuLan emas sing akèhé kaya lumpur ing dalan.+   Aku, Yéhuwah, bakal ngrampas duwèké,Nglelebké pasukané ing laut,+Lan dhèwèké bakal kobong.+   Askélon bakal ndelok kuwi lan dadi wedi. Gaza bakal ngrasa susah banget. Ékron ya bakal kaya ngono merga harapané wis ora ana manèh. Raja ing Gaza bakal dipatèni,Lan Askélon ora bakal dienggoni.+   Penduduk asing bakal manggon ing Asdod,Lan sing diunggul-unggulké wong Filistin bakal Tak hancurké.+   Aku bakal njupuk daging sing isih ana getihé saka cangkemé wong FilistinLan panganan sing njijiki sing ana ing untuné. Wong-wong Filistin sing isih urip bakal dadi duwèké Gusti Allah,Lan wong-wong kuwi bakal dadi kaya kepala suku ing Yéhuda.+ Ékron dadi kaya wong Yébus.+   Aku bakal kémah ing ngarepé omah-Ku kanggo njaga omah-Ku,+Bèn ora ana sing isa mlebu metu. Wong sing nindhes ora bakal liwat kono manèh+Merga Aku wis ndelok dhéwé keadaané.*   Hé penduduk Zion, padha seneng-senenga. Hé penduduk Yérusalèm, padha sorak-soraka merga wis menang. Deloken! Rajamu teka marani kowé.+ Dhèwèké adil lan bakal nylametké kowé. Dhèwèké rendah hati+ lan numpak keledai,Keledai enom,* anaké keledai wédok.+ 10  Aku bakal nyingkirké kréta perang saka ÉfraimLan jaran saka Yérusalèm. Busur perang bakal disingkirké. Lan Rajamu bakal ngumumké perdamaian marang bangsa-bangsa.+ Dhèwèké bakal mréntah saka laut tekan laut liyané,Saka Kali Éfrat tekan ujung-ujung bumi.+ 11  Hé Zion, merga Aku wis nggawé perjanjian karo kowé sing disahké nganggo getih,Aku bakal mbébaské wong-wongmu sing dipenjara ing sumur sing garing.+ 12  Hé para tahanan sing nduwé harapan,+ padha balia ing bèntèng. Dina iki Aku kandha marang kowé,’Hé Zion, Aku bakal mberkahi kowé tikel loro.+ 13  Aku bakal nggawé Yéhuda dadi kaya busur-Ku. Éfraim bakal Tak dadèkké kaya anak panahé. Hé Zion, pendudukmu bakal Tak kongkon siap-siapBèn isa nglawan wong Yunani,Lan Aku bakal ndadèkké kowé kaya pedhangé prajurit.’ 14  Aku, Yéhuwah, bakal nduduhké nèk Aku ndhukung umat-Ku,Lan anak panah-Ku bakal mlesat kaya kilat. Aku, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, bakal nyebul trompèt,*+Lan kaya badai saka kidul, Aku bakal maju perang. 15  Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan bakal mbéla umat-Ku. Mungsuh-mungsuh bakal nyerang umat-Ku nganggo watu-watu kanggo mbandhil,* ning umat-Ku bakal ngalahké mungsuh-mungsuhé.+ Umat-Ku bakal ngombé lan sorak-sorak, kaya pas lagi ngombé anggur. Umat-Ku bakal kaya mangkok sing kebak anggur,Kaya getih sing diesokké ing pojoké mézbah.+ 16  Ing dina kuwi, Aku, Yéhuwah, Gusti Allahé umat-Ku bakal nylametké umat-Ku,Kaya Gembala sing nylametké dombané.+ Umat-Ku bakal berkilau ing tanah-Ku kaya permata sing ana ing mahkota.+ 17  Aku iki apikan banget,+Aku iki luhur banget. Panganan lan anggur anyar+Bakal nggawé cah lanang lan wédok dadi kuwat.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”bèntèng”.
Mungkin maksudé kesengsaraané umaté.
Utawa ”Keledai lanang”.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Deloken ”Bandhil” ing Daftar Istilah.