Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kanggo Wong Tuwa

Kanggo Wong Tuwa

Kanggo Wong Tuwa

Hadiah sing paling aji apa sing isa panjenengan wènèhké kanggo bocah-bocah? Ana akèh banget sing dibutuhké bocah-bocah, kuwi klebu katresnan, tuntunan lan pangayoman. Pangertèn bab Yéhuwah, lan wulangan sing bener saka Alkitab kuwi hadiah sing paling aji. (Yokanan 17:3) Pangertèn kuwi isa nggawé bocah-bocah saya nresnani Yéhuwah lan ngabdi marang Yéhuwah saktulusé ati, senajan isih cilik.​—Matéus 21:16.

Akèh wong tuwa ngerti nèk bocah-bocah luwih seneng wacan sing cendhak, lan ana bagéan sing isa ditindakké bebarengan. Pengurus Pusat seneng nyedhiakké buku Aku Sinau Alkitab. Saben wulangan dirembug nganggo cara sing gampang. Gambar lan tembung-tembung ing buku iki disiapké kanggo bocah-bocah sing umuré durung nganti telung taun. Ana uga bagéan sing isa ditindakké bebarengan karo bocah-bocah. Buku Aku Sinau Alkitab ora dinggo dolanan, ning iki digawé bèn isa diwaca bebarengan.

Buku iki bakal mbantu panjenengan mulang Alkitab kanggo bocah-bocah ”wiwit cilik”.​—2 Timotéus 3:14, 15.

Sedulurmu,

Pengurus Pusat Seksi-Seksi Yéhuwah

[Gambar ing kaca 3]