Langsung mlebu

Surat saka Pengurus Pusat​—⁠2017

Surat saka Pengurus Pusat​—⁠2017

Para sedulur sing tak tresnani,

Ing abad kapitu SM, nabi Yéheskièl weruh kréta perangé Yéhuwah sing gedhé banget, sing diatur Allah Yéhuwah dhéwé. Sing paling nggumunké saka kréta kuwi yaiku mlakuné sing cepet banget, lan ora dadi alon utawa mbalik arah, senajan arahé malih.​—Yk. 1:4, 9, 12, 14, 16-27.

Sing didelok Yéheskièl kuwi ngélingké awaké dhéwé nèk pakumpulané Yéhuwah sing ana ing swarga terus maju. Piyé pakumpulané sing ana ing bumi? Taun wingi, ana laporan saka para sedulur sing nduduhké nèk Yéhuwah ndhukung umaté ing bumi bèn cepet majuné.

Ing Amerika Serikat, para anggota Bètel sibuk pindhahan saka Brooklyn menyang kantor pusat sing anyar ing Warwick, New York, lan menyang bangunan Bètel liyané. Ana uga sing ditugasi nginjil ing panggonan liya. Para anggota Bètel ing negara liya sibuk mbangun lan ndandani bangunané kantor cabang, uga nggabung lan mindhah kantor cabang. Nèk panjenengan piyé? Senajan ora pindhah menyang panggonan liya, mesthiné panjenengan terus sibuk nginjil, ta?

Pengurus Pusat seneng banget lan dikuwatké merga weruh abdiné Gusti Allah sakdonya sibuk manut arahané pakumpulan sing saya maju. Akèh sing gelem pindhah ing panggonan sing mbutuhké. Ana sing lila nginjil nganggo basa liya. Ana uga sing nginjil nganggo cara anyar lan durung tau digunakké. Para penginjil liya uga nggunakké cara werna-werna bèn nginjilé luwih apik. Wong-wong Kristen sing setya, klebu sing lansia lan ringkih, ngupaya tetep setya ngabdi marang Yéhuwah. Para sedulur kuwi mbuktèkké nèk Sétan tukang ngapusi.​—1 Kr. 9:24.

Panjenengan isa percaya nèk Yéhuwah nggatèkké semangat panjenengan. (Ib. 6:10) Sing panjenengan tindakké kuwi kaya pangurbanané Abraham lan Sara. Wektu kira-kira umur 70 taun, Abraham lan keluargané pindhah saka kutha Ur ing dhaérah Kaldhéa menyang negara sing adoh yaiku Kanaan. Ing kana, Abraham urip ing kémah nganti atusan taun. Pangurbanané wong loro kuwi pancèn luar biasa.​—Pd. 11:31; PR. 7:2, 3.

Apa panjenengan nduwé semangat sing padha? Nèk terus setya senajan ngadhepi kahanan sing angèl, kuwi tegesé panjenengan mbuktèkké nèk manut préntahé Yésus, ’Mulané padha lungaa, sakabèhing bangsa padha dadèkna siswaKu, lan padha baptisen ing asmané Sang Rama, Sang Putra lan roh suci.’​—Mt. 28:19.

Yésus nggunakké tembung ”lungaa”. Kuwi artiné kudu tumindak, ora meneng waé. Nyenengké banget merga ngerti nèk kuwi wis ditindakké para muridé Yésus sing setya ing jaman saiki. Awaké dhéwé uga isa ngrasakké nèk Yéhuwah mberkahi gawéan nginjil marang sakabèhing bangsa.​—Mk. 13:10.

Akèh wong gelem nampa kabar apik. Jumlah penginjil taun wingi 8.340.847, lan ana rata-rata 10.115.264 sing sinau Alkitab saben sasiné. Cetha nèk krétané Yéhuwah terus maju. Semono uga panjenengan. Terusa semangat nginjil merga ora suwé manèh Armagédhon teka.

Kuwi cocog karo ayat taunan 2017 yaiku ”Kumandela marang Pangéran Yéhuwah lan nindakna kabecikan”. (Ms. 37:3) Nèk manut ayat kuwi lan nindakké kabecikan yaiku ngabdi marang Yéhuwah, kuwi tegesé panjenengan percaya marang Yéhuwah. Panjenengan ora dhèwèkan. Yésus janji, ”Lah, Aku tansah nunggal karo kowé, nganti tumeka ing wekasaning jaman.”​—Mt. 28:20.

Panjenengan isa percaya nèk Yéhuwah bakal terus mberkahi upaya panjenengan, ora masalah sepira gedhéné upaya kuwi. Yéhuwah nggatèkké upaya sing tenanan lan niat sing bener kanggo ngabdi. Kuwi nyenengké atiné Yéhuwah. (2 Kr. 9:6, 7) Dadi, terusa nyedhak marang Yéhuwah nganggo cara ndonga, sinau Alkitab, teka ing pakumpulan ibadah, lan sregep nginjil.

Merga wektuné Iblis ”mung kari sathithik”, dhèwèké nggunakké cara apa waé bèn awaké dhéwé ora setya manèh marang Yéhuwah. (Wy. 12:12) Nèk terus cedhak marang Yéhuwah, Iblis ora bakal isa ngrusak hubungan panjenengan karo Yéhuwah. (Ms. 16:8) Pengurus Pusat nresnani lan ngajèni upaya panjenengan kanggo ndhukung gawéan nginjil ing jaman saiki.

Sedulur-sedulurmu,

Pengurus Pusat Seksi-Seksi Yéhuwah