Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Katrangan kanggo sing Teka

Katrangan kanggo sing Teka

RAPAT KUSUS

SEKOLAH KANGGO PENGINJILÉ KRATONÉ ALLAH Perintis umur 23 nganti 65 taun sing péngin digunakké luwih akèh ing gawéan nginjil isa teka ing rapat kanggo sing nglamar Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah ing dina Minggu awan. Bakal ana pengumuman bab panggonan lan wektuné.

KATRANGAN KANGGO SING TEKA

PETUGAS TATA TERTIB Petugas tata tertib ditugasi kanggo ngréwangi panjenengan. Manuta arahané bab parkir, mlebu metu saka panggonan kebaktian, nyisihké kursi, lan liya-liyané.

ACARA BAPTISAN Nèk ora ana owah-owahan, kursi kanggo sing arep dibaptis disedhiyakké nèng ngarep panggung. Sing arep baptis kudu lungguh nèng kono sakdurungé ceramah baptisan dina Setu ésuk. Aja lali nggawa andhuk lan klambi ganti sing pantes.

SUMBANGAN Akèh ragad sing dibutuhké kanggo nyéwa kursi, tata suara, piranti video, lan kebutuhan liyané bèn acara kebaktian iki dadi nyenengké lan nggawé awaké dhéwé saya cedhak karo Yéhuwah. Sumbangan saka lilané ati panjenengan dibutuhké kanggo ngragadi kuwi lan ndhukung gawéan nginjil sakdonya. Supaya gampang, ana kothak-kothak sumbangan sing didèlèhké nèng akèh panggonan ing kebaktian iki. Pira waé sumbangané panjenengan mesthi diajèni. Pengurus Pusat maturnuwun merga panjenengan gelem ndhukung gawéan Kratoné Allah.

P3K Kudu diéling-éling bagéan iki mung kanggo KAHANAN SING DARURAT

BARANG SING ILANG LAN DITEMOKKÉ Kabèh barang sing ilang lan ditemokké isa digawa nèng Bagéan Barang sing Ilang lan Ditemokké. Nèk panjenengan kélangan barang, maraa nèng bagéan iki lan sebutna barang apa sing ilang. Bocah-bocah sing ilang lan kesasar isa digawa nèng bagéan iki. Ning, bagéan iki dudu kanggo nitipké bocah-bocah. Wong tuwa kudu terus ngawasi lan njaga anak-anaké.

LUNGGUHAN Nduwéa tepa slira karo sedulur liyané. Kursi mung olèh disisihké kanggo sing sak kendaraan, sak omah, utawa kanggo sing sinau Alkitab karo panjenengan. Tulung aja ndèlèh barang-barang nèng kursi sing ora panjenengan lungguhi.

BAGÉAN SING NYEDHIYAKKÉ TENAGA Nèk panjenengan péngin ngréwangi gawéan sing ana kaitané karo acara kebaktian, kandhanana Bagéan Katrangan lan Bagéan sing Nyedhiyakké Tenaga.

Dianakké déning Pengurus Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah