Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 14

Ibadah sing Sesuai karo Karepé Gusti Allah

Ibadah sing Sesuai karo Karepé Gusti Allah

Ing pelajaran 13 wis dirembug nèk ora kabèh agama sesuai karo sing dikarepké Gusti Allah, tapi sakjané ana agama sing sesuai karo karepé Gusti Allah. ”Ibadah [utawa, agama]” apa? (Yakobus 1:​27) Ing Alkitab ana keterangan soal kuwi.

1. Ajaran agama sing bener kudu sesuai karo apa?

Ajaran agama sing bener kudu sesuai karo Alkitab. Yésus ngomong karo Gusti Allah, ”Omongan-Mu kuwi sing bener.” (Yohanes 17:17) Ana pemimpin agama sing ngajarké tradhisi lan ajarané manungsa, dudu isiné Alkitab. Yéhuwah ora seneng karo wong sing ”ora nglakoni préntahé”. (Wacanen Markus 7:9.) Tapi, Yéhuwah seneng nèk ajaran agamané awaké dhéwé sesuai karo isiné Alkitab.

2. Ngapa kok mung Yéhuwah sing kudu disembah?

Mung Yéhuwah thok sing kudu disembah soalé Dhèwèké sing nyiptakké sak kabèhé. (Wahyu 4:​11) Kuwi artiné awaké dhéwé ora éntuk nganggo patung wektu ngibadah.​—Wacanen Yésaya 42:8.

Ibadahé awaké dhéwé kudu ”suci” lan ”pantes ditampa” Yéhuwah. (Roma 12:1) Kuwi artiné awaké dhéwé kudu manut préntahé, contoné pathokan soal perkawinan. Awaké dhéwé ya manut pathokan soal nganggo tembakau, nganggo narkoba, karo ngombé minuman keras. a

3. Ngapa kok kudu ngibadah bareng liyané?

Nèk teka ing pertemuan ibadah saben minggu, awaké dhéwé isa ”muji Yéhuwah . . . ing jemaat”. (Mazmur 111:​1, 2) Carané muji misalé nyanyi lagu pujian. (Wacanen Mazmur 104:33.) Yéhuwah ngongkon awaké dhéwé teka ngibadah soalé Dhèwèké sayang lan péngin awaké dhéwé bahagia saklawasé. Nèk teka ngibadah, awaké dhéwé isa dikuwatké lan nguwatké liyané.

SINAU LUWIH AKÈH

Ana keterangan nèk Yéhuwah ora seneng awaké dhéwé nganggo patung wektu ngibadah lan ana keterangan soal carané muji Yéhuwah.

4. Ora éntuk nganggo patung wektu ngibadah

Apa buktiné nèk Yéhuwah ora seneng awaké dhéwé nganggo patung wektu ngibadah? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Apa akibaté wektu umaté Gusti Allah jaman mbiyèn nyembah Gusti Allah nganggo patung?

Ana sing seneng nganggo patung wektu ngibadah bèn ibadahé luwih khusyuk, tapi apa cara kuwi bener? Wacanen Pangentasan 20:​4-6 lan Mazmur 106:​35, 36, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Patung apa sing biasané dienggo wong-wong wektu ngibadah?

  • Apa Yéhuwah seneng nèk ana sing nganggo patung wektu ngibadah?

  • Piyé pendapaté njenengan soal kuwi?

5. Ora dipengaruhi manèh karo ajaran agama palsu

Ana pengalamané wong sing akhiré ora dipengaruhi manèh ajaran agama palsu merga nyembah Yéhuwah. Setèlen VIDÉONÉ.

Wacanen Mazmur 91:​14, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Nèk awaké dhéwé mung nyembah Yéhuwah thok, Yéhuwah janji apa?

6. Nyembah Gusti Allah ing pertemuan ibadah

Awaké dhéwé ya muji Yéhuwah lan nguwatké liyané wektu nyanyi lan njawab pertanyaan ing pertemuan ibadah. Wacanen Mazmur 22:​22, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Apa jawabané wong liya ana manfaaté kanggo njenengan?

  • Apa njenengan ya péngin persiapan bèn isa njawab ing pertemuan ibadah?

7. Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé nyritakké isiné Alkitab

Nèk péngin nyritakké isiné Alkitab, carané isa macem-macem. Wacanen Mazmur 9:1 lan 34:1, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Njenengan péngin crita soal apa saka Alkitab?

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Agama kuwi urusané dhéwé-dhéwé.”

  • Menurut njenengan piyé?

KESIMPULAN

Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé mung nyembah Dhèwèké, muji Dhèwèké ing pertemuan ibadah, lan nyritakké isiné Alkitab.

Jawaben

  • Saka endi awaké dhéwé isa ngerti carané nyembah Gusti Allah?

  • Ngapa kok mung Yéhuwah sing kudu disembah?

  • Ngapa kok kudu ngibadah bareng liyané?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Ana wong wédok sing wis ora nyembah patung manèh. Wacanen pengalamané ing crita sing judhulé ”Aku Wis Ora Nyembah Patung Manèh”.

”Kuwasané Alkitab” (Warta Penting 1 Juli 2011)

Ana saran apa waé bèn awaké dhéwé isa njawab pertanyaan ing pertemuan ibadah?

”Muji Yéhuwah ing Jemaat” (Warta Penting Januari 2019)

Deloken pengalamané cah lanang sing berusaha tenan bèn isa teka ing pertemuan ibadah.

Yéhuwah Nggatèkké Aku (3:​07)

Akèh wong nganggep nèk wong Kristen kudu nganggo salib, tapi menurut Alkitab piyé?

”Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Nggunakaké Salib Wektu Ngibadah?” (Artikel ing jw.org)

a Kuwi bakal dirembug ing pelajaran-pelajaran selanjuté.