Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ringkesan Bagian 3

Ringkesan Bagian 3

Rembugen pertanyaan-pertanyaan iki karo sing mbantu njenengan sinau Alkitab:

  1. Wacanen Wulang Bebasan 27:11.

    • Ngapa kok njenengan gelem tetep setya karo Yéhuwah?

      (Deloken Pelajaran 34.)

  2. Piyé bèn isa nggawé keputusan sing bener meskipun ora ana préntah sing jelas ing Alkitab?

    (Deloken Pelajaran 35.)

  3. Piyé bèn isa terus jujur?

    (Deloken Pelajaran 36.)

  4. Wacanen Matius 6:​33.

    • Piyé bèn isa ’ngutamakké Kerajaané Gusti Allah’ meskipun kudu nyambut gawé lan nggolèk dhuwit?

      (Deloken Pelajaran 37.)

  5. Apa waé buktiné nèk njenengan nganggep urip kuwi berharga?

    (Deloken Pelajaran 38.)

  6. Wacanen Kisah 15:29.

    • Apa waé buktiné nèk njenengan manut préntahé Yéhuwah soal getih?

    • Menurut njenengan, apa préntah kuwi ana manfaaté?

      (Deloken Pelajaran 39.)

  7. Wacanen 2 Korintus 7:1.

    • Apa waé buktiné nèk resikan? Piyé bèn pikiran lan tingkah lakuné ora najis?

      (Deloken Pelajaran 40.)

  8. Wacanen 1 Korintus 6:​9, 10.

    • Apa pandhangané Gusti Allah soal sèks? Apa njenengan setuju soal kuwi?

    • Apa pathokan ing Alkitab soal ngombé minuman keras?

      (Deloken Pelajaran 41 lan 43.)

  9. Wacanen Matius 19:​4-6, 9.

    • Apa pathokané Gusti Allah soal perkawinan?

    • Ngapa kok perkawinan lan perceraian kudu didaftarké resmi?

      (Deloken Pelajaran 42.)

  10. Apa waé perayaan lan hari raya sing nggawé Yéhuwah ora seneng? Lha ngapa?

    (Deloken Pelajaran 44.)

  11. Wacanen Yohanes 17:16 lan Kisah 5:​29.

    • Apa buktiné nèk njenengan ora mihak?

    • Piyé nèk pemerintah ngongkon awaké dhéwé nglanggar hukumé Gusti Allah?

      (Deloken Pelajaran 45.)

  12. Wacanen Markus 12:30.

    • Apa buktiné nèk njenengan sayang Yéhuwah?

      (Deloken Pelajaran 46 lan 47.)