Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 9

Aja Nindakké Hubungan Sèks sing Ora Sah

Aja Nindakké Hubungan Sèks sing Ora Sah

”Mula, patènana kabèh pepénginané anggota-anggota badanmu, yaiku pepénginan kanggo nindakké hubungan sèks sing ora sah, kenajisan, nafsu sèks sing ora isa dikendhalèni, kejahatan, lan keserakahan, sing padha karo penyembahan brahala.”​—KOLOSE 3:5.

1, 2. Piyé carané Biléam nggawé umaté Yéhuwah cilaka?

 ANA wong lanang sing lagi mancing. Dhèwèké milih umpan sing cocog lan umpan kuwi dipasang ing pancingé, terus diuncalké ing banyu. Dhèwèké nunggu nganti ana sing nyaplok umpané. Wektu ana iwak sing nyaplok umpané, dhèwèké langsung ngangkat pancingé.

2 Manungsa ya isa kaya iwak mau. Contoné, bangsa Israèl. Wektu wis arep tekan Tanah Perjanjian, bangsa Israèl kémah ing Dataran Moab. Raja Moab janji bakal ngekèki dhuwit akèh kanggo Biléam nèk gelem ndongakké bèn wong Israèl cilaka. Merga ora berhasil, Biléam mikirké carané bèn wong Israèl isa cilaka merga kesalahané dhéwé. Biléam milih umpan sing cocog. Akhiré, Biléam nggunakké wong-wong wédok Moab kanggo nggodha wong-wong lanang Israèl.​—Wilangan 22:1-7; 31:15, 16; Wahyu 2:14.

3. Apa buktiné nèk umpané Biléam berhasil?

3 Apa umpané Biléam berhasil? Ya. Ana akèh wong Israèl sing ”laku jina karo para wong wadon Moab”. Wong-wong Israèl ya mulai nyembah déwa-déwa, klebu déwa sèks yaiku Baal Péor. Akibaté, ana 24.000 wong Israèl sing mati ing perbatasan Tanah Perjanjian.​—Wilangan 25:1-9.

4. Apa sebabé umpané Biléam berhasil?

4 Apa sebabé umpané Biléam berhasil? Merga wong Israèl mung mikirké kepentingané dhéwé lan ora perduli karo berkahé Yéhuwah. Wong-wong Israèl kuduné gelem manut karo Yéhuwah merga wis dibébaské saka Mesir, dikèki pangan ing padhang belantara, lan dilindhungi tekan perbatasan Tanah Perjanjian. (Ibrani 3:12) Ning, wong-wong kuwi malah nindakké hubungan sèks sing ora sah karo wong-wong wédok Moab. Rasul Paulus kandha, ”Aja nindakké hubungan sèks sing ora sah kaya sing ditindakké sapérangan wong saka ing antarané para leluhur kita.”​—1 Korintus 10:8

5, 6. Apa hubungané pengalamané bangsa Israèl karo awaké dhéwé?

5 Kaya wong Israèl sing ana ing perbatasan Tanah Perjanjian, awaké dhéwé ora suwé manèh bakal urip ing donya anyar. (1 Korintus 10:11) Wong-wong jaman saiki luwih ngutamakké sèks timbang wong Moab. Umaté Yéhuwah ya isa kena pengaruhé. Hubungan sèks sing ora sah kuwi pancèn umpané Sétan sing paling ampuh.​—Wilangan 25:6, 14; 2 Korintus 2:11; Yudas 4.

6 Coba dipikir, ’Apa aku luwih milih rasa seneng sing sementara timbang urip saklawasé ing donya anyar?’ Manut préntahé Yéhuwah kanggo ’nyingkir saka hubungan sèks sing ora sah’ kuwi ana manfaaté.​—1 Korintus 6:18.

APA MAKSUDÉ HUBUNGAN SÈKS SING ORA SAH?

7, 8. Apa maksudé ”hubungan sèks sing ora sah”? Apa sebabé kuwi bahaya?

7 Jaman saiki, akèh wong sing tumindaké kurang ajar lan sengaja nglanggar hukumé Gusti Allah soal sèks. Ing Alkitab, ”hubungan sèks sing ora sah” kuwi maksudé kegiatan sèksual sing dilakoni wong-wong sing ora nikah sah. Hubungan sèks sing ora sah kuwi klebu homosèksual, lesbian, hubungan sèks karo kéwan, hubungan sèks léwat cangkem, hubungan sèks léwat anus, ndemèk-demèk alat kelaminé wong liya, lan hubungan sèks karo wong sing dudu bojoné.​—Deloken Cathetan 23.

8 Nurut Alkitab, wong sing terus nindakké hubungan sèks sing ora sah bakal ditokké saka jemaat. (1 Korintus 6:9; Wahyu 22:15) Wong sing nindakké kuwi isa ngrasa ora berharga, ora dipercaya wong liya, hati nuraniné ngrasa salah, meteng, nduwé masalah perkawinan, kena penyakit, lan malah isa mati. (Wacanen Galatia 6:7, 8.) Nèk mikirké akibaté, awaké dhéwé dadi ora péngin nglakoni kaya ngono. Ning, nèk terus mikirké kepentingané dhéwé, awaké dhéwé akhiré isa nindakké hubungan sèks sing ora sah. Kuwi biasané dimulai saka nonton pornografi. *

PORNOGRAFI KUWI AWALÉ

9. Apa sebabé pornografi kuwi bahaya banget?

9 Pornografi sengaja dirancang bèn wong-wong péngin nindakké hubungan sèks. Jaman saiki, pornografi ana ing ngendi-endi, klebu ing majalah, buku, musik, acara TV, lan Internet. Akèh wong sing mikir nèk pornografi kuwi ora bahaya, ning sakjané kuwi bahaya banget merga isa nyebabké wong kecanduan sèks, nduwé pandhangan sing salah soal sèks, nduwé kebiasaan masturbasi, nduwé masalah perkawinan, lan malah isa pegatan.​—Roma 1:24-27; Éfésus 4:19; deloken Cathetan 24.

Kudu ngati-ati wektu nggunakké Internet

10. Piyé Yakobus 1:14, 15 isa mbantu awaké dhéwé bèn ora nindakké hubungan sèks sing ora sah?

10 Apa sing nyebabké wong nindakké hubungan sèks sing ora sah? Yakobus 1:14, 15 kandha, ”Saben wong dicoba wektu dhèwèké disèrèd lan dibujuk karo pepénginané dhéwé. Banjur, wektu pepénginan kuwi dadi kuwat, wong mau bakal nindakké dosa, lan nèk dosa wis ditindakké, akibaté pati.” Awaké dhéwé aja terus mikirké kepénginan sing salah merga kepénginan kuwi isa dadi kuwat banget, lan awaké dhéwé akhiré isa nindakké dosa. Mula, wektu ana pikiran sing salah, kuwi kudu cepet-cepet dibuwang. Nèk awaké dhéwé ora sengaja ndelok gambar sing saru, aja didelok terus. Awaké dhéwé isa matèni komputer utawa ndelok acara TV liyané.​—Wacanen Matius 5:29, 30.

11. Piyé carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé mbuwang pikiran sing salah?

11 Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé ora sampurna, ning ya ngerti nèk awaké dhéwé isa nglawan kepénginan sing salah. Yéhuwah kandha, ”Mula, patènana kabèh pepénginané anggota-anggota badanmu, yaiku pepénginan kanggo nindakké hubungan sèks sing ora sah, kenajisan, nafsu sèks sing ora isa dikendhalèni, kejahatan, lan keserakahan, sing padha karo penyembahan brahala.” (Kolose 3:5) Kuwi pancèn ora gampang, ning Yéhuwah mesthi bakal mbantu. (Jabur 68:20) Ana sedulur lanang sing seneng masturbasi lan nonton pornografi. Kanca-kanca sekolahé nganggep nèk kuwi biasa waé, ning dhèwèké kandha, ”Kuwi ngrusak hati nuraniku, lan akhiré aku mulai nglakoni sèks bébas.” Dhèwèké ngerti nèk kudu mandheg nglakoni kabèh kebiasaan salah kuwi. Merga dibantu Yéhuwah, dhèwèké isa berhasil. Nèk nduwé pikiran sing salah, awaké dhéwé isa njaluk Yéhuwah mènèhi ”kesanggupan sing nggumunké” bèn pikirané awaké dhéwé tetep resik.​—2 Korintus 4:7; 1 Korintus 9:27.

12. Apa sebabé awaké dhéwé kudu ’njaga ati’?

12 Raja Salomo kandha, ”Atimu reksanen [utawa, jaganen] kanthi waspada, awit iku etuking panguripan.” (Wulang Bebasan 4:23) Yéhuwah isa ndelok ’atiné’ awaké dhéwé, yaiku sapa awaké dhéwé saktenané. Sing didelok awaké dhéwé isa ana pengaruhé kanggo atiné awaké dhéwé. Mula, Ayub kandha, ”Aku wus gawé prajanjian kalawan mripatku, mulané mangsa yèn aku ngantia mandeng marang prawan!” (Ayub 31:1) Kaya Ayub, awaké dhéwé kudu ngati-ati karo sing didelok utawa dipikirké. Lan, kaya sing nulis buku Jabur, awaké dhéwé isa kandha, ”Mripat kawula mugi Paduka énggokaken saking barang ingkang tanpa gina.”​—Jabur 119:37.

DINA KEKANCAN KARO WONG SING ORA BENER

13. Kaya apa kanca-kancané Dina?

13 Kanca kuwi gedhé banget pengaruhé. Nèk kancané awaké dhéwé manut karo Gusti Allah, awaké dhéwé ya bakal kaya ngono. (Wulang Bebasan 13:20; wacanen 1 Korintus 15:33.) Saka pengalamané Dina, awaké dhéwé isa ngerti nèk kudu ngati-ati wektu milih kanca. Dina kuwi anaké Yakub, mula dhèwèké mesthi didhidhik bèn nyembah Yéhuwah. Dina kuwi wong sing apik, ning dhèwèké kekancan karo cah-cah wédok Kanaan sing ora nyembah Yéhuwah. Wong Kanaan nduwé pandhangan sing béda karo umaté Yéhuwah soal sèks lan terkenal seneng nindakké sèks bébas. (Kaimaman 18:6-25) Wektu dolan karo kanca-kancané, Dina ketemu cah lanang Kanaan sing jenengé Sikhèm, sing akhiré seneng karo Dina. Sikhèm kuwi cah lanang sing dihormati ing keluargané, ning dhèwèké ora nyembah Yéhuwah.​—Purwaning Dumadi 34:18, 19.

14. Dina ngalami apa?

14 Merga seneng karo Dina, Sikhèm akhiré merkosa Dina. (Wacanen Purwaning Dumadi 34:1-4.) Kuwi wis biasa kanggoné Sikhèm. Sakwisé kedadéan kuwi, Dina lan keluargané ngalami akèh masalah.​—Purwaning Dumadi 34:7, 25-31; Galatia 6:7, 8.

15, 16. Piyé carané nggawé keputusan sing bener?

15 Awaké dhéwé ora perlu ngalami kaya Dina bèn isa yakin nèk pathokané Yéhuwah kuwi ana manfaaté. ”Sapa kang srawungan karo wong wicaksana, dadi wicaksana, nanging sapa kang kekancan karo wong gemblung iku nemu sangsara.” (Wulang Bebasan 13:20) Awaké dhéwé kudu ngerti ”sarupané dalan kang becik” bèn ora ngalami susah lan sengsara.​—Wulang Bebasan 2:6-9; Jabur 1:1-3.

16 Awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener nèk sinau Alkitab, ndonga sakdurungé nggawé keputusan, lan manut karo naséhaté budhak sing setya lan wicaksana. (Matius 24:45; Yakobus 1:5) Awaké dhéwé mungkin ngakoni nèk ora sampurna. (Yérémia 17:9) Ning, piyé tanggepané awaké dhéwé nèk ana sing ngandhani nèk kelakuané awaké dhéwé wis ngarah ing hubungan sèks sing ora sah? Apa awaké dhéwé gelem dikandhani, utawa malah nesu?​—2 Para Raja 22:18, 19.

17. Wènèhana conto nèk naséhaté sedulur seiman ana manfaaté.

17 Contoné, ana sedulur wédok sing disenengi karo kanca kerjané lan dijak lunga bareng. Senajan wong lanang mau apikan, ning dhèwèké dudu Seksi Yéhuwah. Ana sedulur wédok liya sing weruh, terus ngandhani sedulur mau. Piyé kuduné tanggepané sedulur wédok kuwi? Apa dhèwèké gelem dikandhani? Mungkin sedulur wédok kuwi pancèn tresna karo Yéhuwah lan péngin nindakké sing bener. Ning, nèk tetep lunga karo wong lanang mau, apa dhèwèké ’cepet nyingkir saka hubungan sèks sing ora sah’, utawa malah ”ngandelaké atiné dhéwé”?​—Wulang Bebasan 22:3; 28:26; Matius 6:13; 26:41.

NIRU CONTONÉ YUSUF

18, 19. Apa buktiné nèk Yusuf ora gelem nindakké hubungan sèks sing ora sah? Lan, apa sebabé?

18 Wektu isih remaja, Yusuf dadi budhak ing Mesir. Saben dina, majikané wédok ngejak Yusuf hubungan sèks ning Yusuf ngerti nèk kuwi salah. Yusuf nresnani lan péngin nyenengké Yéhuwah. Dadi, saben digodha, Yusuf nolak. Ning, merga dadi budhak, Yusuf ora isa lunga saka omahé majikané. Akhiré, wektu majikané wédok meksa Yusuf hubungan sèks karo dhèwèké, Yusuf ”lumayu metu”.​—Wacanen Purwaning Dumadi 39:7-12.

19 Nèk nduwé pikiran sing salah utawa terus mbayangké majikané wédok, mungkin Yusuf ora bakal nolak godhaan kuwi. Kanggoné Yusuf, hubungané karo Yéhuwah kuwi sing paling penting. Yusuf kandha karo majikané wédok, ”Boten wonten ingkang boten dipun pasrahaken dhateng kawula, kajawi namung panjenengan dalem; margi panjenengan dalem punika garwanipun. Ingkang punika kados pundi anggèn kawula badhé nglampahi piawon ageng makaten saha damel dosa dhateng Gusti Allah?”​—Purwaning Dumadi 39:8, 9.

20. Apa buktiné nèk Yéhuwah seneng merga Yusuf tetep setya?

20 Senajan adoh saka keluargané, Yusuf tetep setya karo Yéhuwah lan akhiré éntuk berkah. (Purwaning Dumadi 41:39-49) Yéhuwah seneng merga Yusuf tetep setya. (Wulang Bebasan 27:11) Pancèn ora gampang nolak godhaan, ning Alkitab kandha, ”Hé wong kang padha tresna marang Sang Yéhuwah padha sengita marang piala! Panjenengané kang ngreksa nyawané para wong kang kinasihan, bakal ngluwari wong-wong iku saka ing tangané para wong duraka.”​—Jabur 97:10.

21. Critakna pengalamané sedulur lanang sing niru contoné Yusuf.

21 Saben dina, umaté Yéhuwah kudu ngupaya nindakké sing bener lan ora nglakoni sing salah. (Amos 5:15) Awaké dhéwé mesthi isa tetep setya karo Yéhuwah. Contoné, ana sedulur lanang sing dijak hubungan sèks karo kanca sekolahé nèk sedulur kuwi gelem mbantu kancané mau nggarap ulangan matematika. Piyé tanggepané sedulur mau? Dhèwèké niru Yusuf. Dhèwèké kandha, ”Aku langsung nolak tawarané. Merga aku setya, aku tetep nduwé harga diri.” Hubungan sèks sing ora sah kuwi ”kesenengan sing ora suwé”, sing akhiré nggawé susah lan sengsara. (Ibrani 11:25) Nèk tetep setya karo Yéhuwah, awaké dhéwé bakal seneng sakterusé.​—Wulang Bebasan 10:22.

NAMPA BANTUANÉ YÉHUWAH

22, 23. Piyé carané Yéhuwah mbantu wong sing wis nindakké dosa gedhé?

22 Sétan bakal terus ngupaya bèn awaké dhéwé nindakké hubungan sèks sing ora sah. Awaké dhéwé ya kerep nduwé pikiran sing salah. (Roma 7:21-25) Kuwi mesthi ora gampang. Ning, Yéhuwah ngerti soal kuwi lan ngerti nèk ”kita iki lebu”. (Jabur 103:14) Senajan ngono, piyé nèk ana wong Kristen sing wis nindakké dosa gedhé, misalé hubungan sèks sing ora sah? Apa wong kuwi isih isa dadi abdiné Yéhuwah? Isa. Yéhuwah kuwi ”remen ngapunten”. Nèk wong kuwi mertobat, Yéhuwah mesthi bakal mbantu.​—Jabur 86:5; Yakobus 5:16; wacanen Wulang Bebasan 28:13.

23 Yéhuwah ya mènèhi ”anugrah sing wujudé manungsa”, yaiku para pinituwa sing nggatèkké awaké dhéwé. (Éfésus 4:8, 12; Yakobus 5:14, 15) Para pinituwa isa mbantu bèn hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah isa apik manèh.​—Wulang Bebasan 15:32.

NGGUNAKKÉ ”AKAL-BUDI”

24, 25. Apa sebabé ”akal-budi” isa mbantu awaké dhéwé bèn ora nindakké hubungan sèks sing ora sah?

24 Bèn isa nggawé keputusan sing bener, awaké dhéwé kudu yakin nèk préntahé Yéhuwah pancèn ana manfaaté. Aja nganti awaké dhéwé kaya wong lanang sing disebutké ing Wulang Bebasan 7:6-23. Dhèwèké ora nganggo ”akal-budi” lan akhiré nindakké hubungan sèks sing ora sah. Ora kudu dadi wong sing pinter bèn isa nduwé ”akal-budi”. Nèk nduwé ”akal-budi”, awaké dhéwé mesthi bakal niru pandhangané Yéhuwah. Alkitab kandha, ”Sing sapa kadunungan akal-budi, iku nresnani awaké dhéwé, kang migunakaké kapinteran, bakal nemu begja.”​—Wulang Bebasan 19:8.

25 Apa njenengan yakin nèk préntahé Yéhuwah kuwi ana manfaaté lan isa nggawé njenengan bahagia? (Jabur 19:8-11; Yésaya 48:17, 18) Nèk durung yakin, njenengan isa mikirké berkahé Yéhuwah sing wis ditampa. ”Mara padha ngrasakna lan nyawanga sapira gedhéné kasaénané Pangéran Yéhuwah iku.” (Jabur 34:9) Nèk kuwi kabèh dipikirké, njenengan isa saya nresnani Yéhuwah. Njenengan isa nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah soal apa sing kudu dilakoni lan aja dilakoni. Pikirna apa ’sing bener, sing adil ing ngarsané Gusti Allah, sing murni, sing pantes ditresnani, lan sing apik’. (Filipi 4:8, 9) Awaké dhéwé isa niru contoné Yusuf sing manut karo préntahé Yéhuwah.​—Yésaya 64:8.

26. Apa sing bakal dirembug ing bab 10 lan 11?

26 Ora masalah wis nikah apa durung, Yéhuwah péngin awaké dhéwé bahagia. Ing bab 10 lan 11, ana katrangan sing isa mbantu bèn urip bebojoan isa bahagia.

^ Sing dimaksud ”pornografi” kuwi klebu video, wacan, swara, utawa gambar saru sing sengaja digawé bèn wong-wong péngin nindakké hubungan sèks.