Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 6

Carané Milih Hiburan

Carané Milih Hiburan

”Tindakna samubarang kabèh demi kamulyané Gusti Allah.”​—1 KORINTUS 10:31.

1, 2. Apa sebabé kudu ngati-ati wektu milih hiburan?

 WEKTU awaké dhéwé arep mangan buah lan jebulé ana sing bosok, awaké dhéwé bakal piyé? Apa tetep arep dipangan? Apa arep dibuwang kabèh? Utawa, dibuwang sing bosok thok lan mangan sing ora bosok?

2 Hiburan ya kaya ngono. Ana hiburan sing apik, ning ya akèh sing ora apik merga nyritakké soal sèks bébas, tumindak kejem, lan ilmu gaib. Mula, wektu milih hiburan, apa awaké dhéwé mikir, ’Iki urusanku. Aku bébas milih sing tak senengi’? Utawa, apa awaké dhéwé mikir, ’Kabèh hiburan kuwi ora apik’? Utawa, apa awaké dhéwé ngati-ati wektu milih hiburan, nolak sing èlèk lan milih sing apik?

3. Apa sing kudu dipikirké wektu milih hiburan?

3 Senajan butuh hiburan, awaké dhéwé tetep perlu ngati-ati. Awaké dhéwé kudu mikirké apa pengaruhé hiburan kuwi kanggo hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah.

”TINDAKNA SAMUBARANG KABÈH DEMI KAMULYANÉ GUSTI ALLAH”

4. Wektu milih hiburan, pathokan Alkitab apa sing isa ditrapké?

4 Wektu nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah, awaké dhéwé janji nèk bakal ngabdi marang Yéhuwah sakterusé. (Wacanen Kohèlèt 5:3.) Awaké dhéwé janji bakal nindakké ”samubarang kabèh demi kamulyané Gusti Allah”. (1 Korintus 10:31) Kuwi maksudé awaké dhéwé ngabdi marang Yéhuwah ora mung ing pakumpulan ibadah utawa pas nginjil, ning ya wektu santai utawa lagi ndelok lan ngrungokké hiburan.

5. Piyé carané bèn ibadahé awaké dhéwé nyenengké Yéhuwah?

5 Tingkah lakuné awaké dhéwé ana pengaruhé kanggo hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah. Paulus kandha, ’Wènèhna badan lan uripmu marang Gusti Allah kaya mènèhké kurban sing suci sing bakal ditampa Gusti Allah.’ (Roma 12:1) Yésus kandha, ”Tresnaa marang Yéhuwah Gusti Allahmu sakwutuhé atimu, sakwutuhé nyawamu, sakwutuhé pikiranmu, lan sakwutuhé kekuwatanmu.” (Markus 12:30) Awaké dhéwé ya péngin ngibadah nganggo cara sing bener. Jaman mbiyèn, bangsa Israèl mènèhké kéwan sing ora cacad kanggo kurban marang Yéhuwah. Nèk kurbané cacad, Yéhuwah ora seneng. (Kaimaman 22:18-20) Ibadahé awaké dhéwé ya isa waé ora nyenengké Yéhuwah. Kok isa?

6, 7. Apa pengaruhé hiburan kanggo ibadahé awaké dhéwé marang Yéhuwah?

6 Yéhuwah kandha, ”Kowé kudu suci, merga Aku suci.” (1 Pétrus 1:14-16; 2 Pétrus 3:11) Yéhuwah ora seneng nèk awaké dhéwé ngibadah nganggo cara sing ora bener. (Pangandharing Torèt 15:21) Yéhuwah ora seneng nèk awaké dhéwé nglakoni sing ora disenengi Yéhuwah, contoné sèks bébas, tumindak kejem, lan ilmu gaib. (Roma 6:12-14; 8:13) Yéhuwah ya ora seneng nèk awaké dhéwé ndelok hiburan sing isiné kaya ngono. Kuwi nggawé ibadahé awaké dhéwé ora nyenengké kanggo Yéhuwah, lan hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah isa rusak.

7 Dadi, piyé carané bèn isa ngati-ati wektu milih hiburan? Pathokan Alkitab apa waé sing isa ditrapké wektu milih hiburan?

SENGIT KARO APA SING ALA

8, 9. Awaké dhéwé aja nganti ndelok utawa ngrungokké hiburan kaya apa? Apa sebabé?

8 Jaman saiki, ana akèh jenis hiburan. Pancèn ana hiburan sing pantes, ning akèh-akèhé ora pantes. Gatèkna hiburan apa waé sing ora pantes didelok utawa dirungokké.

9 Akèh film, situs web, acara TV, video game, lan lagu-lagu sing nyritakké soal sèks bébas, tumindak kejem, utawa ilmu gaib. Kadhang kala kuwi dianggep biasa lan malah didadèkké guyonan. Ning, wong Kristen aja nganti ndelok utawa ngrungokké hiburan sing nglanggar pathokané Yéhuwah. (Kisah 15:28, 29; 1 Korintus 6:9, 10) Kuwi bukti nèk awaké dhéwé sengit karo apa sing ala.​—Jabur 34:15; Roma 12:9.

10. Apa akibaté nèk salah milih hiburan?

10 Ning, ana sing ngrasa nèk hiburan sing nyritakké soal sèks bébas, tumindak kejem, lan ilmu gaib kuwi ora salah. Wong-wong kuwi mikir, ’Ra masalah, ta? Sing penting kan aku ora nglakoni.’ Pikiran kaya ngono kuwi ora bener. Alkitab kandha, ”Ati iku culika banget, luwih culika katimbang apa baé, atiné wis kaya watu.” (Yérémia 17:9) Nèk seneng karo hiburan kaya ngono, kuwi artiné awaké dhéwé seneng karo apa sing ala. Awaké dhéwé bakal nganggep nèk kuwi biasa, lan hati nuraniné awaké dhéwé suwé-suwé ora ngrasa salah manèh.​—Jabur 119:70; 1 Timotius 4:1, 2.

11. Piyé Galatia 6:7 isa mbantu awaké dhéwé wektu milih hiburan?

11 Alkitab kandha, ”Apa sing disebar wong, ya kuwi sing bakal dipanèn.” (Galatia 6:7) Nèk seneng karo hiburan sing ora pantes, awaké dhéwé akhiré isa waé nindakké sing salah. Contoné, ana wong Kristen sing akhiré nglakoni sèks bébas merga seneng karo hiburan sing kaya ngono. Ning, Yéhuwah mènèhi pathokan sing isa mbantu awaké dhéwé ngati-ati wektu milih hiburan.

NGGUNAKKÉ PATHOKANÉ ALKITAB WEKTU MILIH HIBURAN

12. Apa sing isa mbantu awaké dhéwé wektu milih hiburan?

12 Awaké dhéwé aja nganti ndelok utawa ngrungokké hiburan sing nglanggar préntahé Yéhuwah. Ning, piyé nèk awaké dhéwé ora ngerti pastiné hiburan kuwi nglanggar préntahé Yéhuwah apa ora? Yéhuwah ora mènèhi daftar hiburan apa waé sing cocog kanggo awaké dhéwé. Ning, Yéhuwah péngin awaké dhéwé nggunakké hati nurani sing wis dituntun karo Alkitab. (Wacanen Galatia 6:5.) Yéhuwah mènèhi pathokané, yaiku wulangan sing bener sing isa mbantu awaké dhéwé ngerti pandhangané Yéhuwah. Hati nuraniné awaké dhéwé isa dituntun karo pathokan kuwi. Awaké dhéwé dadi ngerti ”apa kersané Yéhuwah” bèn isa nggawé keputusan sing nyenengké Yéhuwah.—Éfésus 5:17.

Pathokané Alkitab isa mbantu awaké dhéwé wektu milih hiburan

13. Apa sebabé hiburan sing dipilih wong Kristen isa béda-béda? Ning, apa sing paling penting?

13 Hiburan sing dipilih wong Kristen isa béda-béda. Apa sebabé? Merga selérané wong béda-béda. Ana hiburan sing nurut awaké dhéwé ora apa-apa, ning wong liya ngrasa nèk kuwi salah. Ning, sing paling penting, kabèh wong Kristen kudu nggawé keputusan sing cocog karo pathokané Alkitab. (Filipi 1:9) Kuwi sing isa mbantu awaké dhéwé milih hiburan sing nyenengké Yéhuwah.​—Jabur 119:11, 129; 1 Pétrus 2:16.

14. (a) Apa sebabé awaké dhéwé perlu mikirké jumlah wektu sing digunakké kanggo hiburan? (b) Paulus mènèhi naséhat apa?

14 Jumlah wektu sing digunakké kanggo hiburan nduduhké apa awaké dhéwé isih ngutamakké ibadah marang Yéhuwah. (Wacanen Matius 6:33.) Hiburan isa waé ngentèkké akèh wektu. Paulus kandha, ”Gatèkna tenanan cara uripmu supaya kowé dadi wong sing wicaksana, dudu wong sing ora wicaksana. Gunakna wektumu nganggo cara sing paling apik.” (Éfésus 5:15, 16) Mula, awaké dhéwé perlu mikirké jumlah wektu sing digunakké kanggo hiburan lan terus ngutamakké ibadah marang Gusti Allah.​—Filipi 1:10.

15. Piyé carané bèn isa ngati-ati karo hiburan sing isa ngrusak hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah?

15 Awaké dhéwé aja nganti seneng karo hiburan sing nglanggar préntahé Yéhuwah. Ning, piyé nèk hiburan kuwi kétoké ora nglanggar préntahé Yéhuwah? Apa awaké dhéwé tetep kudu ngati-ati? Gambarané, nèk njenengan munggah gunung, apa njenengan bakal mlaku minggir-minggir cedhak jurang? Mesthiné ora, ta? Njenengan mesthi ora péngin mati. Hiburan ya kaya ngono. Alkitab kandha, ”Sikilmu edohna saka ing piala.” (Wulang Bebasan 4:25-27) Mula, awaké dhéwé aja nganti ndelok utawa ngrungokké hiburan sing jelas-jelas nglanggar pathokané Yéhuwah lan sing kétoké isa ngrusak hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah.

NIRU PANDHANGANÉ YEHUWAH

16. (a) Yéhuwah ora seneng karo apa waé? (b) Apa buktiné nèk awaké dhéwé ora seneng karo kabèh sing ora disenengi Yéhuwah?

16 Sing nulis buku Jabur kandha, ”He wong kang padha tresna marang Sang Yéhuwah padha sengita marang piala!” (Jabur 97:10) Nèk sinau Alkitab, awaké dhéwé isa nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah. Contoné, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah ora seneng karo ”ilat cidra, tangan kang ngwutahaké getihé wong kang ora salah; ati kang ngrantam-rantam piala, sikil kang énggal-énggal marani piala”. (Wulang Bebasan 6:16-19) Awaké dhéwé ya aja nganti nglakoni ”hubungan sèks sing ora sah, . . . nyembah brahala, spiritisme, . . . gampang curiga, gampang nesu, . . . mèri, mabuk-mabukan, pésta bébas, lan liya-liyané”. (Galatia 5:19-21) Pathokan-pathokan kuwi isa mbantu njenengan wektu milih hiburan. Awaké dhéwé péngin ngetrapké pathokané Alkitab ora mung wektu ana wong liya, ning ya wektu dhèwèkan. (2 Korintus 3:18) Hiburan sing awaké dhéwé pilih wektu dhèwèkan nduduhké sapa awaké dhéwé saktenané.​—Jabur 11:4; 16:8.

17. Apa waé sing perlu dipikirké wektu milih hiburan?

17 Mula, wektu milih hiburan, awaké dhéwé isa mikir, ’Apa pengaruhé kanggo hubunganku karo Yéhuwah? Apa pengaruhé kanggo hati nuraniku?’ Ayo dirembug pathokan-pathokan liyané sing isa ditrapké wektu milih hiburan.

18, 19. (a) Paulus mènèhi naséhat apa? (b) Pathokan-pathokan apa sing isa ditrapké wektu milih hiburan?

18 Hiburan ana pengaruhé kanggo pikiran. Paulus kandha, ”Terus pikirna kabèh perkara sing bener, kabèh perkara sing penting, kabèh perkara sing adil ing ngarsané Gusti Allah, kabèh perkara sing murni, kabèh perkara sing pantes ditresnani, kabèh perkara sing pantes diajèni, kabèh perkara sing apik, lan kabèh perkara sing pantes dialem.” (Filipi 4:8) Nèk terus mikirké sing apik, awaké dhéwé isa ngomong kaya sing nulis buku Jabur, ”Mugi-mugi Paduka karenan dhateng kedaling cangkem kawula tuwin pangangen-angen kawula lan panggagasing manah kawula, dhuh Yéhuwah.”​—Jabur 19:15.

19 Coba dipikir, ’Apa pengaruhé kanggo pikiranku? Sakwisé nonton film utawa acara TV, apa aku dadi mikirké sing apik, utawa hati nuraniku malah ngrasa salah? (Éfésus 5:5; 1 Timotius 1:5, 19) Apa aku ngrasa ora pénak wektu ndonga marang Yéhuwah? Apa aku dadi mikirké tumindak sing kejem utawa sing saru-saru? (Matius 12:33; Markus 7:20-23) Apa hiburan sing tak pilih nggawé aku ”dipengaruhi karo donya iki”?’ (Roma 12:2) Pitakonan-pitakonan kuwi isa mbantu awaké dhéwé ngerti apa sing perlu ditindakké bèn isa nduwé hubungan sing apik karo Yéhuwah. Awaké dhéwé péngin ndonga kaya sing nulis buku Jabur, ”Mripat kawula mugi Paduka énggokaken saking barang ingkang tanpa gina.” *Jabur 119:37.

PILIHANÉ AWAKÉ DHÉWÉ ANA PENGARUHÉ KANGGO WONG LIYA

20, 21. Wektu milih hiburan, apa sebabé kudu mikirké hati nuraniné sedulur liya?

20 Pathokan liyané sing kudu ditrapké yaiku, ”Kabèh bab éntuk ditindakké, nanging ora kabèh ana paédahé. Kabèh bab éntuk ditindakké, nanging ora kabèh nguwatké. Saben wong kudu mikirké kepentingané wong liya, dudu kepentingané dhéwé.” (1 Korintus 10:23, 24) Senajan bébas nggawé keputusan, awaké dhéwé kudu mikirké pengaruhé kanggo sedulur liyané.

21 Hati nuraniné wong béda-béda. Mungkin ana acara TV sing nurut awaké dhéwé ora apa-apa, ning wong liya ngrasa ora pénak. Nèk ngono, awaké dhéwé kudu piyé? Senajan nduwé hak, awaké dhéwé mesthi ora bakal nonton acara kuwi merga ora péngin ’nggawé dosa marang sedulur’ liyané utawa malah nggawé ”dosa marang Kristus”. (1 Korintus 8:12) Awaké dhéwé aja nganti nggawé hati nuraniné sedulur liya ngrasa ora pénak.​—Roma 14:1; 15:1; 1 Korintus 10:32.

22. Piyé tanggepané awaké dhéwé nèk pilihané sedulur liya béda karo awaké dhéwé?

22 Piyé nèk tontonan, wacan, utawa pilihané sedulur liya nggawé hati nuraniné awaké dhéwé ngrasa ora pénak? Merga nresnani lan ngajèni sedulur kuwi, awaké dhéwé ora bakal meksa sedulur kuwi nggawé keputusan sing padha. Gambarané, ana wong sing numpak motoré banter ning ya ana sing alon-alon. Senajan ngono, kabèh isih manut aturan. Hiburan sing dipilih ya kaya ngono. Senajan selérané awaké dhéwé karo para sedulur béda-béda, ning sing penting ora nglanggar pathokané Alkitab.​—Kohèlèt 7:16; Filipi 4:5.

23. Piyé carané bèn isa ngati-ati wektu milih hiburan?

23 Dadi, piyé carané bèn isa ngati-ati wektu milih hiburan? Awaké dhéwé kudu manut karo hati nurani sing dituntun Alkitab lan mikirké perasaané sedulur liya. Awaké dhéwé bakal seneng merga nindakké ”samubarang kabèh demi kamulyané Gusti Allah”.

^ Pathokan-pathokan liyané sing isa ditrapké wektu milih hiburan ana ing Wulang Bebasan 3:31; 13:20; Éfesus 5:3, 4; lan Kolose 3:5, 8, 20.