Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Cathetan

Cathetan

 1 PATHOKAN

Pathokan isa mbantu awaké dhéwé ngerti pikiran lan perasaané Yéhuwah. Pathokan ya isa mbantu awaké dhéwé nggawé keputusan sing bener senajan ora ana aturan sing jelas ing Alkitab. Hasilé, awaké dhéwé isa nindakké sing bener.

Bab 1, paragraf 8

 2 MANUT

Manut karo Yéhuwah kuwi maksudé gelem nglakoni préntahé. Yéhuwah péngin awaké dhéwé manut merga tresna. (1 Yohanes 5:3) Nèk nresnani Yéhuwah, awaké dhéwé bakal ngupaya tetep manut senajan kuwi mungkin ora gampang. Manut karo Yéhuwah mesthi ana manfaaté merga Yéhuwah ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Yéhuwah ya janji nèk sukmbèn awaké dhéwé bakal éntuk akèh berkah.​—Yésaya 48:17.

Bab 1, paragraf 10

 3 BÉBAS MILIH

Bébas milih kuwi maksudé isa mutuské arep setya karo Yéhuwah apa ora. Kuwi mbuktèkké apa awaké dhéwé bener-bener nresnani Yéhuwah. Awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener utawa salah. Yéhuwah ora tau meksa awaké dhéwé bèn manut merga awaké dhéwé ora digawé kaya robot.​—Pangandharing Torèt 30:19; Yosua 24:15.

Bab 1, paragraf 12

 4 PATHOKAN TINGKAH LAKU

Yéhuwah mènèhi pathokan tingkah laku bèn awaké dhéwé ngerti piyé kuduné tingkah lakuné awaké dhéwé. Awaké dhéwé dadi isa ngerti pandhangané Yéhuwah soal endi sing bener lan endi sing salah, carané nggawé keputusan sing bener, lan carané dadi wong sing apikan. Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti apa waé sing klebu pathokan tingkah laku lan apa manfaaté. (Wulang Bebasan 6:16-19; 1 Korintus 6:9-11) Pathokané Yéhuwah ora berubah senajan akèh sing ora gelem ngetrapké. (Pangandharing Torèt 32:4-6; Maléakhi 3:6) Pathokané Yéhuwah isa nglindhungi awaké dhéwé.

Bab 1, paragraf 17

 5 HATI NURANI

Hati nurani kuwi perasaan sing isa mbantu awaké dhéwé mbédakké sing bener lan sing salah. Kuwi anugrah saka Yéhuwah. (Roma 2:14, 15) Hati nurani kudu dituntun Alkitab bèn awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener. (1 Pétrus 3:16) Hati nurani isa ngrasa ora pénak nèk awaké dhéwé arep nggawé keputusan sing salah, lan hati nurani isa nyalahké awaké dhéwé nèk wis nindakké sing salah. Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé nduwé hati nurani sing apik. Hati nurani sing apik isa nggawé ayem lan bahagia.

Bab 2, paragraf 3

 6 WEDI MARANG GUSTI ALLAH

Wedi marang Gusti Allah maksudé ora péngin nggawé Yéhuwah sedhih merga awaké dhéwé nresnani Yéhuwah. Kuwi isa nggawé awaké dhéwé nindakké sing bener lan ora nindakké sing salah. (Jabur 111:10) Kuwi isa mbantu awaké dhéwé nepati janji marang Yéhuwah merga ngajèni Yéhuwah lan mbantu awaké dhéwé manut karo Yéhuwah. Wedi marang Gusti Allah kuwi ana pengaruhé kanggo pikiran, keputusan, lan sikapé awaké dhéwé.

Bab 2, paragraf 9

 7 MERTOBAT

Mertobat kuwi klebu ngrasa gela merga wis nindakké sing salah. Merga nresnani Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi ngrasa gela nèk wis nglanggar pathokané Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé kudu njaluk ngapura léwat korban tebusané Yésus. (Matius 26:28; 1 Yohanes 2:1, 2) Nèk wis tenanan mertobat lan mandheg nindakké sing salah, awaké dhéwé isa yakin nèk wis diapura Yéhuwah lan ora perlu terus-terusan ngrasa salah. (Jabur 103:10-14; 1 Yohanes 1:9; 3:19-22) Awaké dhéwé kudu ngupaya ora mbalèni kesalahan sing padha, mbuwang pikiran sing salah, lan terus manut karo pathokané Yéhuwah.

Bab 2, paragraf 18

 8 DITOKKÉ SAKA JEMAAT

Wong sing nindakké dosa gedhé lan ora gelem mertobat kudu ditokké saka jemaat. Awaké dhéwé ora éntuk urusan lan omongan karo wong kuwi. (1 Korintus 5:11; 2 Yohanes 9-11) Nèk wong sing nglanggar pathokané Yéhuwah ditokké saka jemaat, kuwi isa nglindhungi jemaat lan njaga bèn Yéhuwah tetep diluhurké. (1 Korintus 5:6) Kuwi ya mbantu bèn wong mau isa mertobat lan ngibadah manèh marang Yéhuwah.​—Lukas 15:17.

Bab 3, paragraf 19

 9 TUNTUNAN LAN NASÉHAT

Awaké dhéwé ora sampurna, mula butuh tuntunan lan naséhat saka Yéhuwah. (Yérémia 17:9) Merga nresnani lan péngin mbantu awaké dhéwé, Yéhuwah mènèhi tuntunan lan naséhat léwat Alkitab lan manungsa. Nèk gelem manut karo wong-wong sing digunakké Yéhuwah kanggo mènèhi tuntunan, kuwi bukti nèk awaké dhéwé ngajèni lan manut karo Yéhuwah.​—Ibrani 13:7.

Bab 4, paragraf 2

 10 SOMBONG LAN RENDAH HATI

Merga ora sampurna, awaké dhéwé gampang dadi sombong. Ning, Yéhuwah péngin awaké dhéwé rendah hati. Nèk gelem ngakoni manungsa kuwi ora ana apa-apané dibandhingké Yéhuwah, awaké dhéwé isa dadi rendah hati. (Ayub 38:1-4) Wong sing rendah hati luwih ngutamakké kepentingané wong liya, gelem ngakoni kesalahan, njaluk ngapura, gelem nampa saran lan naséhat, lan gelem manut karo tuntunané Yéhuwah. (1 Pétrus 5:5) Wong sing rendah hati ya ngerti kelebihan lan kekurangané. Ning, wong sing sombong biasané rumangsa luwih apik timbang wong liya.

Bab 4, paragraf 4

 11 WEWENANG

Wewenang kuwi hak kanggo mènèhi préntah lan nggawé keputusan. Yéhuwah kuwi mahakuwasa merga sing nggawé jagad sak isiné. Mula, wewenangé Yéhuwah kuwi sing paling gedhé ing bumi lan swarga. Yéhuwah nggunakké wewenangé nganggo cara sing paling apik bèn liyané isa ngrasakké manfaaté. Yéhuwah péngin awaké dhéwé manut karo wong-wong sing diwènèhi kesempatan kanggo ngatur awaké dhéwé, misalé wong tuwa, pinituwa, lan pamréntah. (Roma 13:1-5; 1 Timotius 5:17) Nèk manut karo wong-wong sing nduwé wewenang, kuwi bukti nèk awaké dhéwé manut karo Yéhuwah. Ning, nèk hukumé manungsa nggawé awaké dhéwé nglanggar hukumé Yéhuwah, awaké dhéwé kudu luwih manut karo Yéhuwah.​—Kisah 5:29.

Bab 4, paragraf 7

 12 PINITUWA

Para pinituwa kuwi wong-wong sing digunakké Yéhuwah kanggo ngurus jemaat. Para pinituwa nduwé akèh pengalaman. (Pangandharing Torèt 1:13; Kisah 20:28) Pinituwa mbantu awaké dhéwé bèn isa tetep cedhak karo Yéhuwah lan tertib wektu ngibadah. (1 Korintus 14:33, 40) Pinituwa dipilih nganggo roh suci. Kuwi maksudé sipat lan tingkah lakuné kudu cocog karo syarat-syarat sing ana ing Alkitab. (1 Timotius 3:1-7; Titus 1:5-9; 1 Pétrus 5:2, 3) Merga percaya lan ndhukung pakumpulané Yéhuwah, awaké dhéwé gelem manut karo para pinituwa.​—Jabur 138:6; Ibrani 13:17.

Bab 4, paragraf 8

 13 KEPALA KELUARGA

Yéhuwah mènèhi wong tuwa tanggung jawab kanggo ngopèni anak lan keluarga. Alkitab kandha nèk sing dadi kepala keluarga kuwi wong lanang. Ning, nèk ora ana wong lanang ing keluarga, wong wédok sing dadi kepala keluarga. Tanggung jawabé kepala keluarga klebu nyedhiakké panganan, pakaian, lan panggonan. Kepala keluarga ya kudu dadi conto soal ngibadah, misalé teka ing pakumpulan ibadah, nginjil, lan sinau Alkitab. Kepala keluarga nduwé tanggung jawab kanggo nggawé keputusan. Kaya Yésus, kepala keluarga kudu apikan, ora kaku, ora kejem, lan ora kasar. Kuwi isa nggawé keluargané ngrasa ayem lan isa saya cedhak karo Yéhuwah.

Bab 4, paragraf 12

 14 PENGURUS PUSAT

Pengurus Pusat kuwi wong-wong sing digunakké Yéhuwah kanggo nuntun umaté. Anggotané Pengurus Pusat kuwi klebu wong-wong sing dipilih munggah swarga. Ing jamané para rasul, Yéhuwah nggunakké pengurus pusat kanggo mènèhi tuntunan soal ibadah lan gawéan nginjil. (Kisah 15:2) Jaman saiki, Pengurus Pusat digunakké kanggo mènèhi tuntunan lan njaga umaté Yéhuwah. Wektu nggawé keputusan, Pengurus Pusat nggunakké Alkitab lan njaluk bantuané Yéhuwah léwat roh suciné. Yésus nyebut wong-wong kuwi ”budhak sing setya lan wicaksana”.​—Matius 24:45-47.

Bab 4, paragraf 15

 15 KUDHUNG

Kadhang kala, sedulur wédok isa waé kudu nindakké tugasé sedulur lanang sing wis dibaptis. Nèk ngono, dhèwèké kudu nganggo kudhung. Kuwi bukti nèk sedulur wédok mau manut karo wewenangé Yéhuwah. Ning, kuwi ya bergantung keadaané. Misalé, nèk ana sedulur wédok sing mulang Alkitab bareng karo bojo utawa sedulur lanang sing wis dibaptis, sedulur wédok kuwi kudu nganggo kudhung.​—1 Korintus 11:11-15.

Bab 4, paragraf 17

 16 ORA MÈLU POLITIK

Ora mèlu politik kuwi maksudé ora mèlu kabèh urusan politik. (Yohanes 17:16) Umaté Yéhuwah ndhukung Kratoné Allah. Kaya Yésus, awaké dhéwé ora gelem mèlu urusan donya iki.

Yéhuwah mréntahké awaké dhéwé bèn ”manut marang pamréntah lan panguwasa”. (Titus 3:1, 2; Roma 13:1-7) Ning, Yéhuwah nglarang awaké dhéwé matèni wong liya. Mula, awaké dhéwé ora gelem mèlu perang. Nèk isa milih tugas liya kanggo nggantèni wajib militèr, awaké dhéwé kudu tetep mikirké apa awaké dhéwé bakal ngrasa salah wektu nglakoni tugas kuwi.

Yéhuwah kuwi sing nyiptakké awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé mung nyembah Yéhuwah. Awaké dhéwé pancèn ngajèni lambang negara. Ning, awaké dhéwé ora gelem hormat bendéra utawa nyanyèkké lagu kebangsaan. (Yésaya 43:11; Dhanièl 3:1-30; 1 Korintus 10:14) Merga ndhukung Kratoné Allah, umaté Yéhuwah ya ora nyoblos wektu pemilu. Ning, kuwi kudu diputuské dhéwé.​—Matius 22:21; Yohanes 15:19; 18:36.

Bab 5, paragraf 2

 17 PIKIRANÉ DONYA

Sing dimaksud pikirané donya yaiku pikiran lan tumindak sing dipengaruhi Sétan. (Éfésus 2:2) Pikiran kuwi wis mengaruhi wong-wong sing ora ngabdi marang Yéhuwah. (1 Yohanes 5:19) Mula, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn ora dipengaruhi pikirané donya. (Éfésus 6:10-18) Awaké dhéwé péngin terus manut lan niru pikirané Yéhuwah.

Bab 5, paragraf 7

 18 MURTAD

Wong Kristen jaman mbiyèn lan jaman saiki ana sing dadi wong murtad. (2 Tésalonika 2:3) Murtad kuwi maksudé nglawan ajaran Alkitab. Wong murtad mbrontak nglawan Yéhuwah lan Yésus. Wong kuwi ya mengaruhi liyané bèn mèlu murtad. (Roma 1:25) Wong murtad péngin nggawé umaté Yéhuwah ragu-ragu. Nèk setya karo Yéhuwah, awaké dhéwé ora gelem urusan karo wong murtad. Awaké dhéwé aja nganti péngin ngerti soal wong murtad. Mula, awaké dhéwé ora bakal maca utawa ngrungokké apa waé sing asalé saka wong murtad. Awaké dhéwé kudu tetep setya lan mung nyembah Yéhuwah.

Bab 5, paragraf 9

 19 NEBUS DOSA

Nurut Hukum Musa, bangsa Israèl isa diapura karo Yéhuwah nèk nggawa korban menyang panggonan ibadah, misalé biji-bijian, minyak, lan kéwan. Kuwi nggawé wong Israèl ngerti nèk Yéhuwah gelem ngapura dosa. Ning, korban kuwi ora perlu diwènèhké manèh sakwisé Yésus dadi tebusan. Yésus mènèhi korban sing sampurna ”sepisan kanggo saklawasé”.​—Ibrani 10:1, 4, 10.

Bab 7, paragraf 6

 20 NGANGGEP URIPÉ KÉWAN BERHARGA

Bangsa Israèl éntuk mangan daging kéwan lan dikon mènèhké korban kéwan. (Kaimaman 1:5, 6) Senajan ngono, umaté Yéhuwah ora éntuk nyiksa kéwan. (Wulang Bebasan 12:10) Malah, Hukum Musa mréntahké bangsa Israèl bèn ngopèni lan ora nyiksa kéwan.​—Pangandharing Torèt 22:6, 7.

Bab 7, paragraf 6

 21 PECAHAN DARAH LAN PERAWATAN KESÉHATAN

Pecahan darah. Ana patang bagéan utama darah, yaiku sèl darah merah, sèl darah putih, keping darah, lan plasma darah. Patang bagéan utama darah iki isa dibagi manèh dadi bagéan sing luwih cilik sing disebut pecahan darah. *

Wong Kristen ora gelem nampa transfusi darah lan tranfusi patang bagéan utama darah. Ning, piyé nèk soal pecahan darah? Alkitab ora mènèhi katrangan khusus soal iki. Mula, awaké dhéwé kudu nggawé keputusan dhéwé manut karo hati nurani sing dituntun Alkitab.

Ana sing ora gelem nampa kabèh pecahan darah. Wong-wong kuwi mungkin mikir nèk nurut Hukum Musa, kabèh getihé kéwan sing disembelèh kudu dibuwang.​—Pangandharing Torèt 12:22-24.

Ning, ana sing gelem nampa pecahan darah merga nganggep nèk kuwi wis ora nggambarké urip.

Wektu arep nggawé keputusan soal pecahan darah, pikirna:

  • Apa aku ngerti nèk ora gelem nampa kabèh pecahan darah kuwi artiné ora gelem nampa obat sing digunakké kanggo nglawan penyakit utawa ngendhegké pendarahan?

  • Apa aku isa njelaské karo dokter alesané aku gelem nampa utawa ora gelem nampa pecahan darah?

Perawatan Keséhatan. Awaké dhéwé ora gelem donor darah utawa nyimpen getihé dhéwé bèn isa digunakké wektu awaké dhéwé operasi. Ning, ana perawatan keséhatan liyané sing nggunakké getihé dhéwé. Mula, awaké dhéwé kudu mutuské piyé getihé awaké dhéwé bakal digunakké wektu operasi, tès keséhatan, utawa terapi. Wektu nglakoni salah siji perawatan kuwi, getihé pasièn mungkin sementara dialirké metu saka awaké.​—Kanggo katrangan luwih akèh, deloken Menara Pengawal 15 Oktober 2000 kaca 30-31.

Contoné, hemodilusi. Wektu hemodilusi, sebagéan getihé pasièn dialirké metu saka awaké lan getih sing isih ana ing njero awak dièncèrké nggunakké cairan pengembang volume getih. Terus, pas operasi utawa ora suwé sakwisé operasi, sebagéan getihé mau dilebokké manèh ing awaké.

Conto liyané yaiku penyelamatan sel. Wektu operasi, getih sing metu dikumpulké, diresiki, terus dilebokké manèh ing awaké pasièn pas operasi utawa ora suwé sakwisé operasi.

Carané saben dokter mungkin béda-béda. Mula, sakdurungé nggawé keputusan, awaké dhéwé kudu nggolèk katrangan soal piyé getihé awaké dhéwé bakal digunakké wektu operasi, tès keséhatan, utawa terapi.

Wektu arep nggawé keputusan soal perawatan keséhatan sing nggunakké getihé dhéwé, pikirna:

  • Nèk getihku dialirké metu saka awakku lan mungkin alirané mandheg sedhéla, apa aku bakal tetep nganggep getih kuwi bagéan saka awakku lan ora perlu ’diesokké ing bumi’?​—Pangandharing Torèt 12:23, 24.

  • Nèk getihku dialirké metu, diresiki, terus dilebokké manèh ing awakku, apa hati nuraniku sing dituntun Alkitab bakal ngrasa ora pénak?

  • Nèk nolak kabèh perawatan keséhatan sing nggunakké getihé dhéwé, apa aku ngerti nèk kuwi maksudé aku ora gelem nggunakké mesin pengganti jantung lan paru-paru (heart-lung bypass machine), ora gelem tès darah, lan ora gelem hemodialisis?

Sakdurungé nggawé keputusan soal pecahan darah lan perawatan keséhatan sing nggunakké getihé dhéwé, awaké dhéwé kudu nggolèk katrangan soal kuwi lan ndonga njaluk tuntunané Yéhuwah. (Yakobus 1:5, 6) Bar kuwi, awaké dhéwé kudu nggawé keputusan manut karo hati nuraniné awaké dhéwé sing dituntun Alkitab. Awaké dhéwé ora perlu takon karo wong liya apa sing bakal diputuské wong kuwi nèk ngadhepi masalah sing padha. Aja terpengaruh karo keputusané wong liya.​—Roma 14:12; Galatia 6:5.

Bab 7, paragraf 11

 22 RESIK KELAKUANÉ

Resik kelakuané kuwi klebu resik pikirané, omongané, lan tumindaké. Yéhuwah ngongkon awaké dhéwé bèn aja nganti nglakoni tumindak najis utawa hubungan sèks sing ora sah. (Wulang Bebasan 1:10; 3:1) Awaké dhéwé kudu manut karo pathokané Yéhuwah senajan kuwi mungkin angèl. Awaké dhéwé ya kudu terus ndonga njaluk bantuané Yéhuwah bèn pikirané awaké dhéwé tetep resik. Awaké dhéwé ya kudu nolak wektu ana godhaan kanggo nglakoni hubungan sèks sing ora sah.​—1 Korintus 6:9, 10, 18; Éfésus 5:5.

Bab 8, paragraf 11

 23 TUMINDAK KURANG AJAR LAN TUMINDAK NAJIS

Tumindak kurang ajar kuwi klebu omongan utawa tumindak sing sengaja ngrèmèhké pathokané Gusti Allah. Wong sing tumindak kurang ajar nduduhké nèk dhèwèké ora manut hukumé Gusti Allah, lan kuwi bakal ditangani panitia pengadilan. Sing klebu tumindak najis kuwi ana akèh. Wong sing terus-terusan nglakoni tumindak najis mungkin perlu ditangani panitia pengadilan.​—Galatia 5:19-21; Éfésus 4:19; kanggo katrangan luwih akèh, deloken ”Pertanyaan Pembaca” ing Menara Pengawal 15 Juli 2006.

Bab 9, paragraf 7; Bab 12, paragraf 10

 24 MASTURBASI

Yéhuwah péngin hubungan sèks kuwi ditindakké wong sing wis bebojoan kanggo nduduhké rasa sayangé. Ning, nèk nglakoni masturbasi utawa ngrangsang alat kelaminé dhéwé bèn nafsu sèksualé isa dipuaské, kuwi padha waé nggunakké alat kelamin kanggo tujuan sing ora bener. Wong sing nglakoni masturbasi isa ngrusak hubungané karo Yéhuwah. Wong kuwi isa dadi kecanduan sèks lan nduwé pandhangan sing salah soal sèks. (Kolose 3:5) Aja nyerah nèk durung berhasil mandheg saka kebiasaan kuwi. (Jabur 86:5; 1 Yohanes 3:20) Awaké dhéwé isa ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. Aja nganti nonton pornografi merga kuwi isa nggawé awaké dhéwé mikirké sing salah. Awaké dhéwé ya isa nyritakké masalah kuwi karo wong tuwa utawa sedulur seiman sing ngetrapké pathokané Alkitab. (Wulang Bebasan 1:8, 9; 1 Tésalonika 5:14; Titus 2:3-5) Yéhuwah mesthi seneng nèk awaké dhéwé terus ngupaya bèn tetep resik kelakuané.​—Jabur 51:19; Yésaya 1:18.

Bab 9, paragraf 9

 25 POLIGAMI

Poligami kuwi maksudé nduwé bojo luwih saka siji. Jaman mbiyèn, Yéhuwah pancèn ngéntukké wong Israèl nduwé bojo luwih saka siji. Ning, sakjané kuwi dudu karepé Yéhuwah. Yéhuwah péngin wong bebojoan kuwi lanang siji wédok siji. Jaman saiki, umaté Yéhuwah ora éntuk poligami. Wong lanang lan wong wédok mung éntuk nduwé bojo siji.​—Matius 19:9; 1 Timotius 3:2.

Bab 10, paragraf 12

 26 PEGATAN LAN PISAH

Yéhuwah péngin wong bebojoan terus setya karo bojoné. (Purwaning Dumadi 2:24; Maléakhi 2:15, 16; Matius 19:3-6; 1 Korintus 7:39) Wong bebojoan isa pegatan mung nèk ana sing selingkuh. Wong sing ditinggal selingkuh isa mutuské arep pegatan apa ora.​—Matius 19:9.

Kadhang kala, ana sing mutuské pisah senajan bojoné ora selingkuh. (1 Korintus 7:11) Wong Kristen isa mutuské pisah nèk bojoné:

  • Ora gelem nyukupi kebutuhan keluarga: Wong lanang ora gelem nyukupi kebutuhan keluargané nganti keluargané ora nduwé dhuwit utawa ora isa mangan.​—1 Timotius 5:8.

  • Seneng nganiaya: Bojoné nindakké KDRT.​—Galatia 5:19-21.

  • Ngrusak hubungané karo Yéhuwah: Terus ngupaya bèn bojoné ora isa ngibadah manèh marang Yéhuwah.​—Kisah 5:29.

Bab 11, paragraf 19

 27 NGALEM LAN NGUWATKÉ

Awaké dhéwé butuh dialem lan dikuwatké. (Wulang Bebasan 12:25; 16:24) Omongan sing apik isa nguwatké wong liya. Kuwi isa mbantu para sedulur tetep setya lan terus ngabdi senajan ngadhepi masalah. (Wulang Bebasan 12:18; Filipi 2:1-4) Nèk ana sing lagi susah, awaké dhéwé perlu ngrungokké dhèwèké bèn isa ngerti perasaané lan ngerti carané mbantu. (Yakobus 1:19) Awaké dhéwé kudu ngupaya akrab karo para sedulur ing jemaat bèn isa ngerti apa sing dibutuhké lan akhiré isa mbantu para sedulur kuwi nyedhak marang Yéhuwah bèn isa éntuk kekuwatan.​—2 Korintus 1:3, 4; 1 Tésalonika 5:11.

Bab 12, paragraf 16

 28 ACARA PERNIKAHAN

Ing Alkitab, ora ana aturan khusus kanggo acara pernikahan. Kebiasaan lan peraturan soal acara pernikahan ing saben dhaérah béda-béda. (Purwaning Dumadi 24:67; Matius 1:24; 25:10; Lukas 14:8) Bagéan paling penting ing acara pernikahan yaiku ngucapké janji nikah marang Yéhuwah. Wong sing arep nikah mesthi péngin keluarga lan kanca cedhaké isa teka wektu pinituwa nyampèkké ceramah lan wektu wong loro kuwi ngucapké janji nikah. Wong loro kuwi isa mutuské arep nganakké resèpsi apa ora, lan kaya apa resèpsiné. (Lukas 14:28; Yohanes 2:1-11) Kabèh keputusan soal acara kuwi kudu ngluhurké Yéhuwah. (Purwaning Dumadi 2:18-24; Matius 19:5, 6) Pathokané Alkitab isa mbantu wong sing arep nikah nggawé keputusan sing bener. (1 Yohanes 2:16, 17) Nèk nggunakké alkohol ing acara resèpsi, kudu ana sing ngawasi. (Wulang Bebasan 20:1; Éfésus 5:18) Nèk ana musik utawa hiburan liyané, kuwi ya kudu diawasi bèn isa tetep ngluhurké Yéhuwah. Wong sing arep nikah aja mung mikirké acara pernikahané waé, ning ya kudu mikirké hubungané karo Yéhuwah lan wong liya.​—Wulang Bebasan 18:22; ana saran-saran liyané ing Menara Pengawal 15 Oktober 2006 kaca 18-23, 23-27, lan 28-31.

Bab 13, paragraf 18

 29 NGGAWÉ KEPUTUSAN SING BENER

Awaké dhéwé péngin nggawé keputusan sing cocog karo pathokané Alkitab. Misalé, awaké dhéwé dijak karo bojo sing ora seiman mangan bareng karo keluargané kanggo ngrayakké hari raya. Awaké dhéwé kudu piyé? Nèk mutuské mèlu acara kuwi, awaké dhéwé kudu nerangké nèk ora bakal mèlu kebiasaan agama palsu ing acara kuwi. Awaké dhéwé ya kudu mikirké perasaané wong liya nèk ngerti awaké dhéwé teka ing acara kuwi.​—1 Korintus 8:9; 10:23, 24.

Nèk misalé majikané awaké dhéwé mènèhi hadiah wektu hari raya, apa kuwi kudu ditolak? Ora. Awaké dhéwé isa nampa utawa nolak bergantung alesané hadiah kuwi dikèkké. Awaké dhéwé kudu mikirké, ’Apa hadiah kuwi ana hubungané karo hari raya, utawa mung merga dhèwèké seneng karo kerja kerasku?’ Ning, isih ana liyané manèh sing kudu dipikirké sakdurungé nampa hadiah kuwi.

Mungkin ya ana sing mènèhi hadiah wektu hari raya lan kandha, ”Njenengan pancèn ora ngrayakké, ning ora apa-apa, ta, nèk mung nampa hadiah iki?” Mungkin wong kuwi pancèn tulus péngin ngekèki. Ning, isa waé dhèwèké pancèn péngin bèn awaké dhéwé mèlu ngrayakké. Kuwi sing kudu dipikirké sakdurungé nampa hadiahé. Wektu nggawé keputusan, awaké dhéwé péngin tetep setya karo Yéhuwah lan tetep nduwé hati nurani sing apik.​—Kisah 23:1.

Bab 13, paragraf 22

 30 URUSAN BISNIS LAN HUKUM

Biasané, masalah ora bakal dadi gedhé nèk cepet diatasi. (Matius 5:23-26) Awaké dhéwé mesthi péngin ngluhurké Yéhuwah lan njaga jemaat tetep rukun.​—Yohanes 13:34, 35; 1 Korintus 13:4, 5.

Nèk ana masalah bisnis, kuwi ora perlu tekan pengadilan merga kuwi isa nggawé wong liya mikir èlèk soal Yéhuwah lan jemaat. Ing 1 Korintus 6:1-8, Yéhuwah mènèhi pathokan soal kuwi léwat Rasul Paulus. Ing Matius 18:15-17, ana telung cara kanggo ngatasi masalah gedhé, misalé fitnah lan penipuan. (1) Masalah kuwi kudu dirampungké dhisik karo wongé. (2) Nèk kuwi ora berhasil, awaké dhéwé isa njaluk bantuan siji utawa loro sedulur seiman sing isa dipercaya. (3) Nèk kuwi tetep ora berhasil, awaké dhéwé isa njaluk bantuané para pinituwa. Para pinituwa bakal nggunakké pathokané Alkitab kanggo ngrampungké masalah kuwi. Nèk ana sing ora gelem manut karo pathokané Alkitab, masalah kuwi mungkin perlu ditangani panitia pengadilan.

Ana masalah sing mungkin kudu dirampungké ing pengadilan, misalé pegatan, pembayaran tunjangan sakwisé pegatan, hak asuh anak, masalah klaim asuransi, bangkrut, utawa surat wasiat. Nèk masalah kaya ngono digawa ing pengadilan, kuwi ora nglanggar pathokané Yéhuwah sing ditulis Rasul Paulus.

Masalah pemerkosaan, pelecehan anak, penganiayaan, perampokan, utawa pembunuhan ya isa digawa ing pengadilan. Kuwi ora nglanggar pathokané Yéhuwah.

Bab 14, paragraf 14

 31 CARANÉ SÉTAN NGAPUSI

Kèt mbiyèn, Sétan ngupaya ngapusi manungsa. (Purwaning Dumadi 3:1-6; Wahyu 12:9) Sétan mengaruhi awaké dhéwé bèn nglakoni sing salah. (2 Korintus 4:4; Yakobus 1:14, 15) Sétan nggunakké politik, agama, bisnis, hiburan, pendidikan, lan liya-liyané kanggo mengaruhi wong-wong.​—Yohanes 14:30; 1 Yohanes 5:19.

Sétan ngerti nèk sedhéla manèh bakal disingkirké. Mula, Sétan ngupaya ngapusi sak akèh-akèhé wong, khususé umaté Yéhuwah. (Wahyu 12:12) Nèk ora ngati-ati, awaké dhéwé isa dipengaruhi Sétan. (1 Korintus 10:12) Contoné, akèh wong nganggep pegatan kuwi biasa. Akèh film lan acara TV kerep nyritakké soal kuwi. Ning, Yéhuwah péngin urip bebojoan kuwi kanggo sakterusé. (Matius 19:5, 6, 9) Awaké dhéwé kudu ngupaya bèn ora kena pengaruh saka pandhangané donya iki soal urip bebojoan.

Sétan ya ngupaya mengaruhi awaké dhéwé bèn ora gelem diatur. (2 Timotius 3:4) Awaké dhéwé dadi ora ngajèni wong-wong sing diwènèhi wewenang karo Yéhuwah. Misalé, ana sedulur sing mungkin mulai ora gelem manut karo arahané pinituwa. (Ibrani 12:5) Utawa, sedulur wédok mungkin mulai ora gelem manut karo bojoné.​—1 Korintus 11:3.

Awaké dhéwé kudu ngupaya bèn ora dipengaruhi Sétan. Awaké dhéwé malah kudu niru pandhangané Yéhuwah lan terus ’ngarahké pikiran marang perkara-perkara sing ana ing ndhuwur’.​—Kolose 3:2; 2 Korintus 2:11.

Bab 16, paragraf 9

 32 PERAWATAN KESÉHATAN

Awaké dhéwé mesthi péngin séhat. Mula, awaké dhéwé péngin éntuk perawatan keséhatan sing paling apik wektu lara. (Yésaya 38:21; Markus 5:25, 26; Lukas 10:34) Jaman saiki, ana akèh jenis perawatan keséhatan. Wektu milih perawatan keséhatan, awaké dhéwé kudu manut pathokané Alkitab. Awaké dhéwé yakin nèk mung Kratoné Allah sing isa nyingkirké kabèh penyakit. Mula, aja terus mikirké soal keséhatan nganti ora ngutamakké manèh ibadah marang Yéhuwah.​—Yésaya 33:24; 1 Timotius 4:16.

Aja nganti awaké dhéwé milih perawatan keséhatan sing ana hubungané karo ilmu gaib. (Pangandharing Torèt 18:10-12; Yésaya 1:13) Mula, sakdurungé milih perawatan keséhatan, awaké dhéwé kudu nggolèk katrangan luwih dhisik. (Wulang Bebasan 14:15) Sétan péngin awaké dhéwé nggunakké ilmu gaib. Dadi, nèk ana perawatan keséhatan sing kétoké ana hubungané karo ilmu gaib, awaké dhéwé ora bakal milih perawatan keséhatan kuwi.​—1 Pétrus 5:8.

Bab 16, paragraf 18

^ Ana dokter sing mungkin nganggep nèk patang bagéan utama darah kuwi padha karo pecahan darah. Mula, awaké dhéwé kudu njelaské nèk ora gelem nampa transfusi darah lan tranfusi patang bagéan utama darah, yaiku sèl darah merah, sèl darah putih, keping darah, lan plasma darah.