Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 5

”Dudu Bagéan saka Donya”

”Dudu Bagéan saka Donya”

”Kowé dudu bagéan saka donya.”​—YOHANES 15:19.

1. Apa sing dikuwatirké Yésus?

 YÉSUS nguwatirké keadaané para muridé sukmbèn nèk ditinggal mati Yésus. Mula, sakdurungé mati, Yésus kandha karo para muridé, ”Kowé dudu bagéan saka donya.” (Yohanes 15:19) Yésus ya ndonga, ”Wong-wong kuwi dudu bagéan saka donya, kaya aku dudu bagéan saka donya.” (Yohanes 17:15, 16) Apa maksudé Yésus?

2. Apa sing dimaksud ”donya”?

2 Ing ayat iki, sing dimaksud ”donya” yaiku wong-wong sing ora ngabdi marang Gusti Allah lan sing dikuwasani Sétan. (Yohanes 14:30; Éfésus 2:2; Yakobus 4:4; 1 Yohanes 5:19) Piyé carané bèn ora dadi ”bagéan saka donya” iki? Awaké dhéwé kudu terus ndhukung Kratoné Allah lan ora mèlu politik. Awaké dhéwé ya aja nganti dipengaruhi pikirané wong-wong ing donya iki. Pakaian lan dandanané awaké dhéwé aja néka-néka. Awaké dhéwé ya kudu nganggo ”perlengkapan perang” saka Gusti Allah.​—Deloken Cathetan 16.

TERUS NDHUKUNG KRATONÉ ALLAH

3. Piyé pandhangané Yésus soal politik?

3 Wektu ana ing bumi, Yésus perduli lan péngin mbantu wong-wong sing susah. Ning, apa Yésus péngin dadi pemimpin politik bèn isa mbantu wong-wong kuwi? Ora. Yésus ngerti nèk mung Kratoné Allah sing isa mbantu. Yésus bakal dadi Raja Kratoné Allah, lan Kraton kuwi sing terus dicritakké Yésus. (Dhanièl 7:13, 14; Lukas 4:43; 17:20, 21) Yésus ora gelem mèlu politik. Yésus kandha karo Gubernur Romawi Pontius Pilatus, ”Kratonku dudu bagéan saka donya iki.” (Yohanes 18:36) Para muridé ya ora mèlu politik. Buku On the Road to Civilization kandha nèk para muridé Yésus jaman mbiyèn ”ora gelem nduwé jabatan politik”. Wong Kristen jaman saiki ya kaya ngono. Awaké dhéwé terus ndhukung Kratoné Allah lan ora mèlu politik.​—Matius 24:14.

Apa njenengan siap nyritakké alesané njenengan ndhukung Kratoné Allah?

4. Apa buktiné nèk wong Kristen ndhukung Kratoné Allah?

4 Wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga ya ora mèlu politik. Kuwi kaya duta besar sing dadi wakil negara asalé lan ora mèlu urusan politik ing dhaérah tugasé. Paulus kandha nèk wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga kuwi ”utusan-utusan sing dadi wakilé Kristus”. (2 Korintus 5:20) Wong-wong kuwi dadi wakil Kratoné Allah lan ora mèlu urusan politik ing donya iki. (Filipi 3:20) Wong-wong kuwi ya mbantu wong liya bèn ngerti Kratoné Allah lan didhukung ”wedhus-wedhus liya”, yaiku wong-wong sing nduwé harapan urip saklawasé ing firdaus. ”Wedhus-wedhus liya” kuwi ya ora mèlu politik. (Yohanes 10:16; Matius 25:31-40) Dadi, wong Kristen ora mèlu urusan politik.​—Wacanen Yésaya 2:2-4.

5. Apa alesané wong Kristen ora mèlu perang?

5 Senajan negara lan latar belakangé béda-béda, wong Kristen ngupaya tetep rukun lan nganggep para sedulur seiman keluargané. (1 Korintus 1:10) Nèk mèlu perang, kuwi padha waé awaké dhéwé mungsuhan karo sedulur seiman liyané, padahal Yésus mréntahké bèn awaké dhéwé nresnani para sedulur. (Yohanes 13:34, 35; 1 Yohanes 3:10-12) Malah, Yésus mréntahké bèn para muridé nresnani mungsuhé.​—Matius 5:44; 26:52.

6. Piyé sikapé umaté Yéhuwah karo pamréntah?

6 Senajan ora mèlu politik, wong Kristen ngupaya dadi warga negara sing apik. Contoné, manut hukumé pamréntah lan mbayar pajeg. Ning, awaké dhéwé tetep mènèhi ”marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah”. (Markus 12:17; Roma 13:1-7; 1 Korintus 6:19, 20) Sing dadi ”duwèké Gusti Allah” kuwi klebu rasa tresna, rasa setya, lan ibadahé awaké dhéwé. Awaké dhéwé milih kélangan nyawa timbang ora manut karo Yéhuwah.​—Lukas 4:8; 10:27; wacanen Kisah 5:29; Roma 14:8.

AJA GELEM DIPENGARUHI ”PIKIRANÉ DONYA”

7, 8. Apa maksudé ”pikirané donya”, lan apa pengaruhé kanggo wong-wong?

7 Bèn ora dadi bagéan saka donya sing dikuwasani Sétan, awaké dhéwé aja nganti dipengaruhi karo ”pikirané donya”. Sing dimaksud pikirané donya yaiku pikiran lan tumindak sing dipengaruhi Sétan. Pikiran kuwi wis mengaruhi wong-wong sing ora ngabdi marang Yéhuwah. Mula, wong Kristen kudu ngupaya bèn ora dipengaruhi pikiran kuwi. Paulus kandha, ”Kita dituntun karo roh suciné Gusti Allah, dudu pikirané donya iki.”​—1 Korintus 2:12; Éfésus 2:2, 3; deloken Cathetan 17.

8 Pikirané donya iki nggawé wong-wong ngutamakké kepentingané dhéwé, sombong, lan seneng mbrontak. Kuwi ya nggawé wong-wong mau nganggep nèk ora perlu manut karo Gusti Allah. Sétan péngin wong-wong tumindak sak karepé dhéwé tanpa mikirké akibaté. Sétan nggawé wong-wong percaya nèk ”pepénginané badan sing dosa” lan ”pepénginané mripat” kuwi sing paling penting. (1 Yohanes 2:16; 1 Timotius 6:9, 10) Sétan terus ngupaya bèn para abdiné Yéhuwah nduwé pikiran sing padha karo dhèwèké.​—Yohanes 8:44; Kisah 13:10; 1 Yohanes 3:8.

9. Piyé pikirané donya iki isa mengaruhi awaké dhéwé?

9 Kaya udara, pikirané donya ana ing endi-endi. Nèk ora ngupaya nglawan pikiran kuwi, awaké dhéwé isa kena pengaruhé. (Wacanen Wulang Bebasan 4:23.) Awaké dhéwé isa mulai dipengaruhi karo pikiran lan tumindaké wong-wong sing ora ngabdi marang Yéhuwah lan kuwi mungkin kétoké ora salah. (Wulang Bebasan 13:20; 1 Korintus 15:33) Awaké dhéwé ya isa kena pengaruhé léwat pornografi, wong murtad, utawa olahraga sing bahaya.​—Deloken Cathetan 18.

10. Piyé carané bèn ora dipengaruhi pikirané donya?

10 Piyé carané bèn ora dipengaruhi pikirané donya iki? Kudu tetep cedhak karo Yéhuwah lan manut tuntunané. Awaké dhéwé kudu terus ndonga njaluk roh suci lan tetep semangat ngibadah. Merga Yéhuwah mahakuwasa, awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé bèn ora dipengaruhi pikirané donya.​—1 Yohanes 4:4.

PENAMPILAN SING ISA NGLUHURKE GUSTI ALLAH

11. Apa buktiné nèk pikirané donya iki wis mengaruhi penampilané wong-wong?

11 Cara liyané kanggo mbuktèkké nèk ora dadi bagéan saka donya iki yaiku léwat pakaian lan dandanan. Akèh wong ing donya iki seneng nganggo pakaian sing néka-néka merga péngin dadi pusat perhatian, péngin wong liya mikir sing saru-saru, péngin nduduhké sikap mbrontak, utawa péngin nduduhké nèk dhèwèké sugih. Sing liyané ora perduli karo penampilané, mula pakaian lan dandanané awut-awutan. Aja nganti pakaian lan dandanané awaké dhéwé kaya ngono.

Apa penampilanku ngluhurké Yéhuwah?

12, 13. Wektu arep milih klambi utawa arep dandan, pathokan apa waé sing kudu dipikirké?

12 Para abdiné Yéhuwah péngin penampilané rapi, resik, sopan, lan pantes. Awaké dhéwé nganggo pakaian sing ”sedherhana, lan nduwé pertimbangan sing apik” kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé ”ngabdi marang Gusti Allah”.​—1 Timotius 2:9, 10; Yudas 21.

13 Penampilané awaké dhéwé isa nggawé wong liya nduwé pandhangan sing apik utawa èlèk soal Yéhuwah lan umaté. Awaké dhéwé péngin nindakké ”samubarang kabèh demi kamulyané Gusti Allah”. (1 Korintus 10:31) Sing dimaksud sedherhana yaiku mikirké perasaan lan pandhangané wong liya. Mula, wektu arep milih klambi utawa arep dandan, awaké dhéwé kudu ngerti nèk pilihané awaké dhéwé ana pengaruhé kanggo wong liya.​—1 Korintus 4:9; 2 Korintus 6:3, 4; 7:1.

14. Apa sing kudu dipikirké wektu milih pakaian kanggo ngibadah?

14 Piyé kuduné pakaian lan dandanané awaké dhéwé wektu teka ing pakumpulan ibadah utawa nginjil? Apa awaké dhéwé malah dadi pusat perhatian? Apa kuwi nggawé wong liya risi? Apa awaké dhéwé mikir nèk wong liya ora nduwé hak ngurusi penampilané awaké dhéwé? (Filipi 4:5; 1 Pétrus 5:6) Awaké dhéwé mesthi péngin kétok ayu utawa nggantheng, ning sakjané sing paling penting kuwi sipat-sipaté awaké dhéwé. Kuwi sing digatèkké Yéhuwah. Saka sipat-sipat kuwi isa kétok sapa awaké dhéwé sing saktenané, yaiku ’batin sing aji banget ing ngarsané Gusti Allah’.​—1 Pétrus 3:3, 4.

15. Apa sebabé Yéhuwah ora mènèhi daftar aturan soal pakaian lan dandanan sing pantes?

15 Yéhuwah ora mènèhi daftar aturan soal pakaian lan dandanan sing pantes. Ning, Yéhuwah mènèhi pathokan-pathokan sing isa mbantu awaké dhéwé nggawé keputusan sing bener. (Ibrani 5:14) Nèk nresnani Yéhuwah lan wong liya, awaké dhéwé bakal nggawé keputusan sing bener. (Wacanen Markus 12:30, 31.) Merga budaya lan selérané ora padha, penampilané umaté Yéhuwah béda-béda. Kuwi mesthi apik banget.

PANDHANGAN SING BENER SOAL DHUWIT

16. (a) Apa bédané pandhangané donya karo wulangané Yésus soal dhuwit? (b) Pitakonan apa waé sing isa dipikirké?

16 Sétan péngin awaké dhéwé mikir nèk dhuwit lan bandha sing akèh isa nggawé bahagia. Ning, para abdiné Yéhuwah ngerti nèk kuwi salah. Awaké dhéwé percaya karo kandhané Yésus, ”Senajan wong nduwé bandha akèh, nanging bandha kuwi ora mènèhi dhèwèké urip.” (Lukas 12:15) Dhuwit ora isa nggawé awaké dhéwé bener-bener bahagia. Dhuwit ora isa nggawé awaké dhéwé nduwé kanca akrab, nduwé pikiran sing tentrem, lan isa urip saklawasé. Pancèn, awaké dhéwé butuh dhuwit lan péngin bahagia, ning nurut Yésus, awaké dhéwé isa bahagia nèk nduwé hubungan sing apik karo Yéhuwah lan ngutamakké ibadah marang Yéhuwah. (Matius 5:3; 6:22) Awaké dhéwé isa mikir, ’Apa aku ngutamakké dhuwit? Apa aku mung mikirké lan ngomongké soal dhuwit?’​—Lukas 6:45; 21:34-36; 2 Yohanes 6.

17. Apa manfaaté nèk ngutamakké ibadah marang Yéhuwah timbang dhuwit?

17 Nèk ngutamakké ibadah marang Yéhuwah timbang dhuwit, awaké dhéwé isa bahagia. (Matius 11:29, 30) Awaké dhéwé bakal ngrasa puas lan ayem. (Matius 6:31, 32; Roma 15:13) Awaké dhéwé ora bakal terus-terusan kuwatir soal bandha. (Wacanen 1 Timotius 6:9, 10.) Awaké dhéwé bakal bahagia merga seneng mènèhi. (Kisah 20:35) Awaké dhéwé bakal nduwé akèh wektu kanggo keluarga lan kanca-kanca. Awaké dhéwé ya isa turu angler.​—Kohèlèt 5:11.

”KABÈH PERLENGKAPAN PERANG”

18. Sétan péngin ngapa?

18 Mungsuhé awaké dhéwé kuwi ”roh-roh jahat”. (Éfésus 6:12) Sétan péngin ngrusak hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah. Sétan lan hantu-hantuné ya ora péngin awaké dhéwé bahagia lan urip sakterusé. (1 Pétrus 5:8) Mula, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn tetep cedhak karo Yéhuwah. Nèk njaluk bantuané Yéhuwah, awaké dhéwé isa ngadhepi Sétan lan hantu-hantuné.

19. Apa waé ”perlengkapan perang” sing disebutké ing Éfésus 6:14-18?

19 Jaman mbiyèn, para prajurit nggunakké perlengkapan perang kanggo nglindhungi awaké wektu perang. Awaké dhéwé ya kudu nggunakké ”perlengkapan perang” saka Yéhuwah. (Éfésus 6:13) Kuwi isa nglindhungi awaké dhéwé, kaya kandhané Éfésus 6:14-18, ”Mula, terusa kukuh kanthi cara nganggo sabuk yaiku kabèh bab sing bener, nganggo tutup dhadha yaiku tumindak sing bener, lan nganggo sepatu ing sikilmu yaiku siap martakké kabar apik bab katentreman. Sakliyané kuwi kabèh, jupuken tamèng gedhé yaiku iman, lan kowé bakal isa matèni kabèh panah geni saka Sétan nganggo kuwi. Uga, nganggoa topi wesi yaiku keslametan, lan pedhang roh yaiku pangandikané Gusti Allah, karo terus ndonga nganggo tuntunané roh suci ing saben kesempatan, ing saben bentuk donga lan panyuwun.”

20. Nèk péngin slamet, awaké dhéwé kudu piyé?

20 Nèk salah siji perlengkapan perangé ora dinggo, prajurit dadi gampang diserang karo mungsuh. Mula, nèk péngin slamet, awaké dhéwé ya kudu nganggo kabèh perlengkapan perang. Perlengkapan kuwi kudu terus dinggo saben dina lan dirawat. Awaké dhéwé bakal terus berjuang nganti Sétan, hantu-hantuné, lan donya sing dikuwasani Sétan iki disingkirké. (Wahyu 12:17; 20:1-3) Dadi, awaké dhéwé kudu terus ngupaya nyingkirké kepénginan sing salah lan sipat-sipat sing èlèk.​—1 Korintus 9:27.

21. Piyé carané bèn ora dipengaruhi Sétan?

21 Senajan luwih kuwat, Sétan ora bakal isa mengaruhi nèk awaké dhéwé njaluk bantuané Yéhuwah. Bèn isa tetep setya, awaké dhéwé kudu ndonga marang Yéhuwah, sinau Alkitab, lan kekancan akrab karo para sedulur. (Ibrani 10:24, 25) Kuwi kabèh isa mbantu awaké dhéwé bèn tetep setya marang Yéhuwah lan siap njelaské ajaran Alkitab sing awaké dhéwé percaya.

SIAP NJELASKÉ AJARAN ALKITAB SING AWAKÉ DHÉWÉ PERCAYA

22, 23. (a) Apa sing isa dipikirké bèn siap njelaské ajaran Alkitab sing awaké dhéwé percaya? (b) Apa sing bakal dirembug ing bab 6?

22 Awaké dhéwé kudu siap njelaské ajaran Alkitab sing awaké dhéwé percaya. (Yohanes 15:19) Ana ajaran Alkitab sing dipercaya Seksi-Seksi Yéhuwah lan kuwi béda karo pandhangané wong-wong ing donya iki. Mula, awaké dhéwé isa mikir, ’Apa aku ngerti tenan dhasaré ajaran Alkitab sing tak percaya? Apa aku yakin nèk ajarané Alkitab lan kandhané budhak sing setya lan wicaksana kuwi bener? (Matius 24:45; Yohanes 17:17) Apa aku bangga dadi Seksi-Seksi Yéhuwah? (Jabur 34:3; Matius 10:32, 33) Apa aku isa nyritakké ajaran Alkitab sing tak percaya karo wong liya?’​—wacanen 1 Pétrus 3:15.

23 Kadhang kala, awaké dhéwé isa langsung ngerti carané Sétan mengaruhi. Ning, kadhang kala awaké dhéwé ora krasa nèk wis dipengaruhi. Sétan nggunakké akèh cara kanggo ngapusi awaké dhéwé. Salah sijiné yaiku léwat hiburan. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa ngati-ati wektu milih hiburan? Kuwi bakal dirembug ing bab 6.