Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 14

”Jujur ing Kabèh Perkara”

”Jujur ing Kabèh Perkara”

”Aku kabèh péngin tumindak jujur ing kabèh perkara.”​—IBRANI 13:18.

1, 2. Piyé perasaané Yéhuwah nèk awaké dhéwé jujur?

 ANA bocah sing nemokké dompèt wektu mulih sekolah. Senajan dompèt kuwi isa langsung dipèk, ning bocah mau malah mbalèkké dompèt kuwi karo sing nduwé. Pas ngerti soal kuwi, ibuné bocah mau ngrasa bangga karo anaké.

2 Akèh wong tuwa seneng nèk anaké jujur. Yéhuwah ya seneng nèk awaké dhéwé jujur merga Yéhuwah kuwi ”ora isa ngapusi”. (Titus 1:2; Jabur 31:6) Awaké dhéwé péngin ”tumindak jujur ing kabèh perkara” bèn isa nyenengké Yéhuwah. (Ibrani 13:18) Saiki, ayo dirembug karo sapa waé kudu jujur, ing endi waé, lan apa manfaaté.

JUJUR KARO AWAKÉ DHÉWÉ

3-5. (a) Ora jujur karo awaké dhéwé kuwi contoné apa? (b) Piyé carané bèn isa jujur karo awaké dhéwé?

3 Jujur karo awaké dhéwé kuwi penting. Kuwi mbantu awaké dhéwé isa jujur karo wong liya. Ning, kuwi ora mesthi gampang. Wektu Rasul Yohanes nulis buku Wahyu, wong Kristen ing Laodikia mikir nèk wis nyenengké Gusti Allah, padahal sakjané ora. (Wahyu 3:17) Nèk awaké dhéwé ya mikir kaya ngono, kuwi padha waé ora jujur karo awaké dhéwé.

4 Buku Yakobus kandha, ”Nèk ana wong sing rumangsa dadi penyembahé Gusti Allah, nanging dhèwèké ora isa ngendhalèni ilaté, wong kuwi ngapusi atiné dhéwé lan ibadahé ora ana gunané.” (Yakobus 1:26) Awaké dhéwé mungkin nganggep nèk ngapusi lan ngomong sing kasar kuwi ora salah, sing penting tingkah lakuné awaké dhéwé apik. Ning, kuwi sakjané ora jujur karo awaké dhéwé. Piyé carané bèn ora kaya ngono?

5 Wektu ngaca, awaké dhéwé mung isa ndelok penampilan njaba. Ning, nèk sinau Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti sipat-sipaté awaké dhéwé sing apik lan sing èlèk. Awaké dhéwé ya dadi ngerti nèk kudu berubah. (Wacanen Yakobus 1:23-25.) Ning, awaké dhéwé kudu jujur wektu sinau Alkitab. Nèk rumangsa wis apik, awaké dhéwé ora bakal isa berubah. (Kidung Pangadhuh 3:40; Hagai 1:5) Donga ya isa mbantu. Awaké dhéwé isa njaluk bantuané Yéhuwah bèn ngerti kekurangané awaké dhéwé. (Jabur 139:23, 24) Awaké dhéwé ngerti nèk ”wong kang laku nasar iku nistha tumrap Sang Yéhuwah, nanging karo wong kang temen pasrawungané raket”.​—Wulang Bebasan 3:32.

JUJUR ING KELUARGA

6. Apa sebabé wong bebojoan kudu jujur?

6 Kabèh anggota keluarga kudu jujur. Nèk jujur karo bojoné, wong bebojoan isa ngrasa nyaman lan padha-padha percaya. Ana akèh conto tumindak ora jujur ing keluarga. Misalé, seneng nggodha wong lanang utawa wong wédok liya, nonton sing saru-saru, utawa nduwé selingkuhan. Gatèkna kandhané sing nulis buku Jabur, ”Kawula boten linggih nunggil kaliyan juru apus saha boten sesrawungan kaliyan tiyang lamis.” (Jabur 26:4) Awaké dhéwé ya isa ora jujur karo bojo nèk mikir sing saru soal wong lanang utawa wong wédok liya. Kuwi bahaya banget.

Aja nganti ndelok apa waé sing isa ngrusak urip bebojoan

7, 8. Piyé awaké dhéwé isa nggunakké Alkitab kanggo mulang bocah-bocah pentingé dadi wong jujur?

7 Bocah-bocah ya kudu jujur. Wong tuwa isa nggunakké Alkitab kanggo mulang anak-anaké soal kuwi. Ing Alkitab, ana akèh conto wong sing ora jujur. Misalé, Akhan sing dadi maling, Géhazi sing ngapusi merga péngin éntuk dhuwit, lan Yudas sing seneng nyolong dhuwit lan sing berkhianat karo Yésus merga 30 dhuwit pérak.​—Yusak 6:17-19; 7:11-25; 2 Para Raja 5:14-16, 20-27; Matius 26:14, 15; Yohanes 12:6.

8 Ing Alkitab, ya ana akèh conto wong sing jujur. Misalé, Yakub sing ngongkon anak-anaké mbalèkké dhuwit sing ditemokké ing njero karung, Yéfta lan anaké wédok sing nepati janjiné marang Gusti Allah, lan Yésus sing tetep jujur senajan kuwi ora gampang. (Purwaning Dumadi 43:12; Para Hakim 11:30-40; Yohanes 18:3-11) Conto-conto kuwi isa mbantu bocah-bocah ngerti pentingé dadi wong jujur.

9. Nèk wong tuwa jujur, apa pengaruhé kanggo bocah-bocah?

9 Wong tuwa kudu ngetrapké pathokan iki, ”Nanging kowé, sing mulang wong liya, ngapa kowé ora mulang awakmu dhéwé? Kowé kandha, ’Aja nyolong,’ nanging ngapa kowé dhéwé kok nyolong?” (Roma 2:21) Bocah-bocah biasané nggatèkké tingkah lakuné wong tuwané. Bocah-bocah isa bingung nèk wong tuwané ngandhani anaké bèn jujur padahal wong tuwané dhéwé ora jujur. Nèk wong tuwa ora jujur, malah ing soal-soal sepélé, kuwi bakal ditiru anak-anaké. (Wacanen Lukas 16:10.) Ning, nèk ngerti wong tuwané jujur, anak-anaké sukmbèn ya isa dadi wong tuwa sing jujur.​—Wulang Bebasan 22:6; Éfésus 6:4.

JUJUR ING JEMAAT

10. Piyé carané jujur karo para sedulur ing jemaat?

10 Awaké dhéwé ya kudu jujur karo para sedulur ing jemaat. Omongan biasa isa berubah dadi gosip, lan malah dadi fitnah. Nèk nyebarké berita sing durung mesthi bener, kuwi padha waé ngapusi. Mula, awaké dhéwé kudu mikir dhisik sakdurungé ngomong. (Wulang Bebasan 10:19) Jujur kuwi dudu maksudé nyritakké kabèh sing dipikirké, dingertèni, utawa dirungokké. Senajan beritané bener, isa waé kuwi dudu urusané awaké dhéwé, utawa kuwi isa nglarani atiné wong liya. (1 Tésalonika 4:11) Ana wong sing ngomong tanpa dipikir ning ora rumangsa salah. Dhèwèké kandha, ”Aku kan mung ngomong apa anané.” Ning, nèk dadi umaté Yéhuwah, omongané awaké dhéwé kudu nyenengké lan pénak dirungokké.​—Wacanen Kolose 4:6.

11, 12. (a) Apa sebabé wong sing nggawé dosa gedhé ora isa dibantu nèk ora gelem jujur? (b) Nèk ana kanca sing nggawé dosa gedhé, awaké dhéwé aja nganti mikir apa, lan apa sebabé? (c) Awaké dhéwé ya kudu jujur wektu ngapa?

11 Yéhuwah mènèhi pinituwa tanggung jawab kanggo ngurusi jemaat. Pinituwa isa luwih gampang mbantu nèk awaké dhéwé gelem jujur. Kok isa? Nèk lara terus lunga dokter, awaké dhéwé mesthi péngin nyritakké kabèh sing dirasakké bèn isa diobati. Mula, nèk nggawé dosa gedhé, aja ditutup-tutupi. Awaké dhéwé kudu jujur nyritakké masalahé karo pinituwa. (Jabur 12:3; Kisah 5:1-11) Ning, piyé nèk ana kanca sing nggawé dosa gedhé? (Kaimaman 5:1) Ana sing mikir, ’Dhèwèké kan kancaku, apa ndadak tak critakké karo pinituwa?’ Ning, awaké dhéwé mesthi péngin bèn pinituwa isa mbantu dhèwèké nduwé hubungan sing apik manèh karo Yéhuwah.​—Ibrani 13:17; Yakobus 5:14, 15.

12 Awaké dhéwé kudu jujur wektu nulis laporan, misalé wektu nulis laporan jam dinas. Awaké dhéwé ya kudu jujur wektu ngisi formulir perintis utawa formulir liyané.​—Wacanen Wulang Bebasan 6:16-19.

13. Piyé carané jujur karo sedulur seiman soal urusan gawéan?

13 Urusan bisnis aja digabungké karo ibadah. Misalé, awaké dhéwé aja bisnis wektu ana ing Balé Ibadah utawa pas nginjil. Awaké dhéwé ya aja manfaatké sedulur seiman kanggo urusan bisnis. Nèk karyawané awaké dhéwé sedulur seiman, gajiné kudu dibayar tepat waktu lan jumlahé kudu padha karo sing wis disepakati. Awaké dhéwé ya kudu manut karo hukum pamréntah soal asuransi keséhatan utawa cuti kanggo karyawan. (1 Timotius 5:18; Yakobus 5:1-4) Lan nèk majikané awaké dhéwé sedulur seiman, awaké dhéwé aja kerja sak gelemé dhéwé. (Éfésus 6:5-8) Aja nganti nyolong wektu lan kudu nggarap gawéan sing wis ditugaské.​—2 Tésalonika 3:10.

14. Piyé nèk awaké dhéwé nduwé urusan bisnis karo sedulur seiman?

14 Piyé nèk awaké dhéwé nduwé urusan bisnis karo sedulur seiman, misalé kerjasama bisnis utawa utang dhuwit? Awaké dhéwé kudu nggawé surat perjanjian. Wektu Nabi Yérémia tuku lemah, dhèwèké nggawé surat jual-beli loro. Sing siji ditandatangani para seksi, terus loro-loroné disimpen kanggo bukti. (Yérémia 32:9-14; deloken uga Purwaning Dumadi 23:16-20.) Ana sing ngrasa nèk nggawé surat perjanjian kuwi bukti nèk ora percaya karo sedulur seiman. Ning, kuwi sakjané isa mbantu awaké dhéwé lan sedulur kuwi bèn ora salah paham, kecéwa, lan padu. Rukun karo sedulur seiman luwih penting timbang urusan bisnis.​—1 Korintus 6:1-8; deloken Cathetan 30.

JUJUR ING URIP SABEN DINA

15. Piyé perasaané Yéhuwah soal tumindak ora jujur wektu bisnis?

15 Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé jujur. Mula, awaké dhéwé kudu jujur karo kabèh wong, klebu sing dudu Seksi Yéhuwah. ”Traju [utawa, timbangan] kang cidra iku kasengitan déning Sang Yéhuwah, nanging watu timbangan kang trep ndadèkaké keparengé.” (Wulang Bebasan 11:1; 20:10, 23) Ing jaman Alkitab, timbangan biasané dinggo dagang. Akèh pedagang ngapusi sing tuku, misalé nganggo timbangan sing ora pas. Dadi, dhuwit sing dibayarké éntuké ora sesuai karo jumlah barang sing dituku. Jaman saiki ya akèh sing ora jujur wektu bisnis. Nganti saiki Yéhuwah isih tetep ora seneng karo tumindak ora jujur wektu bisnis.

16, 17. Sebutna conto tumindak ora jujur ing jaman saiki.

16 Awaké dhéwé ya kudu jujur wektu ulangan utawa ujian sekolah, nglamar gawéan, lan ngisi data saka pamréntah. Jaman saiki, akèh sing nganggep ora salah nèk ngapusi, nambah-nambahi katrangan, utawa mènèhi jawaban sing isa marahi wong liya salah paham. Alkitab wis ngramalké nèk ing dina-dina pungkasan, wong-wong bakal ”mikirké kepentingané dhéwé, ngutamakké mburu bandha, . . . sengit karo apa sing apik”.​—2 Timotius 3:1-5.

17 Kadhang kala, wong sing ora jujur malah uripé kétok pénak. (Jabur 73:1-8) Wong Kristen isa waé kélangan gawéan, nduwé masalah ékonomi, utawa ngalami tumindak ora adil ing gawéané merga tetep jujur. Ning, jujur kuwi ana manfaaté. Apa waé?

MANFAATÉ JUJUR

18. Apa sebabé sipat jujur kuwi berharga?

18 Jaman saiki, wong sing jujur lan isa dipercaya kuwi wis jarang banget. Jujur kuwi sipat sing berharga. Awaké dhéwé ya isa ngupaya nduwé sipat kuwi. (Mikha 7:2) Senajan ana wong sing ngécé utawa nganggep awaké dhéwé bodho merga jujur, ning mesthi bakal tetep ana sing ngajèni lan percaya karo awaké dhéwé. Seksi-Seksi Yéhuwah dikenal jujur. Mula, akèh sing seneng nduwé karyawan Seksi Yéhuwah. Wektu karyawan liyané padha ditokké saka gawéan merga ora jujur, Seksi-Seksi Yéhuwah tetep isa nyambut gawé.

Nèk jujur lan sregep nyambut gawé, awaké dhéwé isa ngluhurké Yéhuwah

19. Nèk awaké dhéwé jujur, apa pengaruhé kanggo hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah?

19 Nèk jujur, awaké dhéwé ora bakal ngrasa salah lan pikiran isa ayem. Awaké dhéwé isa ngrasa kaya Paulus sing kandha, ”Aku kabèh yakin nèk aku kabèh nduwé hati nurani sing jujur.” (Ibrani 13:18) Ning, sing paling penting, Yéhuwah bakal ngajèni awaké dhéwé merga wis ngupaya tetep jujur.​—Wacanen Jabur 15:1, 2; Wulang Bebasan 22:1.