Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 1

Katresnané Gusti Allah Kuwi Saklawasé

Katresnané Gusti Allah Kuwi Saklawasé

”Iki tegesé nresnani Gusti Allah, yaiku nèk kita nindakké préntah-préntahé. Lan préntah-préntahé ora abot.”​—1 YOHANES 5:3.

1, 2. Apa sebabé njenengan nresnani Yéhuwah?

 APA njenengan nresnani Gusti Allah? Njenengan mungkin tresna banget karo Gusti Allah nganti gelem dadi abdiné. Njenengan mungkin ya nganggep nèk Gusti Allah kuwi kanca sing paling akrab. Ning, sakdurungé njenengan nresnani Yéhuwah, sakjané Yéhuwah wis nresnani njenengan. Alkitab kandha, ”Kita nresnani, merga Panjenengané luwih dhisik nresnani kita.”​—1 Yohanes 4:19.

2 Ana akèh bukti nèk Yéhuwah nresnani awaké dhéwé. Yéhuwah mènèhi bumi dadi panggonan sing apik lan mènèhi kabèh sing dibutuhké bèn awaké dhéwé isa urip seneng. (Matius 5:43-48; Wahyu 4:11) Yéhuwah péngin awaké dhéwé kenal karo Yéhuwah lan dadi kanca akrabé. Wektu maca Alkitab, awaké dhéwé ngrungokké Yéhuwah. Lan wektu ndonga, Yéhuwah sing ngrungokké. (Jabur 65:3) Yéhuwah nuntun lan nguwatké awaké dhéwé nganggo roh suciné. (Lukas 11:13) Malah, Yéhuwah wis ngutus putrané sing ditresnani kanggo mbébaské awaké dhéwé saka dosa lan pati.​—Wacanen Yohanes 3:16; Roma 5:8.

3. Piyé carané bèn isa terus kekancan karo Yéhuwah?

3 Njenengan mungkin nduwé kanca akrab sing ora bakal ninggalké wektu njenengan seneng utawa susah. Butuh upaya bèn hubungan kuwi tetep kuwat. Hubungan karo Yéhuwah ya kaya ngono. Yéhuwah kuwi kanca sing paling akrab. Awaké dhéwé isa kekancan karo Yéhuwah sakterusé. Alkitab ngandhani bèn awaké dhéwé ”tetep dadi wong sing ditresnani Gusti Allah”. (Yudas 21) Piyé carané? Alkitab njawab, ”Iki tegesé nresnani Gusti Allah, yaiku nèk kita nindakké préntah-préntahé. Lan préntah-préntahé ora abot.”​—1 Yohanes 5:3.

”IKI TEGESÉ NRESNANI GUSTI ALLAH”

4, 5. Critakna piyé njenengan isa mulai nresnani Yéhuwah.

4 Rasul Yohanes ngrembug soal katresnané awaké dhéwé marang Gusti Allah. Apa njenengan éling wektu njenengan mulai nresnani Yéhuwah?

Wektu janji ngabdi lan dibaptis, kuwi bukti nèk awaké dhéwé tresna lan péngin terus manut karo Yéhuwah

5 Piyé perasaané njenengan wektu ngerti nèk Yéhuwah péngin njenengan urip saklawasé ing donya anyar lan ngerti upayané Yéhuwah bèn kuwi isa kelakon? Piyé perasaané njenengan wektu ngerti nèk Yéhuwah wis mènèhi hadiah sing berharga banget yaiku ngutus putrané menyang bumi? (Matius 20:28; Yohanes 8:29; Roma 5:12, 18) Wektu ngerti nèk Yéhuwah tresna banget karo njenengan, mesthiné njenengan ngrasa seneng banget lan mulai nresnani Yéhuwah.​—Wacanen 1 Yohanes 4:9, 10.

6. Apa sebabé rasa tresna kuwi ora mung perasaan thok? Merga nresnani Yéhuwah, njenengan péngin ngapa?

6 Ning, rasa tresna kuwi ora mung perasaan thok. Wektu nresnani wong, awaké dhéwé ora mung ngomong ”aku tresna kowé”, ning ya ngupaya bèn wong kuwi seneng. Nresnani Yéhuwah ya kaya ngono. Nèk nresnani Yéhuwah, njenengan péngin nyenengké Yéhuwah. Wektu rasa tresna kuwi saya gedhé, mesthiné njenengan gelem nggawé janji ngabdi lan akhiré dibaptis. Kuwi artiné njenengan janji bakal ngabdi marang Yéhuwah sakterusé. (Wacanen Roma 14:7, 8.) Piyé carané nepati janji kuwi?

”KITA NINDAKKÉ PRÉNTAH-PRÉNTAHÉ”

7. Merga nresnani Yéhuwah, awaké dhéwé gelem ngapa? Préntahé Yéhuwah kuwi contoné apa?

7 Merga nresnani Yéhuwah, awaké dhéwé gelem manut karo Yéhuwah. Piyé carané? ”Kita nindakké préntah-préntahé.” Saka Alkitab, awaké dhéwé ngerti kabèh préntahé Yéhuwah. Contoné, Yéhuwah ngandhani nèk awaké dhéwé ora éntuk mabuk-mabukan, nyolong, ngapusi, hubungan sèks karo wong sing dudu bojoné, lan nyembah apa waé utawa sapa waé sakliyané Yéhuwah.​—1 Korintus 5:11; 6:18; 10:14; Éfésus 4:28; Kolose 3:9.

8, 9. Piyé carané nggawé keputusan sing bener senajan ora ana aturan sing jelas ing Alkitab? Wènèhana conto.

8 Ning, kanggo nyenengké Yéhuwah, ora cukup nèk mung manut karo préntahé. Yéhuwah ora mènèhi daftar aturan kanggo mbantu awaké dhéwé nggawé kabèh keputusan. Nèk ngono, piyé carané nggawé keputusan sing bener? (Éfésus 5:17) Ing Alkitab, ana pathokan-pathokan sing isa mbantu awaké dhéwé ngerti pandhangané Yéhuwah. Wektu sinau Alkitab, awaké dhéwé ya isa saya kenal karo Yéhuwah. Awaké dhéwé isa ngerti pikiran lan perasaané Yéhuwah, klebu apa sing disenengi lan sing ora disenengi.​—Wacanen Jabur 97:10; Wulang Bebasan 6:16-19; deloken Cathetan 1.

9 Contoné, soal sing arep ditonton ing TV utawa Internet. Yéhuwah ora ngandhani persisé apa sing kudu ditindakké. Ning, Yéhuwah mènèhi pathokan kanggo mbantu awaké dhéwé nggawé keputusan sing bener. Akèh hiburan jaman saiki isiné saru-saru lan tumindak sing kejem. Alkitab kandha nèk Yéhuwah ’gething marang wong sing seneng tumindak keras’ lan ”ngadili wong-wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah”. (Jabur 11:5; Ibrani 13:4) Piyé pathokan-pathokan iki isa mbantu awaké dhéwé? Awaké dhéwé ora bakal nonton hiburan sing ana kaitané karo hubungan sèks sing ora sah utawa tumindak sing ora disenengi Yéhuwah.

10, 11. Apa sebabé awaké dhéwé manut karo Yéhuwah?

10 Apa sebabé awaké dhéwé manut karo Yéhuwah? Merga awaké dhéwé nresnani Yéhuwah. Awaké dhéwé manut ora mung merga wedi dihukum utawa bèn ora kena masalah merga nggawé keputusan sing salah. (Galatia 6:7) Kaya bocah sing péngin nyenengké bapaké, awaké dhéwé ya péngin nyenengké Yéhuwah. Awaké dhéwé mesthi seneng banget nèk isa nyenengké Yéhuwah.​—Jabur 5:13; Wulang Bebasan 12:2; deloken Cathetan 2.

11 Awaké dhéwé manut karo préntahé Yéhuwah ora mung nèk kuwi gampang ditindakké utawa nèk wis ora ana pilihan liya. Awaké dhéwé ya ora milih-milih hukum lan pathokan endi sing arep ditindakké. (Pangandharing Torèt 12:32) Ning, awaké dhéwé gelem manut karo kabèh préntahé, kaya kandhané sing nulis buku Jabur, ”Kawula badhé kasengsem dhateng pepakèn Paduka ingkang kawula tresnani punika.” (Jabur 119:47; Roma 6:17) Awaké dhéwé péngin niru Nuh sing manut karo kabèh préntahé Yéhuwah merga nresnani Yéhuwah. Alkitab kandha nèk Nuh ”ngèstokaké apa sadhawuhé Gusti Allah mau kabèh”. (Purwaning Dumadi 6:22) Apa awaké dhéwé ya péngin kaya ngono?

12. Piyé carané nggawé Yéhuwah seneng?

12 Piyé perasaané Yéhuwah nèk awaké dhéwé manut? Yéhuwah mesthi seneng banget. (Wulang Bebasan 11:20; 27:11) Senajan ngono, Yéhuwah ora tau meksa awaké dhéwé kudu manut. Awaké dhéwé bébas milih arep manut apa ora. Awaké dhéwé ya bébas milih arep nindakké sing bener utawa sing salah. Yéhuwah péngin awaké dhéwé nggawé keputusan sing bener merga nresnani Yéhuwah. Kuwi isa nggawé uripé awaké dhéwé seneng.​—Pangandharing Torèt 30:15, 16, 19, 20; deloken Cathetan 3.

”PRÉNTAH-PRÉNTAHÉ ORA ABOT”

13, 14. Apa buktiné nèk préntahé Yéhuwah ora angèl dilakoni? Wènèhana conto.

13 Piyé nèk awaké dhéwé nganggep préntahé Yéhuwah kuwi angèl utawa marahi ora bébas? Alkitab kandha, ”Préntah-préntahé ora abot.” (1 Yohanes 5:3) Préntah-préntahé Yéhuwah kuwi ora ”abot” lan mesthi isa dilakoni.

14 Gambarané, njenengan ngéwangi kancané njenengan sing arep pindhah omah. Dhèwèké wis nglebokké barang-barangé ing njero kerdhus. Ana sing ènthèng, ning ya ana sing abot lan kudu diangkat wong loro. Apa mungkin kancané njenengan ngongkon njenengan ngangkat barang sing abot kuwi dhèwèkan? Ora, merga dhèwèké ora péngin njenengan kabotan. Yéhuwah ya ngono. Yéhuwah ora bakal mènèhi préntah sing angèl dilakoni. (Pangandharing Torèt 30:11-14) Yéhuwah ”mirsa kadadéan kita iku saka apa, sarta ènget yèn kita iki lebu”.​—Jabur 103:14.

15. Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk préntah-préntahé Yéhuwah mesthi ana manfaaté?

15 Musa kandha karo bangsa Israèl nèk préntahé Yéhuwah kuwi ana manfaaté. Nèk terus manut, bangsa kuwi bakal ”tansah slamet”. (Pangandharing Torèt 5:28-33; 6:24) Jaman saiki ya ngono. Kabèh préntahé Yéhuwah mesthi ana manfaaté. (Wacanen Yésaya 48:17.) Yéhuwah ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé. (Roma 11:33) Alkitab kandha, ”Gusti Allah kuwi katresnan.” (1 Yohanes 4:8) Kuwi maksudé kabèh tumindak lan préntahé Yéhuwah dhasaré katresnan.

16. Senajan ora sampurna lan urip ing donya sing dikuwasani Iblis, apa sebabé awaké dhéwé isa tetep manut?

16 Manut karo Gusti Allah kuwi ora mesthi gampang. Awaké dhéwé urip ing donya sing dikuwasani Iblis. Iblis ngojok-ojoki wong-wong bèn nindakké sing jahat. (1 Yohanes 5:19) Awaké dhéwé ya kudu nglawan pikiran lan perasaané awaké dhéwé sing ora sampurna, sing isa nggawé awaké dhéwé ora manut. (Roma 7:21-25) Ning, merga nresnani Yéhuwah, awaké dhéwé ngupaya nindakké sing bener. Yéhuwah ngerti upayané awaké dhéwé lan mbantu nganggo roh suciné. (1 Samuèl 15:22, 23; Kisah 5:32) Merga Yéhuwah mbantu nganggo roh suciné, awaké dhéwé isa nduwé sipat-sipat sing nggawé awaké dhéwé luwih gampang manut karo Yéhuwah.​—Galatia 5:22, 23.

17, 18. (a) Ing buku iki, awaké dhéwé bakal ngerti apa? (b) Apa sing bakal dirembug ing bab 2?

17 Ing buku iki, awaké dhéwé bakal ngerti carané nyenengké Yéhuwah lan carané ngetrapké kabèh pathokané, klebu pathokan tingkah laku. Élinga nèk Yéhuwah ora meksa awaké dhéwé bèn manut. Nèk gelem manut, uripé awaké dhéwé bakal nyenengké lan sukmbèn isa urip saklawasé. Sing paling penting, nèk manut karo Yéhuwah, kuwi bukti nèk awaké dhéwé nresnani Yéhuwah.​—Deloken Cathetan 4.

18 Bèn isa ngerti endi sing bener lan endi sing salah, Yéhuwah mènèhi hati nurani. Nèk hati nuraniné awaké dhéwé wis biasa dituntun Alkitab, awaké dhéwé dadi luwih gampang ”nindakké préntah-préntahé”. Apa hati nurani kuwi, lan piyé carané bèn hati nuraniné awaké dhéwé isa terus dituntun Alkitab? Ayo dirembug ing bab 2.