Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 16

”Lawanen Iblis”

”Lawanen Iblis”

”Lawanen Iblis, lan dhèwèké bakal mlayu saka kowé.”​—YAKOBUS 4:7.

1, 2. Awaké dhéwé kudu ngerti apa soal Sétan lan hantu-hantuné?

 URIP ing firdaus mesthi bakal nyenengké banget kaya karepé Gusti Allah. Ning, saiki awaké dhéwé isih urip ing donya sing dikuwasani Sétan lan hantu-hantuné. (2 Korintus 4:4) Senajan ora isa didelok, Sétan lan hantu-hantuné kuwi ana lan nduwé kuwasa sing gedhé.

2 Ing bab iki, awaké dhéwé bakal ngrembug carané bèn isa tetep cedhak karo Yéhuwah lan ora dipengaruhi Sétan. Yéhuwah janji nèk bakal mbantu. Ning, awaké dhéwé tetep kudu ngerti carané Sétan ngapusi lan mengaruhi manungsa.

”KAYA SINGA SING NGGERO-NGGERO”

3. Sétan péngin ngapa?

3 Sétan kandha nèk manungsa ora tulus ngibadah lan ora bakal ngibadah manèh wektu susah. (Wacanen Ayub 2:4, 5.) Sétan lan hantu-hantuné ngupaya bèn wong mandheg sinau Alkitab. Sétan lan hantu-hantuné ya nesu nèk ana wong sing dibaptis. Alkitab nggambarké Iblis kaya ”singa sing nggero-nggero ngupaya nggolèk manungsa kanggo dimangsa”. (1 Pétrus 5:8) Sétan péngin ngrusak hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah.​—Jabur 7:1, 2; 2 Timotius 3:12.

Sétan nesu nèk ana sing dadi abdiné Yéhuwah

4, 5. (a) Sétan ora bakal isa ngapa? (b) Piyé carané ’nglawan Iblis’?

4 Ning, awaké dhéwé ora perlu wedi karo Sétan lan hantu-hantuné. Yéhuwah isa nglindhungi. Yéhuwah janji nèk ”kumpulan gedhé wong akèh” bakal slamet wektu ”sengsara gedhé”. (Wahyu 7:9, 14) Kuwi mesthi bakal kelakon merga Yéhuwah nglindhungi umaté.

5 Nèk awaké dhéwé terus cedhak karo Yéhuwah, Sétan ora bakal isa ngrusak hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah. Alkitab kandha, ”Pangéran menika celak kaliyan panjenengan, samasa panjenengan celak kaliyan Pangéran.” (2 Babad 15:2, Basa Jawi Padintenan; wacanen 1 Korintus 10:13.) Alkitab kandha, ”Lawanen Iblis, lan dhèwèké bakal mlayu saka kowé.” (Yakobus 4:7) Akèh abdiné Yéhuwah jaman mbiyèn sing isa ’nglawan Iblis’ merga terus cedhak karo Yéhuwah, contoné Habèl, Hénokh, Nuh, Sara, lan Musa. (Ibrani 11:4-40) Awaké dhéwé ya isa niru wong-wong kuwi.

”KITA BERJUANG”

6. Piyé carané Sétan mengaruhi awaké dhéwé?

6 Sétan terus ngupaya ngrusak hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah. Kèt mbiyèn nganti saiki, Sétan nggunakké akèh cara kanggo mengaruhi manungsa. Apa waé carané?

7. Apa sebabé Sétan ngupaya mengaruhi awaké dhéwé?

7 Rasul Yohanes kandha, ”Sak donya dikuwasani Sétan.” (1 Yohanes 5:19) Sétan nguwasani donya iki, lan dhèwèké ya péngin nguwasani umaté Yéhuwah. (Mikha 4:1; Yohanes 15:19; Wahyu 12:12, 17) Merga ngerti nèk ora suwé manèh bakal disingkirké, Sétan nggunakké akèh cara kanggo mengaruhi awaké dhéwé bèn ora ngibadah manèh marang Yéhuwah.

8. Awaké dhéwé kudu ngerti apa?

8 Éfésus 6:12 kandha, ”Kita berjuang [”gelut”, cathetan ing ngisor] . . . nglawan . . . roh-roh jahat ing wilayah swarga.” Awaké dhéwé kudu nglawan pengaruhé Sétan lan hantu-hantuné. Awaké dhéwé kudu ngerti nèk kabèh abdiné Yéhuwah dadi sasarané Sétan. Mula, Rasul Paulus nganti ping telu ngandhani wong Kristen ing Éfésus bèn ”terus kukuh”.—Éfésus 6:11, 13, 14.

9. Sétan lan hantu-hantuné ngupaya apa?

9 Sétan lan hantu-hantu ngupaya ngapusi awaké dhéwé nganggo akèh cara. Nèk salah siji ora mempan, Sétan bakal nggunakké cara liyané. Sétan nggatèkké tingkah lakuné awaké dhéwé bèn isa ngerti cara sing paling cocog kanggo ngapusi. Ning, Alkitab wis ngandhani cara-cara sing biasané digunakké Sétan. (2 Korintus 2:11; deloken Cathetan 31.) Salah sijiné yaiku ilmu gaib.

AJA GELEM DIPENGARUHI SÉTAN

10. (a) Apa maksudé nggunakké ilmu gaib? (b) Piyé pandhangané Yéhuwah soal ilmu gaib?

10 Nggunakké ilmu gaib kuwi maksudé nduwé hubungan karo Sétan lan hantu-hantuné. Contoné ilmu gaib yaiku ngramal nasib, santhèt, guna-guna, utawa omongan karo arwahé wong mati. Alkitab kandha nèk Yéhuwah ora seneng karo ilmu gaib lan ora péngin awaké dhéwé nggunakké ilmu gaib. (Pangandharing Torèt 18:10-12; Wahyu 21:8) Mula, awaké dhéwé aja nganti nggunakké ilmu gaib.​—Roma 12:9.

11. Apa akibaté nèk seneng karo ilmu gaib?

11 Nèk seneng karo ilmu gaib, awaké dhéwé bakal luwih gampang nduwé hubungan karo Sétan lan hantu-hantuné, lan kuwi isa ngrusak hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah.

SÉTAN NGUPAYA NGAPUSI MANUNGSA

12. Piyé carané Sétan mengaruhi pikirané awaké dhéwé?

12 Sétan péngin awaké dhéwé bingung lan ragu-ragu nganti nganggep nèk ”piala iku becik lan kabecikan iku ala”. (Yésaya 5:20) Sétan ya péngin awaké dhéwé mikir nèk pathokané Alkitab kuwi ora ana gunané, lan awaké dhéwé isa luwih bahagia nèk ora manut karo Gusti Allah.

13. Apa buktiné nèk Sétan péngin nggawé ragu-ragu?

13 Sétan péngin awaké dhéwé ragu-ragu. Kuwi cara sing paling kerep digunakké Sétan kèt mbiyèn. Contoné, Sétan nggawé Hawa ragu-ragu nganggo pitakonan, ”Apa bener Gusti Allah ora marengaké kowé mangan wohing wit-witan kabèh sing ana ing petamanan iki?” (Purwaning Dumadi 3:1, Basa Jawi Padintenan) Ing jamané Ayub, Sétan takon karo Yéhuwah ing ngarepé para malaékat, ”Punapa tanpa pituwas Ayub anggènipun ngabekti dhumateng Gusti Allah?” (Ayub 1:9) Sakwisé Yésus dibaptis, Sétan kandha karo Yésus, ”Nèk kowé pancèn putrané Gusti Allah, kongkonen watu-watu iki dadi roti.”​—Matius 4:3.

14. Piyé carané Sétan nggawé wong-wong mikir nèk ilmu gaib kuwi ora bahaya?

14 Nganti saiki, Sétan terus ngupaya nggawé awaké dhéwé ragu-ragu. Sétan péngin awaké dhéwé mikir nèk ilmu gaib kuwi ora bahaya. Dhèwèké nggawé kegiatan sing ana hubungané karo ilmu gaib dadi kétok ora salah. (2 Korintus 11:3) Mula, piyé carané bèn ora diapusi karo Sétan? Ayo dirembug carané Sétan ngapusi manungsa, yaiku léwat hiburan lan perawatan keséhatan.

SÉTAN NGGUNAKKÉ KEPÉNGINANÉ AWAKÉ DHÉWÉ

15. Piyé awaké dhéwé isa nduwé hubungan karo hantu-hantu léwat hiburan?

15 Jaman saiki, ana akèh film, video, acara TV, game, lan situs Internet sing nyritakké soal roh-roh jahat lan ilmu gaib. Wong-wong mikir nèk kuwi mung hiburan. Ramalan bintang, ramalan garis tangan, lan kitab primbon ya ana hubungané karo ilmu gaib. Kuwi kabèh digunakké Sétan bèn wong-wong penasaran karo ilmu gaib lan nganggep nèk kuwi nyenengké lan ora bahaya. Wong mikir nèk mung ndelok kuwi ora apa-apa, sing penting ora nggunakké ilmu gaib. Apa kuwi bener?​—1 Korintus 10:12.

16. Apa sebabé awaké dhéwé aja nganti milih hiburan sing ana hubungané karo ilmu gaib?

16 Senajan ora ngerti pikirané awaké dhéwé, Sétan isa ngerti kepénginané awaké dhéwé saka hiburan sing dipilih. Nèk awaké dhéwé milih film, musik, utawa buku sing nyritakké soal ilmu sihir, dhukun, wong-wong sing kesurupan, jin, pocongan, lan liya-liyané, Sétan lan hantu-hantuné bakal ngerti nèk awaké dhéwé penasaran soal kuwi. Akibaté, awaké dhéwé dadi luwih gampang dipengaruhi kanggo nggunakké ilmu gaib.​—Wacanen Galatia 6:7.

17. Sétan péngin awaké dhéwé nggunakké perawatan keséhatan sing kaya apa?

17 Awaké dhéwé mesthi péngin séhat. Sétan isa nggunakké kepénginan kuwi bèn awaké dhéwé nggunakké ilmu gaib. Awaké dhéwé mungkin lara parah lan ora mari-mari senajan wis bola-bali digawa ing rumah sakit utawa dokter. (Markus 5:25, 26) Awaké dhéwé mungkin dadi bingung lan akhiré nggolèk perawatan keséhatan sing ana hubungané karo ilmu gaib. Ning, aja nganti awaké dhéwé milih perawatan keséhatan kaya ngono.​—Kaimaman 19:31.

Njaluka bantuané Yéhuwah wektu lara

18. Awaké dhéwé aja nganti nggunakké perawatan keséhatan sing kaya apa?

18 Wektu ana sing nggunakké ilmu gaib, Yéhuwah kandha karo wong-wong Israèl, ”Manawa sira padha ngegaraké tanganira prelu ndedonga, Ingsun bakal nasabi [utawa, nutupi] paningalingSun, malah sanadyan sira ndedonga mawali-wali Ingsun ora bakal midhangetaké.” (Yésaya 1:15) Yéhuwah ora bakal ngrungokké dongané wong Israèl sing nggunakké ilmu gaib. Awaké dhéwé mesthi péngin tetep cedhak karo Yéhuwah lan terus dibantu Yéhuwah, khususé wektu lara. (Jabur 41:4) Mula, awaké dhéwé kudu nggolèk katrangan dhisik soal perawatan keséhatan sing arep dipilih. (Matius 6:13) Nèk kétoké kuwi ana hubungané karo ilmu gaib, awaké dhéwé aja nganti nggunakké perawatan keséhatan kuwi.​—Deloken Cathetan 32.

CRITA SOAL HANTU-HANTU

19. Apa sebabé wong-wong wedi karo Sétan?

19 Ana sing nganggep nèk Sétan lan hantu-hantuné kuwi ora ana. Ning, sing liyané percaya nèk kuwi ana. Akèh wong wis tau diwedèni lan wis biasa nindakké tradhisi sing ana hubungané karo ilmu gaib. Ana manèh sing seneng nyritakké soal hantu-hantu sing ngganggu manungsa bèn wong liya wedi. Wong-wong biasané penasaran karo crita kaya ngono, lan kuwi dicritakké manèh karo wong liya. Akhiré, wong-wong padha wedi karo Sétan.

20. Apa buktiné nèk awaké dhéwé mbantu Sétan?

20 Sétan péngin wong-wong wedi karo dhèwèké. (2 Tésalonika 2:9, 10) Sétan ngapusi lan mengaruhi wong-wong sing seneng karo ilmu gaib bèn percaya karo crita-crita sing durung mesthi bener. Ana wong sing crita nèk wis tau ndelok hantu utawa krungu swarané. Nèk kuwi kerep dicritakké karo wong liya, critané isa ditambah-tambahi. Awaké dhéwé aja nganti nyebarké crita kaya ngono. Kuwi padha waé awaké dhéwé mbantu Sétan.​—Yohanes 8:44; 2 Timotius 2:16.

21. Timbang nyritakké soal hantu, awaké dhéwé isa nyritakké apa?

21 Awaké dhéwé ora perlu wedi karo Sétan lan hantu-hantuné. Nèk wis tau diwedèni Sétan, kuwi aja dicritakké karo wong liya. Ning, awaké dhéwé kuduné mikirké lan nyritakké soal Yésus lan kuwasané. (Ibrani 12:2) Yésus ora nyritakké soal hantu karo para muridé, ning malah crita soal Kratoné Allah lan ”perkara-perkara sing nggumunké sing ditindakké Gusti Allah”.​—Kisah 2:11; Lukas 8:1; Roma 1:11, 12.

22. Awaké dhéwé aja nganti ngapa?

22 Sétan nggunakké akèh cara kanggo ngrusak hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah. Ning, awaké dhéwé wis ngerti cara-cara kuwi. Mula, ”aja mènèhi kesempatan kanggo Iblis”. (Wacanen Éfésus 4:27.) Aja nganti nindakké apa waé sing ana hubungané karo ilmu gaib. Awaké dhéwé kudu terus nglawan Sétan bèn ora kena pengaruhé lan bèn isa terus dilindhungi Yéhuwah.—Éfésus 6:11.