Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 3

Miliha Kanca sing Nresnani Yéhuwah

Miliha Kanca sing Nresnani Yéhuwah

”Sapa kang srawungan karo wong wicaksana, dadi wicaksana.”​—WULANG BEBASAN 13:20.

1-3. (a) Saka Wulang Bebasan 13:20, awaké dhéwé isa ngerti apa? (b) Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngati-ati wektu milih kanca?

 SAKDURUNGÉ isa ngomong, bayi wis isa ngerti omongan lan tingkah lakuné wong tuwané. Wektu tambah gedhé, dhèwèké bakal niru wong tuwané. Mula, wong sing wis gedhé ya isa niru pikiran lan tingkah lakuné wong sing akrab karo dhèwèké.

2 Saka Wulang Bebasan 13:20, awaké dhéwé ngerti nèk ”sapa kang srawungan karo wong wicaksana, dadi wicaksana”. Maksudé ”srawungan karo” yaiku kekancan. Nèk kekancan karo wong, awaké dhéwé mesthi kerep ing endi-endi karo wong kuwi. Awaké dhéwé isa dadi nresnani dhèwèké, ngrasa nyaman, lan akhiré péngin niru wong kuwi.

3 Kanca kuwi pengaruhé gedhé banget. Wulang Bebasan 13:20 kandha manèh, ”Nanging sapa kang kekancan karo wong gemblung iku nemu sangsara.” Kanca sing nresnani Gusti Allah bakal mbantu awaké dhéwé tetep setya marang Gusti Allah. Bèn isa milih kanca sing apik, ayo dirembug sapa waé sing dipilih Yéhuwah dadi kancané.

SAPA WAÉ KANCANÉ YÉHUWAH?

4. Apa sebabé dadi kancané Yéhuwah kuwi kaurmatan sing gedhé? Apa sebabé Yéhuwah nyebut Abraham ”mitraningSun”?

4 Yéhuwah, sing nguwasani jagad sak isiné, péngin awaké dhéwé dadi kancané. Mesthi kuwi kaurmatan sing gedhé banget. Ning, Yéhuwah ora sembarangan milih kanca. Yéhuwah kekancan karo wong-wong sing nduwé iman lan tresna marang Yéhuwah. Contoné, yaiku Abraham. Ping bola-bali Abraham mbuktèkké nèk dhèwèké nduwé iman lan manut karo Yéhuwah. Dhèwèké nindakké kabèh préntahé Gusti Allah nganti gelem ngorbanké anaké, yaiku Ishak. Abraham percaya nèk ”Gusti Allah sanggup nguripké manèh putrané saka antarané wong mati”. (Ibrani 11:17-19; Purwaning Dumadi 22:1, 2, 9-13) Merga nduwé iman lan manut, Yéhuwah nyebut Abraham ”mitraningSun”.​—Yésaya 41:8; Yakobus 2:21-23.

5. Piyé pandhangané Yéhuwah soal wong-wong sing luwih setya karo Yéhuwah timbang karo liyané?

5 Yéhuwah nganggep kanca-kancané kuwi berharga banget merga wong-wong kuwi luwih setya karo Yéhuwah timbang karo liyané. (Wacanen 2 Samuèl 22:26.) Wong-wong kuwi setya lan manut merga nresnani Yéhuwah. Alkitab kandha nèk Yéhuwah kekancan karo ”wong kang temen”, yaiku wong sing manut karo Yéhuwah. (Wulang Bebasan 3:32) Yéhuwah ngundang kancané bèn dadi tamu istiméwa ing ’tarubé’, maksudé isa ngibadah lan ndonga marang Yéhuwah kapan waé.​—Jabur 15:1-5.

6. Apa buktiné nèk awaké dhéwé nresnani Yésus?

6 Yésus kandha, ”Wong sing nresnani aku bakal nindakké omonganku. Bapakku bakal nresnani dhèwèké.” (Yohanes 14:23) Mula, bèn isa dadi kancané Yéhuwah, awaké dhéwé ya kudu nresnani Yésus lan manut karo wulangané. Contoné, préntahé Yésus soal nginjil lan ndadèkké murid. (Matius 28:19, 20; Yohanes 14:15, 21) Merga nresnani Yésus, awaké dhéwé ngupaya niru dhèwèké ”kanthi tliti”. (1 Pétrus 2:21) Yéhuwah seneng banget nèk awaké dhéwé terus ngupaya bèn omongan lan tumindaké awaké dhéwé niru Yésus.

7. Apa sebabé awaké dhéwé kudu kekancan karo kanca-kancané Yéhuwah?

7 Yéhuwah kekancan karo wong-wong sing setya, nduwé iman, lan manut karo Yéhuwah. Wong-wong kuwi ya kudu nresnani Yésus. Apa kanca-kancané awaké dhéwé ya kaya ngono? Nèk kancané awaké dhéwé niru Yésus lan semangat nginjil, dhèwèké isa mbantu awaké dhéwé dadi wong sing luwih apik lan terus setya marang Yéhuwah.

NIRU CONTO-CONTO ING ALKITAB

8. Apa sing njenengan senengi saka crita soal Rut lan Naomi?

8 Ing Alkitab, ana akèh conto wong-wong sing kekancan akrab. Misalé, Rut karo mertuané, yaiku Naomi. Wong wédok loro kuwi asalé saka dhaérah lan latar belakang sing béda. Umuré Naomi ya luwih tuwa timbang Rut. Senajan ngono, wong loro kuwi isa kekancan akrab merga padha-padha nresnani Yéhuwah. Wektu Naomi arep lunga saka Moab lan mulih menyang Israèl, Rut ”isih nggondhèli dhèwèké”. Rut kandha, ”Bangsa panjenengan inggih bangsa kula, sarta Gusti Allah panjenengan inggih Gusti Allah kula.” (Rut 1:14, 16) Rut apikan banget karo Naomi. Wektu tekan Israèl, Rut nyambut gawé kanggo nyukupi kebutuhané Naomi. Naomi nresnani Rut lan mènèhi saran sing apik. Rut ngrungokké sarané Naomi lan hasilé wong loro kuwi éntuk akèh berkah.​—Rut 3:6.

9. Apa sing njenengan senengi saka crita soal Daud lan Yonatan?

9 Conto liyané yaiku Daud karo Yonatan. Wong loro kuwi isa kekancan akrab merga padha-padha setya karo Yéhuwah. Umuré Yonatan kira-kira 30 taun luwih tuwa timbang Daud, lan dhèwèké kuduné nggantèni bapaké dadi raja ing Israèl. (1 Samuèl 17:33; 31:2; 2 Samuèl 5:4) Ning, wektu ngerti nèk Yéhuwah milih Daud dadi raja ing Israèl, Yonatan ora mèri. Malah, Yonatan gelem nindakké apa waé kanggo ndhukung Daud. Contoné, wektu Daud lagi ngadhepi bahaya, Yonatan ”nyantosakaké pangandelé Sang Dawud [utawa, Daud] marang Gusti Allah”. Yonatan ora wedi kélangan nyawané merga dadi kancané Daud. (1 Samuèl 23:16, 17) Daud ya dadi kanca sing setya. Daud janji bakal njaga keluargané Yonatan. Janji kuwi terus ditepati malah nganti sakwisé Yonatan mati.​—1 Samuèl 18:1; 20:15-17, 30-34; 2 Samuèl 9:1-7.

10. Apa sing isa ditiru saka Sadrakh, Mésakh, lan Abèdnégo?

10 Sadrakh, Mésakh, lan Abèdnégo kuwi cah-cah enom Ibrani sing digawa lunga adoh saka omahé wektu isih cilik. Merga adoh karo keluargané, bocah-bocah kuwi nguwatké siji lan sijiné bèn isa tetep setya marang Yéhuwah. Wektu wis gedhé, wong telu kuwi dikongkon Raja Nebukadnézar nyembah patung emas. Ning, wong telu kuwi ora gelem lan kandha karo raja, ”Kawula sami . . . boten badhé nyembah dhateng reca kencana [utawa, patung emas] ingkang kaadegaken déning gusti kawula punika.” Senajan ngadhepi bahaya, wong telu mau tetep setya karo Gusti Allah.​—Dhanièl 1:1-17; 3:12, 16-28.

11. Apa sebabé Paulus lan Timotius isa kekancan akrab?

11 Sakwisé kenal karo cah enom sing jenengé Timotius, Rasul Paulus ngerti nèk Timotius nresnani Yéhuwah lan perduli karo para sedulur ing jemaat. Mula, Paulus nglatih Timotius bèn isa mbantu para sedulur ing dhaérah liya. (Kisah 16:1-8; 17:10-14) Paulus kandha nèk Timotius ”nyambut gawé kanthi mempeng demi kabar apik bareng karo aku”. Paulus ngerti nèk Timotius bakal ”kanthi tulus perduli” marang para sedulur. Merga padha-padha ngabdi marang Yéhuwah, Paulus lan Timotius isa kekancan akrab.​—Filipi 2:20-22; 1 Korintus 4:17.

CARANÉ MILIH KANCA

12, 13. (a) Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngati-ati wektu milih kanca ing jemaat? (b) Apa sebabé Paulus mènèhi naséhat sing ana ing 1 Korintus 15:33?

12 Ing jemaat, awaké dhéwé isa niru tuladhané para sedulur lan nguwatké para sedulur bèn isa tetep setya. (Wacanen Roma 1:11, 12.) Ning, senajan ana ing jemaat, awaké dhéwé tetep kudu ngati-ati wektu milih kanca. Para sedulur ing jemaat nduwé latar belakang lan budaya sing béda-béda. Ana sing lagi waé nggabung ing jemaat, lan ana sing wis suwé ngabdi marang Yéhuwah. Kaya buah sing butuh wektu bèn isa mateng, wong ya butuh wektu bèn nduwé hubungan sing cedhak karo Yéhuwah. Dadi, awaké dhéwé kudu sabar, nresnani para sedulur, lan tetep ngati-ati wektu milih kanca.​—Roma 14:1; 15:1; Ibrani 5:12–6:3.

13 Awaké dhéwé aja kekancan karo sedulur seiman sing sengaja nglanggar pathokané Alkitab. Awaké dhéwé ya aja kekancan karo wong sing ora manut pengaturan ing jemaat sing isa nggawé jemaat dadi ora rukun. Ing jamané Rasul Paulus, ya tau ana masalah ing jemaat. Mula, Paulus kandha, ”Aja padha ngapusi awakmu dhéwé. Sesrawungan sing ala ngrusak kebiasaan sing apik.” (1 Korintus 15:12, 33) Paulus ya ngandhani Timotius bèn ngati-ati wektu milih kanca. Mula, awaké dhéwé kudu ngati-ati wektu milih kanca.​—Wacanen 2 Timotius 2:20-22.

14. Apa pengaruhé kanca kanggo hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah?

14 Awaké dhéwé kudu terus ngupaya bèn hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah tetep cedhak merga kuwi berharga banget. Mula, awaké dhéwé aja kekancan karo sapa waé sing isa ngrusak hubungan kuwi. Kaya spons sing dicemplungké ing banyu reged, sing diserep ora mungkin banyu resik. Nèk kekancan karo wong sing ora manut karo Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi ya bakal mèlu-mèlu kaya ngono. Mula, awaké dhéwé kudu ngati-ati wektu milih kanca.​—1 Korintus 5:6; 2 Tésalonika 3:6, 7, 14.

Awaké dhéwé isa kekancan karo wong sing nresnani Yéhuwah

15. Piyé carané bèn isa nduwé kanca ing jemaat?

15 Ing jemaat, awaké dhéwé isa kekancan karo wong-wong sing nresnani Yéhuwah. (Jabur 133:1) Kaya Yonatan sing luwih tuwa timbang Daud lan Rut sing luwih enom timbang Naomi, awaké dhéwé aja mung kekancan karo sing sak umuran utawa sing latar belakangé padha. Awaké dhéwé péngin manut karo kandhané Alkitab, ”Bukaken atimu sak amba-ambané.” (2 Korintus 6:13; wacanen 1 Pétrus 2:17.) Nèk terus ngupaya niru Yéhuwah, awaké dhéwé bakal nduwé luwih akèh kanca.

WEKTU ANA MASALAH

16, 17. Senajan ana sing nglarani ati, awaké dhéwé aja nganti ngapa?

16 Saben anggota keluarga mesthi nduwé sipat lan pandhangan sing béda-béda. Para sedulur ing jemaat ya kaya ngono. Kuwi sakjané ana manfaaté kanggo awaké dhéwé. Ning, kuwi ya isa dadi masalah. Merga salah paham, awaké dhéwé isa waé dadi nesu utawa lara ati. (Wulang Bebasan 12:18) Apa mung merga masalah kaya ngono awaké dhéwé dadi ora semangat ngabdi manèh, utawa ngedoh saka jemaat?

17 Ora. Senajan ana sing nglarani ati, awaké dhéwé aja nganti ngedoh saka jemaat merga dudu Yéhuwah sing salah. Yéhuwah wis mènèhi awaké dhéwé urip lan liya-liyané. Mula, awaké dhéwé kudu tresna lan setya marang Yéhuwah. (Wahyu 4:11) Jemaat kuwi anugrah saka Yéhuwah bèn imané awaké dhéwé isa tetep kuwat. (Ibrani 13:17) Awaké dhéwé ora bakal ngedoh saka jemaat mung merga ana sing nglarani ati.​—Wacanen Jabur 119:165.

18. (a) Piyé carané bèn isa tetep rukun karo para sedulur? (b) Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngapura wong liya?

18 Awaké dhéwé nresnani para sedulur lan péngin tetep rukun. Yéhuwah ora njaluk awaké dhéwé kudu sampurna, mula awaké dhéwé ya kudu kaya ngono karo para sedulur. (Wulang Bebasan 17:9; 1 Pétrus 4:8) Ora ana wong sing ora tau salah. Mula, awaké dhéwé kudu gelem ”ngapurani kanthi tulus marang siji lan sijiné” merga nresnani para sedulur ing jemaat. (Kolose 3:13) Merga tresna, awaké dhéwé mesthi ora bakal nggawé masalah sing cilik dadi gedhé. Wektu ana sing nglarani ati, ora gampang nglalèkké kesalahané wong kuwi. Nèk kuwi terus diéling-éling, awaké dhéwé isa dadi mangkel lan akhiré dendam. Kuwi sakjané malah nggawé awaké dhéwé dadi susah lan ora bahagia. Ning, nèk gelem ngapura, awaké dhéwé isa ngrasa ayem, jemaat isa tetep rukun, lan sing paling penting, hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah isa tetep akrab.​—Matius 6:14, 15; Lukas 17:3, 4; Roma 14:19.

WEKTU ANA SING DITOKKÉ SAKA JEMAAT

19. Kapan awaké dhéwé kudu ”mandheg sesrawungan” karo sedulur ing jemaat?

19 Saben anggota keluarga péngin keluargané bahagia. Ning, kuwi mesthi ora gampang nèk ana sing mbrontak. Kabèh anggota keluarga wis ngandhani wong kuwi, ning dhèwèké ora gelem manut. Wong kuwi isa waé lunga saka omah, utawa malah diusir karo kepala keluargané. Kuwi ya isa kelakon ing jemaat. Isa waé ana sing terus-terusan nglanggar pathokané Yéhuwah lan bahaya kanggo jemaat. Dhèwèké ora gelem dikandhani lan saka kelakuané kétok nèk dhèwèké ora gelem dadi anggota jemaat manèh. Mungkin akhiré dhèwèké ninggalké jemaat, utawa malah kudu ditokké saka jemaat. Nèk ana sing kaya ngono, Alkitab ngandhani nèk awaké dhéwé kudu ”mandheg sesrawungan” karo wong kuwi. (Wacanen 1 Korintus 5:11-13; 2 Yohanes 9-11) Kuwi isa waé ora gampang nèk wong kuwi kanca utawa keluargané awaké dhéwé. Ning, awaké dhéwé kudu luwih setya karo Yéhuwah timbang karo wong liya.​—Deloken Cathetan 8.

20, 21. (a) Wektu wong sing nglanggar pathokané Yéhuwah ditokké saka jemaat, kuwi sakjané bukti tresna. Apa sebabé? (b) Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngati-ati wektu milih kanca?

20 Nèk wong sing nglanggar pathokané Yéhuwah ditokké saka jemaat, jemaat ora bakal kena pengaruh sing èlèk. Kuwi sakjané bukti katresnané Yéhuwah. (1 Korintus 5:7; Ibrani 12:15, 16) Nèk ndhukung pengaturan kuwi, awaké dhéwé mbuktèkké nèk manut karo pathokané Yéhuwah, nresnani Yéhuwah, lan péngin Yéhuwah diluhurké. (1 Pétrus 1:15, 16) Wong sing ditokké saka jemaat ya isa ngrasakké katresnané Yéhuwah. Dhèwèké isa ngerti nèk kelakuané salah lan péngin berubah. Akèh sing wis ditokké saka jemaat akhiré gelem ngibadah manèh marang Yéhuwah lan ditampa manèh ing jemaat.​—Ibrani 12:11.

21 Kanca kuwi pengaruhé gedhé banget. Mula, awaké dhéwé kudu ngati-ati wektu milih kanca. Nèk kekancan karo wong-wong sing nresnani Yéhuwah, awaké dhéwé isa dibantu bèn tetep setya marang Yéhuwah.