Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 17

Tetep Ditresnani Gusti Allah

Tetep Ditresnani Gusti Allah

”Kuwatna awakmu nganggo dhasar imanmu sing paling suci . . . Tetep dadi wong sing ditresnani Gusti Allah.”​—YUDAS 20, 21.

1, 2. Piyé carané bèn tetep ditresnani Gusti Allah?

 MERGA péngin séhat lan kuwat, awaké dhéwé mangan panganan sing bergizi, olahraga, lan ngupaya bèn awak tetep resik. Pancèn ora gampang, ning kuwi mesthi ana manfaaté. Sakliyané kuwi, ana manèh sing kudu dijaga tetep kuwat.

2 Senajan wis cedhak karo Yéhuwah, awaké dhéwé kudu terus nguwatké hubungan karo Yéhuwah. Yudas ngandhani carané bèn ”tetep dadi wong sing ditresnani Gusti Allah”. Yudas kandha, ”Kuwatna awakmu nganggo dhasar imanmu sing paling suci.” (Yudas 20, 21) Piyé carané nguwatké iman?

TERUS NGUWATKÉ IMAN

3-5. (a) Sétan péngin awaké dhéwé nganggep pathokané Yéhuwah kuwi piyé? (b) Piyé pandhangané njenengan soal hukum lan pathokané Yéhuwah?

3 Awaké dhéwé kudu yakin nèk pathokané Yéhuwah mesthi sing paling apik. Ning, kèt jamané Adam lan Hawa, Sétan péngin manungsa nganggep nèk pathokané Yéhuwah kuwi angèl dilakoni, lan manungsa isa luwih bahagia nèk ora manut karo Yéhuwah. (Purwaning Dumadi 3:1-6) Nganti saiki, Sétan ya terus ngupaya bèn awaké dhéwé nduwé pandhangan kaya ngono.

4 Apa pathokané Yéhuwah nggawé awaké dhéwé ora bébas? Ora. Misalé, wektu lagi mlaku-mlaku ing taman, njenengan ndelok ana dhaérah sing dipageri dhuwur. Njenengan mungkin mikir, ’Ngapa ya kok ndadak dipageri?’ Ning, bar kuwi ana swara singa saka njero pager. Njenengan mesthi bersyukur merga ana pager sing nglindhungi. Pathokané Yéhuwah kaya pager kuwi, lan Sétan kaya singa mau. Alkitab kandha, ”Dadia wicaksana lan waspada. Mungsuhmu, Iblis, klinteran kaya singa sing nggero-nggero, ngupaya nggolèk manungsa kanggo dimangsa.”​—1 Pétrus 5:8.

5 Bèn awaké dhéwé bahagia lan ora diapusi Sétan, Yéhuwah mènèhi hukum lan pathokan. (Éfésus 6:11) Yakobus kandha, ”Wong sing nliti hukum sing sampurna sing nggawé merdéka lan sing terus manut . . . bakal bungah wektu nindakké kuwi.”​—Yakobus 1:25.

6. Piyé carané bèn isa yakin nèk pathokané Yéhuwah mesthi sing paling apik?

6 Nèk manut karo pathokané Yéhuwah, awaké dhéwé isa bahagia lan hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah isa luwih kuwat. Contoné, awaké dhéwé isa ngrasakké dhéwé manfaaté ndonga. (Matius 6:5-8; 1 Tésalonika 5:17) Awaké dhéwé ya isa bahagia nèk teka ing pakumpulan ibadah, nguwatké para sedulur, lan mèlu nginjil. (Matius 28:19, 20; Galatia 6:2; Ibrani 10:24, 25) Nèk mikirké manfaaté, imané awaké dhéwé isa tambah kuwat. Awaké dhéwé ya isa tambah yakin nèk pathokané Yéhuwah mesthi sing paling apik.

7, 8. Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk sukmbèn bakal isa tetep setya?

7 Awaké dhéwé mungkin kuwatir nèk sukmbèn ora bakal isa tetep setya. Ning, Yéhuwah mènèhi jaminan, ”Iya Ingsun iki Yéhuwah, Allahira, kang mulang marang sira bab apa kang maédahi, kang nuntun sira ana ing dalan kang kudu sira liwati. Manawa sira nggatèkaké marang dhawuh-dhawuhingSun, tentrem rahayunira bakal kaya kali kang ora tau asat, lan kabegjanira [utawa, tumindak sing bener] bakal terus lubèr kaya ombaking sagara kang ora tau lèrèn.”​—Yésaya 48:17, 18.

8 Nèk manut karo Yéhuwah, rasa ayemé awaké dhéwé bakal kaya kali sing ora tau asat, lan tumindaké awaké dhéwé sing bener bakal kaya ombak sing terus ana ing pantai. Awaké dhéwé bakal isa terus setya karo Yéhuwah senajan ngadhepi masalah. Alkitab kandha, ”Sumelangmu pasrahna marang Pangéran Yéhuwah, temah kowé mesthi direksa! Pangéran ora marengaké, yèn wong mursid gloyoran ing salawasé.”​—Jabur 55:23.

”TERUS NGUPAYA KANGGO DADI DIWASA”

9, 10. Apa maksudé ”dadi diwasa”?

9 Bèn hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah saya kuwat, awaké dhéwé kudu ”terus ngupaya kanggo dadi diwasa”. (Ibrani 6:1) Apa maksudé?

10 Diwasa kuwi dudu tambah umuré. Bèn isa diwasa, awaké dhéwé kudu cedhak lan nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah. (Yohanes 4:23) Paulus kandha, ”Wong sing uripé manut pepénginan daging mesthi mikirké pepénginan dagingé kuwi, nanging wong sing uripé manut tuntunan roh suci mesthi mikirké bab-bab sing cocog karo roh suci kuwi.” (Roma 8:5) Wong sing diwasa luwih ngutamakké Yéhuwah timbang kesenengané dhéwé utawa bandha. Wong kuwi ya isa nggawé keputusan sing bener. (Wulang Bebasan 27:11; wacanen Yakobus 1:2, 3.) Wong sing diwasa terus ngupaya nglakoni sing bener lan ora gelem nglakoni sing salah.

11, 12. (a) Apa kandhané Paulus soal ’kesanggupan kanggo mikir’? (b) Apa sebabé carané ”dadi diwasa” kuwi padha kaya carané dadi atlet?

11 Awaké dhéwé kudu ngupaya bèn ”dadi diwasa”. Rasul Paulus kandha, ”Panganan sing akas kuwi kanggo wong diwasa, sing terus nggunakké kesanggupané kanggo mikir, sing wis dilatih kanggo mbédakké sing bener lan sing salah.” (Ibrani 5:14) Nèk krungu kata ”dilatih”, awaké dhéwé mungkin dadi kèlingan karo atlet olahraga.

12 Ora ana wong sing lair langsung dadi atlet. Wektu lair, bayi durung isa apa-apa, ning suwé-suwé isa nyekel barang lan isa mlaku. Merga terus latihan, dhèwèké akhiré isa dadi atlet. Awaké dhéwé ya ngono. Bèn isa ”dadi diwasa”, awaké dhéwé kudu terus latihan.

13. Piyé carané bèn nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah?

13 Saka buku iki, awaké dhéwé wis ngerti carané bèn nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah. Awaké dhéwé ya ngerti nèk kudu manut pathokané Yéhuwah. Mula, sakdurungé nggawé keputusan, pikirna, ’Hukum utawa pathokan Alkitab endi sing isa tak trapké? Piyé carané ngetrapké? Yéhuwah péngin aku ngapa?’​—Wacanen Wulang Bebasan 3:5, 6; Yakobus 1:5.

14. Piyé carané nguwatké iman?

14 Bèn isa terus nguwatké iman marang Yéhuwah, awaké dhéwé kudu sinau Alkitab. Kuwi kaya mangan panganan sing bergizi sing isa nggawé awaké dhéwé kuwat. Wektu mulai sinau Alkitab, awaké dhéwé sinau wulangan dhasar Alkitab. Ning, saya suwé, awaké dhéwé perlu sinau Alkitab luwih akèh manèh. Kuwi sing dimaksud Paulus wektu kandha, ”Panganan sing akas kuwi kanggo wong diwasa.” Nèk ngetrapké kabèh sing wis disinau, awaké dhéwé isa dadi ’wicaksana’. Alkitab kandha nèk ’nggolèk kawicaksanan kuwi prekara nomer siji sing kudu dilakoni’.​—Wulang Bebasan 4:5-7, Basa Jawi Padintenan; 1 Pétrus 2:2.

15. Apa sebabé awaké dhéwé kudu terus nresnani Yéhuwah lan para sedulur?

15 Awaké dhéwé kudu njaga keséhatan bèn terus séhat lan kuwat. Wong diwasa ya kaya ngono. Dhèwèké kudu terus ngupaya nguwatké hubungan karo Yéhuwah. Paulus kandha, ”Terus priksanen apa uripmu cocog karo iman Kristen. Terus priksanen kaya apa kowé saktenané.” (2 Korintus 13:5) Ning, ora mung kuwi. Dhèwèké ya kudu terus nresnani Yéhuwah lan para sedulur. Paulus kandha, ”Nèk aku nduwé . . . pangertèn, uga nduwé iman sing kuwat banget nganti isa mindhah gunung, nanging aku ora nduwé katresnan, apa sing tak tindakké kuwi ora ana gunané babar blas.”​—1 Korintus 13:1-3.

TERUS MIKIRKÉ HARAPAN

16. Sétan péngin awaké dhéwé piyé?

16 Sétan péngin awaké dhéwé ora bahagia. Dhèwèké péngin awaké dhéwé mikir nèk ora bakal isa nyenengké Yéhuwah lan nèk masalahé awaké dhéwé ora bakal isa diatasi. Sétan péngin awaké dhéwé ora semangat ngabdi manèh lan ora percaya karo para sedulur ing jemaat. (Éfésus 2:2) Sétan ngerti nèk pikiran sing salah isa ngrusak hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah. Ning, Yéhuwah mènèhi harapan kanggo mbantu awaké dhéwé mbuwang pikiran sing salah.

17. Apa sebabé awaké dhéwé kudu nduwé harapan?

17 Ing 1 Tésalonika 5:8, Alkitab madhakké harapan kaya topi wesi sing nglindhungi sirahé prajurit wektu perang. Topi kuwi disebut ”pangarep-arep keslametan”. Nèk nduwé harapan marang janji-janjiné Yéhuwah, awaké dhéwé isa nduwé pikiran sing bener lan mbuwang pikiran sing salah.

18, 19. Piyé harapan isa nggawé Yésus tetep setya?

18 Merga nduwé harapan, Yésus isa tetep setya senajan ngalami akèh masalah. Sakdurungé mati, Yésus dikhianati karo kanca akrabé, ora diakoni karo salah siji muridé, lan ditinggal lunga para murid liyané. Wong-wong Yahudi ya nglawan lan njaluk bèn Yésus dipatèni ing cagak. Apa sebabé Yésus isa tetep setya? ”Merga kabungahan sing didèlèhké ing ngarepé, dhèwèké tekun ing cagak paukuman lan ora ngrasa isin, lan saiki dhèwèké lungguh ing sisih tengen tahtané Gusti Allah.”​—Ibrani 12:2.

19 Yésus ngerti nèk dhèwèké tetep setya, kuwi isa ngluhurké Yéhuwah lan mbuktèkké nèk Sétan kuwi tukang ngapusi. Yésus ya ngerti nèk ora suwé manèh bakal ketemu karo bapaké ing swarga. Kabèh harapan kuwi nggawé Yésus tetep seneng lan setya. Kaya Yésus, nèk terus mikirké harapan, awaké dhéwé isa tetep setya senajan ngadhepi akèh masalah.

20. Nèk mulai ora percaya manèh karo harapan saka Yéhuwah, awaké dhéwé kudu piyé?

20 Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé nduwé iman lan tetep setya. (Yésaya 30:18; wacanen Maléakhi 3:10.) Yéhuwah janji bakal ’maringi pepénginaning atiné’ awaké dhéwé. (Jabur 37:4) Mula, awaké dhéwé kudu terus mikirké harapan. Sétan péngin bèn awaké dhéwé lali karo harapané awaké dhéwé utawa mikir nèk janjiné Yéhuwah kuwi ora bakal kelakon. Aja nganti awaké dhéwé mikir kaya ngono. Nèk mulai mikir kaya ngono, awaké dhéwé isa njaluk bantuané Yéhuwah, kaya kandhané Filipi 4:6, 7, ”Aja nguwatirké apa waé, nanging ing kabèh kahanan, nyuwuna bantuané Gusti Allah liwat donga lan panyuwun sarta ucapan sokur, lan Gusti Allah bakal maringi katentreman sing ora isa dipahami manungsa, lan nganggo cara iki, Panjenengané bakal njaga ati lan pikiranmu liwat Kristus Yésus.”

21, 22. (a) Yéhuwah péngin bumi iki dadi kaya apa? (b) Apa tékadé njenengan?

21 Awaké dhéwé kudu terus mbayangké harapané awaké dhéwé. Urip ing donya anyar mesthi nyenengké banget. Kabèh wong bakal ngibadah marang Yéhuwah. (Wahyu 7:9, 14) Sétan, hantu-hantuné, lan wong-wong sing jahat bakal disingkirké. Awaké dhéwé bakal terus séhat, ora lara, lan ora mati. Kabèh wong bakal bareng-bareng nggawé bumi dadi firdaus. Bakal ana akèh panganan sing énak lan panggonan sing nyaman. Wong-wong bakal padha rukun. Akhiré, kabèh wong bakal ngrasakké ”kemerdékaan sing mulya kaya sing diduwèni anak-anaké Gusti Allah”.​—Roma 8:21.

22 Yéhuwah péngin awaké dhéwé dadi kanca akrabé. Mula, terusa manut lan nyedhak karo Yéhuwah. Muga-muga awaké dhéwé isa tetep ditresnani Yéhuwah saklawasé.​—Yudas 21.