Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 10

Urip Bebojoan Kuwi Anugrah

Urip Bebojoan Kuwi Anugrah

”[Tali] telu ora gampang dipedhot.”​—KOHÈLÈT 4:12.

1, 2. (a) Wong sing dadi mantèn biasané mbayangké apa? (b) Apa waé sing bakal dirembug?

 PAS dadi mantèn, wong lanang lan wong wédok mesthi kétok seneng banget. Wong loro kuwi mbayangké nèk urip bebojoané bakal bahagia sakterusé.

2 Ning, nyatané ora kabèh wong bebojoan ngrasakké kaya ngono. Bèn urip bebojoané bahagia, awaké dhéwé butuh tuntunané Gusti Allah. Ayo dirembug jawaban saka pitakonan-pitakonan iki: Apa manfaaté urip bebojoan? Nèk arep nikah, awaké dhéwé kudu milih bojo sing kaya apa? Piyé carané isa dadi bojo sing apik? Lan, piyé carané bèn urip bebojoan tetep rukun?​—Wacanen Wulang Bebasan 3:5, 6.

APA AKU KUDU NIKAH?

3. Apa wong kudu nikah bèn isa bahagia? Terangna.

3 Ana sing kandha nèk wong sing ora nikah kuwi ora isa bahagia. Ning, kuwi ora bener. Yésus kandha nèk ora nikah kuwi anugrah. (Matius 19:10-12) Rasul Paulus ya kandha nèk ora nikah kuwi ana manfaaté. (1 Korintus 7:32-38) Ning, awaké dhéwé isa mutuské dhéwé arep nikah apa ora. Aja nganti awaké dhéwé nikah mung merga dipengaruhi kanca, keluarga, utawa budaya.

4. Apa manfaaté urip bebojoan?

4 Alkitab kandha nèk nikah kuwi ya anugrah saka Gusti Allah lan ana manfaaté. Yéhuwah kandha karo Adam, ”Ora prayoga manungsa iku yèn ijèn baé; Sunkaryakné rowang [utawa, penolong] kang sembada dadi jodhoné.” (Purwaning Dumadi 2:18) Yéhuwah nyiptakké Hawa bèn dadi bojoné Adam, lan wong loro kuwi dadi keluarga sing sepisanan. Nèk nduwé anak, anak-anak isa éntuk dhukungan lan kasih sayang saka wong tuwané. Ning, tujuané urip bebojoan ora mung bèn isa nduwé anak.​—Jabur 127:3; Éfésus 6:1-4.

5, 6. Piyé carané bèn urip bebojoan isa kaya tali telu?

5 Raja Salomo kandha, ”Wong loro iku luwih prayoga tinimbang karo wong siji, awit iku padha tampa pituwas kang becik tumrap kangèlané. Amarga manawa padha tiba, kang siji banjur nangèkaké sijiné, nanging cilaka wong kang ijèn manawa tiba, awit ora ana wong liyané kang nangèkaké. . . . [Tali] telu ora gampang dipedhot.”​—Kohèlèt 4:9-12.

6 Wong bebojoan kuwi kaya kanca akrab sing padha-padha nulungi, nyemangati, lan nglindhungi. Rasa tresna isa nguwatké hubungané wong bebojoan. Ning, kuwi isa luwih kuwat manèh nèk wong bebojoan padha-padha ngabdi marang Yéhuwah. Kuwi kaya tali telu sing didadèkké siji. Tali telu luwih kuwat timbang loro. Urip bebojoan ya isa luwih kuwat nèk dituntun Yéhuwah.

7, 8. Apa naséhaté Paulus soal urip bebojoan?

7 Sakwisé nikah, wong bebojoan isa nindakké hubungan sèks. (Wulang Bebasan 5:18) Ning, nèk wong péngin nikah mung bèn isa nindakké hubungan sèks, dhèwèké isa waé nggolèk bojo sak-saké. Mula, Alkitab kandha nèk wong sing arep nikah kudu ”wis cukup umur”. (1 Korintus 7:36) Aja nikah wektu rasa péngin nindakké hubungan sèks lagi kuwat-kuwaté merga awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing ora bener.​—1 Korintus 7:9; Yakobus 1:15.

8 Nèk péngin nikah, awaké dhéwé ya kudu ngerti nèk wong bebojoan mesthi nduwé masalah. Paulus kandha nèk wong bebojoan ”bakal ngalami akèh kasusahan”. (1 Korintus 7:28) Urip bebojoan sing bahagia ya tetep bakal ana masalah. Mula, nèk arep nikah, aja nganti awaké dhéwé nggolèk bojo sak-saké.

KUDU MILIH BOJO SING KAYA APA?

9, 10. Awaké dhéwé isa ngalami apa nèk nikah karo wong sing dudu abdiné Yéhuwah?

9 Ana pathokané Alkitab sing isa mbantu awaké dhéwé wektu arep milih bojo, ”Aja nyawiji karo wong-wong sing ora seiman.” (2 Korintus 6:14) Urip bebojoan isa dipadhakké karo beban sing dipikul kéwan loro kanggo mbajak sawah. Nèk kéwan loro kuwi béda ukuran utawa kekuwatané, mesthiné ora isa mikul beban bareng-bareng. Salah sijiné bakal sengsara banget. Urip bebojoan ya kaya ngono. Nèk nikah karo sing dudu abdiné Yéhuwah, awaké dhéwé bakal sengsara. Mula, Alkitab ngandhani nèk awaké dhéwé kudu nikah ”karo pengikuté Gusti”.​—1 Korintus 7:39.

10 Kadhang kala, ana sing nikah karo wong sing dudu abdiné Yéhuwah mung merga kesepian. Ning, nèk nglanggar pathokané Alkitab, awaké dhéwé biasané bakal sengsara. Ibadah marang Yéhuwah kuwi sing paling penting. Piyé rasané nèk awaké dhéwé ora isa ngibadah bareng-bareng karo bojo? Mula, akèh sing milih ora nduwé bojo timbang nikah karo wong sing dudu abdiné Yéhuwah.​—Wacanen Jabur 32:8.

11. Piyé carané nggawé keputusan sing bener wektu milih bojo?

11 Ning, ora berarti kabéh abdiné Yéhuwah cocog dadi bojoné awaké dhéwé. Nèk péngin nikah, golèka bojo sing pancèn awaké dhéwé tresnani, sing isa nggawé awaké dhéwé nyaman, sing nduwé tujuan sing padha, lan sing ngutamakké ibadah marang Yéhuwah. Awaké dhéwé ya isa maca lan mikirké tenanan saran-saran sing ana ing wacan Alkitab.​—Wacanen Jabur 119:105.

12. Awaké dhéwé isa ngerti apa saka Alkitab soal Abraham sing milihké bojo kanggo anaké?

12 Ana dhaérah sing nduwé kebiasaan nèk anak-anak kudu dipilihké bojo karo wong tuwané. Wong tuwa dianggep isa milihké bojo sing cocog kanggo anaké. Wong-wong ing jaman Alkitab ya kaya ngono. Nèk budayané awaké dhéwé kaya ngono, wong tuwa isa manut karo pathokané Alkitab wektu milihké bojo anaké. Contoné, wektu milihké bojo kanggo Ishak, Abraham ora ndelok dhuwit utawa derajaté calon mantuné, ning ndelok tresnané marang Yéhuwah.Purwaning Dumadi 24:3, 67; deloken Cathetan 25.

APA SING KUDU DIPIKIRKÉ SAKDURUNGÉ NIKAH?

13-15. (a) Piyé carané wong lanang isa dadi bojo sing apik? (b) Piyé carané wong wédok isa dadi bojo sing apik?

13 Nèk arep nikah, kuduné awaké dhéwé wis siap. Mula, ayo dirembug apa maksudé wis siap nikah.

Wacanen lan pikirna kandhané Alkitab soal urip bebojoan

14 Alkitab kandha nèk wong lanang lan wong wédok nduwé tanggung jawab sing béda ing keluarga. Mula, sing kudu disiapké wong lanang lan wong wédok ya béda. Wong lanang kudu mikirké apa dhèwèké wis siap dadi kepala keluarga. Yéhuwah péngin wong lanang nresnani lan nyukupi kebutuhané bojo lan anaké. Ning, sing paling penting, wong lanang kudu dadi conto soal ngibadah. Alkitab kandha nèk wong lanang sing ora ngopèni keluargané ”luwih ala ketimbang wong sing ora nduwé iman”. (1 Timotius 5:8) Mula, nèk njenengan wong lanang sing arep nikah, gatèkna pathokané Alkitab iki, ”Pagawéanmu ing jaba rampungna, sarta cawisna iku ana ing pategalan, sawusé iku banjur lagi ngadegna omahmu.” Dadi, sakdurungé nikah, njenengan kudu ngupaya bèn mbésuk isa dadi bojo kaya sing dikarepké Yéhuwah.​—Wulang Bebasan 24:27.

15 Wong wédok sing arep nikah kudu mikirké apa dhèwèké wis siap nglakoni tanggung jawabé ing keluarga, yaiku dadi bojo lan mungkin dadi ibu. Alkitab ngandhani carané wong wédok isa ngopèni bojo lan anaké. (Wulang Bebasan 31:10-31) Jaman saiki, akèh wong sing mung mikir apa sing isa ditindakké bojoné kanggo dhèwèké. Ning, Yéhuwah péngin awaké dhéwé mikirké apa sing isa awaké dhéwé tindakké kanggo bojo.

16, 17. Sakdurungé nikah, apa sing kudu dipikirké?

16 Sakdurungé nikah, awaké dhéwé kudu mikirké pandhangané Yéhuwah soal wong bebojoan. Senajan wong lanang kuwi kepala keluarga, omongané aja kasar lan aja seneng ngantemi bojoné. Wong lanang kudu niru Yésus sing nresnani lan apikan karo para muridé. (Éfésus 5:23) Wong wédok kudu gelem kerja sama lan ndhukung keputusané bojoné. (Roma 7:2) Wong wédok kudu mikirké apa dhèwèké gelem manut karo bojoné sing ora sampurna. Nèk ngrasa durung isa, mungkin luwih apik nèk dhèwèké aja nikah dhisik.

17 Wong bebojoan ya kudu ngutamakké kepentingané bojoné. (Wacanen Filipi 2:4.) Paulus kandha, ”Saben wong lanang ing antaramu kudu nresnani bojoné kaya nresnani badané dhéwé, semono uga sing wadon kudu bener-bener ngajèni bojoné.” (Éfésus 5:21-33) Wong bebojoan kudu padha-padha nresnani lan ngajèni. Bèn urip bebojoané bahagia, wong lanang kudu mbuktèkké nèk nresnani bojoné, lan wong wédok mbuktèkké nèk ngajèni bojoné.

18. Apa sebabé kudu ngati-ati wektu pacaran?

18 Wektu pacaran, wong sing arep nikah isa luwih kenal karo pacaré bèn isa mutuské apa arep neruské hubungané nganti nikah. Wong loro mau isa padha-padha ngerti sipat lan perasaané pacaré. Wektu hubungané saya akrab, wong sing pacaran mesthi péngin nduduhké rasa sayangé. Ning, wong loro kuwi kudu ngati-ati bèn aja nganti nglakoni hubungan sèks sakdurungé nikah. Tresna sing sejati isa mbantu wong loro kuwi bèn ora nglakoni apa waé sing isa ngrusak hubungané karo pacaré lan hubungané karo Yéhuwah.​—1 Tésalonika 4:6.

Wektu pacaran, wong sing arep nikah isa luwih kenal karo pacaré

CARANÉ BÈN URIP BEBOJOAN TETEP RUKUN

19, 20. Piyé pandhangané wong Kristen soal urip bebojoan?

19 Akèh buku lan film nyritakké wong-wong sing akhiré nikah lan urip bahagia. Ning, nyatané, nikah kuwi lagi awalé. Yéhuwah péngin wong bebojoan terus setya karo bojoné.​—Purwaning Dumadi 2:24.

20 Jaman saiki, akèh sing ngrèmèhké urip bebojoan. Wong gampang nikah, ning ya gampang pegatan. Ana sing kandha nèk wong bebojoan isa langsung pegatan wektu ana masalah. Ning, Yésus kandha, ”Apa sing wis didadèkké siji karo Gusti Allah ora éntuk dipisahké manungsa.” (Matius 19:6) Kaya sing wis dirembug, Alkitab ya nyebutké soal tali telu sing didadèkké siji. Tali kaya ngono ora gampang dipedhot senajan ana sing arep medhot. Urip bebojoan ya kaya ngono. Urip bebojoan isa tetep rukun nèk njaluk tuntunané Yéhuwah.

21. Apa sing isa nggawé wong bebojoan nresnani siji lan sijiné?

21 Kabèh wong nduwé kelebihan lan kekurangan, ning luwih gampang ndelok kekurangané wong liya, khususé kekurangané bojo. Nèk ngono, awaké dhéwé ora bakal bahagia. Ning, nèk ngupaya ndelok kelebihané, awaké dhéwé isa bahagia. Apa awaké dhéwé isa ndelok kelebihané wong sing ora sampurna? Isa. Senajan ngerti nèk awaké dhéwé ora sampurna, Yéhuwah ndelok sipat-sipat apiké awaké dhéwé. Piyé nèk misalé Yéhuwah mung ndelok sipat-sipat èlèké awaké dhéwé? Sing nulis buku Jabur kandha, ”Dhuh Yéhuwah, manawi Paduka ngènget-ènget dhateng durakaning tiyang, dhuh Pangéran, sinten ingkang saged lestantun?” (Jabur 130:3) Wong bebojoan isa niru Yéhuwah nèk ndelok sipat-sipat apiké bojoné lan gelem ngapura.​—Wacanen Kolose 3:13.

22, 23. Piyé wong bebojoan isa niru contoné Abraham lan Sara?

22 Saya suwé, urip bebojoan isa saya rukun lan bahagia, kaya urip bebojoané Abraham lan Sara. Sara kuwi kanca akrabé Abraham. Umuré Sara mungkin luwih saka 60 taun wektu Yéhuwah ngongkon Abraham lunga saka Ur. Kanggoné Sara, mesthiné ora gampang lunga saka omah terus manggon ing kémah. Ning, merga ngajèni Abraham, Sara ndhukung keputusané bojoné.​—Purwaning Dumadi 18:12; 1 Pétrus 3:6.

23 Wong bebojoan isa waé béda pandhangan. Abraham ya wis tau ora setuju karo bojoné. Ning, Yéhuwah kandha karo Abraham, ”Apa sapanjaluké Sara marang sira iku turutana.” (Purwaning Dumadi 21:9-13) Aja sedhih nèk béda pandhangan karo bojo. Sing penting, isih tetep padha-padha nresnani lan ngajèni.

Njaluka tuntunané Yéhuwah kèt awal nikah

24. Piyé carané bèn urip bebojoané awaké dhéwé isa ngluhurké Yéhuwah?

24 Akèh Seksi Yéhuwah sing urip bebojoané bahagia. Nèk péngin nduwé bojo, awaké dhéwé kudu ngerti nèk milih bojo kuwi salah siji keputusan sing paling penting. Kuwi bakal ana pengaruhé kanggo uripé awaké dhéwé sakterusé. Nèk njaluk tuntunané Yéhuwah, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener wektu milih bojo lan siap kanggo urip bebojoan. Urip bebojoané awaké dhéwé ya isa rukun, bahagia, lan akhiré isa ngluhurké Yéhuwah.