Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 11

Urip Bebojoan sing Rukun lan Bahagia

Urip Bebojoan sing Rukun lan Bahagia

”Katresnan kuwi ora ana entèké.”​—1 KORINTUS 13:8.

1, 2. Nèk wong bebojoan nduwé masalah, apa kuwi berarti urip bebojoané ora bahagia? Terangna.

 URIP bebojoan kuwi anugrah sing nyenengké. Senajan ngono, urip bebojoan mesthi ana masalah. Nèk terus-terusan ana masalah, wong bebojoan isa waé ngrasa nèk tresnané wis luntur.

2 Wong bebojoan mesthi nduwé masalah. Ning, kuwi ora berarti nèk urip bebojoané ora bahagia. Ana wong bebojoan sing nduwé akèh masalah ning akhiré isa ngatasi masalahé lan tetep rukun karo bojoné. Kok isa?

CEDHAK KARO YÉHUWAH LAN KARO BOJO

3, 4. Masalah apa sing kadhang kala dialami wong bebojoan?

3 Wong bebojoan nduwé pandhangan lan kesenengan sing béda. Budaya lan kebiasaan keluargané ya béda. Mula, butuh wektu lan upaya bèn isa ngerti sipat-sipat lan kebiasaané bojoné.

4 Suwé-suwé, wong bebojoan isa waé nduwé kesibukan dhéwé-dhéwé. Kuwi isa nggawé hubungané dadi ora cedhak manèh. Mula, piyé carané bèn wong bebojoan isa saya cedhak karo bojoné?

Naséhat saka Alkitab mbantu bèn urip bebojoan isa bahagia

5. (a) Apa sing isa mbantu wong bebojoan bèn isa saya cedhak karo bojoné? (b) Nurut Ibrani 13:4, piyé kuduné pandhangané awaké dhéwé soal urip bebojoan?

5 Yéhuwah mènèhi naséhat bèn wong bebojoan isa saya cedhak karo Yéhuwah lan karo bojoné. (Jabur 25:4; Yésaya 48:17, 18) Yéhuwah kandha, ”Urip bebojoan kuwi kudu diajèni karo kabèh wong.” (Ibrani 13:4) Nèk nduwé barang sing berharga, awaké dhéwé mesthi bakal ngopèni barang kuwi. Yéhuwah ya péngin awaké dhéwé nduwé pandhangan kaya ngono soal urip bebojoan.

URIP BEBOJOAN ISA BAHAGIA NÈK MANUT TUNTUNANÉ YÉHUWAH

6. Nurut Matius 19:4-6, piyé pandhangané Yéhuwah soal urip bebojoan?

6 Yéhuwah kuwi sing nggawé urip bebojoan sing sepisanan. Yéhuwah péngin wong bebojoan terus setya karo bojoné bèn keluargané isa rukun lan bahagia. Yésus ya kandha, ”Apa kowé durung tau maca nèk saka wiwitan Gusti Allah nggawé manungsa lanang lan wadon, banjur ngendika, ’Kuwi sebabé wong lanang bakal ninggalké bapaké lan ibuné, terus bakal urip bareng karo bojoné, lan loro-loroné kuwi bakal dadi siji’? Mula, wong lanang lan wong wadon kuwi dudu loro manèh, nanging siji. Kuwi sebabé, apa sing wis didadèkké siji karo Gusti Allah ora éntuk dipisahké manungsa.”​—Matius 19:4-6.

7. Piyé wong bebojoan isa ngatasi masalahé?

7 Ning, jaman saiki masalah sing kudu diadhepi keluarga luwih abot timbang jaman mbiyèn. Kadhang kala, nganti ana sing péngin pisah utawa pegatan. Ning, nèk ngerti pandhangané Yéhuwah soal urip bebojoan, masalah kuwi isa diatasi.​—1 Yohanes 5:3.

8, 9. (a) Kapan awaké dhéwé kudu manut karo tuntunané Yéhuwah soal urip bebojoan? (b) Apa buktiné nèk awaké dhéwé nganggep urip bebojoan kuwi berharga?

8 Tuntunané Yéhuwah mesthi ana manfaaté. Yéhuwah mènèhi naséhat, ”Urip bebojoan kuwi kudu diajèni.” (Ibrani 13:4; Kohèlèt 5:3) Awaké dhéwé mesthi bakal ngrasakké manfaaté nèk manut karo tuntunané Yéhuwah, senajan kuwi mungkin angèl dilakoni.​—1 Tésalonika 1:3; Ibrani 6:10.

9 Nèk nganggep urip bebojoan kuwi berharga, aja nganti tingkah laku utawa omongané awaké dhéwé nggawé urip bebojoan dadi ora rukun. Awaké dhéwé malah kudu ngupaya bèn isa saya cedhak karo bojo. Piyé carané?

KUDU NGATI-ATI KARO OMONGAN LAN TINGKAH LAKUNÉ AWAKÉ DHÉWÉ

10, 11. (a) Masalah apa sing biasané ana ing urip bebojoan? (b) Wektu ngomong, apa sebabé kudu mikirké perasaané bojo?

10 Senajan ora ngantemi utawa nganiaya bojo, ning awaké dhéwé isa waé nglarani atiné bojo nganggo akèh cara. Salah sijiné léwat omongan. Omongan isa dadi kaya senjata. Ana wong wédok sing kandha, ”Bojoku seneng ngunèk-ngunèkké aku. Atiku lara banget wektu diunèkké, ’Kowé nyusahké!’ lan ’Kowé ora ana gunané!’” Ana wong lanang sing crita nèk bojoné seneng ngrèmèhké léwat omongan. Dhèwèké kandha, ”Saking kasaré, aku nganti ora isa mbalèni omongané. Kuwi sebabé aku ora omongan karo dhèwèké lan luwih seneng lembur. Luwih pénak ing panggonan kerja timbang ing omah.” Jaman saiki, omongan sing kasar, nylekit, lan nglarani ati kuwi wis biasa.

11 Akibat saka omongan sing kasar lan nglarani ati kuwi angèl ditambani. Yéhuwah ora seneng wong bebojoan kaya ngono, ning kadhang kala kuwi isa kelakon tanpa disengaja. Mungkin awaké dhéwé ngrasa ora apa-apa ngomong kaya ngono, ning piyé perasaané bojoné awaké dhéwé? Nèk omongané awaké dhéwé kasar lan nglarani ati, apa awaké dhéwé gelem berubah?​—Galatia 5:15; wacanen Éfésus 4:31.

12. Apa sing isa mengaruhi hubungané wong bebojoan karo Yéhuwah?

12 Wektu omongan wong loro utawa ing ngarepé wong liya, omongané awaké dhéwé karo bojo ana pengaruhé kanggo hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah. (Wacanen 1 Pétrus 3:7.) Yakobus 1:26 kandha, ”Nèk ana wong sing rumangsa dadi penyembahé Gusti Allah, nanging dhèwèké ora isa ngendhalèni ilaté, wong kuwi ngapusi atiné dhéwé lan ibadahé ora ana gunané.”

13. Apa manèh sing isa nggawé bojo lara ati?

13 Ana alesan liya sing isa marahi bojo lara ati. Contoné, piyé perasaané bojoné awaké dhéwé nèk awaké dhéwé nggunakké akèh wektu karo wong lanang utawa wong wédok liya? Mungkin alesané bener, misalé nginjil bareng utawa mbantu ngatasi masalah, ning kuwi isa nglarani atiné bojo. Ana sedulur wédok sing kandha, ”Aku sedhih banget wektu bojoku luwih nggatèkké sedulur wédok liya ing jemaat. Kuwi nggawé aku ngrasa ora berharga.”

14. (a) Pathokan apa sing ana ing Purwaning Dumadi 2:24? (b) Pitakonan apa sing kudu dipikirké?

14 Senajan awaké dhéwé kudu nggatèkké wong tuwa lan para sedulur ing jemaat, ning nggatèkké bojo kuwi sing paling penting. Yéhuwah kandha nèk wong lanang bakal ”rumaket marang bojoné”. (Purwaning Dumadi 2:24) Awaké dhéwé kudu mikirké perasaané bojo. Coba dipikir, ’Apa aku ngekèki bojoku wektu, perhatian, lan kasih sayang sing dibutuhké?’

15. Apa sebabé wong sing wis nikah aja nganti terlalu cedhak karo wong lanang utawa wong wédok liya?

15 Aja nganti awaké dhéwé terlalu cedhak karo wong lanang utawa wong wédok liya merga kuwi isa dadi masalah. Awaké dhéwé isa waé mulai seneng karo wong kuwi. (Matius 5:28) Nèk kuwi diteruské, akibaté urip bebojoan isa rusak.

’URIP BEBOJOAN ORA ÉNTUK DIGAWÉ NAJIS’

16. Préntah apa sing ana ing Alkitab soal urip bebojoan?

16 Sakwisé kandha nèk ”urip bebojoan kuwi kudu diajèni”, Alkitab ya kandha, ”Ora éntuk digawé najis, merga Gusti Allah bakal ngadili wong-wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah lan sing laku jina.” (Ibrani 13:4; Wulang Bebasan 5:18) Apa buktiné nèk awaké dhéwé nganggep urip bebojoan kuwi berharga lan ’ora digawé najis’?

17. (a) Piyé pandhangané wong-wong jaman saiki soal selingkuh? (b) Piyé kuduné pandhangané wong Kristen soal selingkuh?

17 Jaman saiki, ana sing nganggep nèk selingkuh kuwi ora salah. Aja nganti awaké dhéwé nduwé pandhangan kaya ngono. Yéhuwah ora seneng karo wong sing selingkuh lan wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah. (Wacanen Roma 12:9; Ibrani 10:31; 12:29) Selingkuh kuwi ngrusak urip bebojoan. Nèk selingkuh, kuwi artiné awaké dhéwé ora manut karo préntahé Yéhuwah. Hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah ya isa rusak. Mula, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa tetep setya karo bojo. Salah siji carané yaiku mbuwang pikiran sing ora bener soal wong lanang utawa wong wédok liya.​—Ayub 31:1.

18. (a) Apa sebabé wong sing selingkuh dipadhakké kaya wong sing nyembah brahala? (b) Piyé pandhangané Yéhuwah soal selingkuh?

18 Nurut Hukum Musa, selingkuh kuwi dosa gedhé. Hukumané padha kaya wong sing nyembah brahala, yaiku dipatèni. (Kaimaman 20:2, 10) Apa sebabé selingkuh dipadhakké kaya nyembah brahala? Wong sing nyembah berhala kuwi ora setya karo Yéhuwah, lan wong sing selingkuh kuwi ora setya karo bojo. (Pangentasan 19:5, 6; Pangandharing Torèt 5:9; wacanen Maléakhi 2:14.) Dadi, kanggoné Yéhuwah, selingkuh kuwi dosa gedhé.

19. Apa sebabé kudu tetep setya karo bojo?

19 Nèk jaman saiki piyé? Senajan Hukum Musa wis ora dinggo manèh, pandhangané Yéhuwah soal selingkuh ora berubah. Awaké dhéwé kudu tetep setya karo bojo, kaya awaké dhéwé tetep setya karo Yéhuwah. (Jabur 51:3, 6; Kolose 3:5) Nèk selingkuh, kuwi tegesé awaké dhéwé ora ngajèni Yéhuwah lan ora nganggep nèk urip bebojoan kuwi berharga.​—Deloken Cathetan 26.

CARANÉ BÈN TETEP RUKUN KARO BOJO

20. Apa pengaruhé ”kawicaksanan” kanggo urip bebojoan?

20 Piyé carané bèn tetep rukun karo bojo? Alkitab kandha, ”Srana kawicaksanan omah iku kaadegaké, lan kasantosakaké dening kapinteran.” (Wulang Bebasan 24:3) Urip bebojoan kuwi kaya omah. Omah isa dadi panggonan sing nyenengké utawa ora. Urip bebojoan ya kaya ngono. Nèk nggunakké ”kawicaksanan”, urip bebojoan isa tetep nyenengké.

21. Piyé pengetahuan saka Alkitab isa mbantu bèn urip bebojoan tetep rukun?

21 Alkitab ya kandha, ”Sarta srana kawasisan [utawa, pengetahuan] kamar-kamaré padha kaisènan, raja-brana warna-warna kang larang regané lan kang nengsemaké.” (Wulang Bebasan 24:4) Pengetahuan saka Alkitab isa mbantu bèn urip bebojoan luwih bahagia. (Roma 12:2; Filipi 1:9) Wektu bareng-bareng maca Alkitab lan wacan Alkitab, wong bebojoan isa ngrembug carané ngetrapké. Golèka cara-cara bèn isa nresnani lan ngajèni bojo. Awaké dhéwé ya isa ngupaya nduduhké perhatian lan sipat apikan. Njaluka bantuané Yéhuwah bèn nduwé sipat-sipat sing isa nggawé awaké dhéwé saya tresna lan rukun karo bojo.​—Wulang Bebasan 15:16, 17; 1 Pétrus 1:7.

Njaluk tuntunané Yéhuwah wektu ibadah keluarga

22. Apa sebabé awaké dhéwé kudu nresnani lan ngajèni bojo?

22 Nèk terus ngupaya nresnani lan ngajèni bojo, urip bebojoan isa tetep rukun. Ning, sing paling penting, kuwi isa nyenengké Yéhuwah.​—Jabur 147:11; Roma 12:10.