Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 8

Yéhuwah Péngin Umaté Resik

Yéhuwah Péngin Umaté Resik

”Tumrap tiyang ingkang suci, Paduka inggih tumindak suci.”​—JABUR 18:27.

1-3. (a) Apa sebabé ibu péngin anaké resik? (b) Apa sebabé Yéhuwah péngin umaté resikan?

 SAKDURUNGÉ anaké mangkat sekolah, biasané ibuné péngin anaké wis adus lan nganggo klambi sing resik lan rapi. Ibuné péngin anaké tetep séhat lan péngin wong-wong ngerti nèk anaké pancèn tenanan diopèni.

2 Yéhuwah péngin awaké dhéwé suci utawa resik. (Jabur 18:27) Yéhuwah ngerti nèk dadi wong sing resikan kuwi ana manfaaté kanggo awaké dhéwé. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya isa ngluhurké Yéhuwah.​—Yéheskièl 36:22; wacanen 1 Pétrus 2:12.

3 Apa maksudé dadi wong sing resikan, lan apa manfaaté? Jawaban saka pitakonan-pitakonan iki isa mbantu awaké dhéwé dadi wong sing resik.

APA SEBABÉ KUDU RESIKAN?

4, 5. (a) Apa sebabé awaké dhéwé kudu resikan? (b) Sebutna conto ciptaané Yéhuwah sing mbuktèkké nèk Yéhuwah seneng sing resik.

4 Alesan utamané awaké dhéwé kudu resikan yaiku merga ’niru Gusti Allah’. (Éfésus 5:1) Awaké dhéwé isa dadi resikan nèk niru contoné Yéhuwah.​—Kaimaman 11:44, 45.

5 Saka ciptaané, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah seneng sing resik. Yéhuwah ngatur bèn udara lan banyu ing bumi iki isa tetep resik. (Yérémia 10:12) Senajan manungsa wis nggawé bumi reged, ning bumi isa resik dhéwé. Contoné, Yéhuwah nggawé makhluk hidup sing cilik banget, jenengé mikroba. Kuwi mung isa didelok nganggo mikroskop. Mikroba isa nggawé limbah beracun dadi ora bahaya manèh. Kuwi luar biasa banget. Malah, para ilmuwan nggunakké mikroba kanggo ngresiki polusi.​—Roma 1:20.

6, 7. Saka Hukum Musa, apa buktiné nèk wong sing ngibadah marang Yéhuwah kudu resik?

6 Saka Hukum Musa, awaké dhéwé ngerti nèk dadi wong sing resikan kuwi penting banget. Contoné, wong Israèl kudu resik awaké bèn ibadahé ditampa. Wektu Dina Pangapurané Dosa, imam agung kudu adus ping pindho. (Kaimaman 16:4, 23, 24) Sakdurungé para imam ngekèkké korban, tangan lan sikilé kudu diwisuhi. (Pangentasan 30:17-21; 2 Babad 4:6) Kadhang kala, wong sing ora resikan isa dihukum mati.​—Kaimaman 15:31; Wilangan 19:17-20.

7 Nèk jaman saiki piyé? Awaké dhéwé isa ngerti pathokané Yéhuwah saka Hukum Musa. (Maléakhi 3:6) Saka kono, awaké dhéwé ngerti nèk umaté Yéhuwah kudu tetep resik. Pathokané Yéhuwah ora berubah. Nganti saiki, Yéhuwah péngin umaté tetep resikan.​—Yakobus 1:27.

APA MAKSUDÉ KUDU RESIK?

8. Sing kudu resik kuwi apa waé?

8 Nurut Yéhuwah, sing kudu resik kuwi ora mung awak, klambi, lan omah. Ning, kuwi ya klebu ibadah, kelakuan, lan pikiran. Dadi, kanggoné Yéhuwah, sing disebut resik kuwi resik sakabèhé.

9, 10. Apa maksudé resik ibadahé?

9 Resik ibadahé. Aja nganti awaké dhéwé ndhukung agama palsu nganggo cara apa waé. Pas ana ing Babilon, wong Israèl manggon karo wong-wong sing nindakké sèks bébas wektu ngibadah lan sing mulangké agama palsu. Yésaya ngramalké nèk wong Israèl bakal bali menyang Israèl lan ngibadah manèh nganggo cara sing bener. Yéhuwah kandha karo wong Israèl, ”Ngedoha, ngedoha! Metua saka ing kono! Kowé aja nganti kagepok kang najis! Padha metua saka ing satengahé, padha sesucia.” Ibadah marang Yéhuwah ora isa dicampur karo ajaran, budaya, utawa kebiasaan agama palsu saka Babilon.​—Yésaya 52:11.

10 Saiki, wong Kristen ya ora gelem ndhukung agama palsu. (Wacanen 1 Korintus 10:21.) Ana akèh tradhisi, budaya, lan kebiasaan sing asalé saka ajaran agama palsu. Contoné, wong-wong padha nggawé acara utawa perayaan merga percaya nèk arwahé wong mati isih ana. (Kohèlèt 9:5, 6, 10) Aja mèlu-mèlu kaya ngono. Keluargané awaké dhéwé isa waé meksa bèn awaké dhéwé mèlu kebiasaan kuwi. Ning, awaké dhéwé tetep ora gelem mèlu merga péngin tetep resik nurut pandhangané Yéhuwah.​—Kisah 5:29.

11. Apa maksudé resik kelakuané?

11 Resik kelakuané. Bèn dianggep resik karo Yéhuwah, aja nganti awaké dhéwé nglakoni hubungan sèks sing ora sah. (Wacanen Éfésus 5:5.) Ing Alkitab, Yéhuwah mréntahké bèn awaké dhéwé ’nyingkir saka hubungan sèks sing ora sah’. Wong-wong sing nglakoni kaya ngono lan ora gelem mertobat ”ora bakal nampa warisan Kratoné Allah”.​—1 Korintus 6:9, 10, 18; deloken Cathetan 22.

12, 13. Apa sebabé kudu resik pikirané?

12 Resik pikirané. Awaké dhéwé biasané nglakoni sing dipikirké. (Matius 5:28; 15:18, 19) Nèk pikirané resik, sing dilakoni mesthi bener. Merga ora sampurna, awaké dhéwé isa nduwé pikiran sing salah. Nèk ana pikiran kaya ngono, kuwi kudu cepet-cepet dibuwang. Nèk ora, awaké dhéwé isa mulai nduwé kepénginan sing salah lan akhiré kuwi dilakoni. Mula, awaké dhéwé kudu mikirké sing apik lan sing bener. (Wacanen Filipi 4:8.) Awaké dhéwé aja nganti seneng karo hiburan sing saru lan sing isiné tumindak kejem. Awaké dhéwé kudu ngati-ati milih apa sing diwaca, ditonton, lan diomongké.​—Jabur 19:9, 10.

13 Bèn tetep ditresnani Yéhuwah, awaké dhéwé kudu resik ibadahé, kelakuané, lan pikirané. Ning, sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya kudu njaga awak lan lingkungan tetep resik.

AWAK LAN LINGKUNGAN KUDU RESIK

14. Apa sebabé kudu resikan?

14 Nèk awak lan lingkungané awaké dhéwé resik, kuwi ana manfaaté kanggo awaké dhéwé lan wong liya. Awaké dhéwé isa ngrasa pénak lan wong liya isa ngrasa nyaman. Ning, ana alesan sing luwih penting. Nèk awaké dhéwé resikan, kuwi isa ngluhurké Yéhuwah. Gambarané, nèk weruh ana cah cilik sing ora resikan, awaké dhéwé mesthi mikir sing èlèk soal wong tuwané. Awaké dhéwé ya ngono. Nèk awaké dhéwé ora resikan, wong-wong mesthi bakal mikir sing èlèk soal Yéhuwah. Paulus kandha, ”Ing bab apa waé, aku kabèh ora péngin nggawé wong-wong kesandhung, supaya wong-wong ora nyacad pelayanan sing padha tak tindakké. Nanging, ing kabèh bab, aku kabèh nduduhké nèk aku kabèh iki abdiné Gusti Allah.”​—2 Korintus 6:3, 4.

Umaté Yéhuwah kudu njaga awak lan lingkungané tetep resik

15, 16. Njaga awak tetep resik kuwi klebu apa waé? Lan, klambiné awaké dhéwé kudu piyé?

15 Awak lan klambi. Saben dina awaké dhéwé kudu resikan. Misalé, awaké dhéwé kudu adus. Nèk isa ya saben dina. Awaké dhéwé kudu wisuh nganggo sabun, khususé sakdurungé masak, sakdurungé mangan, sakwisé ing WC, utawa sakwisé ndemèk sing reged. Wisuh kuwi sepélé ning penting banget merga isa ngilangi bakteri lan ora nularké penyakit. Awaké dhéwé ya isa tetep séhat. Nèk ora nduwé WC, awaké dhéwé kudu tetep mbuwang kotoran nganggo cara sing bener. Bangsa Israèl jaman mbiyèn ora nduwé WC, dadi kotorané dipendhem ing lemah, adoh saka omah lan mata air.​—Pangandharing Torèt 23:12, 13.

16 Klambiné awaké dhéwé ora perlu néka-néka, larang, utawa modhèl sing paling anyar. Sing penting kudu resik lan rapi. (Wacanen 1 Timotius 2:9, 10.) Awaké dhéwé kudu ngupaya bèn penampilané awaké dhéwé isa ngluhurké Yéhuwah.​—Titus 2:10.

17. Apa sebabé omah lan barang-barangé awaké dhéwé kudu resik?

17 Omah lan barang-barang. Wektu nginjil, awaké dhéwé crita karo wong liya nèk sukmbèn bakal urip ing bumi sing resik. (Lukas 23:43; Wahyu 11:18) Mula, omahé awaké dhéwé kudu resik. Mobil, sepédha motor, sepédha, utawa kendaraan liyané ya kudu resik, khususé nèk kuwi dinggo nginjil utawa lunga ing pakumpulan ibadah. Nèk omah lan barang-barangé awaké dhéwé resik, kuwi bukti nèk awaké dhéwé siap urip ing donya anyar.

18. Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngresiki panggonan ibadah?

18 Panggonan ibadah. Nèk nganggep kebersihan kuwi penting, awaké dhéwé kudu ngresiki panggonan ibadah, klebu Balé Ibadah lan panggonan kebaktian. Wong sing sepisanan teka ing pakumpulan ibadah biasané seneng ndelok kebersihané Balé Ibadah. Kuwi isa ngluhurké Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé kudu ngresiki lan ngrawat Balé Ibadah.​—2 Babad 34:10.

MANDHEG NGLAKONI KEBIASAAN SING SALAH

19. Apa sing ora éntuk dilakoni?

19 Senajan ing Alkitab ora ana daftar soal kebiasaan sing salah, ning awaké dhéwé isa ngerti pandhangané Yéhuwah léwat pathokan-pathokané sing ana ing Alkitab. Yéhuwah ora seneng nèk awaké dhéwé ngrokok, mabuk-mabukan, lan nganggo narkoba. Awaké dhéwé kancané Yéhuwah, mula ora bakal nglakoni kaya ngono. Awaké dhéwé ya nganggep nèk urip kuwi berharga banget. Seneng ngrokok, mabuk-mabukan, lan nganggo narkoba isa nggawé awaké dhéwé lara-laranen lan cepet mati. Awaké dhéwé ya isa nyusahké wong liya. Akèh sing ora ngono manèh merga péngin séhat. Ning, alesan utamané awaké dhéwé ora nglakoni kaya ngono, yaiku merga awaké dhéwé nresnani Yéhuwah. Ana wong wédok sing kandha, ”Yéhuwah mbantu aku bèn ora kecanduan manèh. . . . Aku ora isa ngatasi kecanduanku tanpa bantuané Yéhuwah.” Ayo dirembug lima pathokan sing isa mbantu awaké dhéwé mandheg nglakoni kebiasaan sing salah.

20, 21. Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé nglakoni kebiasaan apa?

20 ”Sedulur-sedulur sing tak tresnani, merga kita wis nampa janji-janji kuwi, ayo padha nyucèkké urip kita saka apa waé sing nggawé najis badan lan pikiran kita, supaya anggon kita dadi suci kuwi saya sampurna merga wedi marang Gusti Allah.” (2 Korintus 7:1) Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé nglakoni kebiasaan sing isa ngrusak awak lan pikirané awaké dhéwé.

21 Alesan utama awaké dhéwé kudu ”nyucèkké urip kita saka apa waé sing nggawé najis” ana ing 2 Korintus 6:17, 18. Yéhuwah kandha, ”Aja ndemèk apa sing najis.” Yéhuwah ya janji, ”Aku bakal nampa kowé. Aku bakal dadi Bapakmu, lan kowé bakal dadi anak-anak-Ku lanang lan wadon.” Kaya bapak sing nresnani anak-anaké, Yéhuwah ya bakal nresnani awaké dhéwé nèk awaké dhéwé ora nglakoni kebiasaan sing salah.

22-25. Pathokan Alkitab apa waé sing isa mbantu awaké dhéwé mandheg nglakoni kebiasaan sing salah?

22 ”Tresnaa marang Yéhuwah Gusti Allahmu sakwutuhé atimu, sakwutuhé nyawamu, lan sakwutuhé pikiranmu.” (Matius 22:37) Kuwi préntah sing paling utama. (Matius 22:38) Yéhuwah péngin awaké dhéwé tenanan nresnani Yéhuwah. Apa mungkin awaké dhéwé isa tenanan nresnani Yéhuwah nèk nglakoni kebiasaan sing bahaya kanggo urip lan pikirané awaké dhéwé? Awaké dhéwé kuduné malah mbuktèkké nèk nganggep urip kuwi berharga.

23 ”[Yéhuwah] maringi urip marang kabèh wong, uga napas, lan sakabèhé.” (Kisah 17:24, 25) Nèk ana kanca sing ngekèki hadiah, mesthiné awaké dhéwé ora bakal ngrusak utawa mbuwang hadiah kuwi, ta? Urip kuwi hadiah sing berharga banget saka Yéhuwah. Awaké dhéwé mesthi seneng banget nampa hadiah kuwi. Mula, kuwi kudu digunakké kanggo ngluhurké Yéhuwah.​—Jabur 36:10.

24 ”Tresnaa marang pepadhamu kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.” (Matius 22:39) Kebiasaan sing salah ora mung nyusahké awaké dhéwé, ning ya nyusahké wong liya, khususé wong-wong sing ditresnani. Contoné, wong-wong sing manggon sak omah karo wong sing ngrokok isa kena penyakit merga kena asap rokok. Nèk mandheg nglakoni kebiasaan sing salah, kuwi bukti nèk awaké dhéwé nresnani wong liya.​—1 Yohanes 4:20, 21.

25 ”Terus élingna wong-wong kuwi supaya manut marang pamréntah lan panguwasa.” (Titus 3:1) Yéhuwah péngin awaké dhéwé manut karo hukum pamréntah. Ing akèh negara, nduwé lan nggunakké narkoba kuwi dilarang pamréntah. Kuwi salah siji alesané awaké dhéwé ora nganggo narkoba.​—Roma 13:1.

Nèk tetep resik, awaké dhéwé isa ngluhurké Yéhuwah

26. (a) Nèk péngin dadi kancané Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ngapa? (b) Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngupaya bèn tetep resik?

26 Nèk péngin dadi kancané Yéhuwah, awaké dhéwé kudu langsung mandheg nglakoni kebiasaan sing salah. Pancèn ora gampang, ning awaké dhéwé mesthi isa. Yéhuwah janji nèk arep mbantu awaké dhéwé. Yéhuwah kandha, ”Iya Ingsun iki Yéhuwah, Allahira, kang mulang marang sira bab apa kang maédahi, kang nuntun sira ana ing dalan kang kudu sira liwati.” (Yésaya 48:17) Nèk ngupaya bèn tetep resik, awaké dhéwé isa yakin nèk wis ngluhurké Yéhuwah.