Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 2

’Gusti Allah Nampa Persembahané’ Umaté

’Gusti Allah Nampa Persembahané’ Umaté

IBRANI 11:4

INTINÉ: Yéhuwah mènèhi petunjuk soal ibadah sing murni

1-3. (a) Pertanyaan apa waé sing bakal dibahas? (Deloken gambar ing awal bab.) (b) Apa waé syaraté bèn ibadahé awaké dhéwé ditampa Gusti Allah?

 HABÈL kuwi gembala. Dhèwèké ngopèni domba-dombané kèt domba-dombané isih cilik. Wektu arep mènèhké persembahan kanggo Yéhuwah, Habèl milih lan mbelèh domba-domba sing arep didadèkké persembahan. Apa Yéhuwah gelem nampa persembahané Habèl senajan dhèwèké kuwi manungsa sing ora sampurna?

2 Yéhuwah ngongkon Paulus nulis, ’Gusti Allah nampa persembahané Habèl.’ Ning, Yéhuwah nolak persembahané Kain. (Wacanen Ibrani 11:4.) Kok isa? Ngapa kok persembahané Habèl ditampa, tapi persembahané Kain ditolak? Saka pengalamané Kain, Habèl, lan wong-wong liyané sing dicathet ing Ibrani bab 11, awaké dhéwé isa sinau soal apa? Nèk ngerti jawabané, awaké dhéwé bakal luwih paham ibadah sing murni kuwi syaraté apa waé.

3 Awaké dhéwé bakal mbahas peristiwa-peristiwa sing kelakon kèt jamané Habèl nganti jamané Yèhèzkièl. Wektu mbahas kuwi, gatèkna apa waé syaraté bèn ibadahé awaké dhéwé ditampa Gusti Allah. Syaraté yaiku: (1) Ibadahé mung marang Yéhuwah, (2) mutuné kudu sing paling apik, (3) carané kudu sesuai karo sing dikarepké Gusti Allah, lan (4) alesané kudu bener.

Ngapa Kok Ibadahé Kain Ditolak?

4, 5. Apa sing nggawé Kain ngerti nèk persembahané kudu diwènèhké mung marang Yéhuwah?

4 Wacanen Purwaning Dumadi 4:2-5. Kain mènèhké persembahané marang Yéhuwah. Kain lan Habèl mungkin umuré wis mèh 100 taun pas mènèhké persembahan. * Mula, Kain mesthi wis sinau akèh soal Yéhuwah. Kèt cilik, Kain lan Habèl mungkin wis ngerti soal Taman Èden, malah mungkin isa ndelok taman sing subur kuwi saka kadohan. Wong loro kuwi mesthi ya ndelok kerub-kerub sing jaga ing taman kuwi. (PD. 3:24) Sakliyané kuwi, Adam lan Hawa mesthi ngandhani Kain lan Habèl nèk Yéhuwah kuwi sing nyiptakké kabèh lan sakjané ora péngin manungsa dadi tuwa lan mati. (PD. 1:24-28) Kabèh kuwi mungkin nggawé Kain ngerti nèk persembahané kudu diwènèhké mung marang Yéhuwah.

5 Apa manèh sing mungkin nggawé Kain mènèhké persembahan marang Yéhuwah? Yéhuwah tau ngramalké nèk bakal ana ’keturunan’ sing lair. ’Keturunan’ kuwi bakal ngremuk endhasé ”ula” sing mbiyèn nggodha Hawa bèn ora manut. (PD. 3:4-6, 14, 15) Merga Kain kuwi anak pertama, mungkin dhèwèké mikir nèk dhèwèké kuwi ’keturunan’ sing dijanjèkké. (PD. 4:1) Sakliyané kuwi, mbiyèn Yéhuwah isih omong-omongan karo manungsa. Misalé, sakwisé Adam dosa, Yéhuwah omong-omongan karo Adam, mungkin liwat malaékat. (PD. 3:8-10) Yéhuwah ya omong-omongan karo Kain sakwisé Kain mènèhké persembahané. (PD. 4:6) Dadi, Kain mesthi ngerti nèk mung Yéhuwah sing kudu disembah.

6, 7. Apa persembahané Kain mutuné ora apik utawa carané mènèhké ora bener? Jelasna.

6 Terus, ngapa kok Yéhuwah nolak persembahané Kain? Apa merga mutuné ora apik? Alkitab ora ngomong kaya ngono. Alkitab mung ngomong nèk Kain mènèhké ”hasil panèn saka ladhangé”. Liwat Hukum Musa, Yéhuwah ngandhani nèk persembahan kaya ngono éntuk diwènèhké. (Wi. 15:8, 9) Sakliyané kuwi, wektu kuwi manungsa mangané ya mung sayur lan buah. (PD. 1:29) Kain mesthi ya wis kerja keras bèn isa mènèhké persembahané kuwi merga lemah ing njaba Taman Èden dikutuk Gusti Allah. (PD. 3:17-19) Kain gelem mènèhké hasil kerja kerasé dadi persembahan kanggo Yéhuwah, padahal kuwi sakjané dibutuhké kanggo mangan saben dina. Ning, Yéhuwah tetep nolak persembahané Kain.

7 Lha ngapa? Apa carané mènèhké persembahan kuwi ora sesuai karo sing dikarepké Yéhuwah? Kétoké dudu merga kuwi. Wektu nolak persembahané Kain, Yéhuwah ora ngomong nèk carané kuwi salah. Alkitab ya ora nyebutké soal carané Kain lan Habèl mènèhké persembahané. Terus, ngapa kok persembahané Kain ditolak?

Alesané Kain mènèhké persembahan kuwi ora bener (Deloken paragraf 8, 9)

8, 9. (a) Ngapa kok Yéhuwah ora seneng karo Kain lan persembahané? (b) Ing Alkitab, ana keterangan apa soal Kain lan Habèl?

8 Saka suraté Paulus kanggo wong Ibrani, awaké dhéwé ngerti nèk alesané Kain mènèhké persembahan kuwi ora bener. Kain ora nduwé iman. (Ibr. 11:4; 1 Yoh. 3:11, 12) Mula, Yéhuwah ora seneng karo Kain lan persembahané. (PD. 4:5-8) Senajan nolak persembahané Kain, Yéhuwah gelem ngandhani Kain bèn dhèwèké berubah merga Yéhuwah kuwi kaya bapak sing sayang karo anaké. Ning, Kain ora gelem dikandhani. Akibaté, sipat-sipaté Kain dadi tambah èlèk, misalé seneng ”mungsuhan, seneng padu”, lan ”gampang curiga”. (Gal. 5:19, 20) Sakjané, persembahané Kain wis diwènèhké marang Yéhuwah, mutuné ya wis sing paling apik, lan carané ya wis bener. Ning, alesané Kain kuwi sing salah. Mula, ibadahé Kain ditolak Yéhuwah. Saka pengalamané Kain, awaké dhéwé isa ngerti nèk alesané awaké dhéwé ngibadah kudu bener bèn ibadahé awaké dhéwé ditampa Yéhuwah.

9 Alkitab kerep nyritakké soal Kain. Misalé, Alkitab nyritakké wektu Yéhuwah omong-omongan karo Kain. Alkitab ya nyritakké soal jenengé keturunané Kain lan apa sing ditindakké wong-wong kuwi. (PD. 4:17-24) Ning, Alkitab ora nyritakké Habèl nduwé anak apa ora. Omongané Habèl ya ora dicathet ing Alkitab. Tapi, awaké dhéwé tetep isa sinau saka tumindaké Habèl. Contoné apa?

Habèl Mènèhi Conto soal Nindakké Ibadah sing Murni

10. Habèl mènèhi conto apa soal nindakké ibadah sing murni?

10 Habèl mènèhké persembahané marang Yéhuwah merga dhèwèké ngerti nèk mung Yéhuwah sing pantes disembah. Persembahané Habèl mutuné ya sing paling apik. Buktiné, dhèwèké mènèhké ”domba-domba sing isih enom”. Pancèn, Alkitab ora nyritakké Habèl mènèhké persembahané ing mézbah apa ora. Tapi sing jelas, carané Habèl mènèhké persembahan kuwi sesuai karo sing dikarepké Yéhuwah. Sing paling penting, alesané Habèl mènèhké persembahan kuwi bener. Kira-kira 6.000 taun sakwisé Habèl mènèhké persembahan, awaké dhéwé isih isa sinau saka contoné Habèl. Dhèwèké mènèhké persembahan merga nduwé iman marang Yéhuwah lan gelem manut karo pathokané Yéhuwah. Apa buktiné?

Ibadahé Habèl sesuai karo syarat-syarat ibadah sing murni (Deloken paragraf 10)

11. Ngapa kok Yésus ngomong nèk Habèl kuwi wong sing bener?

11 Pertama, gatèkna apa sing diomongké Yésus soal Habèl. Wektu Habèl urip ing bumi, Yésus nggatèkké Habèl saka swarga. Mula, Yésus kenal banget karo Habèl. (WB. 8:22, 30, 31; Yoh. 8:58; Kol. 1:15, 16) Yésus ngomong nèk Habèl kuwi wong sing bener merga Yésus ndelok dhéwé apa sing ditindakké Habèl. (Mat. 23:35) Wong sing bener ngakoni nèk mung Yéhuwah sing nduwé hak kanggo nentokké apa sing bener lan sing salah. Sakliyané kuwi, omongan lan tumindaké sesuai karo pathokané Yéhuwah. (Bandhingna karo Lukas 1:5, 6.) Butuh wektu sing suwé bèn dikenal dadi wong sing bener. Kuwi berarti kèt mbiyèn, sakdurungé Habèl mènèhké persembahané, Habèl wis dikenal dadi wong sing manut karo pathokané Yéhuwah. Kuwi mesthi ora gampang. Lha ngapa? Kakangé ora mènèhi conto sing apik kanggo Habèl merga tumindaké jahat. (1 Yoh. 3:12) Ibuné ora manut karo préntahé Yéhuwah. Bapaké ya mbrontak nglawan Yéhuwah lan péngin nentokké dhéwé apa sing apik lan sing èlèk. (PD. 2:16, 17; 3:6) Habèl kendel banget merga milih manut karo Yéhuwah, ora kaya keluargané.

12. Apa buktiné nèk Habèl béda banget karo Kain?

12 Keloro, gatèkna wektu Paulus njelaské hubungané nduwé iman lan dianggep bener. Paulus kandha, ”Merga nduwé iman, Habèl mènèhké korban marang Gusti Allah, yaiku korban sing luwih berharga timbang korbané Kain. Merga Habèl nduwé iman, Gusti Allah nganggep dhèwèké wong sing bener.” (Ibr. 11:4) Habèl béda banget karo Kain. Kata-katané Paulus nduduhké nèk saksuwéné Habèl urip, Habèl nduwé iman marang Yéhuwah. Habèl ya yakin nèk pathokan lan tumindaké Yéhuwah mesthi bener.

13. Apa sing isa disinaoni saka contoné Habèl?

13 Saka contoné Habèl, awaké dhéwé sinau nèk ngibadah kuwi alesané kudu bener, yaiku merga nduwé iman marang Yéhuwah lan péngin manut karo pathokané. Hasilé, ibadahé awaké dhéwé bakal ditampa Yéhuwah. Awaké dhéwé ya sinau nèk ngibadah marang Yéhuwah kuwi ora cukup mung manut pisan waé, tapi kabèh tumindaké awaké dhéwé kudu sesuai karo sing dikarepké Yéhuwah.

Wong-Wong sing Nindakké Ibadah sing Murni

14. Ngapa kok Yéhuwah nampa persembahané Nuh, Abraham, lan Yakub?

14 Habèl nindakké ibadah sing murni senajan dhèwèké ora sampurna. Ning, sakjané ora mung Habèl thok. Rasul Paulus nyebutké ana wong-wong liyané sing ibadahé ya ditampa Yéhuwah, misalé Nuh, Abraham, lan Yakub. (Wacanen Ibrani 11:7, 8, 17-21.) Wektu wong-wong kuwi mènèhké persembahané, Yéhuwah gelem nampa. Ngapa? Merga wong-wong kuwi ora mung mènèhké persembahan, ning ibadahé ya sesuai karo syarat-syarat ibadah sing murni. Ayo dibahas conto-contoné.

Ibadahé Nuh dadi conto kanggo anak-anaké lan keturunané (Deloken paragraf 15, 16)

15, 16. Apa buktiné nèk ibadahé Nuh sesuai karo syarat-syarat ibadah sing murni?

15 Nuh lair 126 taun sakwisé Adam mati. Wektu kuwi, wong-wong nindakké ibadah sing ora bener. * (PD. 6:11) Sakdurungé ana Banjir Gedhé, mung Nuh lan keluargané sing nyembah Yéhuwah. (2 Ptr. 2:5) Sakwisé dislametké saka Banjir Gedhé, Nuh nggawé mézbah lan mènèhké persembahan marang Yéhuwah. Kuwi mézbah pertama sing dicathet ing Alkitab. Saka sing ditindakké Nuh kuwi, anak-anaké lan keturunané dadi ngerti nèk ngibadah kuwi kuduné mung marang Yéhuwah. Terus, wektu arep mènèhké persembahan, Nuh milih ”kéwan-kéwan lan manuk-manuk sing ora haram”. (PD. 8:20) Persembahané Nuh kuwi mutuné sing paling apik merga Yéhuwah dhéwé sing ngomong nèk kéwan-kéwan kuwi ora haram.​—PD. 7:2.

16 Nuh mènèhké persembahan bakaran ing mézbah. Carané Nuh ngibadah kuwi bener. Buktiné, Alkitab kandha nèk ambuné persembahan kuwi nggawé Yéhuwah seneng. Terus, Yéhuwah mberkahi Nuh lan anak-anaké. (PD. 8:21; 9:1) Tapi sing paling penting, alesané Nuh mènèhké persembahan kuwi bener. Mula, Yéhuwah gelem nampa persembahané Nuh. Persembahané kuwi dadi salah siji bukti nèk Nuh nduwé iman sing kuwat marang Yéhuwah lan yakin nèk pathokan lan tumindaké Yéhuwah kuwi mesthi bener. Alkitab kandha nèk Nuh ”terus nindakké sing dikarepké Gusti Allah sing bener” merga dhèwèké terus manut karo Yéhuwah lan pathokané. Hasilé, Nuh dianggep dadi wong sing bener.​—PD. 6:9; Yèh. 14:14; Ibr. 11:7.

17, 18. Apa buktiné nèk ibadahé Abraham sesuai karo syarat-syarat ibadah sing murni?

17 Abraham manggon ing kutha Ur. Ing kono, ana kuil sing gedhé banget dienggo nyembah déwa bulan sing jenengé Nanna. * Penduduké kutha kuwi nyembah déwa-déwa. Bapaké Abraham mbiyèné ya nyembah déwa-déwa. (Yos. 24:2) Ning, Abraham ora mèlu-mèlu kaya ngono. Dhèwèké milih nyembah Yéhuwah. Kétoké, Abraham ngerti soal Gusti Allah sing bener saka nènèk moyangé sing jenengé Sèm. Sèm isih urip nganti Abraham umur 150 taun.

18 Abraham kerep mènèhké persembahan. Kabèh persembahané kuwi diwènèhké marang Yéhuwah, merga mung Yéhuwah sing pantes disembah. (PD. 12:8; 13:18; 15:8-10) Persembahané Abraham mutuné ya wis sing paling apik. Buktiné, Abraham gelem mènèhké Ishak anaké dadi persembahan. Wektu kuwi, Yéhuwah ya ngandhani Abraham carané mènèhké persembahan. (PD. 22:1, 2) Abraham gelem nindakké persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah. Nèk ora dicegah Yéhuwah, Abraham mesthi wis matèni anaké. (PD. 22:9-12) Yéhuwah gelem nampa ibadahé Abraham merga alesané Abraham nindakké kuwi bener. Paulus kandha, ”Abraham nduwé iman marang Yéhuwah. Kuwi sebabé Gusti Allah nganggep dhèwèké wong sing bener.”​—Rm. 4:3.

Yakub dadi conto kanggo keluargané (Deloken paragraf 19, 20)

19, 20. Apa buktiné nèk ibadahé Yakub sesuai karo syarat-syarat ibadah sing murni?

19 Yakub suwé manggon ing Kanaan. Kanaan kuwi panggonan sing dijanjèkké Yéhuwah kanggo Abraham lan keturunané. (PD. 17:1, 8) Yéhuwah sengit banget karo ibadahé wong-wong ing Kanaan nganti Yéhuwah kandha nèk ”penduduk tanah kuwi bakal diusir saka tanahé dhéwé”. (Km. 18:24, 25) Wektu umuré 77 taun, Yakub lunga saka Kanaan lan nikah. Bar kuwi, dhèwèké bali ing Kanaan bareng karo keluargané. (PD. 28:1, 2; 33:18) Ana keluargané Yakub sing mèlu nyembah déwa-déwa. Tapi, wektu Yéhuwah ngongkon Yakub lunga ing Bètel lan nggawé mézbah, Yakub tegas banget ngandhani keluargané. Dhèwèké kandha, ”Buwangen patung allah-allah palsu sing ana ing antaramu, resikana awakmu.” Terus, Yakub manut karo kabèh petunjuké Yéhuwah.​—PD. 35:1-7.

20 Yakub nggawé akèh mézbah ing Tanah Perjanjian, lan kabèh persembahan ing mézbah-mézbah kuwi diwènèhké marang Yéhuwah. (PD. 35:14; 46:1) Mutu persembahané Yakub kuwi wis sing paling apik, carané dhèwèké ngibadah kuwi sesuai karo sing dikarepké Yéhuwah, lan alesané dhèwèké ngibadah kuwi bener. Mula, Alkitab kandha nèk Yakub kuwi ”wong sing terus nindakké sing bener”. Kuwi berarti Yéhuwah gelem nampa ibadahé Yakub. (PD. 25:27) Kabèh tumindaké Yakub dadi conto kanggo keturunané, yaiku bangsa Israèl.​—PD. 35:9-12.

21. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Nuh, Abraham, lan Yakub?

21 Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Nuh, Abraham, lan Yakub? Keadaané awaké dhéwé saiki mèh padha karo wong-wong kuwi. Wong-wong ing sekitaré awaké dhéwé, mungkin termasuk keluarga, isa mempengaruhi bèn awaké dhéwé ora ngutamakké ibadah marang Yéhuwah manèh. Mula, bèn ora terpengaruh, awaké dhéwé kudu nduwé iman sing kuwat marang Yéhuwah lan yakin nèk pathokané Yéhuwah kuwi sing paling apik. Nèk nduwé iman sing kuwat, awaké dhéwé bakal manut karo Yéhuwah. Awaké dhéwé ya bakal nggunakké wektu, tenaga, lan bandha kanggo nglayani Yéhuwah. (Mat. 22:37-40; 1 Kor. 10:31) Nèk awaké dhéwé ngupaya ngabdi marang Yéhuwah sak isa-isané, ngibadah sesuai karo sing dikarepké Yéhuwah, lan nindakké kuwi merga alesan sing bener, Yéhuwah bakal nganggep awaké dhéwé wong sing bener. Kuwi mesthi nguwatké awaké dhéwé.​—Wacanen Yakobus 2:18-24.

Bangsa sing Nindakké Ibadah sing Murni

22-24. Nurut Hukum Taurat, (a) persembahané wong Israèl kudu diwènèhké marang sapa? (b) persembahané wong Israèl mutuné kudu piyé? (c) piyé carané wong Israèl mènèhké persembahané?

22 Yéhuwah mènèhké Hukum Taurat marang keturunané Yakub bèn wong-wong kuwi ngerti tenan apa sing dikarepké Yéhuwah. Nèk manut karo Yéhuwah, wong-wong kuwi bakal dadi ’umat sing istiméwa’ lan ”bangsa sing suci”. (Pa. 19:5, 6) Saka Hukum Taurat, wong Israèl dadi ngerti apa waé syaraté ibadah sing murni.

23 Yéhuwah ngandhani nèk wong Israèl kudu ngibadah marang Dhèwèké. Yéhuwah kandha, ”Mung Aku dhéwé sing kudu mbok sembah. Aja nyembah allah-allah liyané.” (Pa. 20:3-5) Terus, persembahané wong Israèl mutuné ya kudu sing paling apik. Misalé, kéwan sing arep didadèkké persembahan kudu séhat lan ora cacad. (Km. 1:3; PT. 15:21; bandhingna karo Maléakhi 1:6-8.) Wektu kuwi wong Lèwi éntuk jatah saka persembahané wong Israèl. Tapi, wong Lèwi ya kudu mènèhké persembahan marang Yéhuwah. ”Saka kabèh sing diwènèhké” wong Israèl marang wong Lèwi, wong Lèwi kudu mènèhké ”sing paling apik” kanggo Yéhuwah. (Wi. 18:29) Sakliyané kuwi, Yéhuwah mènèhi wong Israèl petunjuk sing jelas soal carané ngibadah. Misalé, Yéhuwah ngandhani apa sing isa diwènèhké dadi persembahan, ing endi mènèhké persembahan, lan carané mènèhké persembahan kuwi. Ana luwih saka 600 hukum sing diwènèhké marang wong Israèl. Wong Israèl dikandhani, ”Kowé kudu tenanan nindakké kabèh kuwi, kaya sing dipréntahké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé. Aja nganti ora manut.”​—PT. 5:32.

24 Wong Israèl kudu mènèhké persembahané ing panggonan sing wis ditentokké. Yéhuwah ngongkon wong Israèl nggawé tabernakel, lan kuwi dadi panggonan ibadahé wong Israèl. (Pa. 40:1-3, 29, 34) Wektu kuwi, wong Israèl kudu nggawa persembahané ing tabernakel bèn persembahané ditampa Yéhuwah. *​—PT. 12:17, 18.

25. Apa syarat sing paling penting bèn persembahané wong Israèl ditampa Yéhuwah? Jelasna.

25 Tapi, sing paling penting yaiku alesané wong Israèl mènèhké persembahané. Wong Israèl kudu mènèhké persembahan merga nresnani Yéhuwah lan péngin manut karo pathokané. (Wacanen Pangandharing Torèt 6:4-6.) Nèk wong Israèl mènèhké persembahan mung merga kewajiban, Yéhuwah nolak persembahané. (Yés. 1:10-13) Terus, nèk wong Israèl ngibadahé ora tulus, Yéhuwah mesthi ngerti. Liwat Nabi Yésaya, Yéhuwah ngomong, ’Umat iki kandha nèk ngajèni Aku, tapi kuwi ora tenanan saka atiné.’​—Yés. 29:13.

Ibadah ing Bait

26. Awalé, bait sing dibangun Salomo digunakké kanggo apa?

26 Atusan taun sakwisé wong Israèl manggon ing Tanah Perjanjian, Raja Salomo mbangun baité Gusti Allah. Kuwi panggonan ibadah sing luwih gedhé timbang tabernakel. (1 Raj. 7:51; 2 Bb. 3:1, 6, 7) Awalé, kabèh persembahan sing digawa ing bait diwènèhké marang Yéhuwah. Salomo lan rakyaté mènèhké persembahan sing akèh banget. Persembahané kuwi mutuné apik banget lan carané mènèhké ya sesuai karo Hukumé Gusti Allah. (1 Raj. 8:63) Tapi, Yéhuwah gelem nampa ibadahé wong Israèl dudu merga baité méwah utawa persembahané akèh. Sing paling penting kanggoné Yéhuwah yaiku alesané wong-wong kuwi mènèhké persembahan. Kuwi sing disampèkké Salomo pas peresmian bait. Dhèwèké kandha, ”Kowé kudu saktulusé ati ngabdi marang Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé, nganggo cara manut karo peraturané lan préntahé kaya ing dina iki.”​—1 Raj. 8:57-61.

27. Ngapa raja-raja Israèl lan rakyaté ora nindakké ibadah sing murni manèh, lan piyé tanggepané Yéhuwah?

27 Sayangé, wong Israèl ora manut manèh karo naséhaté Salomo kuwi. Ibadahé wong Israèl ora sesuai karo syarat-syarat ibadah sing murni. Raja-raja Israèl lan rakyaté nduwé kepénginan sing jahat. Wong-wong kuwi ora nduwé iman marang Yéhuwah lan ora gelem manut karo pathokané. Ning, merga sayang karo umaté, Yéhuwah ping bola-bali ngutus nabi-nabiné kanggo ngandhani lan ngélikké bangsa Israèl bèn ngerti apa akibaté nèk ora manut karo Yéhuwah. (Yér. 7:13-15, 23-26) Salah siji nabi sing diutus yaiku Yèhèzkièl. Wong-wong ing jamané Yèhèzkièl ora nindakké ibadah sing murni manèh.

Wong-Wong ing Jamané Yèhèzkièl Ora Nindakké Ibadah sing Murni

28, 29. Ana keterangan apa waé soal Yèhèzkièl? (Deloken kothak ”Yèhèzkièl​—Peristiwa sing Dialami lan sing Kelakon ing Jamané”.)

28 Yèhèzkièl ngerti kaya apa ibadah ing baité Salomo merga bapaké kuwi imam sing nglayani ing bait. (Yèh. 1:3) Kétoké, pas isih cilik, Yèhèzkièl uripé bahagia. Dhèwèké mesthi diwulang bapaké soal Yéhuwah lan Hukum Taurat. Pas Yèhèzkièl umuré kira-kira setaun, ”buku Hukum Musa” ditemokké ing bait. * Wektu kuwi, sing mréntah yaiku Raja Yosia. Sakwisé buku kuwi diwacakké, Raja Yosia ngupaya luwih tenanan manèh bèn rakyaté nindakké ibadah sing murni.​—2 Raj. 22:8-13.

Yèhèzkièl mesthi diwulang bapaké soal Yéhuwah lan Hukum Taurat (Deloken paragraf 28)

29 Yèhèzkièl nindakké syarat-syarat ibadah sing murni, kaya wong-wong sing setya sing urip sakdurungé dhèwèké. Kaya sing dijelaské ing buku Yèhèzkièl, Yèhèzkièl ngabdi mung marang Yéhuwah, ngupaya nglayani Yéhuwah sak isa-isané, lan manut préntahé Yéhuwah sesuai karo sing dikarepké Yéhuwah. Yèhèzkièl nindakké kuwi kabèh merga nduwé iman marang Yéhuwah. Tapi, wong-wong ing jamané ora kaya ngono. Kèt cilik, Yèhèzkièl wis krungu ramalané Nabi Yérémia. Nabi Yérémia mulai nyampèkké ramalan taun 647 SM, lan dhèwèké semangat banget nyampèkké berita penghukuman saka Yéhuwah.

30. (a) Ramalané Yèhèzkièl nduduhké soal apa? (b) Ramalan kuwi apa, lan piyé carané buku iki njelaské ramalané Yèhèzkièl? (Deloken kothak ”Ramalané Yèhèzkièl”.)

30 Buku Yèhèzkièl nduduhké nèk umaté Yéhuwah wis ora nyembah Yéhuwah manèh. (Wacanen Yèhèzkièl 8:6.) Pas Yéhuda dihukum Yéhuwah, Yèhèzkièl mèlu ditawan ing Babilon. (2 Raj. 24:11-17) Tapi, sakjané Yèhèzkièl ora mèlu dihukum. Ing kono, Yéhuwah mènèhi Yèhèzkièl tugas kanggo nyampèkké ramalan marang umaté sing ditawan. Wahyu lan ramalané Yèhèzkièl nduduhké nèk ibadah ing Yérusalèm bakal dadi murni manèh. Wahyu lan ramalané Yèhèzkièl ya nduduhké nèk sukmbèn kabèh wong ing bumi sing nresnani Yéhuwah bakal nindakké ibadah sing murni.

31. Apa sing bakal dibahas ing buku iki?

31 Ing bagéan-bagéan berikuté, awaké dhéwé bakal mbahas kaya apa panggonané Yéhuwah, piyé ibadah marang Yéhuwah dadi ora murni manèh, lan piyé Yéhuwah mbéla lan mbantu umaté bèn isa ngibadah marang Dhèwèké manèh. Awaké dhéwé ya bakal mbahas nèk sukmbèn kabèh wong bakal ngibadah marang Yéhuwah. Ing Bab 3, awaké dhéwé bakal mbahas wahyu pertama sing ditulis Yèhèzkièl. Wektu mbahas kuwi, awaké dhéwé isa mbayangké kaya apa Yéhuwah kuwi lan kaya apa organisasiné sing ana ing swarga. Kuwi kabèh nduduhké nèk mung Yéhuwah sing pantes disembah.

^ par. 4 Habèl mungkin lair ora suwé sakwisé Adam lan Hawa diusir saka Taman Èden. (PD. 4:1, 2) Purwaning Dumadi 4:25 kandha nèk Sèt lair sakwisé Habèl mati, lan Gusti Allah ndadèkké dhèwèké ”gantiné Habèl”. Wektu Sèt lair, umuré Adam 130 taun. (PD. 5:3) Dadi, Habèl umuré kira-kira 100 taun wektu dipatèni Kain.

^ par. 15 Nurut Purwaning Dumadi 4:26, pas jamané Énos, yaiku putuné Adam, ”wong-wong mulai nyebut jenengé Yéhuwah”. Kétoké, kuwi maksudé wong-wong kuwi ora ngajèni jenengé Yéhuwah. Mungkin wong-wong kuwi nggunakké jenengé Yéhuwah dienggo nyebut brahala.

^ par. 17 Déwa Nanna ya kerep disebut Déwa Sin. Pancèn, penduduk kutha Ur nyembah akèh déwa. Ning, kuil lan mézbah ing kutha kuwi akèh-akèhé dienggo nyembah Déwa Sin.

^ par. 24 Sakwisé Pethi Perjanjian ditokké saka tabernakel, kétoké wong Israèl ora kudu mènèhké persembahané ing tabernakel, tapi isa ing panggonan liyané.​—1 Sam. 4:3, 11; 7:7-9; 10:8; 11:14, 15; 16:4, 5; 1 Bb. 21:26-30.

^ par. 28 Wektu mulai nyampèkké ramalan taun 613 SM, Yèhèzkièl kétoké umur 30 taun. Dadi, kétoké Yèhèzkièl lair kira-kira taun 643 SM. (Yèh. 1:1) Yosia mulai mréntah taun 659 SM. Terus, sakwisé Yosia mréntah 18 taun, kira-kira taun 642-641 SM, buku Hukum Musa ditemokké. Kétoké, buku sing ditemokké kuwi buku sing ditulis langsung karo Musa.