Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 20

”Dhaérah sing Kudu Dibagi-bagi Dadi Tanah Warisan”

”Dhaérah sing Kudu Dibagi-bagi Dadi Tanah Warisan”

YÈHÈZKIÈL 48:29

INTINÉ: Sing isa dipelajari saka pembagian tanah

1, 2. (a) Yèhèzkièl dikon ngapa karo Yéhuwah? (b) Pertanyaan apa waé sing bakal dibahas?

 YÈHÈZKIÈL bar éntuk wahyu saka Yéhuwah. Dhèwèké mesthi dadi kèlingan karo peristiwa sing kelakon kira-kira 900 taun sakdurungé, yaiku pas jamané Musa lan Yosua. Yéhuwah tau ngandhani Musa batas-batas dhaérah ing Tanah Perjanjian, lan bar kuwi Yéhuwah ya ngandhani Yosua carané mbagi tanah kuwi kanggo suku-suku Israèl. (Wi. 34:1-15; Yos. 13:7; 22:4, 9) Saiki, taun 593 SM, Yéhuwah ya ngongkon Yèhèzkièl lan wong-wong sing ditawan mbagi-mbagi Tanah Perjanjian kanggo suku-suku Israèl.​—Yèh. 45:1; 47:14; 48:29.

2 Kenapa wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki isa nguwatké Yèhèzkièl lan wong-wong sing ditawan? Apa sing isa dipelajari saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki? Apa wahyu iki ya bakal kelakon manèh ing masa depan?

Wahyu sing Isa Nguwatké Wong-Wong sing Ditawan

3, 4. (a) Kenapa wahyu terakhir sing ditampa Yèhèzkièl isa nguwatké wong-wong sing ditawan? (b) Apa sing bakal dibahas ing bab iki?

3 Wahyu terakhir sing ditampa Yèhèzkièl dicathet ing sangang bab buku Yèhèzkièl. (Yèh. 40:1–48:35) Wahyu kuwi isa nguwatké wong-wong sing lagi ditawan. Kenapa? Merga saka kono umaté Yéhuwah isa ngerti nèk (1) wong-wong isa nindakké ibadah sing murni manèh ing baité Yéhuwah, (2) wong-wong Israèl bakal dipimpin karo para imam lan gembala sing setya, (3) kabèh sing bali ing Israèl bakal éntuk warisan tanah, lan (4) Yéhuwah bakal manggon bareng karo wong-wong kuwi manèh.

4 Sing pertama lan sing keloro, yaiku wong-wong bakal nindakké ibadah sing murni manèh lan dipimpin karo gembala-gembala sing setya, wis dibahas ing Bab 13 lan 14. Sing ketelu, yaiku wong-wong bakal éntuk warisan tanah, bakal dibahas ing bab iki. Terus, sing kepapat, yaiku Yéhuwah bakal manggon bareng karo umaté, bakal dibahas ing bab berikuté.​—Yèh. 47:13-21; 48:1-7, 23-29.

”Tanah Iki . . . Bakal Tak Bagi-Bagi marang Kowé Dadi Warisan”

5, 6. (a) ”Dhaérah” apa sing kudu dibagi-bagi? (Deloken gambar ing awal bab.) (b) Kenapa Yéhuwah nduduhi Yèhèzkièl tanah sing dibagi-bagi kuwi?

5 Wacanen Yèhèzkièl 47:14. Yéhuwah nduduhi Yèhèzkièl tanah sing bakal dadi kaya ”Taman Èden”. (Yèh. 36:35) Terus Yéhuwah ngomong, ”Iki dhaérah sing kudu mbok bagi-bagi dadi tanah warisané 12 suku Israèl.” (Yèh. 47:13) ”Dhaérah” sing dimaksud yaiku tanah Israèl sing bakal dienggoni manèh karo wong-wong sing dibébaské saka penawanan. Terus, kaya sing ditulis ing Yèhèzkièl 47:15-21, Yéhuwah njelaské batas-batasé tanah kuwi.

6 Kenapa Yéhuwah nduduhi Yèhèzkièl tanah sing dibagi-bagi kuwi? Yéhuwah péngin Yèhèzkièl lan wong-wong sing lagi ditawan yakin nèk tanah Israèl bakalé bener-bener isa dienggoni manèh. Wong-wong kuwi mesthi ngrasa dikuwatké wektu dijelaské soal batas-batasé tanah Israèl nganti rinci. Apa wong-wong kuwi akhiré bener-bener éntuk warisan tanah? Ya.

7. (a) Apa sing kelakon taun 537 SM, lan peristiwa kuwi mirip karo apa? (b) Pertanyaan apa sing arep dibahas dhisik?

7 Taun 537 SM, kira-kira 56 taun sakwisé Yèhèzkièl nampa wahyu kuwi, ana éwonan wong sing mauné dadi tawanan bali ing tanah Israèl lan manggon ing kono. Wong-wong kuwi éntuk warisan tanah. Kuwi mirip karo sing dialami umaté Yéhuwah ing akhir jaman. Maksudé apa? Umaté Yéhuwah ing akhir jaman ya isa mlebu lan manggon ing tanah sing dijanjèkké Yéhuwah. Dadi, awaké dhéwé perlu sinau soal apa sing kelakon ing jamané Yèhèzkièl kuwi bèn isa ngerti luwih akèh soal tanah sing dijanjèkké Yéhuwah ing jaman saiki. Tapi, ayo dibahas dhisik pertanyaan iki: Apa buktiné nèk tanah sing dijanjèkké Yéhuwah kuwi bener-bener ana ing jaman saiki?

8. (a) Bangsa Israèl sing mbiyèn wis diganti karo bangsa apa? (b) Manggon ing firdaus rohani kuwi maksudé apa? (c) Firdaus rohani kuwi mulai ana kèt kapan, lan sapa waé sing manggon ing kono?

8 Sakdurungé iki, pas ngramalké soal wong-wong Israèl sing bakal dibébaské saka penawanan, Yéhuwah ya ngomong, ”Abdi-Ku Daud bakal dadi rajané.” (Yèh. 37:24) Sing dimaksud kuwi yaiku Yésus Kristus. Dadi, ramalan kuwi ora mung kelakon pas jamané Yèhèzkièl thok, ning ya kelakon manèh sakwisé Yésus dadi Raja taun 1914. Wektu kuwi, bangsa Israèl sing mbiyèn wis ditolak Yéhuwah. Terus, bangsa kuwi diganti karo bangsa Israèl rohani, yaiku wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga. (Wacanen Matius 21:43; 1 Pétrus 2:9.) Tapi, sing diganti Yéhuwah ora mung kuwi. Tanah Israèl sing mbiyèn ya wis diganti karo tanah sing dijanjèkké Yéhuwah kanggo umaté ing akhir jaman, yaiku firdaus rohani. (Yés. 66:8) Kaya sing wis dibahas ing Bab 17, firdaus rohani mulai ana kèt taun 1919. (Deloken kothak 9B, ”Taun 1919”) Manggon ing firdaus rohani kuwi maksudé isa ngrasa ayem lan aman merga isa cedhak karo Yéhuwah lan ngibadah bareng karo wong-wong liyané sing padha-padha nyembah Yéhuwah. Awalé, sing manggon ing kono kuwi mung wong-wong sing dipilih munggah swarga. Tapi bar kuwi, ”domba-domba liyané”, yaiku wong-wong sing nduwé harapan urip ing bumi, ya isa manggon ing kono. (Yoh. 10:16) Dadi saiki, awaké dhéwé wis ngrasakké berkah sing akèh banget ing firdaus rohani. Tapi sukmbèn, sakwisé Armagédon, awaké dhéwé bakal ngrasakké berkah sing luwih akèh manèh.

Tanahé Dibagi Rata

9. Piyé carané mbagi tanah kuwi?

9 Wacanen Yèhèzkièl 48:1, 28. Sakwisé njelaské batas-batasé Tanah Perjanjian, Yéhuwah njelaské carané mbagi tanah kuwi. Yéhuwah ngongkon bèn tanah kuwi dibagi rata saka lor tekan kidul kanggo 12 suku Israèl. Sing paling lor bagéané suku Dan, terus sing paling kidul bagéané suku Gad. Bèn tanahé isa dibagi rata kanggo 12 suku, tanah kuwi kaya digarisi saka batas sisih wétan tekan batas sisih kulon, yaiku Laut Besar utawa sing disebut Laut Tengah.​—Yèh. 47:20; deloken péta ing kothak ”Tanahé Dibagi-bagi”.

10. Kenapa wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki isa nguwatké wong-wong sing ditawan?

10 Wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki mesthi nguwatké wong-wong sing ditawan. Kenapa? Wong-wong kuwi dadi isa yakin nèk carané mbagi tanah kuwi mengko bakal tertib. Terus, wong-wong kuwi ya isa yakin nèk kabèh sing dibébaské saka penawanan mesthi kebagian tanah, soalé tanahé mau wis dibagi rata kanggo 12 suku Israèl. Dadi, mengko ora ana sing ora nduwé omah.

11. Apa waé sing isa dipelajari saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki? (Deloken kothak ”Tanahé Dibagi-bagi”.)

11 Apa sing isa dipelajari saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki? Sing kebagian tanah kuwi ora mung para imam, wong Lèwi, utawa para pemimpin, ning kabèh wong Israèl ya bakal kebagian. (Yèh. 45:4, 5, 7, 8) Jaman saiki ya ngono. Sing isa manggon ing firdaus rohani ora mung wong-wong sing dipilih munggah swarga sing isih urip ing bumi lan anggota saka ”kumpulan gedhé” sing dadi pemimpin ing organisasi. * (Why. 7:9) Tapi, kabèh sing dadi bagéan saka kumpulan gedhé isa manggon ing kono. Dadi, umaté Yéhuwah kabèh isa manggon ing firdaus rohani lan nduwé tugas sing penting, ora soal tugasé kuwi akèh utawa sithik. Kuwi mesthi bener-bener nguwatké awaké dhéwé.

Yéhuwah nganggep awaké dhéwé berharga, ora soal apa waé tugasé awaké dhéwé ing organisasi (Deloken paragraf 11)

Manfaaté Wahyu sing Didelok Yèhèzkièl Iki kanggo Awaké Dhéwé

12, 13. Yéhuwah ngandhani Yèhèzkièl nèk mbagi tanahé kudu piyé?

12 Wektu nampa wahyu kuwi, Yèhèzkièl mungkin bingung merga pembagian tanahé béda karo sing pas jamané Musa. Bédané ana loro, sing pertama tanahé lan sing keloro penduduké.

13 Tanahé. Pas jamané Musa mbiyèn, suku sing luwih gedhé éntuk tanah sing luwih gedhé. (Wi. 26:52-54) Tapi saiki, Yéhuwah ngandhani Yèhèzkièl nèk tanahé kudu ”dibagi rata” kanggo kabèh suku Israèl. (Yèh. 47:14) Dadi, tanahé kuwi dibagi 12, lan saben bagéané kuwi jarak saka lor tekan kidulé padha. Wong Israèl kabèh isa padha-padha éntuk tanah sing subur ing Tanah Perjanjian.

14. Apa bédané arahan sing ditampa Yèhèzkièl karo sing ana ing Hukum Musa?

14 Penduduké. Nèk menurut Hukum Musa, wong asing kudu ditresnani lan isa mèlu ngibadah, ning ora éntuk warisan tanah. (Km. 19:33, 34) Tapi, Yèhèzkièl nampa arahan sing béda. Yéhuwah ngandhani Yèhèzkièl, ”Kanggo penduduk asing, wènèhana warisan ing dhaérah suku sing dienggoni wong-wong kuwi.” Kuwi berarti Yéhuwah nganggep nèk penduduk asing sing manggon ing tanah kuwi padha kaya ”wong Israèl asli”. (Yèh. 47:22, 23) Dadi, pas kuwi Yèhèzkièl ndelok nèk penduduk tanah kuwi isa ngibadah bareng-bareng lan ora dibédak-bédakké.​—Km. 25:23.

15. Wektu maca arahané Yéhuwah soal pembagian tanah, awaké dhéwé isa tambah yakin soal apa?

15 Wektu krungu arahané Yéhuwah soal pembagian tanah, wong-wong sing ditawan mesthi ngrasa dikuwatké. Wong-wong kuwi isa yakin nèk tanahé mesthi dibagi rata karo Yéhuwah. Dadi, kabèh mesthi kebagian tanah, ora soal dhèwèké kuwi wong Israèl asli utawa penduduk asing. (Ézr. 8:20; Néh. 3:26; 7:6, 25; Yés. 56:3, 8) Wektu maca arahané Yéhuwah kuwi, awaké dhéwé isa tambah yakin nèk Yéhuwah nganggep umaté kabèh berharga. (Wacanen Hagai 2:7.) Ora soal awaké dhéwé nduwé harapan urip ing swarga utawa ing bumi, awaké dhéwé dianggep berharga karo Yéhuwah.

16, 17. (a) Apa manfaaté wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki kanggo awaké dhéwé? (b) Apa sing bakal dibahas ing bab berikuté?

16 Apa manfaaté wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki kanggo awaké dhéwé? Awaké dhéwé dadi ngerti nèk umaté Yéhuwah kudu bersatu lan ora éntuk mbédak-mbédakké, merga Yéhuwah ya ora mbédak-mbédakké. Coba dipikir, ’Apa aku niru Yéhuwah sing ora seneng mbédak-mbédakké? Apa aku ngajèni sedulur liya ora soal kaya apa wongé utawa asalé saka ngendi?’ (Rm. 12:10) Awaké dhéwé mesthi seneng merga umaté Yéhuwah kabèh diwènèhi kesempatan karo Yéhuwah isa manggon ing firdaus rohani. Ing kono, awaké dhéwé karo para sedulur sak donya isa nglayani Yéhuwah lan padha-padha éntuk berkah saka Yéhuwah.​—Gal. 3:26-29; Why. 7:9.

Apa aku niru Yéhuwah sing ngajèni wong liya lan ora seneng mbédak-mbédakké? (Deloken paragraf 15, 16)

17 Wektu mènèhi Yèhèzkièl wahyu sing terakhir, Yéhuwah ya janji nèk Dhèwèké bakal manggon bareng karo umaté. Apa sing isa dipelajari saka janji kuwi? Ayo dibahas ing bab berikuté.

^ par. 11 Deloken Bab 14 bèn isa ngerti tugas khusus saka Yéhuwah kanggo para imam lan pemimpin ing firdaus rohani.