Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 19

”Ing Panggonan Ngendi Waé Kali Kuwi Mili, Kabèh Bakal Urip”

”Ing Panggonan Ngendi Waé Kali Kuwi Mili, Kabèh Bakal Urip”

YÈHÈZKIÈL 47:9

INTINÉ: Wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal kali sing mili saka bait kelakon ing jamané Yèhèzkièl, ing jamané awaké dhéwé, lan ing masa depan

1, 2. Kaya sing dicritakké ing Yèhèzkièl 47:1-12, apa waé sing didelok Yèhèzkièl? (Deloken gambar ing awal bab.)

 PAS éntuk wahyu soal bait, Yèhèzkièl ndelok ana kali sing banyuné mili saka bait. Bayangna Yèhèzkièl dijak malaékat mlaku-mlaku turut kali sing banyuné bening banget. (Wacanen Yèhèzkièl 47:1-12.) Kali kuwi banyuné mili saka ngisor lawang bait, lan bar kuwi metu liwat gerbang sing madhep ngétan. Terus, malaékat kuwi nggawa tali kanggo ngukur kaliné lan bola-bali ngongkon Yèhèzkièl mlaku ing kali kuwi. Ternyata kaliné saya suwé saya jero lan deres banget, nganti Yèhèzkièl kudu renang bèn isa ngliwati kali kuwi.

2 Yèhèzkièl ndelok kali mau mili tekan Laut Mati, sing banyuné sakjané asin banget lan ora ana sing isa urip ing kono. Ning, wektu banyuné kali mau tekan Laut Mati, banyuné laut dadi seger lan iwak-iwak isa urip ing kono. Terus, ing pinggir kali kuwi, ana wit-witan akèh banget. Wit-witané ana macem-macem. Saben sasi, wit-witan kuwi ngetokké buah lan godhongé ya isa dienggo obat. Bar ndelok kuwi kabèh, Yèhèzkièl mesthi dadi ayem lan nduwé harapan. Saiki, awaké dhéwé arep mbahas piyé wahyu kuwi kelakon ing jamané Yèhèzkièl lan ing jamané awaké dhéwé.

Piyé Wahyu sing Didelok Yèhèzkièl soal Kali Kelakon ing Jamané Yèhèzkièl?

3. Kenapa wong-wong Yahudi jamané Yèhèzkièl mesthiné ngerti nèk kali sing didelok Yèhèzkièl kuwi dudu kali tenanan?

3 Wong-wong Yahudi jamané Yèhèzkièl mesthi wis ngerti nèk kali sing didelok Yèhèzkièl kuwi dudu kali tenanan. Mungkin wong-wong kuwi dadi kèlingan karo ramalané Nabi Yoèl sing ditulis luwih saka 200 taun sakdurungé. (Wacanen Yoèl 3:18.) Wektu maca ramalané Yoèl, wong-wong Yahudi ora mungkin mikir nèk bakal ana gunung tenanan sing ”nètèské anggur anyar” utawa bukit tenanan sing ana ’susuné akèh banget’. Yoèl ya nyebutké nèk bakal ana mata air sing ”ngalir saka omahé Yéhuwah”. Mesthiné kuwi ya dudu mata air tenanan. Mula, wong-wong Yahudi mesthiné ngerti nèk kali sing didelok Yèhèzkièl kuwi ya dudu kali tenanan. * Nèk ngono, wahyu sing didelok Yèhèzkièl kuwi maksudé apa? Ayo dirembug bareng-bareng. Saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl kuwi, ana telu sing isa dipelajari, lan kuwi isa nguwatké awaké dhéwé.

4. (a) Berkah apa waé sing isa ditampa wong-wong Yahudi? (b) Saka ayat-ayat sing nyebutké soal ”kali” lan ”banyu”, apa sing isa dipelajari soal carané Yéhuwah mberkahi umaté? Terangna. (Deloken kothak ”Kali-Kali sing Nggawa Berkah saka Yéhuwah”.)

4 Kali sing nggawa berkah. Ing Alkitab, kali lan banyu kerep dienggo nggambarké berkah saka Yéhuwah. Kali sing didelok Yèhèzkièl mau mili saka bait. Dadi, kuwi mesthi nggambarké berkah-berkah saka Yéhuwah sing isa ditampa umaté nèk terus nindakké ibadah sing murni. Berkahé apa waé? Wong-wong kuwi isa diwulang manèh karo para imam. Dosa-dosané wong-wong kuwi ya isa diapura merga persembahané ing bait ditampa manèh karo Yéhuwah. (Yèh. 44:15, 23; 45:17) Dadi, wong-wong kuwi kaya dikumbah nganti resik nganggo banyu saka bait.

5. Saka ngendi awaké dhéwé ngerti nèk berkah-berkah saka Yéhuwah kuwi cukup kanggo umaté kabèh?

5 Apa berkah-berkahé Yéhuwah mesthi cukup kanggo umaté kabèh? Ya. Kali sing mili saka bait kuwi saben rong kilomèter dadi saya jero lan saya deres. (Yèh. 47:3-5) Kuwi nggambarké berkah-berkahé Yéhuwah sing akèh banget. Dadi, berkah-berkahé Yéhuwah mesthi cukup kanggo wong-wong Yahudi sing bar dibébaské saka penawanan, sing jumlahé saya suwé dadi saya akèh.

6. (a) Saka wahyu kuwi, umaté Yéhuwah isa yakin soal apa? (b) Apa sing kudu digatèkké? (Deloken cathetan ngisor.)

6 Banyu sing marahi urip. Kali sing didelok Yèhèzkièl kuwi ngalir tekan Laut Mati. Hasilé, banyuné laut dadi seger lan iwak-iwak isa urip ing kono. Iwaké ana akèh banget lan jenisé ya akèh kaya sing ana ing Laut Besar, utawa sing disebut Laut Tengah. Saking akèhé, ing pesisir Laut Mati kuwi nganti ana bisnis perikanan sing gedhé banget. Malaékat sing ngejak Yèhèzkièl mau kandha, ”Ing panggonan ngendi waé kali kuwi mili, kabèh bakal urip.” Tapi, apa kuwi berarti sak Laut Mati kena banyu saka kali kuwi kabèh? Ora. Malaékat kuwi njelaské nèk ana beberapa dhaérah berlumpur sing ora kena banyu saka kali kuwi lan ”bakal tetep asin”. * (Yèh. 47:8-11) Saka wahyu kuwi, umaté Yéhuwah isa yakin nèk wong-wong sing nindakké ibadah sing murni uripé bakal nyenengké merga diberkahi Yéhuwah. Tapi, ana sing kudu digatèkké: Ora kabèh wong gelem nindakké ibadah sing murni. Dadi, wong-wong kuwi akhiré ora diberkahi Yéhuwah.

7. Wit-witan sing didelok Yèhèzkièl kuwi artiné apa kanggo wong-wong Israèl jamané Yèhèzkièl?

7 Wit sing buahé isa dipangan lan godhongé isa dienggo obat. Pemandangan ing pinggir kali kuwi mesthi apik banget merga akèh wit-witané. Yèhèzkièl lan wong-wong Yahudi liyané mesthi seneng nèk mbayangké ana wit-witan sing kaya ngono, sing ngetokké buah-buahan saben sasi. Tapi, wit-witan sing didelok Yèhèzkièl kuwi ya ana artiné. Kuwi nggambarké nèk Yéhuwah bakal mulang umaté. Terus, Yèhèzkièl nulis nèk godhongé isa ”dadi obat”. (Yèh. 47:12) Yéhuwah ngerti nèk wong-wong sing bar dibébaské saka penawanan kuwi butuh ”obat”, maksudé butuh dibantu bèn isa ngibadah manèh marang Yéhuwah. Mula, Yéhuwah janji bakal mènèhi ”obat”, utawa mbantu wong-wong kuwi, kaya sing dijelaské ing ramalan-ramalan liya sing dibahas ing Bab 9 buku iki.

8. Saka ngendi awaké dhéwé ngerti nèk wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki ora mung kelakon pas jamané Yèhèzkièl thok?

8 Kaya sing wis dibahas ing Bab 9, wong-wong sing dibébaské saka penawanan kuwi pancèn wis ngrasakké janji-janjiné Yéhuwah kelakon. Tapi, bèn isa terus ngrasakké berkahé Yéhuwah, wong-wong kuwi kudu tetep manut lan setya karo Yéhuwah. Nah masalahé, wong-wong Yahudi bola-bali ora manut lan ora setya manèh karo Yéhuwah. Mula, Yéhuwah wis ora gelem mberkahi wong-wong kuwi manèh. Wong-wong Yahudi sing setya mesthi sedhih lan kecéwa ndelok kelakuané wong-wong sing ora manut kuwi. Tapi, umaté Yéhuwah sing setya isa yakin nèk kabèh janjiné Yéhuwah mesthi kelakon. (Wacanen Yosua 23:14.) Kuwi berarti wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki ya bakal kelakon manèh ora mung pas jamané Yèhèzkièl thok. Tapi kapan?

Piyé Wahyu sing Didelok Yèhèzkièl soal Kali Kelakon ing Jamané Awaké Dhéwé?

9. Wahyu soal bait sing didelok Yèhèzkièl kuwi ya bakal kelakon manèh kapan?

9 Kaya sing wis dibahas ing Bab 14 buku iki, wahyu soal bait sing didelok Yèhèzkièl kuwi ya bakal kelakon ”ing dina-dina terakhir”. Wektu kuwi, ibadah marang Yéhuwah dadi murni manèh lan diluhurké. (Yés. 2:2) Dadi, piyé wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal kali sing mili saka baité Yéhuwah kuwi kelakon ing jamané awaké dhéwé?

10, 11. (a) Banyu sing mili saka baité Yéhuwah kuwi nggambarké berkah apa waé? (b) Apa buktiné nèk berkah-berkahé Yéhuwah saya suwé saya akèh pas akhir jaman?

10 Kali sing nggawa berkah. Banyu sing mili saka baité Yéhuwah kuwi nggambarké berkah apa waé? Kuwi nggambarké berkah-berkah saka Yéhuwah sing isa mbantu awaké dhéwé tetep cedhak karo Yéhuwah lan kuwat imané. Berkah sing paling gedhé yaiku korban tebusané Yésus. Merga ana korban tebusan, dosa-dosané awaké dhéwé isa diapura lan awaké dhéwé isa dadi resik. Sakliyané kuwi, kabèh sing dipelajari awaké dhéwé saka Alkitab ya isa dipadhakké kaya banyu sing marahi urip lan nggawé resik. (Éf. 5:25-27) Apa buktiné nèk berkah-berkahé Yéhuwah saya suwé saya akèh pas akhir jaman?

11 Taun 1919, umaté Yéhuwah jumlahé mung pirang èwu thok. Wong-wong kuwi isa sinau Alkitab lan éntuk keterangan-keterangan sing nguwatké iman. Saya suwé umaté Yéhuwah jumlahé saya akèh, nganti saiki jumlahé wis luwih saka wolung yuta. Apa Yéhuwah ya isa nyedhiakké keterangan-keterangan saka Alkitab sing cukup kanggo wong semono akèhé? Ya, isa. Satus taun iki, organisasiné Yéhuwah wis nyedhiakké Alkitab, buku, majalah, lan selebaran sing jumlahé milyaran. Kaya kali sing didelok Yèhèzkièl sing banyuné saya suwé saya deres, keterangan-keterangan saka Alkitab sing disedhiakké organisasiné Yéhuwah saya suwé ya saya akèh. Dadi, kabèh sing péngin kenal Gusti Allah isa sinau lan cedhak karo Dhèwèké. Sing disedhiakké ora mung wacan-wacan sing dicétak, ning sing vèrsi digital saiki ya wis ana ing situs wèb jw.org lan basané wis luwih saka 1.000. Terus, manfaaté apa kanggo wong-wong sing tulus atiné?

12. (a) Keterangan-keterangan saka Alkitab sing disedhiakké organisasiné Yéhuwah kuwi manfaaté apa waé? (b) Apa sing kudu digatèkké? (Deloken cathetan ngisor.)

12 Banyu sing marahi urip. Yèhèzkièl dikandhani, ”Ing panggonan ngendi waé kali kuwi mili, kabèh bakal urip.” Keterangan-keterangan saka Alkitab sing disedhiakké organisasiné Yéhuwah bermanfaat kanggo wong-wong ing firdaus rohani. Wong-wong kuwi uripé dadi luwih nyenengké lan isa cedhak karo Yéhuwah. Tapi, ana sing kudu digatèkké: Ana wong-wong sing ora gelem ngetrapké sing wis dipelajari saka Alkitab lan akhiré ora setya karo Yéhuwah. Wong-wong kuwi isa dipadhakké kaya dhaérah rawa lan berlumpur ing Laut Mati sing didelok Yèhèzkièl. * Muga-muga awaké dhéwé aja nganti dadi kaya ngono.​—Wacanen Pangandharing Torèt 10:16-18.

13. Wit-witan sing didelok Yèhèzkièl kuwi manfaaté apa kanggo awaké dhéwé?

13 Wit sing buahé isa dipangan lan godhongé isa dienggo obat. Wit-witan sing didelok Yèhèzkièl kuwi ngetokké buah-buahan saben sasi lan godhongé isa dienggo obat. (Yèh. 47:12) Wit-witan kuwi manfaaté apa kanggo awaké dhéwé? Wong-wong saiki akèh sing ora isa cedhak karo Yéhuwah lan uripé ora nggenah merga wong-wong kuwi dudu umaté Yéhuwah. Tapi, awaké dhéwé ora kaya ngono. Yéhuwah wis nyedhiakké keterangan-keterangan saka Alkitab sing jumlahé akèh banget lan isa nguwatké iman. Piyé perasaané njenengan wektu nyanyèkké lagu-lagu pas ngibadah, utawa wektu maca wacan-wacan lan nonton vidéo-vidéo saka organisasi? Awaké dhéwé mesthi bersyukur banget. (Yés. 65:13, 14) Nèk gelem ngetrapké kabèh sing dipelajari saka Alkitab, awaké dhéwé isa dibantu bèn tetep setya karo Yéhuwah lan ora nindakké dosa, misalé hubungan sèks sing ora pantes, srakah, lan ora nduwé iman. Tapi, nèk awaké dhéwé wis kebacut nindakké dosa sing gedhé, Yéhuwah ya wis nyedhiakké obat, maksudé Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé bèn isa cedhak manèh karo Dhèwèké. (Wacanen Yakobus 5:14.) Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga isa éntuk berkah sing akèh banget saka Yéhuwah.

14, 15. (a) Awaké dhéwé isa dadi kaya dhaérah-dhaérah sing berlumpur nèk awaké dhéwé ngapa? (b) Piyé carané bèn awaké dhéwé isa terus diberkahi karo Yéhuwah?

14 Awaké dhéwé mesthi ora péngin dadi kaya dhaérah-dhaérah sing berlumpur lan tetep asin. Awaké dhéwé isa dadi kaya ngono nèk ora nampa berkah-berkah saka Yéhuwah. Aja nganti awaké dhéwé dadi kaya wong-wong sing ora cedhak karo Yéhuwah lan uripé ora nggenah. (Mat. 13:15) Terus, bèn isa diberkahi Yéhuwah awaké dhéwé kudu piyé? Awaké dhéwé kudu seneng sinau Alkitab lan sregep nginjil. Awaké dhéwé ya kudu manut arahané para pinituwa sing wis dilatih karo budhak sing setya lan wicaksana. Hasilé, awaké dhéwé isa nampa berkah-berkah saka Yéhuwah, sing dipadhakké kaya kali sing didelok Yèhèzkièl mau.

15 Wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki apa ya bakal kelakon manèh ing masa depan? Ya. Mengko ing Firdaus, awaké dhéwé isa ngrasakké berkah-berkah sing luwih akèh manèh saka kali sing didelok Yèhèzkièl mau.

Piyé Wahyu sing Didelok Yèhèzkièl soal Kali Kelakon ing Firdaus?

16, 17. Berkah apa waé sing isa dinikmati ing Firdaus?

16 Bayangna njenengan urip ing Firdaus bareng karo kanca-kanca lan keluarga. Rasané mesthi nyenengké banget. Bèn isa mbayangké luwih jelas, ayo dibahas manèh wahyu sing didelok Yèhèzkièl mau. Ana telu sing isa dipelajari saka wahyu kuwi.

17 Kali sing nggawa berkah. Ing Firdaus, awaké dhéwé isa ngrasakké berkah-berkah sing luwih akèh saka kali sing didelok Yèhèzkièl. Pas Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus, kabèh sing dadi rakyaté saya suwé isa dadi sampurna, merga manungsa wis ditebus karo Yésus. Mengko wis ora ana manèh sing lara. Dadi, wis ora butuh dokter, perawat, rumah sakit, utawa asuransi keséhatan. ”Kumpulan gedhé” wong akèh sing slamet saka ”sengsara gedhé” lan Armagédon bakal ngrasakké berkah-berkah saka kali sing didelok Yèhèzkièl mau. (Why. 7:9, 14) Wektu kuwi, berkahé sakjané wis akèh. Tapi mengko, saya suwé berkahé bakal saya akèh, kaya kali sing didelok Yèhèzkièl sing saya suwé saya deres.

Ing Firdaus, kali sing nggawa berkah bakal nggawé kabèh wong dadi séhat lan enom manèh (Deloken paragraf 17)

18. Apa salah siji berkah sing bakal kelakon ing Firdaus sing isa dipadhakké kaya kali sing saya deres?

18 Banyu sing marahi urip. Pas Pamréntahan Sèwu Taun, ”kali sing banyuné isa marakké urip” bakal dadi saya deres. (Why. 22:1) Mengko bakal ana akèh banget sing diuripké manèh lan nduwé harapan urip saklawasé ing Firdaus. Sing bakal diuripké manèh mengko ana milyaran, termasuk sing matiné wis suwé banget. (Yés. 26:19) Kuwi salah siji berkah saka Kerajaané Gusti Allah. Ning, apa kabèh sing diuripké manèh kuwi bakal urip saklawasé?

19. (a) Pas Pamréntahan Sèwu Taun, apa manèh sing isa dipadhakké kaya banyu sing marahi urip? (b) Kenapa sukmbèn bakal ana wong-wong sing dadi kaya dhaérah berlumpur lan ”tetep asin”?

19 Pas Pamréntahan Sèwu Taun bakal ana gulungan-gulungan anyar sing dibukak, maksudé keterangan-keterangan anyar saka Yéhuwah. (Why. 20:12) Kuwi ya isa dipadhakké kaya banyu sing marahi urip. Mesthi mengko nyenengké banget merga isa diwulang karo Yéhuwah. Wong-wong kudu milih arep manut apa ora. Sayangé, mengko ana wong-wong sing ora gelem manut karo Yéhuwah. Dadi, mengko durung sèwu taun waé mungkin wis ana sing mbrontak lan bakal disingkirké karo Yéhuwah. (Yés. 65:20) Wong-wong kuwi isa dipadhakké kaya dhaérah-dhaérah sing berlumpur lan ”tetep asin”. Wong-wong kuwi bodho banget merga ora gelem nampa banyu sing marahi urip, maksudé ora gelem manut karo Yéhuwah. Mengko sakwisé sèwu taun ya bakal ana wong-wong sing mbrontak nglawan Yéhuwah bareng karo Sétan. Akhiré, kabèh sing ora gelem manut bakal disingkirké saklawasé.​—Why. 20:7-12.

20. Apa sing wis direncanakké Yéhuwah sing isa dipadhakké kaya wit-witan sing didelok Yèhèzkièl?

20 Wit sing buahé isa dipangan lan godhongé isa dienggo obat. Yéhuwah pénginé kabèh sing wis urip ing Firdaus isa urip saklawasé. Mula, Yéhuwah wis nduwé rencana kanggo mbantu awaké dhéwé. Yésus lan 144.000 bakal dadi raja ing swarga nganti 1.000 taun. Mengko 144.000 kuwi ya bakal dadi imam. Merga wis ana korban tebusané Yésus, para imam kuwi bakal mbantu wong-wong bèn dadi sampurna. (Why. 20:6) Sing wis direncanakké Yéhuwah kuwi isa dipadhakké kaya wit-witan sing didelok Yèhèzkièl, sing buahé isa dipangan lan godhongé isa dienggo obat. Rasul Yohanes tau nyathet ramalan sing mirip karo wahyu sing didelok Yèhèzkièl kuwi. (Wacanen Wahyu 22:1, 2.) Yohanes ndelok wit sing godhongé isa dienggo ”nambani bangsa-bangsa”. Dadi, wong-wong sing jumlahé milyaran mengko bakal dibantu karo 144.000 kuwi bèn isa dadi sampurna lan urip saklawasé.

21. Piyé perasaané njenengan sakwisé sinau soal kali sing didelok Yèhèzkièl, lan apa sing bakal dibahas berikuté? (Deloken kothak ”Kali sing Banyuné Saya Deres”.)

21 Sakwisé sinau soal kali sing didelok Yèhèzkièl, awaké dhéwé mesthi bersyukur. Ana harapan sing luar biasa ing masa depan. Kèt mbiyèn, Yéhuwah wis mènèhi ramalan-ramalan bèn awaké dhéwé isa mbayangké keadaan ing Firdaus mengko. Wis éwonan taun Yéhuwah sabar mbantu wong-wong bèn isa urip ing Firdaus. Njenengan mungkin mikir, ’Apa aku isa urip ing kono? Terus, mengko aku ing kono ngapa?’ Bar iki, awaké dhéwé bakal mbahas bagéan akhir saka wahyu sing ditampa Yèhèzkièl sing isa nguwatké awaké dhéwé.

^ par. 3 Wong-wong Yahudi jamané Yèhèzkièl sing isih kèlingan kaya apa Tanah Perjanjian kuwi mungkin ngerti nèk kali iki dudu kali tenanan, merga kali kuwi mili saka bait sing ana ing gunung sing dhuwur banget, padahal bait sing kaya ngono kuwi ora ana ing Israèl. Apa manèh, kali sing didelok Yèhèzkièl iki mili saka bait langsung tekan Laut Mati. Nèk ndelok dhaérahé Israèl, ora mungkin ana kali sing kaya ngono.

^ par. 6 Ana beberapa ahli sing ngomong nèk ungkapan iki artiné apik, soalé wong-wong ing sekitaré Laut Mati kèt mbiyèn mémang akèh sing ngedol uyah, sing biasané dienggo ngawètké. Tapi, Alkitab ngomong nèk dhaérah sing berlumpur kuwi bakal tetep asin merga banyu kali saka baité Yéhuwah ora tekan kono. Mula, ora ana makhluk hidup sing isa urip ing kono. Dadi, ungkapan ”bakal tetep asin” kuwi mesthiné artiné ora apik.​—Mzm. 107:33, 34; Yér. 17:6.

^ par. 12 Iki mèh padha karo perumpamaané Yésus soal jala. Ing kono dicritakké nèk iwak sing kejaring ana akèh, tapi ora kabèh ”apik”. Iwak sing èlèk kudu dibuwangi. Dadi, akèh sing mauné gelem sinau Alkitab, tapi akhiré ora gelem dadi umaté Yéhuwah, utawa mauné gelem dadi umaté Yéhuwah, tapi akhiré ora setya.​—Mat. 13:47-50; 2 Tim. 2:20, 21.