Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 21

”Kutha Mau Dijenengi Yéhuwah Ana ing Kana”

”Kutha Mau Dijenengi Yéhuwah Ana ing Kana”

YÈHÈZKIÈL 48:35

INTINÉ: Sing isa dipelajari saka keterangan soal kutha lan tanah sumbangan

1, 2. (a) Tanah sing disisihké kuwi arep diapakké? (Deloken gambar ing sampul buku iki.) (b) Apa pengaruhé wahyu sing ditampa Yèhèzkièl kuwi kanggo wong-wong sing lagi ditawan?

 ING wahyu terakhir sing ditampa Yèhèzkièl, Yèhèzkièl ndelok ana sebagéan tanah sing disisihké. Tanah kuwi disisihké merga arep disumbangké kanggo Yéhuwah, dudu merga arep diwènèhké kanggo warisané suku-suku Israèl. Yèhèzkièl ya ndelok ana kutha sing jenengé unik. Apa pengaruhé wahyu sing ditampa Yèhèzkièl kuwi kanggo wong-wong sing lagi ditawan? Wong-wong kuwi dadi yakin nèk Yéhuwah bakal terus ngancani pas wong-wong kuwi wis bali ing tanah Israèl.

2 Yèhèzkièl njelaské soal tanah sumbangan kuwi nganti rinci. Apa sing isa dipelajari saka penjelasané Yèhèzkièl kuwi? Ayo dirembug bareng-bareng.

”Sumbangan Suci lan . . . Kutha”

3. Tanah sumbangan kuwi ana limang bagéan. Lima kuwi apa waé lan dienggo apa? (Deloken kothak ”Tanah sing Kudu Disumbangké”.)

3 Ing tanah sing disisihké kuwi, ana sebagéan tanah sing bentuké kothak, sing ukurané 25.000 hasta (13 kilomèter) ping 25.000 hasta (13 kilomèter). Kuwi disebut ”tanah sing disumbangké”. Tanah kuwi dibagi telu, sing ndhuwur dienggo wong Lèwi, terus sing tengah dienggo bait lan para imam. Sing ndhuwur karo sing tengah kuwi disebut ”sumbangan suci”. Terus, sing paling ngisor lan paling cilik, yaiku ”sisané tanah”, dadi ”duwèké kutha lan digunakké kanggo penduduk kutha”.​—Yèh. 48:15, 20.

4. Apa sing isa dipelajari saka keterangan soal tanah sing disumbangké kanggo Yéhuwah?

4 Yèhèzkièl dikandhani nèk tanah sing arep disumbangké kanggo Yéhuwah kuwi perlu disisihké dhisik, bar kuwi lagi mbagi tanah kanggo warisané suku-suku Israèl. (Yèh. 45:1) Berarti tanah sing disisihké kuwi dianggep sing paling penting karo Yéhuwah. Dadi, wong-wong sing ditawan kuwi isa ngerti nèk ibadah marang Yéhuwah kudu diutamakké. Apa sing isa dipelajari saka keterangan iki? Awaké dhéwé ya kudu ngutamakké ibadah, misalé sinau Alkitab, mèlu pakumpulan ibadah, lan nginjil. Dadi, kaya Yéhuwah, awaké dhéwé ya kudu ngutamakké sing paling penting, yaiku ibadah marang Yéhuwah.

”Kutha Bakal Ana ing Tengah-tengahé”

5, 6. (a) Kutha sing didelok Yèhèzkièl kuwi duwèké sapa? (b) Sing dimaksud Yèhèzkièl kuwi dudu kutha apa, lan kenapa?

5 Wacanen Yèhèzkièl 48:15. ”Kutha” lan dhaérah sekitaré kuwi dienggo apa? (Yèh. 48:16-18) Yéhuwah ngandhani Yèhèzkièl, ”Tanah duwèké kutha . . . bakal dadi duwèké kabèh wong Israèl.” (Yèh. 45:6, 7) Dadi, kutha lan dhaérah sekitaré kuwi ora dadi bagéan saka ”sumbangan suci” kanggo Yéhuwah. (Yèh. 48:9) Apa sing isa dipelajari saka keterangan soal kutha kuwi? Ayo dirembug bareng-bareng.

6 Bèn isa ngerti apa sing isa dipelajari, awaké dhéwé kudu ngerti dhisik sing dimaksud Yèhèzkièl kuwi kutha apa. Pertama, sing dimaksud kuwi dudu kutha Yérusalèm lan baité sing wis dibangun manèh. Kenapa? Merga kutha sing didelok Yèhèzkièl kuwi ora ana baité. Keloro, sing dimaksud kuwi dudu kutha-kutha liya ing tanah Israèl sing wis dienggoni manèh. Kenapa? Merga wong-wong sing dibébaské saka penawanan utawa keturunané ora ana sing mbangun kutha sing kaya ngono. Ketelu, sing dimaksud kuwi dudu kutha sing ana ing swarga. Kenapa? Merga kutha kuwi dibangun ing ”dhaérah biasa”, dudu ing dhaérah suci sing khusus dienggo ngibadah.​—Yèh. 42:20.

7. Kutha sing didelok Yèhèzkièl kuwi kutha apa, lan kuwi kétoké nggambarké apa? (Deloken gambar ing awal bab.)

7 Dadi, sakjané sing dimaksud Yèhèzkièl kuwi kutha apa? Pas éntuk wahyu iki, Yèhèzkièl ora mung ndelok kutha, ning ya ndelok tanah. (Yèh. 40:2; 45:1, 6) Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti nèk tanah sing didelok Yèhèzkièl kuwi dudu tanah tenanan. Berarti kutha sing didelok Yèhèzkièl kuwi ya dudu kutha tenanan. Nah, wektu krungu kata ”kutha”, njenengan mbayangkéné apa? Biasané awaké dhéwé mbayangké ana wong-wong sing manggon bareng, terus ing kono ya ana pemimpiné lan aturan-aturané. Dadi, kutha sing bentuké kothak sing didelok Yèhèzkièl kuwi kétoké nggambarké organisasi sing tertib lan teratur.

8. Sing dimaksud kuwi organisasi sing ana ing endi lan ngarahké apa? Saka ngendi ngertiné?

8 Terus, sing dimaksud kuwi organisasi sing ana ing endi lan ngarahké apa? Kuthané mau ana ing tanah sing didelok Yèhèzkièl. Dadi, organisasi kuwi ngarahké kegiatané umaté Yéhuwah ing firdaus rohani. Terus, kutha kuwi dibangun ing dhaérah biasa, dudu ing dhaérah suci. Berarti sing dimaksud kuwi dudu organisasi sing ana ing swarga, tapi organisasi sing ana ing bumi, sing nganti saiki terus ngarahké umaté Yéhuwah sing manggon ing firdaus rohani.

9. (a) Jaman saiki, sapa sing dadi pengurus ing organisasi kuwi? (b) Yésus arep ngapa pas Pamréntahan Sèwu Taun?

9 Sapa sing dadi pengurus ing organisasi kuwi? Ing kutha sing didelok Yèhèzkièl, ana sing disebut ”pemimpin”. (Yèh. 45:7) Dhèwèké kuwi pengawas, tapi dudu imam utawa wong Lèwi. Jaman saiki, sing dimaksud pemimpin kuwi khususé para gembala, utawa pinituwa, sing ora dipilih munggah swarga. Para pinituwa sing dadi bagéan saka ”domba-domba liyané” kuwi apikan lan manut karo arahané Yésus sing wis dadi Raja ing swarga. (Yoh. 10:16) Mengko pas Pamréntahan Sèwu Taun, Yésus bakal nglantik ”para pemimpin”, utawa para pinituwa sing wis dipilih karo Yésus, ”ing bumi”. (Mzm. 45:16) Dadi pas Pamréntahan Sèwu Taun, wong-wong kuwi bakal ngurusi umaté Yéhuwah manut karo arahané Kerajaané Gusti Allah.

”Yéhuwah Ana ing Kana”

10. Kuthané kuwi jenengé apa, lan wong-wong sing manggon ing kono isa yakin soal apa?

10 Wacanen Yèhèzkièl 48:35. Kuthané kuwi dijenengi ”Yéhuwah Ana ing Kana”. Dadi, wong-wong sing manggon ing kutha kuwi isa yakin nèk Yéhuwah bakal manggon bareng karo wong-wong kuwi. Yéhuwah nduduhi Yèhèzkièl kutha sing ana ing tengah-tengah kuwi merga péngin nguwatké wong-wong sing lagi ditawan. Yéhuwah kaya-kayané ngomong karo wong-wong kuwi, ’Aku bakal ngancani kowé manèh.’

11. Apa waé sing isa dipelajari saka jenengé kutha kuwi?

11 Apa sing isa dipelajari saka jenengé kutha kuwi? Umaté Yéhuwah kabèh, termasuk awaké dhéwé, isa yakin nèk Yéhuwah saiki lagi manggon bareng karo umaté lan bakal terus ngancani umaté. Saka jenengé kutha kuwi, awaké dhéwé ya isa ngerti tujuané kutha kuwi digawé. Tujuané dudu bèn manungsa isa ngatur-ngatur liyané sak karepé dhéwé, tapi bèn kabèh manut karo pathokané Yéhuwah, merga pathokané Yéhuwah kuwi sing paling apik. Misalé, Yéhuwah wis ngandhani piyé carané mbagi tanah kuwi kanggo umaté kabèh. Dadi, para pengurus ing kono ora isa mbagi-mbagi tanah sak karepé dhéwé. Ing firdaus rohani, kabèh umaté Yéhuwah nduwé panggonan, utawa tugas sing penting. Para pengurus ora éntuk sak karepé dhéwé, tapi kudu menghargai umaté Yéhuwah kabèh, termasuk wong-wong sing tugasé ora akèh.​—Yèh. 46:18; 48:29.

12. (a) Apa manèh sing unik saka kutha kuwi, lan kuwi nggambarké apa? (b) Apa sing isa dipelajari para pinituwa saka kutha sing gerbangé akèh lan gampang dileboni kuwi?

12 Apa manèh sing unik saka kutha ”Yéhuwah Ana ing Kana”? Kutha-kutha jaman mbiyèn biasané gerbangé mung sithik lan dikelilingi témbok bèn tetep aman. Tapi, kutha sing didelok Yèhèzkièl gerbangé 12: Sisih loré 3, sisih wétané 3, sisih kidulé 3, lan sisih kuloné ya 3. (Yèh. 48:30-34) Dadi, gerbang sing akèh kuwi nggambarké para pengurus sing gampang dicedhaki. Terus, gerbangé mau ana 12, berarti ”kabèh wong Israèl” isa mlebu ing kutha kuwi. (Yèh. 45:6) Apa sing isa dipelajari para pinituwa saka kutha sing gerbangé akèh lan gampang dileboni kuwi? Yéhuwah péngin para pinituwa gampang dicedhaki lan siap mbantu kabèh sing manggon ing firdaus rohani.

Para pinituwa gampang dicedhaki lan siap mbantu (Deloken paragraf 12)

Umaté Yéhuwah ’Mlebu kanggo Ngibadah’ lan Ndhukung Wong-Wong sing ”Kerja ing Kutha Kuwi”

13. Sapa waé sing disebutké Yéhuwah ing wahyu sing ditulis Yèhèzkièl, lan apa waé tugasé?

13 Apa manèh sing ditulis Yèhèzkièl soal wahyu iki? Yèhèzkièl nulis nèk Yéhuwah nyebutké soal wong-wong sing tugasé béda-béda. Misalé, ana sing disebut ”petugas bait”, yaiku para imam lan wong Lèwi. Para imam tugasé mènèhké persembahan lan nglayani ing ngarepé Yéhuwah. Terus, wong Lèwi ”nindakké tugas-tugas lan kabèh gawéan ing [bait]”. (Yèh. 44:14-16; 45:4, 5) Sakliyané kuwi, ana wong-wong sing kerja ing dhaérah sekitaré kutha. Sapa kuwi?

14. Sing dilakoni wong-wong sing kerja ing dhaérah sekitaré kutha kuwi cocog kanggo nggambarké apa?

14 Wong-wong sing kerja ing dhaérah sekitaré kutha kuwi asalé saka ”kabèh suku Israèl”. Tugasé wong-wong kuwi yaiku nggarap tanah sing hasilé ”bakal dipangan karo wong-wong sing kerja ing kutha”. (Yèh. 48:18, 19) Dadi, wong-wong kuwi ndhukung wong-wong sing kerja ing kutha. Kuwi cocog kanggo nggambarké apa sing kelakon ing jaman saiki. Kabèh sing manggon ing firdaus rohani nduwé kesempatan kanggo ndhukung wong-wong sing dilantik Yéhuwah kanggo mimpin umaté. Sedulur-sedulur sing dilantik kuwi ana sing dipilih munggah swarga lan ana sing dadi anggota ”kumpulan gedhé”. (Why. 7:9, 10) Salah siji cara ndhukung sedulur-sedulur kuwi yaiku manut karo arahané budhak sing setya lan wicaksana.

15, 16. (a) Keterangan apa manèh sing ditulis Yèhèzkièl? (b) Apa sing isa dipelajari saka keterangan kuwi?

15 Ana keterangan liya sing ditulis Yèhèzkièl, lan kuwi ana hubungané karo pelayanané awaké dhéwé. Keterangané apa? Yéhuwah nyebutké nèk 12 suku Israèl, sakliyané suku Lèwi, bakal ’mlebu kanggo ngibadah’ lan mènèhké korban kanggo Yéhuwah ing halaman bait. (Yèh. 46:9, 24) Terus, wong-wong kuwi ya nggarap padhang rumput ing sekitaré kutha kanggo ndhukung wong-wong sing kerja ing kutha kuwi. Apa sing isa dipelajari saka keterangan kuwi?

16 Sing dilakoni wong-wong mau mèh padha kaya sing dilakoni kumpulan gedhé. Wong-wong sing dadi bagéan saka kumpulan gedhé ngibadah ”ing baité Gusti Allah” lan mènèhké ”korban pujian”. (Ibr. 13:15; Why. 7:9-15) Wong-wong kuwi mènèhké korban pujian wektu nginjil lan wektu mènèhi koméntar lan nyanyi ing pakumpulan ibadah. Kuwi dadi bagéan saka ibadah lan dianggep sing paling penting karo wong-wong kuwi. (1 Bb. 16:29) Sakliyané kuwi, umaté Yéhuwah ya ndhukung organisasiné Yéhuwah nganggo cara sing béda-béda. Misalé, akèh sing mèlu mbangun lan ngrawat Balé ibadah lan bangunan-bangunan liya duwèké organisasi. Ana manèh sing mbantu nggarap gawéan-gawéan liyané ing organisasi. Sing liyané manèh nyumbang dhuwit kanggo ndhukung organisasi. Wong-wong kuwi kaya-kaya lagi nggarap tanah ”demi kemuliaané Gusti Allah”. (1 Kor. 10:31) Wong-wong kuwi mesthi seneng lan semangat wektu nglakoni kuwi kabèh merga ngerti nèk sing dilakoni kuwi dadi ”kaya persembahan sing nggawé Gusti Allah seneng”. (Ibr. 13:16) Apa njenengan ya seneng ngibadah marang Yéhuwah lan ndhukung organisasiné?

Apa sing isa dipelajari saka keterangané Yèhèzkièl soal wong-wong sing kerja ing dhaérah sekitaré kutha? (Deloken paragraf 14-16)

’Awaké Dhéwé Ngentèni Langit Anyar lan Bumi Anyar’

17. (a) Piyé wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal tanah sumbangan ya bakal kelakon manèh sukmbèn? (b) Pas Pamréntahan Sèwu Taun, para pengurus bakal dilantik kanggo ngarahké sapa?

17 Apa wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal tanah sumbangan ya bakal kelakon manèh sukmbèn? Ya. Yèhèzkièl ndelok nèk tanah sing disebut ”sumbangan suci” ana ing tengah-tengahé Tanah Perjanjian, lan ”baité Yéhuwah” ana ing kono. (Yèh. 48:10) Dadi, awaké dhéwé isa yakin nèk bar Armagédon mengko, Yéhuwah bakal manggon bareng karo awaké dhéwé, ora soal awaké dhéwé manggon ing endi waé. (Why. 21:3) Pas Pamréntahan Sèwu Taun, bakal ana para pengurus sing dilantik kanggo ngarahké wong-wong sak donya. Wong-wong sing diarahké kuwi bakal disebut ”bumi anyar”, yaiku wong-wong sing manut karo Gusti Allah.​—2 Ptr. 3:13.

18. (a) Kenapa awaké dhéwé isa yakin nèk wong-wong sing dadi pengurus kuwi bakal manut karo arahan saka Kerajaané Gusti Allah? (b) Merga kutha kuwi dijenengi ”Yéhuwah Ana ing Kana”, awaké dhéwé isa yakin soal apa?

18 Kenapa awaké dhéwé isa yakin nèk wong-wong sing dadi pengurus kuwi bakal manut karo arahan saka Kerajaané Gusti Allah? Alkitab njelaské nèk jumlah gerbangé kutha sing didelok Yèhèzkièl padha karo jumlah gerbangé kutha sing disebut Yérusalèm Anyar, yaiku padha-padha 12. Sing dimaksud Yérusalèm Anyar yaiku 144.000 sing dadi raja ing swarga bareng karo Yésus. (Why. 21:2, 12, 21-27) Dadi, awaké dhéwé isa yakin nèk kabèh sing dilakoni para pengurus ing bumi mengko bakal padha karo sing wis diatur Kerajaané Gusti Allah. Para pengurus kuwi bakal manut karo arahan saka Kerajaané Gusti Allah. Terus, merga kutha sing didelok Yèhèzkièl kuwi dijenengi ”Yéhuwah Ana ing Kana”, awaké dhéwé isa yakin nèk ibadah sing murni bakal ana saklawasé ing Firdaus. Kuwi mesthi nyenengké banget.