Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 22

”Sembahen Gusti Allah”

”Sembahen Gusti Allah”

WAHYU 22:9

INTINÉ: Ringkesan saka apa waé sing dibahas ing buku Yèhèzkièl, lan manfaaté kanggo awaké dhéwé saiki lan sukmbèn

1, 2. (a) Awaké dhéwé kudu mutuské apa? (b) Pas arep disembah, piyé tanggepané malaékat sing diutus nyampèkké wahyu kanggo Rasul Yohanes?

 AWAKÉ DHÉWÉ kudu mutuské arep nyembah sapa. Kuwi keputusan sing penting banget. Tapi, akèh sing bingung lan ora ngerti arep nyembah sapa. Padahal, pilihané sakjané ya mung loro, arep nyembah Yéhuwah apa nyembah Sétan.

2 Sétan péngin banget disembah. Buktiné, kaya sing dibahas ing Bab 1 buku iki, Sétan tau nawani Yésus kabèh pamréntahané manungsa lan kemuliaané. Kuwi kabèh arep diwènèhké Yésus nèk Yésus gelem ”nyembah [Sétan] sepisan waé”. (Mat. 4:9) Kuwi béda banget karo sikapé malaékat sing diutus nyampèkké wahyu kanggo Rasul Yohanes. Malaékat kuwi rendah hati lan ora gelem disembah. (Wacanen Wahyu 22:8, 9.) Pas Yohanes sujud kanggo nyembah, malaékat kuwi ora ngomong, ’Ya. Sembahen aku.’ Tapi dhèwèké ngomong, ”Aja! Aku aja mbok sembah. Sembahen Gusti Allah.”

3. (a) Tujuané buku iki digawé apa? (b) Apa waé sing arep dibahas ing bab iki?

3 Buku iki digawé tujuané bèn awaké dhéwé saya yakin nèk mung Yéhuwah sing kuduné disembah. (PT. 10:20; Mat. 4:10) Ayo dibahas manèh apa waé sing wis dipelajari soal ibadah sing murni saka ramalan lan wahyu sing ditampa Yèhèzkièl. Terus, awaké dhéwé ya arep mbahas apa waé sing bakal kelakon sukmbèn pas Sétan dieculké kanggo nyesatké wong-wong sepisan manèh. Sukmbèn, sing bakal tetep urip lan nindakké ibadah sing murni nganti saklawasé mung wong-wong sing setya.

Ana Telu sing Dibahas ing Buku Yèhèzkièl

4. Saka buku Yèhèzkièl, awaké dhéwé isa ngerti nèk nindakké ibadah sing murni kuwi berarti kudu piyé?

4 Saka buku Yèhèzkièl, awaké dhéwé isa ngerti nèk nindakké ibadah sing murni kuwi berarti kudu (1) nyembah mung marang Yéhuwah, (2) bersatu lan ngibadah nganggo cara sing bener, lan (3) nresnani wong liya. Ayo dirembug siji-siji.

Pertama: Nyembah mung marang Yéhuwah

5-9. Saka ngendi awaké dhéwé ngerti nèk awaké dhéwé kuduné mung nyembah Yéhuwah?

5 Bab 3: * Pas éntuk wahyu soal krétané Yéhuwah, Yèhèzkièl ndelok nèk takhtané Yéhuwah ana ing ndhuwuré malaékat-malaékat sing kuwat lan ana pelanginé. Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti nèk sing pantes disembah kuwi mung Sing Mahakuwasa.​—Yèh. 1:4, 15-28.

6 Bab 5: Yèhèzkièl ndelok baité Yéhuwah digawé najis. Umaté Yéhuwah padha nyembah brahala ing kono. Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah isa ndelok kabèh sing dilakoni wong-wong, senajan mungkin ora ana wong liya sing ndelok. Yéhuwah lara ati nèk ana umaté sing ora setya, lan Dhèwèké bakal ngukum wong-wong kuwi.​—Yèh. 8:1-18.

7 Bab 7: Yéhuwah ngomong nèk bangsa-bangsa sing ”ngécé” wong Israèl bakal dihukum. (Yèh. 25:6) Dadi, Yéhuwah ora bakal meneng waé nèk ana sing nganiaya umaté. Terus, saka crita soal bangsa Israèl lan bangsa-bangsa sekitaré, awaké dhéwé dadi ngerti nèk Yéhuwah pénginé awaké dhéwé tetep setya karo Dhèwèké. Dadi, aja nganti awaké dhéwé terpengaruh karo keluarga sing ora nyembah Yéhuwah, terus dadi nglanggar pathokané Yéhuwah. Awaké dhéwé ya aja nganti ngendelké kekayaan utawa mihak pamréntahané manungsa. Awaké dhéwé kuduné mung percaya karo Yéhuwah lan tetep setya karo Dhèwèké.

8 Bab 13 lan 14: Yèhèzkièl ndelok nèk baité Yéhuwah ana ing gunung sing dhuwur banget. Saka kono, awaké dhéwé dadi ngerti nèk awaké dhéwé kudu manut karo pathokan-pathokané Yéhuwah lan ngakoni nèk Yéhuwah kuwi luwih unggul timbang allah-allah liyané.​—Yèh. 40:1–48:35.

9 Bab 15: Yèhèzkièl nyritakké nèk Israèl lan Yéhuda digambarké kaya pelacur. Saka kono, awaké dhéwé dadi ngerti nèk Yéhuwah ora seneng karo wong-wong sing ora setya lan nyembah allah-allah liya.​—Yèh., bab 16, 23.

Keloro: Bersatu lan ngibadah nganggo cara sing bener

10-14. Saka ngendi awaké dhéwé ngerti nèk awaké dhéwé kudu bersatu lan ngibadah nganggo cara sing bener?

10 Bab 8: Yéhuwah ngramalké nèk Dhèwèké bakal nglantik ”gembala siji” kanggo ngopèni domba-dombané. Saka kono, awaké dhéwé dadi ngerti nèk awaké dhéwé kudu rukun lan bersatu karo para sedulur merga manut karo Yésus, Pemimpiné awaké dhéwé.​—Yèh. 34:23, 24; 37:24-28.

11 Bab 9: Ana pelajaran penting saka ramalané Yèhèzkièl soal umaté Gusti Allah sing dibébaské saka Babilon lan bali manèh ing Yérusalèm. Umaté Yéhuwah aja nganti mèlu-mèlu kebiasaan agama palsu. Meskipun asalé saka suku lan latar belakang sing béda-béda, awaké dhéwé kudu terus bersatu merga kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé umaté Yéhuwah.​—Yèh. 11:17, 18; 12:24; Yoh. 17:20-23.

12 Bab 10: Saka wahyu soal balung-balung garing sing diuripké manèh, awaké dhéwé dadi ngerti nèk umaté Gusti Allah bakal bersatu. Awaké dhéwé mesthi seneng banget isa dadi bagéan saka pasukan sing akèh banget sing ibadahé wis dadi murni manèh.​—Yèh. 37:1-14.

13 Bab 12: Saka ramalan soal tongkat loro sing didadèkké siji, awaké dhéwé dadi ngerti nèk umaté Gusti Allah bakal bersatu. Imané awaké dhéwé mesthi tambah kuwat merga ngerti nèk ramalan kuwi kelakon manèh saiki. Wong-wong sing dipilih munggah swarga bersatu karo domba-domba liyané. Meskipun wong-wong ing donya iki ora bersatu merga politik lan agama, awaké dhéwé tetep bersatu merga sayang lan setya karo sedulur liyané.​—Yèh. 37:15-23.

14 Bab 16: Yèhèzkièl ndelok ana wong lanang sing nggawa wadhah alat tulis lan wong lanang enem sing nggawa senjata kanggo ngancurké. Saka kono, awaké dhéwé ngerti nèk sing bakal diwènèhi tandha lan dislametké mung wong-wong sing terus nindakké ibadah sing murni kèt saiki nganti ”sengsara gedhé”.​—Mat. 24:21; Yèh. 9:1-11.

Ketelu: Nresnani wong liya

15-18. Kenapa awaké dhéwé kudu terus nresnani wong liya, lan piyé carané?

15 Bab 4: Yèhèzkièl ndelok ana malaékat sing jumlahé papat. Saka kono, awaké dhéwé isa sinau soal sipat-sipaté Yéhuwah. Sipaté Yéhuwah sing paling utama yaiku katresnan. Dadi, nèk awaké dhéwé nresnani wong liya, berarti kuwi niru Yéhuwah, Gusti Allahé awaké dhéwé.​—Yèh. 1:5-14; 1 Yoh. 4:8.

16 Bab 6 lan 11: Merga sayang karo umaté, Yéhuwah milih wong-wong dadi penjaga, misalé Yèhèzkièl. Yéhuwah péngin kabèh wong slamet wektu Dhèwèké nyingkirké Sétan. (2 Ptr. 3:9) Awaké dhéwé péngin niru Gusti Allah sing sayang karo manungsa. Carané yaiku ndhukung penjaga jaman saiki.​—Yèh. 33:1-9.

17 Bab 17 lan 18: Yéhuwah ngerti nèk akèh sing ora gelem manut lan malah arep nyerang umaté. Merga nresnani umaté, Yéhuwah bakal mbéla umaté wektu diserang karo ”Gog saka tanah Magog”. Yéhuwah bakal nyingkirké wong-wong sing nganiaya umaté. Nèk awaké dhéwé nresnani wong liya, awaké dhéwé mesthi gelem ngandhani wong sak akèh-akèhé soal kuwi.​—Yèh. 38:1–39:20; 2 Tés. 1:6, 7.

18 Bab 19, 20, lan 21: Saka wahyu soal kali sing banyuné marahi urip lan pembagian tanah, awaké dhéwé dadi tambah yakin nèk Yéhuwah nresnani umaté. Yéhuwah nganti gelem ngorbanké Anaké bèn wong-wong sing beriman karo Yésus isa ngrasakké berkah-berkah sing digambarké ing wahyu kuwi. Berkah-berkahé yaiku dosa-dosané wong-wong kuwi isa diapura lan sukmbèn isa dadi sampurna. Nèk awaké dhéwé nresnani wong liya, awaké dhéwé mesthi gelem ngandhani wong-wong soal berkah-berkah sing dijanjèkké Yéhuwah kuwi.​—Yèh. 45:1-7; 47:1–48:35; Why. 21:1-4; 22:17.

Bukti Nèk Yésus lan 144.000 Rendah Hati

19. Pas Pamréntahan Sèwu Taun, Yésus arep ngapa waé?

19 Pas Pamréntahan Sèwu Taun, Yésus bakal nguripké manèh wong-wong sing wis mati. Sukmbèn, ora bakal ana sing sedhih manèh merga ”mungsuh sing terakhir, yaiku kematian, bakal disingkirké”. (1 Kor. 15:26; Mrk. 5:38-42; Kis. 24:15) Kèt mbiyèn, manungsa uripé susah lan sengsara. Tapi sukmbèn, wong-wong sing diuripké manèh isa ngrasakké urip sing nyenengké. Yésus bakal nyingkirké kabèh akibat saka penyakit, perang, lan kelaparan. Yésus ya bakal nyingkirké dosa merga dosa kuwi sing nggawé manungsa sengsara. (Rm. 5:18, 19) Kuwi kabèh isa kelakon merga Yésus wis masrahké nyawané dadi tebusan. Yésus bakal ”nyingkirké kabèh tumindaké Iblis”. (1 Yoh. 3:8) Terus, bar kuwi piyé?

Sukmbèn, wong-wong sing diuripké manèh isa ngrasakké urip sing nyenengké

20. Apa buktiné nèk Yésus lan 144.000 kuwi rendah hati? (Deloken gambar ing awal bab.)

20 Wacanen 1 Korintus 15:24-28. Sakwisé mréntah Kerajaané Gusti Allah nganti 1.000 taun, Yésus lan 144.000 bakal nyerahké Kerajaan kuwi marang Yéhuwah. Ora ana sing meksa Yésus lan 144.000 kanggo nyerahké wewenangé marang Yéhuwah. Kuwi bukti nèk Yésus lan 144.000 kuwi bener-bener rendah hati. Wektu kuwi, kabèh wis dadi sampurna lan bumi wis dadi Firdaus kaya sing dikarepké Yéhuwah. Kabèh berkah kuwi bakal ana nganti saklawasé.

Kesempatan Terakhir kanggo Milih Yéhuwah utawa Sétan

21, 22. (a) Sakwisé Pamréntahan Sèwu Taun rampung, keadaané donya piyé? (b) Kenapa Yéhuwah ngeculké Sétan lan roh-roh jahat?

21 Yéhuwah bener-bener yakin karo umaté. Sukmbèn, Yéhuwah bakal ngeculké Sétan lan roh-roh jahat sing wis dikurung 1.000 taun ing jurang sing jero banget. (Wacanen Wahyu 20:1-3.) Keadaané donya wektu kuwi wis béda banget. Sakdurungé Armagédon, Sétan berhasil nyesatké wong akèh. Keadaané donya dadi kacau merga wong-wong padha ora rukun. (Why. 12:9) Tapi sakwisé Pamréntahan Sèwu Taun rampung, buminé wis dadi Firdaus. Kabèh bakal nyembah Yéhuwah lan bersatu dadi sak keluarga.

22 Tapi, kenapa pas kuwi Yéhuwah ngeculké Sétan lan roh-roh jahat? Merga wong-wong sing urip wektu kuwi akèh-akèhé durung nduwé kesempatan kanggo mbuktèkké nèk wong-wong kuwi isa tetep setya karo Yéhuwah. Akèh sing mauné durung kenal Yéhuwah, terus mati, bar kuwi lagi diuripké manèh ing Firdaus. Ing kono, kabèh sing dibutuhké wis disedhiakké lan wong-wong kuwi ya isa sinau soal Yéhuwah. Ora ana sing ngojok-ojoki èlèk, anané wong-wong sing padha-padha nresnani lan nglayani Yéhuwah. Kaya sing dialami Ayub mbiyèn, Sétan isa waé nudhuh nèk wong-wong sing diuripké manèh kuwi gelem nglayani Yéhuwah merga dilindhungi lan diberkahi karo Yéhuwah. (Ayb. 1:9, 10) Dadi, sakdurungé jenengé awaké dhéwé ditulis ing buku kehidupan, Yéhuwah bakal mènèhi kesempatan bèn awaké dhéwé isa mbuktèkké nèk awaké dhéwé bener-bener setya lan sayang karo Yéhuwah.​—Why. 20:12, 15.

23. Wong-wong sukmbèn kudu mutuské apa?

23 Dadi, Sétan bakal dieculké sedhéla karo Yéhuwah. Sétan dadi nduwé kesempatan kanggo mempengaruhi wong-wong bèn ora nyembah Yéhuwah manèh. Kaya Adam lan Hawa mbiyèn, wong-wong sukmbèn kudu mutuské (1) arep manut karo Yéhuwah, ndhukung pamréntahané, lan nyembah Yéhuwah, utawa (2) arep mbrontak nglawan Yéhuwah lan ndhukung Sétan.

24. Kenapa wong-wong sing mbrontak kuwi disebut Gog lan Magog?

24 Wacanen Wahyu 20:7-10. Wong-wong sing mbrontak lan ndhukung Sétan pas Pamréntahan Sèwu Taun rampung bakal disebut Gog lan Magog. Kenapa? Merga Gog lan Magog kuwi mirip karo ”Gog saka tanah Magog” sing disebutké Yèhèzkièl sing nyerang umaté Yéhuwah pas sengsara gedhé. Sing dimaksud ”Gog saka tanah Magog” kuwi bangsa-bangsa sing nglawan Yéhuwah. (Yèh. 38:2) Nah, padha kaya kuwi, wong-wong sing mbrontak nglawan Yéhuwah pas Pamréntahan Sèwu Taun rampung ya disebut ”bangsa-bangsa”. Iki keterangan sing menarik. Kenapa? Merga pas Pamréntahan Sèwu Taun ora ana pamréntahan liya sakliyané Kerajaané Gusti Allah. Berarti kabèh sing urip wektu kuwi bakal dadi sak bangsa. Dadi, nèk wong-wong sing mbrontak kuwi disebut Gog lan Magog lan ya disebut ”bangsa-bangsa”, berarti sukmbèn Sétan berhasil mempengaruhi wong-wong kuwi nganti ora gelem bersatu manèh karo umaté Yéhuwah sing liyané. Wektu kuwi, kabèh wis dadi sampurna lan saben wong kudu milih arep ndhukung Yéhuwah utawa Sétan.

Wong-wong sing mbrontak bakal disebut Gog lan Magog (Deloken paragraf 24)

25, 26. Ana pira sing bakal ndhukung Sétan, lan apa sing bakal dialami wong-wong kuwi?

25 Ana pira sing bakal ndhukung Sétan? Alkitab ngomong nèk jumlahé ”kaya pasir ing laut”. Apa kuwi berarti sing mbrontak mengko bakal ana akèh banget? Ora. Kok isa? Coba awaké dhéwé bandhingké karo janjiné Yéhuwah marang Abraham. Yéhuwah janji nèk keturunané Abraham bakal ”kaya pasir ing pantai”. (PD. 22:17, 18) Tapi, kenyataané sing dimaksud keturunané Abraham kuwi mung 144.001. (Gal. 3:16, 29) Jumlahé kuwi memang akèh. Tapi, nèk dibandhingké karo jumlahé wong sak donya, jumlahé kuwi mung sithik. Dadi, wong-wong sing ndhukung Sétan sukmbèn memang ana akèh, tapi ora akèh banget. Mula, umaté Yéhuwah sing setya ora perlu kuwatir.

26 Wong-wong sing mbrontak kuwi bakal langsung disingkirké bareng karo Sétan lan roh-roh jahat. Kabèh sing mbrontak kuwi ora bakal ana manèh nganti saklawasé. Kabèh sing urip wektu kuwi bakal kèlingan terus nèk sapa waé sing mbrontak nglawan Yéhuwah mesthi bakal disingkirké.​—Why. 20:10.

27-29. Berkah apa waé sing bakal dirasakké karo wong-wong sing tetep setya lan ora terpengaruh karo Sétan? (Deloken kothak ”Pas Pamréntahan Sèwu Taun Rampung”.)

27 Tapi, wong-wong sing tetep setya lan ora terpengaruh karo Sétan bakal ditulis jenengé ing ”buku kehidupan”. (Why. 20:15) Wong-wong sing setya kuwi bakal dadi anak-anaké Yéhuwah lan bersatu dadi sak keluarga. Wong-wong kuwi bakal nyembah Yéhuwah merga pancèn mung Yéhuwah sing pantes disembah.

28 Coba bayangna apa sing bakal kelakon sukmbèn. Njenengan isa ngrasakké urip sing nyenengké lan nduwé kanca-kanca sing bener-bener apikan. Njenengan lan wong-wong sing njenengan sayangi ora bakal ngalami kesusahan manèh. Njenengan wis ora butuh korban tebusan manèh merga njenengan wis bébas saka dosa. Kabèh dadi isa bener-bener akrab karo Yéhuwah. Sing paling penting, kabèh sing ana ing swarga lan ing bumi bakal nyembah Yéhuwah. Dadi, ibadah marang Yéhuwah bakal bener-bener dadi murni manèh.

Nèk wis dadi sampurna, njenengan wis ora butuh korban tebusan manèh lan isa bener-bener akrab karo Yéhuwah (Deloken paragraf 28)

29 Pas kuwi kabèh kelakon, apa njenengan ya bakal ana ing kana? Njenengan isa ngrasakké kuwi kabèh nèk njenengan terus ngetrapké apa sing wis dipelajari saka buku Yèhèzkièl, yaiku nyembah mung marang Yéhuwah, bersatu lan ngibadah nganggo cara sing bener, lan nresnani wong liya. Tapi, ana siji manèh sing isa dipelajari saka ramalan-ramalané Yèhèzkièl, lan iki sing paling penting. Apa kuwi?

Kabèh sing ana ing swarga lan ing bumi bakal bersatu nindakké ibadah sing murni (Deloken paragraf 27-29)

”Ngerti Nèk Aku Iki Yéhuwah”

30, 31. Kata-kata ”wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah” artiné apa (a) kanggo mungsuhé Yéhuwah? (b) kanggo umaté Yéhuwah?

30 Ing buku Yèhèzkièl, Yéhuwah bola-bali ngomong, ”Wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.” (Yèh. 6:10; 39:28) Apa artiné kuwi kanggo mungsuh-mungsuhé Yéhuwah? Kabèh sing nglawan Yéhuwah bakalé bener-bener disingkirké. Wong-wong kuwi akhiré kudu ngakoni nèk Yéhuwah bener-bener ana. Wong-wong kuwi ya bakal ngerti arti jenengé Yéhuwah yaiku ”Sing Nyebabké Dadi”. ”Yéhuwah pemimpiné pasukan” bakal dadi ”prajurit sing kuwat” lan perang nglawan wong-wong kuwi. (1 Sam. 17:45; Pa. 15:3) Sukmbèn, wong-wong kuwi akhiré dadi ngerti nèk apa waé sing dikarepké Yéhuwah mesthi bakal kelakon, tapi ngertiné wis telat.

31 Apa artiné kata-katané Yéhuwah mau kanggo umaté Yéhuwah? Kabèh sing tetep setya karo Yéhuwah bakalé urip bahagia saklawasé. Yéhuwah isa nyebabké awaké dhéwé dadi kaya sing dikarepké Yéhuwah, yaiku dadi anak-anaké sing sipat-sipaté bener-bener mirip karo Yéhuwah. (PD. 1:26) Saiki waé Yéhuwah wis dadi Bapak sing apikan lan Gembala sing nglindhungi awaké dhéwé. Sedhéla manèh, Yéhuwah ya bakal dadi Raja sing ora ana tandhingané. Karo ngentèni kuwi kelakon, ayo awaké dhéwé terus ngetrapké apa sing wis dipelajari saka buku Yèhèzkièl. Awaké dhéwé wis ngerti Yéhuwah kuwi sapa lan Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing kaya apa. Mula, omongan lan tumindaké awaké dhéwé saben dina kudu cocog karo sing dikarepké Yéhuwah. Mengko pas sengsara gedhé dimulai awaké dhéwé ora perlu wedi. Awaké dhéwé mung tinggal ’ndhangak’ merga ngerti nèk ora suwé manèh awaké dhéwé bakal dibébaské. (Luk. 21:28) Saiki, ayo mbantu wong sak akèh-akèhé bèn padha ngerti Yéhuwah kuwi sapa lan sayang karo Dhèwèké, merga mung Dhèwèké Gusti Allah sing pantes disembah.​—Yèh. 28:26.

^ par. 5 Sing disebutké iki maksudé nomer bab ing buku iki.